Font size
WorksheetsUH 1 KELAS 7 SMT 1
Total questions: 30
Worksheet time: 31mins
Pengalaman pribadhi yaiku pengalaman kang wis tau dialami saben manungsa lan ... ing sajeroning urip, bisa wujud pengalaman kang nyenengake, nyedhihake, uga ngguyokake.
ora bisa dilalekake
gampang dilalekake
ora gampang dilakoni
Ndadekake trauma
Pilih irah-irahan crita pengalaman pribadhi kang trep kanggo pengalaman sing nyenengake.
Kucing Kesayanganku Mati
Nangis luh entuk Juara 1
Preinan Malah Apes
Tekor Bensin Ngalamat Nuntun
Wong kang nglakoni lan ana ing crita pengalaman pribadhi diarani apa?
watak
irah-irahan
paraga
alur
Sawise wisuh banjur lungguh, blanjane dicocogake karo cathetane wis cocog. Semono uga dhuwite mau digawani dhuwit Rp 50.000,00, blanjane entek Rp 42.500,00, turahane Rp 7.500,00 terus dakcoasake ibu meneh. Nggendikane ibu aku wis iso mrantasi gawe. Miturut crita iki, paraga “aku” duwe watak ...
tanggung jawab
seneng blanja
kesed
Hobby njajan
Fabel yaiku crita rakyat kang paragané para kewan. Pilih ukara sing nerangake ciri khas fabel.
ora bisa ngomong kaya manungsa
bisa nggawe guyonan
bisa ngomong kayadene manungsa
ora bisa mlaku mlaku adoh
Ing jerone crita fabel ngandhut unsur pendhidikan uga ... kanggo tepa tuladha marang para manungsa supaya bisa njupuk patuladhan kang becik.
tema
crita
lelewaning basa
Pitutur
Latar utawa setting crita jinis ana telu. Tuladha latar yaiku bar bedhug, nalika magrib, pajar, lan dina selasa. Tembung-tembung mau kalebu latar ...
latar panggonan
latar papan
latar swasana
latar wektu
Nilai piwulang luhur sajrone crita Fabel sing ana sesambungane tumindak kang percaya anane gusti, pengalaman agama, lan sapiturute diarani ...
nilai social
nilai religius
nilai budaya
nilai etika
jumbuhake
Guru lagu
tibaning swara
Guru wilangan
cacahe wanda/suku kata
Guru gatra
cacahe larik
Tembang Macapat Gambuh
"Bekti mring Bapa Ibu
Ridha Gusti ridhane keng Ibu;
Pasrawungan ngrumati marang sesami
Tata krama sopan santun
Tansah taat mring wewaton."
Saka cangkem tembang Gambuh mau, kang ora kalebu wosing (isi) yaiku ....
Siswa kudu manut marang aturan
Ridhane Gusti gumantung saka ridhane ibu
Siswa kudu ngurmati wong liya
Siswa kudu sinau kanthi sregep
Jumlah gatra ing tembang Gambuh yaiku...
3
4
5
6
Iklan yaiku pangajak kang ditindakaké kanthi dibolan-baleni lan lumrahé dibiyarakaké mawa media cetak lan elektronik. Tuladha media cetak yaiku ....
majalah, koran
koran, tivi
tivi, HP
HP, majalah
Iklan layanan masyarakat yaiku iklan kang nduwèni maksud sosial lan ora nduwèni sipat komersil. Ora duwe sipat komersil tegesé ....
ora kepengin luru bathi (untung)
duweni kepengin entuk bathi (untung)
supaya barangé ndang payu didol
kareben ndang entuk kerjane
Iklan layanan masyarakat nduwèni tujuan sosial lan ora komersil. Tuladhane yaiku ....
iklan KB, iklan mbuwang sampah ing panggonane
iklan mbuwang sampah ing panggonane, iklan sepatu ATT
iklan sepatu ATT, iklan lowongan kerja
iklan lowongan kerja, iklan KB
Iklan sing apik iku ukarane cekak, cetha, n dudut ati, uga isiné kudu ....
Ngayawara lan ukarane tekan ngendi-endi lan abasa krama
Ngajak-ajak lan narik kawigaten (menarik perhatian)
Meksa konsumen supaya gelem tuku barang kang diiklanake
Ngapik-apik barang kang diiklanke, yen bisa ngapusi ora apa-apa
Iklan niaga yaiku iklan kang isiné nawake barang, sipaté komersil lan nduwèni ancas (tujuan) ....
wong padha melu lomba utawa seminaire
barange ora payu kabeh lan didumke gratis marang wong
wong padha kapusan marang barang kang didol
barang kang diiklanake payu didol lan entuk bathi (untungan)
Kerata basa kuwi tegesé tembung kang dudu samesthing nanging adhedhasar kira-kira (pangothak-atik) amrih mathuke. Jeneng liya kerata basa yaiku ....
kereta kencana
puisi jawa
parikan jawa
jarwa dhosok
Rura basa yaiku tembung salah kaprah. Tegesé ....
Tembung kang wis bener, nanging disalahake
Tembung kang salah, nanging disalahake
Tembung kang salah, nanging wis lumrah dianggo
Tembung kang bener, nanging ora dianggo
Waca ukara: "Nggodhog banyu supaya kanggo wedang." Ukara kuwi tuladhane rura basa, tembung sing mesthine yaiku ....
nggodhog banyu
nggodhog wedang
nggodhog wantah
nggodhog jarang
Aksara kasebut unine....
drita
crita
dhrita
srita
Arane gambar kasebut yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku...
Panulisan tembung soto sapi kang trep yaiku....
Tulisan jawa kasebut yen disalin nanggo aksara jawa unine....
kalung gajah
taling gajah
kuping gajah
lulang gajah
Mbarengi lenggah, yen ditulis ngangg aksara Jawa yaiku
Wangsulana pitakonan kasebut
Wujude pasangan aksara pa yaiku ....
Sawijining runtutan kedadean kang ndadekake cerita diarane . . . .
paraga
tema
alur
sudut pandang
Crita rakyat Sing klebu aran fabel yaiku . . . .
Nyiroro Kidul
Kancil nyolong timun
Asal-usul Banyuwangi
Angling Darma
Gagasan pokok sing dadi dasare crita diarani . . . .
tema
latar
amanat
sudut pandang
Dina Minggu esuk, udakara jam enem aku wis dandan necis.
Tembung "udakara" ing ukara kapisan kasebut tegese… .
pas
pinuju
nalika
kira-kira
