NEW
Font size
WorksheetsSOAL ASESMEN BAHASA JAWA BAB III GEGURITAN
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Geguritan yaiku iketaning basa kang memper …
Pidato
Syair
Ukara
Tembang
Geguritan tegese sastra puisi anyar, wedhare rasa edi, kanthi basa kang runtut nanging ora kaiket patokan kaya dene guru lagu, guru wilangan kaya ing tembang macapat. Tegese geguritan ing dhuwur miturut pendapate …
Nofita Handayani
Min Demangan
Hadiwijaya
Bethy. M.S
Geguritan iku kaperang dadi …
Setunggal
Kalih
Tiga
Sekawan
Anggone maca geguritan kuwi mawa 4W, dene sing tegese banter rindhike anggone maca kuwi diarani …
Wirama
Wirasa
Wiraga
Wicara
Wirasa nduweni teges ngetrapake rasa karo … geguritan.
Judule
Isine
Jenise
Ukarane
Geguritan sing diwiwiti nganggo tembung sun segurit kalebu geguritan …
Gagrag anyar
Gagrag lawas
Gagrag modern
Gagrag Ngayogyakarta
Geguritan gagrag lawas lumarahe isih migunakake basa …
Kawi
Krama
Ngoko
Krama alus
Salah sawijining wujute geguritan gagrag lawas, kajaba …
Syair
Kidung
Tembang macapat
Gendhing
Nalika nulis geguritan gagrag lawas migunakake titikan utawa ciri, salah sijine yaiku nemtokake cacahé wanda ing geguritan sing diarani …
Guru lagu
Guru wilangan
Guru sastra
Guru gatra
Salah sawijining ciri geguritan gagrag anyar iku isine mentes lan ngemot piwulang sing …
Ala
Becik
Biasa
Ajeg
Supaya endah ing rasane pangripta geguritan nulis swara sing padha ing pungkasan gatra. Ing tembang macapat diarani guru lagu. Tibaning swarasing padha ing pungkasan gatra ing geguritan diarani …
Purwakanthi
Sandiasma
Purwaka
Pujangga
Nulis geguritan iku saliyane mangerteni pamerange geguritan uga kudu ngerti urut-urutane nulis geguritan supaya asile becik lan bener, Urutane nulis geguritan dhisik dewe yaiku …
Milih parag
Milih irah-irahan
Nemtokake tema
Nulis cengkorongan
Ing geguritan lawas, saliyane migunakake basa Kawi, uga pangripta migunakake sandiasma. Sandiasma ing geguritan iku tegese …
Jenenge penerbit geguritan
Jenenge wong sing dadi temane geguritan
Jenenge pangarang sing sinandi ana geguritan
Jenenge sponsor geguritan sing dimuat ing buku
Anggone maca geguritan kudu mangerteni temane. Tema uga werna-werna sing mesthi ana gayute karo wirasa. Geguritan kanthi tema perjuangane Ibu diwaca kanthi wirasa sing …
Nglokro
Sedih
Sumangat
Kendho
Wong sing pagaweane gawe geguritan iku diarani …
Sinden
Pujangga
Wiyaga
Dhalang
Panyandra iku wujud unen-unen kanggo ...
Ngandharake swasana nganggo tembung endah
Nglukis pasuryan nganggo gambar
Ngandharake angka
Ngresiki teks
“Mripate cemlorot kaya lintang wengi.” ukara iki klebu ...
Parikan
Bebasan
Panyandra
Paribasan
Panyandra kuwi kapérang dadi telu yaiku panyandra awak sing ala, panyandra awak sing becik lan panyandra mangsa. Dene salah sawijining tuladha panyandra awak sing becik, kajaba …
Kupinge perung
Alise nganggo sepisan
Bangkekane nawon kemit
Irunge mbangir ngudhap mlathi
Tembung “tangan” yen nganggo panyandra yaiku …
Asta
Suku
Driya
Bapa
Lemah nela, panas, wit randhu wiwit semi, wiwit nandur palawija minangka pratanda …
Mangsa sura
Mangsa karo
Mangsa katelu
Mangsa kapat
