Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Basa Jawa Kelas 8 Semester Ganjil TA 2025/2026

Total questions: 62

Worksheet time: 31mins

Name
Class
Date
1.
Jeneng Jangkep
4 lines
2.
No Absen (Tuladha : 1,2,3,4,....)
4 lines
3.
Kelas
a)
8A
b)
8B
c)
8C
d)
8D
e)
8E
4.
"Jaka...........Jaka, wis rampung aduse durung!" "Durung Pakdhe, hla... cepet-cepet ana apa ta pakdhe?" Saking Pakdhe Darsono wis anyel karo Joko Bodho, pakdhe Darsono ora jawab pitakonane Joko. Joko bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude pakdhene kok dheweke dikongkon cepet-cepet aduse. Bubar adus Jaka Bodho banjur nemoni Pakdhene sing thenguk-thenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan. Manut crita ing dhuwur, Jaka Bodho nduweni sifat...........
a)
nengsemake
b)
ngguyokake
c)
nganyelake
d)
minteri
5.
"Bubar adus Jaka Bodho banjur nemoni Pakdhene sing thenguk-thenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan" Tembung thenguk-thenguk tegese meh padha karo.........
a)
mlaku
b)
mlayu
c)
lungguh
d)
ngadeg
6.
Tembung Jagongan nduweni teges..........
a)
omong-omongan
b)
gegojegan
c)
tukaran
d)
seneng maido
7.
"Jaka...........Jaka, wis rampung aduse durung!" "Durung Pakdhe, hla... cepet-cepet ana apa ta pakdhe?" Saking Pakdhe Darsono wis anyel karo Joko Bodho, pakdhe Darsono ora jawab pitakonane Joko. Joko bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude pakdhene kok dheweke dikongkon cepet-cepet aduse. Bubar adus Jaka Bodho banjur nemoni Pakdhene sing thenguk-thenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan. Piwulang becik kang bisa kapethik saka paraga Pak Dhe Darsono yaiku dadi manungsa kudu............
a)
meneng
b)
sabar
c)
wani
d)
sing ati-ati
8.
"Kawasisane Baskoro ing babagan olahraga basket pancen bisa diunggulake sekolah" Tembung kawasisane tegese...........
a)
kaluwihane
b)
karosane
c)
kasugihane
d)
kapinterane
9.
Groho : “Kula nuwun” Pak Sena : “Mangga, sinten nggih?Mlebet!” Groho : “Kula, Groho, Pak.” Pak Sena : “O… kowe ta, Ho. Kene-kene lungguh. Ana apa, kadingaren?” Groho : “ Inggih Pak, anggenku ngriki wau dipunkengken Lik Tomo.” Ana ing pacelathon ing dhuwur, tembunge Groho kurang trep. Mula yen diowahi nganggo krama alus dadi.......
a)
Inggih pak, anggenku ngriki wau didhawuhi Lik Tomo
b)
Inggih pak, anggen ku ngriki wau diutus Lik Tomo
c)
Inggih pak, anggenku ngriki wau dipundhawuhi Lik Tomo
d)
Inggih pak, anggen kula ngriki wau dipundhawuhi Lik Tomo
10.
Tembung lingga kang entuk ater-ater anuswara (ng-, ny-, m-, n-) ana ing basa Jawa diarani tembung........
a)
Lingga andhahan
b)
tanggap
c)
tanduk
d)
dwiwasana
11.
Aku didhawuhi ibuk (eter) adhiku menyang Taman Wisata Tirtonadi. Tembung sing ana ing jero kurungyen didadekna tembung tanduk kang mathuk dadi..........
a)
diterake
b)
ngeterake
c)
ngeteri
d)
diteri
12.
Anoman mlumpat saka gunung Maliawan. Perangan saka Gunung Maliawan iku nglungguhi gatra.....
a)
jejer
b)
wasesa
c)
lesan
d)
keterangan
13.
Ana ing dina pancawara. 1. Pahing = Jenar 2. Pon = Palguna 3. wage = Cemengan 4. Kliwon = Kasih 5. Legi = ............... Tembung kang trep kanggo njangkepi angka 5 yaiku............
a)
manis
b)
wilis
c)
seta
d)
hartati
14.
Yen dirunut saka caritaning legendha Gagak Rimang, tembung Gagak Rimang minangka jeneng............
a)
terminal
b)
radio
c)
lapangan
d)
jaran
15.
Ing abad XVI Blora kabawah wewengkon kadipaten Jipang. Wektu iku Jipang isih kabawah Kasultanan Demak. Adipati Jipang sinebut Arya Penangsang kang kondhang aran Arya Jipang. Dene panguwasane nganti tekan Pati, Lasem, Blora lan Jipang dhewe. Nanging sawise Jaka Tingkir (Sultan Hadiwijaya) nglenggahi dhampar kasultanan Demak, punjering papentrahan kaboyong menyang …...
a)
Mataram
b)
Yogyakarta
c)
Pajang
d)
Majapahit
16.
Kocap kacarita nalika samono Harya Penangsang lan Patihe, kang asma Mentaun nembe bebadra (mlaku-mlaku) ana laladan Jipang-Panolan ing sisih lor, ana ing satengahing ara-ara kang jembar lan nedheng-nendhenge thukul suket kang ijo, ing kono Harya Penangsang priksa ana sawijing jaran kang lagi nyenggut suket. Nyenggut tegese ...
a)
gawa
b)
mangan
c)
ngambus
d)
ngidaki
17.
Wekasane padha mangerteni sapa kang ana ing ngarepe kuwi yaiku Gusti Bupatine dhewe. Nalika Harya Penangsang ndangu sapa kang kagungan jaran iki, sanalika dijawab bebarengan “ Punika Turangganipun Riman”. Krungu jawaban kaya mengkono iku Sang Adipati kalegan atine. Mula jaran kang saiki dadi titihane iku diwenehi jeneng “GAGAK RIMAN”. Amarga jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Riman. Ana ing sabanjure nyebut gagak riman kuwi rada kangelan wekasane akeh kang nyebut “GAGAK RIMANG”. Jaran kang dadi titihane Sang Adipati Haryo Penangsang diwenehi jeneng Gagak Rimang amarga ......
a)
Jaran kasebut duwe ules putih kaya manuk gagak lan sing duwe Riman
b)
Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Siman
c)
Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Haryo Penangsang
d)
Jaran kasebut duwe ules ireng kaya manuk gagak lan sing duwe Riman
18.
Yen dirunut saka caritaning legenda asal-usule Cepu, tembung Cepu nduweni teges ...
a)
kena ing pupu
b)
tumancep ing pupu
c)
Mancep sepupu
d)
Ora mancep pupu
19.
Suwe saya suwe, anggone mimpin rakyat Jipang Panolan, saya ora karuwan. Pangeran Benawa saya degsura marang rakyat Jipang Panolan. Katitik saka anggone narik pajeg utawa upeti kang dhuwur banget lan ngabotake kawula cilik. Adhedhasar pratelan iki Pangeran Benawa nduweni watak … .
a)
apikan
b)
wani/kendel
c)
adhap asor
d)
degsura
20.
Simbah saben esuk lan sore ngunjuk jamu kang rasane legi bratawali. Legi bratawali tegese ...
a)
legi banget
b)
legi kaya bratawali
c)
pait banget
d)
ora pait
21.
Si Kancil lagi wae ngombe ana kali, dumadaan ana baya nekani, mula Si Kancil banjur mencolot playune lonjong botor. Playune lonjong botor tegese …
a)
gepeng banget
b)
rendhet banget
c)
Banter banget
d)
Kaya botor
22.
Bu Ana ora budhal ing sekolahan amarga lagi lara. Ukara ing dhuwur yen diowahi basa ngoko alus dadi.........
a)
Bu Ana boten tindak ing sekolahan amarga nembe gerah
b)
Bu Ana boten bidhal ing sekolahan amarga nembe sakit
c)
Bu Ana ora tindak ing sekolahan amarga lagi sakit
d)
Bu Ana ora tindak ing sekolahan amarga lagi gerah
23.
Sejarah anyar kaukir ing Kabupaten Blora kang lagi wae mengeti Dina kalairan Kabupaten Blora kaping 272 ing Setu Legi 11 Desember 2021. Tembung mengeti tegese ... .
a)
nyekseni
b)
mringati/memperingati
c)
ndeleng
d)
ngerteni
24.
Ing ngisor iki kalebu sebabe kutha Blora dadi sorotan nasional yaiku ... .
a)
Kutha Blora kang kondhang alas jatine durung nduweni bandar udara kanggo panerbangan komersil
b)
Kutha Blora kang ora kondhang alas jatine wis nduweni bandar udara kanggo panerbangan komersil
c)
Kutha Blora kang kondhang alas jatine wis nduweni bandar udara mung kanggo panerbangan migas
d)
Kutha Blora kang kondhang alas jatine wis nduweni bandar udara kanggo panerbangan komersil
25.
Bandar udara duweke kabupaten Blora iki dumunung ana ing tlatah ...
a)
Ngloram kecamatan Kedungtuban
b)
Nglandeyan kecamatan cepu
c)
Ngloram kecamatan Cepu
d)
Nglobo kecamatan Jiken
26.
Peresmian Bandara Ngloram Cepu iki uga antuk dhukungan saka Kabupaten liya, kayata Kabupaten Bojonegoro, Grobogan, Tuban, Rembang lan Ngawi. Bupati Bojonegoro Doktor Anna Mua'wanah ngendikan, "Dunungé Bandar Udara Ngloram iki mesthine uga bakal mupangati kanggo warga kita ing Bojonegoro. Para warga Bojonegoro mesthi uga bakal bisa nggunaake transportasi udara iki." Ananging beda maneh karo Bupati Grobogan Hj. Sri Sumarni kang ngendikan manawa dununge Bandara Ngloram Cepu iki tamtu bakal nggampangake para investor mlebu ing kutha Blora utawa Grobogan. Kanthi anane peresmian Bandara Ngloram Cepu akeh kabupaten kang padha aweh dhukungan, kaya kasebut ing ingisor iki kajaba kabupaten... .
a)
Bojonegoro
b)
Grobogan
c)
Rembang
d)
Madiun
27.
Ing ngisor iki kalebu mupangate anane bandara Ngloram Cepu yaiku ... .
a)
sarana kanggo ngangelake para investor mlebu ing ktha Blora lan Grobogan
b)
sarana kanggo alat transportasi dharat
c)
sarana kanggo alat transportasi udara
d)
sarana kanggo nggampangake para investor mlebu ing kutha Bojonegoro lan Ngawi
28.
Tembung kriya yaiku tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe, kaya ta: mlaku, nulis, lunga. Tuladha tembung kriya liyane ... .
a)
sapi, Surabaya, meja
b)
mangan, turu, nggawa
c)
siji, sepuluh, kapindho
d)
aduh, wa, lho
29.
Pangkur Sekar Pangkur kang winarna, Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, Ala lan becik puniku, Prayoga kawruhana, Adat waton puniku dipun kadulu, Miwah ta ing tata krama, Den kaesthi siyang ratri. Sekar Pangkur kang winarna. Tembung "sekar" tegese......
a)
wengi
b)
tembang
c)
warna
d)
wewaton
30.
Pangkur Sekar Pangkur kang winarna, Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, Ala lan becik puniku, Prayoga kawruhana, Adat waton puniku dipun kadulu, Miwah ta ing tata krama, Den kaesthi siyang ratri. Dene tembung "ala" ing tembang dhuwur tegese............
a)
apik
b)
manut
c)
elek
d)
utama
31.
Tembang Pangkur ing dhuwur iku nyritakake menawa wong urip kudu ngerteni bab................
a)
tumindak elek dan apik
b)
tumindak saru
c)
tumindak kurang utama wae
d)
unggah-ungguh bebrayan
32.
Guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur yaiku............
a)
8a, 11i, 8u, 7o, 12u, 8a, 8i
b)
8a, 10i, 8u, 6a, 12u, 7a, 7i
c)
8a, 11a, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i
d)
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
33.
Saben sapada/sapada tembang Pangkur iku ana............gatra
a)
papat
b)
pitu
c)
enem
d)
lima
34.
Anoman banjur ngadhep Dewi Sinta lan atur katrangan manwa dheweke pratelan utusan Prabu Rama, kang sedhela maneh bakal mbedhah praja Ngalengka. Dasanamane utusan yaiku............
a)
buta
b)
wuta
c)
duta
d)
suta
35.
Dadi atmaja iku becike kudu tansah mbangun turut marang wong tuwa. Tembung "atmaja" iku padha karo putra, sunu, tanaya kang tegese............
a)
lanang
b)
anak
c)
angin
d)
bapak
36.
Merga katrajang angin gedhe, akeh omah padha ambruk ora karuan. Tembung 'omah' duweni dasanama............
a)
driya
b)
ditya
c)
griya
d)
damel
37.
Bapak guru lunga menyang Sala arep tuku buku Bausastra. Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama alus dadi............
a)
Bapak guru tindak dhateng Sala badhe tumbas buku Bausastra
b)
Bapak guru tindak dhateng Sala badhe mundhut buku Bausastra
c)
Bapak guru tindak dhateng Sala ajeng tumbas buku Bausastra
d)
Bapak guru tindak dhateng Sala ajeng mundhut buku Bausastra
38.
Amarga kurang olahraga, balunge … godhong lumbu. Tembung kang trep kanggo njangkepi sanepa kasebut yaiku ....
a)
kaya
b)
padha
c)
wuled
d)
mbedhel
39.
Urip ing jaman saiki pancen abot amarga rega-rega kabutuhan pokok mundhak kabeh. Kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane, Pak Sardi golek silihan mrana mrene nganti utange arang wulu kucing. Utange arang wulu kucing tegese ....
a)
akeh banget
b)
rempet banget
c)
sithik banget
d)
arang banget
40.
Bapak lagi maos koran ing teras, dene ibu mirsani TV. Tembung dene ing ukara kasebut kalebu jinis tembung … .
a)
katrangan
b)
aran
c)
panggandheng
d)
panguwuh
41.
Sakabehing tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe diarani ...
a)
tembung kaanan
b)
tembung kriya
c)
tembung sesulih
d)
tembung ancer-ancer
42.
Kabupaten Blora wis kawentar ing papan ngendi wae menawa dhaerah iki gudhange kayu jati. Pranyata bener sebab tlatah iki ing sadhengah panggonan ana wit jatine, jati alas apadene jati sing ana ing kebonan. Mula ora aneh yen ing Blora wewangunan apa wae migunakake bahan baku saka kayu jati, wiwit omah, perabotan omah, nganti barang-barang hiasan liyane. Tembung kawentar ing wacan kasebut nduweni teges … .
a)
dipercaya
b)
dikenal
c)
sinebut
d)
kondhang
43.
Kanthi anane kerajinan kayu mangkene iki pranyata bisa kanggo nambah wulu pametu pendhudhuk. Sasuwene iki kerajinan kayu ing Blora akeh-akehe diayahi dening wong-wong tuwa. Saeba apike menawa sing ngayahi uga wong-wong enom, bocah cilik, lanang wadon kang nduwe kaprigelan ing babagan ngolah kayu saengga dadi saya ngrembaka. Tembung wulu pametu ing ukara kasebut nduweni teges padha karo … .
a)
pengasilan
b)
pengalaman
c)
pegawean
d)
dhuwit
44.
Luwih prayoga yen para perajin gelem merlokake study banding menyang dhaerah liya kayata: Jepara, Kudus, Solo, utawa Bali. Kerajinan kayu saka Jepara wis dadi bahan ekspor, mula wargane akeh kang pakaryane sadina-dina ngolah kayu, tuwa enom, gedhe cilik. Mula dhaerahe bisa ngundhuh keuntungan sing gedhe nambah asile dhaerah saengga dadi dhaerah maju. Semana uga Solo senajan adoh alas lan kayu nanging akeh perusahaan kayu, mebel, malah kepara sinebut sentral industri mebel kang bisa nyedhot tenaga kerja kang akehe nomer loro sangisore industri tekstil. Nilai dhidhik kang ana ing paragraf kasebut yaiku ...
a)
Kerajinan kayu ing Jepara dadi bahan ekspor.
b)
Para pengrajin kayu studi banding menyang dhaerah liya kareben bisa maju.
c)
Solo adoh alas lan kayu jati.
d)
Perusahaan kayu lan mebel akeh ing Solo
45.
Cahyane sang bagaskara saka brang wetan katon ngegla tan kaling-kalingan pedhut.Tembung bagaskara iku padha karo surya kang tegese …
a)
rembulan
b)
srengenge
c)
lintang
d)
bumi
46.
Raden Werkudara didhawuhi gurune Resi Durna supaya angupadi banyu perwitasari ing segara minangkalbu. Tembung segara nduweni teges … .
a)
srengenge
b)
samodra
c)
bantala
d)
alas
47.
Gunung Manggir yen sinawang saka kadohan katon edi peni. Tembung gunung nduweni teges padha karo ...
a)
giri
b)
tirta
c)
wisma
d)
puspa
48.
Dewi Sinta kaculik dening Rahwana dipapanake ing taman Argasoka. Manahipun Dewi Sinta tansah kemutan dhateng Raden Ramawijaya garwanipun. Tembung manah nduweni teges padha karo driya, nala, ...
a)
ati, sari
b)
ati, pertala
c)
ati, bagaskara
d)
ati, galuh
49.
Nama Naya Gimbal iku sawijining nama karan sawijining pawongan. Nama kang sabenere yaiku Sentika. Amarga rambute kang diingu dawa mula akeh kang ngarani gimbal. Sentika duwe uni “Ora motong rambute yen durung bisa nyingkirake kumpeni saka tanah Jawa.” Dene Naya nama sawijining laskar prajurite Pangeran Diponegoro nalika lumawan marang Walanda. Kanggo nggampangake pangeling-eling marang Sentika mula karan Naya Gimbal utawa Naya Sentika. Naya Gimbal jeneng asline yaiku ...
a)
Kumpeni
b)
Naya Sentika
c)
Sentika
d)
Naya
50.
Kacarita sawise Pangeran Diponegoro kapilut dening Walanda, akeh para prajurite kang padha mawut golek slamet dhewe-dhewe, suthik ngaku kalah marang Walanda malah saya ndadra serike. Ing batin tansah mbudidaya kepriye bisane nyingkirake Walanda saka tanah Jawa. Kanthi cara golek papan pandhelikan kanggo nyusun kekuatan supaya bisa ngalahake Walanda. Isine paragraf ing ndhuwur yaiku ...
a)
Pangeran Diponegoro kalah perang.
b)
Prajurite Pangeran Diponegoro mlayu golek papan ndhelik kanggo nyusun kekuatan supaya bisa ngalahake Walanda.
c)
Prajurite Pangeran Diponegoro mlayu.
d)
Prajurite Pangeran Diponegoro golek slamet dhewe-dhewe
51.
Mbak Nina lagi (setrika) klambine kangmase, banjur (resik) pekarangan omah mburi. Tembung kang kakurung yen didadekake tembung tanduk kang trep dadi ...
a)
nyetrikani, ngresikake
b)
nyetrikakake, resik-resik
c)
nyetrikakake, ngresiki
d)
nyetrikakake, ngresikake
52.
Yayuk : ”Bu, kowe kok katon kesel, ayo leren dhisik.” Bu Parto : “Iya ndhuk, mengko dhisik.” Ukarane Yayuk ing pacelathon ndhuwur kurang trep, samesthine menawa anak ngaturi wong tuwa kudu nganggo Basa Krama Alus kang bener, kudune kepriye?
a)
Bu, Panjenengan kok ketingal sayah ayo ngaso rumiyin.
b)
Bu, Panjenengan kok ketingal sayah mangga ngaso rumiyin.
c)
Bu, Sampeyan kok ketingal sayah ayo ngaso riyin.
d)
Bu, Sampeyan kok ketingal sayah mangga ngaso rumiyin
53.
Aku dikongkon Pak Guru supaya nggawa kayu. Ukara iku yen diowahi dadi basa krama alus dadi …
a)
Kula dikengken Pak Guru supados mbekta kajeng.
b)
Kula dipunkengken Pak Guru supados mbekta kajeng.
c)
Kula diutus Pak Guru supados mbekta kajeng.
d)
Kula dipunutus Pak Guru supados mbekta kajeng.
54.
Pak Hardi wis teka ing sekolahan, terus lungguh ing ruwang guru. Ukara iki yen didadekake basa krama alus dadi …
a)
Pak Hardi sampun dugi ing sekolahan, lajeng lenggah ing ruwang guru.
b)
Pak Hardi sampun dhateng ing sekolahan, lajeng pinarak ing ruwang guru.
c)
Pak Hardi sampun rawuh ing sekolahan, lajeng pinarak ing ruwang guru.
d)
Pak Hardi sampun dhateng ing sekolahan, lajeng lenggah ing ruwang guru.
55.
TUKU ABUK Kalis : “ Badhe tindak pundi, Mbah ?” Mbah Krama : “ Menyang toko pertanian iki, lho Le.” Kalis : “ Badhe mundhut menapa ketingalipun kok kesesa ?” Mbah Krama : “ Abuk lan obat pari. Lha kowe arep menyang ngendi ?” Kalis : “ Menika lho Mbah, kula ..... bapak ..... abuk kaliyan bibit.” Mbah Krama : “ Wah, ya padha yen ngono. Lho kok ora bapakmu dhewe sing mundhut.” Tembung kang trep kanggo njangkepi pacelatone Kalis yaiku ...
a)
dipunutusi, tumbas
b)
dipunutus, tumbas
c)
diutus, tumbas
d)
dipunutus, mundhut
56.
Nalika taktampa kitir saka desa Ati lan pangangen dadi sakgegem Ing kene, ing kana satumpuk panggantha Bapakku sing wis tuwa, mbokku kagubet sanggan Sawah gana gini linempit dadi dhuwit …. Tembung kitir ing geguritan kasebut nduweni teges ...
a)
dhuwit
b)
layang
c)
layangan
d)
kitiran
57.
PANGKUR Kalamun ana manungsa Anyinggahi dugi lawan prayogi Iku watake tan patut Awor lawan wong kathah Wong degsura ndaludur tan wruh ing edur Aja sira cedhak-cedhak Tembung kalamun tegese...........
a)
yen
b)
bakal
c)
terus
d)
wewaton
58.
PANGKUR Kalamun ana manungsa Anyinggahi dugi lawan prayogi Iku watake tan patut Awor lawan wong kathah Wong degsura ndaludur tan wruh ing edur Aja sira cedhak-cedhak Tembung anganggo tegese...........
a)
ora bener
b)
nganggo
c)
ora nganggo
d)
apike nganggo
59.
PANGKUR Kalamun ana manungsa Anyinggahi dugi lawan prayogi Iku watake tan patut Awor lawan wong kathah Wong degsura ndaludur tan wruh ing edur Aja sira cedhak-cedhak Tembung Pangkur ing dhuwur iki nyeritakake menawa ana manungsa kang ora nganggo pangira ngira kang utama lan seneng tumindak kang kurang ajar, mula awake dhewe kudu.............
a)
nyedhaki
b)
ngapiki
c)
ngadohi
d)
ngajari
60.
Guru wilangan lan guru lagune "tan anganggoa ing duga lan prayogi" yaiku.............
a)
9i
b)
10i
c)
11i
d)
12i
61.
Bcah yen mangane mung saithik iku suwe-suwe bobote dadi entheng banget. Bobote entheng banget yen disanepake dadi bobote.........
a)
abot wesi
b)
anteb beras
c)
anteb jagung
d)
abot kapuk
62.
Yen pinuju wulangan basa Jawa aja seneng (conto) garapane kancane. Tembung kang ana jero kurung yen didadekna tembung tanduk kang mathuk dadi.............
a)
contoni
b)
nyontokake
c)
nyonto
d)
dicontoni