wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL SAS BASA JAWA

Total questions: 60

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

BERSIH DHUSUN

Nalika semanten bibar panen pantun, kawontenan ing dhusun Kedungmulya ayem tentrem. Peksi-peksi padha gegojegan. Kambangan, menthok padha lelangen golek pakan. Raja kaya pating brangkang, lare angen wonten ingkang ura-ura ing gigiring maesa ingkang saweg nyenggut. Para among tani sami mongkog manahipun, dene anggenipun makarya asilipun ndhemenaken. Tiyang-tiyang sami ngunjukaken atur syukur ing Gusti Allah. Anggenipun muji syukur punika mawi wilujengan nanggap ringgit wacucal.

Seminggu saderengipun, warga dusun sami tata-tata gugur gunung resik-resik pesareyan, besik margi, ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak. Kangge wilujengan, para warga sami urunan, wonten ingkang urun arta ugi wonten ingkang urun tenaga kemawon.

Dumugining damel para mudha-mudhi sami gumregut nata bale dusun umpaminipun ngrengga mawi janur, ron waringin saha ngronce dlancang maneka warni. Katingal asri tur nengsemake yen disawang.

Jam 19.30 upacara kawiwitan kaliyan donga ingkang kadhapuk mandhegani pak Modin, kalajengaken wejangan agung saking pak Lurah. Wosipun ngajak sedaya sami guyup rukun, gotong royong amrih ngrembakaning pembangunan saha tansah njagi ketentreman.

Jam 21.00 pagelaran ringgit purwa sampun jejer kanthi lampahan Dewi Sri Sadono dipunpurwakani. Wondene ingkang sami mirsani katingel jejel riyel, punapa malih dhalangipun Ki Anom Suroto ingkang sampun kondhang saindhenging Nuswantara.

Pranyatan kang trep manut wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

Warga dhusun sami dedonga ngaturaken raos syukur dumateng Gusti Allah ing daleme piyambak-piyambak kanthi nyepi.

b)

Warga dhusun sami tata-tata, gugur gunung resik-resik pesareyan, besik margi, ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak saba'dane pagelaran ringgit purwa.

c)

Para warga dhusun sami cecongkrahan ngawontenaken bersih dhusun bibar panen pantun.

d)

Para warga dhusun sami sedhih lan sungkawa nemahi asile panen pantun kang rusak.

2.

BERSIH DHUSUN

Nalika semanten bibar panen pantun, kawontenan ing dhusun Kedungmulya ayem tentrem. Peksi-peksi padha gegojegan. Kambangan, menthok padha lelangen golek pakan. Raja kaya pating brangkang, lare angen wonten ingkang ura-ura ing gigiring maesa ingkang saweg nyenggut. Para among tani sami mongkog manahipun, dene anggenipun makarya asilipun ndhemenaken. Tiyang-tiyang sami ngunjukaken atur syukur ing Gusti Allah. Anggenipun muji syukur punika mawi wilujengan nanggap ringgit wacucal.

Seminggu saderengipun, warga dusun sami tata-tata gugur gunung resik-resik pesareyan, besik margi, ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak. Kangge wilujengan, para warga sami urunan, wonten ingkang urun arta ugi wonten ingkang urun tenaga kemawon.

Dumugining damel para mudha-mudhi sami gumregut nata bale dusun umpaminipun ngrengga mawi janur, ron waringin saha ngronce dlancang maneka warni. Katingal asri tur nengsemake yen disawang.

Jam 19.30 upacara kawiwitan kaliyan donga ingkang kadhapuk mandhegani pak Modin, kalajengaken wejangan agung saking pak Lurah. Wosipun ngajak sedaya sami guyup rukun, gotong royong amrih ngrembakaning pembangunan saha tansah njagi ketentreman.

Jam 21.00 pagelaran ringgit purwa sampun jejer kanthi lampahan Dewi Sri Sadono dipunpurwakani. Wondene ingkang sami mirsani katingel jejel riyel, punapa malih dhalangipun Ki Anom Suroto ingkang sampun kondhang saindhenging Nuswantara.

Rampung adicara dedongan ingkang dipunpandhegani dening Pak Modin, banjur dipunlajengaken adicara ....

a)

Ndandani sendhang sari.

b)

Wejangan agung saking Pak Lurah.

c)

Pagelaran wayang kulit.

d)

Nata bale desa nganggo janur.

3.

BERSIH DHUSUN

Nalika semanten bibar panen pantun, kawontenan ing dhusun Kedungmulya ayem tentrem. Peksi-peksi padha gegojegan. Kambangan, menthok padha lelangen golek pakan. Raja kaya pating brangkang, lare angen wonten ingkang ura-ura ing gigiring maesa ingkang saweg nyenggut. Para among tani sami mongkog manahipun, dene anggenipun makarya asilipun ndhemenaken. Tiyang-tiyang sami ngunjukaken atur syukur ing Gusti Allah. Anggenipun muji syukur punika mawi wilujengan nanggap ringgit wacucal.

Seminggu saderengipun, warga dusun sami tata-tata gugur gunung resik-resik pesareyan, besik margi, ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak. Kangge wilujengan, para warga sami urunan, wonten ingkang urun arta ugi wonten ingkang urun tenaga kemawon.

Dumugining damel para mudha-mudhi sami gumregut nata bale dusun umpaminipun ngrengga mawi janur, ron waringin saha ngronce dlancang maneka warni. Katingal asri tur nengsemake yen disawang.

Jam 19.30 upacara kawiwitan kaliyan donga ingkang kadhapuk mandhegani pak Modin, kalajengaken wejangan agung saking pak Lurah. Wosipun ngajak sedaya sami guyup rukun, gotong royong amrih ngrembakaning pembangunan saha tansah njagi ketentreman.

Jam 21.00 pagelaran ringgit purwa sampun jejer kanthi lampahan Dewi Sri Sadono dipunpurwakani. Wondene ingkang sami mirsani katingel jejel riyel, punapa malih dhalangipun Ki Anom Suroto ingkang sampun kondhang saindhenging Nuswantara.

Sedina sadurunge adicara diwiwiti, kang dilakoni mudha-mudhi ing bale dusun yaiku ....

a)

Tata-tata gotong royong resik-resik pesareyan.

b)

Besik-besik margi dusun.

c)

Ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak.

d)

Nata kanthi ngrengga mawi janur lan ron waringin saha ngronce dlancang maneka warni.

4.

BERSIH DHUSUN

Nalika semanten bibar panen pantun, kawontenan ing dhusun Kedungmulya ayem tentrem. Peksi-peksi padha gegojegan. Kambangan, menthok padha lelangen golek pakan. Raja kaya pating brangkang, lare angen wonten ingkang ura-ura ing gigiring maesa ingkang saweg nyenggut. Para among tani sami mongkog manahipun, dene anggenipun makarya asilipun ndhemenaken. Tiyang-tiyang sami ngunjukaken atur syukur ing Gusti Allah. Anggenipun muji syukur punika mawi wilujengan nanggap ringgit wacucal.

Seminggu saderengipun, warga dusun sami tata-tata gugur gunung resik-resik pesareyan, besik margi, ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak. Kangge wilujengan, para warga sami urunan, wonten ingkang urun arta ugi wonten ingkang urun tenaga kemawon.

Dumugining damel para mudha-mudhi sami gumregut nata bale dusun umpaminipun ngrengga mawi janur, ron waringin saha ngronce dlancang maneka warni. Katingal asri tur nengsemake yen disawang.

Jam 19.30 upacara kawiwitan kaliyan donga ingkang kadhapuk mandhegani pak Modin, kalajengaken wejangan agung saking pak Lurah. Wosipun ngajak sedaya sami guyup rukun, gotong royong amrih ngrembakaning pembangunan saha tansah njagi ketentreman.

Jam 21.00 pagelaran ringgit purwa sampun jejer kanthi lampahan Dewi Sri Sadono dipunpurwakani. Wondene ingkang sami mirsani katingel jejel riyel, punapa malih dhalangipun Ki Anom Suroto ingkang sampun kondhang saindhenging Nuswantara.

Papan panggonan saka prastawa "Bersih Dusun" ing wacan dhuwur yaiku ....

a)

Ing dhusun Kedungmulya

b)

Ing sabin

c)

Ing bale dhusun

d)

Ing pesareyan

5.

Nalika semanten bibar panen pantun, kawontenan ing dusun ayem tentrem. Peksi-peksi sami ngoceh. Kambangan, menthok sami lelangen pados tedha.

Tembung kang kacithak kandel tur miring ing dhuwur nduweni teges....

a)

wong-wong                                 

b)

   manuk-manuk

c)

kucing-kucing                                                                              

d)

bebek-bebek

6.

Mawar Abang saben dina gaweane mung nesu lan muring-muring. Dene Mawar Putih tansah sumeh, meneng, sabar, lan ngalah. Sanajan Mawar Putih diujar-ujari, disiya-siya, diece dheweke mung meneng malah males kanthi kabecikan karo Mawar Abang.

Pakulinane Mawar Abang sing ora becik kuwi mau saya suwe saya tambah ndadi. Saben nesu mesthi Mawar Putih sing entuk rekasane. Saben dina Mawar Abang nguncali telek pitik marang Mawar Putih. Mawar Putih mung nrima meneng, ora males. Amarga saka tumindake Mawar Abang sing ditindakake saben dina kaya mangkono kuwi, sing sakiwa tengene Mawar Putih banjur akeh telek pitike.

Anehe, Mawar Putih saya suwe malah saya subur lan saya kuwat. Kembange tambah akeh abyor putih suci lan marak ati. Kosok baline, Mawar Abang amarga saben dina mung nesu lan muring-muring saya suwe saya tambah kuru lan garing.

Ing sawijining dina sing duwe plataran teka ing panggonan kono. Wong mau seneng bareng weruh Mawar Putih sing subur lan ngrembuyung godhonge. Kembang mau dicedhaki banjur ing sakiwa tengene diresiki sukete lan diopeni. Dene nalikane weruh Mawar Abang sing kuru garing lan ora ana kembange banjur dibedhol lan dibuwang ana ing kranjang sampah.

 

Pranyatan kang trep manut wacan teks narasi ing dhuwur yaiku kejaba ....

a)

Mawar abang tansah sabar, sumeh, meneng, lan nrima ing pandum.

b)

Mawar putih tansah disiya-siya lan nesu-nesu marang Mawar abang.

c)

Mawar abang saya suwe kembange saya ngrembaka lan ngrembuyung godhonge.

d)

Mawar putih dirumati kanthi open lan ing sakiwa tengene diresiki sukete.

7.

Pakulinane Mawar Abang sing ora becik kuwi mau saya suwe saya tambah ndadi. Saben nesu mesthi Mawar Putih sing entuk rekasane. Saben dina Mawar Abang nguncali telek pitik marang Mawar Putih. Mawar Putih mung nrima meneng, ora males. Amarga saka tumindake Mawar Abang sing ditindakake saben dina kaya mangkono kuwi, sing sakiwa tengene Mawar Putih banjur akeh telek pitike.

Saka punggelan teks narasi kasebut, watak/sipat saka mawar abang yaiku ....

a)

sumeh

b)

nrima ing pandum

c)

seneng tetulung

d)

seneng muring-muring

8.

Piwulangan (nilai moral) kang paling trep saka teks narasi "Mawar Abang lan mawar putih" kasebut yaiku ....

a)

Aja seneng muring-muring lan nesu marang wong liya.

b)

Aja tumindak ala, yen ora pengen mbalik ing awake dhewe-dhewe.

c)

Dadiya wong kang seneng tumindak becik marang sapadha-padha.

d)

Dadiya wong kang nrima marang tumindak kang ora becik.

9.

Wacan "Mawar abang lan mawar putih" ing dhuwur kalebu jinising teks narasi sugestif. Dadi wacan narasi sugestif yaiku ....

a)

Wacan kang nyritakake babagan prastawa/kedadeyan kang nyata utawa lan nembe kedadeyan.

b)

Wacan kang nyritakake babagan prastawa/kedadeyan kang nyata tur apa anane.

c)

Wacan kang nggambarake babagan prastawa/kedadeyan kang ora nyata utawa ngangen-angen.

d)

Wacan kang nggambarake babagan prastawa/kedadeyan kang nyata.

10.

Pakulinane Mawar Abang sing ora becik kuwi mau saya suwe saya tambah ndadi. Saben nesu mesthi Mawar Putih sing entuk rekasane. Saben dina Mawar Abang nguncali telek pitik marang Mawar Putih. Mawar Putih mung nrima meneng, ora males. Amarga saka tumindake Mawar Abang sing ditindakake saben dina kaya mangkono kuwi, sing sakiwa tengene Mawar Putih banjur akeh telek pitike.

Saka punggelan teks narasi kasebut, watak/sipat saka mawar putih yaiku ....

a)

Seneng geguyon

b)

seneng tetulung

c)

seneng sinau

d)

seneng muring-muring

11.

Dhani pikantuk kabar yen simbahe ingkang daleme Solo seda kala wingi, banjur arep takziyah. Bapake Dhani uga dikabari yen simbah seda, krungu kabar kaya mengkono Bapake Dhani kaget lan kena lara jantung.

Kahanane Dhani yen diparibasakake yaiku kaya paribasan ....

a)

Katula-tula katali.

b)

Busuk ketekuk, pinter keblinger.

c)

Becik ketitik ala ketara.

d)

Tuna sathak bathi sanak.

12.

Pak Sardi ditimbali guru BP ing sekolahan, amarga putrane mbolos ora mlebu sekolah.

Saka kahanan ilustrasi ing dhuwur, unen-unen kang trep yaiku ....

a)

Kriwikan dadi grojogan.

b)

Bathok bolu isi madu.

c)

Tut wuri handayani

d)

Anak polah Bapak kepradah.

13.

Tuladha ukara

-   Aku ngumbahi klambi nganggo sabun.

-   Tantri ngukur kain nganggo meteran

-   MbakYu nguleg sambel karo cowek watu.

Manut pola ukarane, kalungguhane tembung kang nuduhake lesan saka telung ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Ngumbahi , gethuk, sambel.

b)

Klambi, kain, sambel.

c)

Nguleg, nganggo sabun, nggawe.

d)

Ngumbahi, ngukur, nguleg.

14.

Tuladha ukara

-   Aku ngumbahi klambi nganggo sabun.

-   Tantri ngukur kain nganggo meteran

-   MbakYu nguleg sambel karo cowek watu.

Manut pola ukarane, kalungguhane tembung kang nuduhake wasesa saka telung ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Ngumbahi , gethuk, sambel.

b)

Klambi, kain, sambel.

c)

Nguleg, nganggo sabun, nganggo meteran.

d)

Ngumbahi, ngukur, nguleg.

15.

Tuladha ukara

-   Aku ngumbahi klambi nganggo sabun.

-   Tantri ngukur kain nganggo meteran

-   MbakYu nguleg sambel karo cowek watu.

Manut pola ukarane, ukara kang sajenis karo ukara-ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

Simbah ndamel bathik kaliyan canthing

b)

Laras ora mangkat sekolah amarga lara.

c)

Sugeng ngombe es cendhol sagelas.

d)

Adhik nggolek ilmu supaya pinter.

16.

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Eksplorasi

17.

ing ngisor iki, kang termasuk struktur teks narasi yaiku ...

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Alur

d)

berita

18.

Salah siji titikan wacan narasi kaya ing ngisor iki, kejaba …

a)

nyritakake pengalaman

b)

nyritakake dedongengan

c)

nggambarake kahanan, panggonan

d)

urut wektu/kronologis

19.

Kang diarani teks Deskripsi yaiku ...

a)

Warta

b)

Tulisan sing nggambarake kedadean kang nyata

c)

Tulisan kang isine nyritaake kedadean nganti runtut

20.

Dhakon, jumpritan, egrang, termasuk dolanan ...

a)

Modern

b)

Tradisional

c)

Kekinian

21.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradhisional, kajaba …

a)

Bisa gawe rukun sakancane

b)

Nglatih kelantipan, ketrampilan

c)

Gawe awak sehat, seger waras

d)

Boros, wragade akeh lan larang

22.

Dolanan tradisional, iso nyiptaake ...

a)

Permusuhan

b)

Kebencian

c)

Kerukunan

23.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.


Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

24.

sing ora klebu latar ing teks narasi yaiku...

a)

wektu

b)

papan

c)

konflik

d)

swasana

25.

pitakon ana ngendi utawa ing ngendi, iku biasane nakokake.....

a)

paraga

b)

kedadeyan

c)

papan kedadeyan

d)

isine pawarta

26.

Apa unsur sing ora kalebu ing struktur teks pawarta?

a)

Judhul

b)

Pendahuluan

c)

Kesimpulan

d)

Karakter

27.

Apa sing kudu ditindakake kanggo nambah fungsi pawarta?

a)

Nulis luwih suwe

b)

Nggunakake data sing akurat

c)

Ngganti warna teks

d)

Nambahake gambar

28.

Apa sing dadi struktur utama ing teks pawarta?

a)

Judhul

b)

Isi

c)

Sumber

d)

Tanggal

29.

Kepiye cara nggunakake teks pawarta kanggo ngandhani informasi anyar?

a)

Nulis ulang teks pawarta

b)

Ngganti judhul

c)

Nambahake gambar

d)

Nggunakake data anyar

30.

Apa fungsi utama saka teks pawarta?

a)

Ngandhani informasi

b)

Nulis puisi

c)

Nggawe crita fiksi

d)

Nglukis gambar

31.

Kepiye cara ngevaluasi teks pawarta sing ora akurat?

a)

Mbandhingake karo sumber liyane

b)

Nulis ulang teks

c)

Nambahake gambar

d)

Nggawe ringkesan

32.

Apa sing dadi tujuan analisis isi teks pawarta?

a)

Nulis puisi

b)

Ngerteni struktur lan makna

c)

Ngganti judhul

d)

Nambahake gambar

33.

Apa sing bisa dadi kriteria kanggo ngevaluasi kualitas teks pawarta?

a)

Panjang teks

b)

Kejelasan informasi

c)

Warna kertas

d)

Jenis font

34.

Kepiye cara mbandhingake isi teks pawarta sing beda?

a)

Ngganti judhul

b)

Nggunakake tabel perbandingan

c)

Nulis ringkesan

d)

Nambahake gambar

35.

Saka teks pawarta, apa sing bisa dianggep minangka unsur analisis?

a)

Gaya bahasa

b)

Judhul

c)

Tanggal

d)

Sumber

36.

Saben ukara iku nduweni perangan panyusune dhewe yaiku ...

a)

Jejer

Wasesa

Lesan

b)

Jejer

Tembung

Lesan

c)

Jejer

Ukara

Wasesa

37.

Bapak maos koran. Tembung "Bapak" iku yaiku ...

a)

Wasesa

b)

Jejer

c)

Lesan

38.

Simbah mundhut roti. Tembung "mundhut" iku kalebu...

a)

Wasesa

b)

Jejer

c)

Lesan

39.

Myesha lagi sinau. Tembung "sinau" iku kalebu...

a)

Wasesa

b)

Jejer

c)

Lesan

40.

Ander mangan donat. Tembung "Ander" iku kalebu...

a)

Wasesa

b)

Jejer

c)

Lesan

41.

Deni nulis surat. Tembung "Surat" iku kalebu...

a)

Wasesa

b)

Jejer

c)

Lesan

42.

Nia Nyanyi Lir-ilir. Jejer yaiku ...

a)

Nia

b)

Nyanyi

c)

Lir-ilir

43.

Yuan nyuci piring. Wasesa yaiku ...

a)

Piring

b)

Nyuci

c)

Yuan

44.

Eric dolanan bal-balan. Lesan yaiku ...

a)

Bal-balan

b)

Dolanan

c)

Eric

45.

Pakde ngunjuk kopi. Lesan yaiku ...

a)

Pakde

b)

Ngunjuk

c)

Kopi

46.

Dicakot bongkote sing kalong pucuke.

Tegese cangkriman ing dhuwur yaiku .....

a)

rebung

b)

genteng

c)

kobongan

d)

rokok

47.

Pak guru nitih vespa. tembung nitih iku ngoko ne apa?

a)

munggah

b)

numpak

c)

teka

d)

budhal

48.

Bu Rina ngampil buku ing perpustakaan.

Tembung ngampil iku tembung ngokone apa?

a)

nggawa

b)

mbeta

c)

nyilih

d)

nyuwun

49.

Pasar Sore yeng ditulis nganggo aksara jawa yaiku ….​ ​

a)

b)

c)

d)

50.

Apa karakteristike cerita rakyat?

a)

Anonim

b)

Dimangerteni sapa pengarange

c)

Crita kang ajeg langka versine

d)

Crita modern

51.

Jinise Crita Rakyat kang paragane sato kewan diarani....

a)

legenda

b)

fabel

c)

sage

d)

mithe

52.

Crita ngenani alam gaib diarani crita ....

a)

fabel

b)

legenda

c)

sage

d)

mithe

53.

Dumadine rawa pening kalebu cerita rakyat .....

a)

mithe

b)

sage

c)

legenda

d)

fabel

54.

Mak Gembrot, Wong Gemblung kalebu crita rakyat jinis ....

a)

sage

b)

Panglipur lara

c)

crita jenaka

d)

mithe

55.

Unsur intrinsik crita rakyat ana ....

a)

3

b)

4

c)

2

d)

5

56.

Alur ng unsur instrinsik crita rakyat ana .....

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

57.

Watak paraga ing penikohan kang wateke jahat diarani paraga ....

a)

protagonis

b)

antagonis

c)

tirtagonis

d)

caturgonis

58.

Panggonan, wektu lan swasana kelebu

a)

amanat

b)

setting

c)

tema

d)

penokohan

59.

Piwulang ing sajroning crita diarani ....

a)

setting

b)

penokohan

c)

amanat

d)

paraga

60.

Budi nggoreng tempe ing pawon.

jejer = .....

a)

budi

b)

nggoreng

c)

tempe

d)

ing pawon