WorksheetsSAS GANJIL BAHASA JAWA KELAS 6
Total questions: 30
Worksheet time: 43mins
Sawijining pesen ucapan tembung saka wong liya liwat sesambungan langsung utawa ora langsung kang nduweni makna lan manfaat, kang diklumpukake liwat sawetara proses sing ora kedawa-dawa njur bisa cepet diwara-warakake saka wong siji marang wong liyane. Diarani ...
Teks Narasi Faktual
Teks Deskripsi
Teks Pawarta
Teks Informasi
Paragrap kang tinulis ing sajroning teks njlentrehake kedadeyan runtut wektune, kawitan tengah-tengah lan pungkasan. Diarani ...
Teks Narasi Faktual
Teks Deskripsi
Teks Pawarta
Teks Informasi
Teks kang Nggambarake sawijine obyek sacara rinci utawa detail sahingga katon kaya-kaya sing maca deleng, ngrungu lan ngrasakake dewe. Diarani ...
Teks Narasi Faktual
Teks Deskripsi
Teks Pawarta
Teks Informasi
Karangan kang ancase kanggo ngyakinake lan ngajak sawijining wong supaya nglakoni saweneh bab kang dikersakake penulis. Diarani ....
Teks Narasi Faktual
Teks Deskripsi
Teks Pawarta
Teks Persuasi
Informasi adhedhasar fakta sarta bisa dibuktekake benere. Yaiku ....
Deskripsi
Opini
Faktual
Pawarta
Informasi adhedhasar penemu saka sawijine pawongan ngenani sawijine bab. Yaiku ....
Deskripsi
Opini
Faktual
Pawarta
Bentuk laporan sing ing njerone nyritakake prastawa sing isih mentas kedadeyan utawa katrangan sing paling anyar saka prastawa. Yaiku ....
Deskripsi
Opini
Faktual
Pawarta
Isine ngelingake utas ngemu surasa pitutur tumrape uripe bebrayan. Yaiku teks ....
Opini
Slogan
Faktual
Pariwara
Iklan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake ....
Opini
Slogan
Faktual
Pariwara
Tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu. Yaiku ....
Geguritan
Tembung
Tembang
Gancaran
Tibane swara ing pungkasane saben gatra. Yaiku ....
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Watak karaktere
Cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra. Yaiku ....
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Watak karakter
Sekar mijil duweni sasmita Mijil, metu, miyos lan watakipun ....
Luwes, gembira, indah
Ethes, kenes
Seneng, asih, kasmaran
Asih, prihatin, pengajab
Sekar Sinom duweni sasmita Si enom, mudha lan watakipun ....
Luwes, gembira, indah
Ethes, kenes
Senang, asih, kasmaran
Asih, prihatin, pengajab
Unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Yaiku ....
Saloka
Paribasan
Bebasan
Entar
Informasi bisa wujud teks narasi faktual, teks dheskripsi, lan ....
Njlentrehake ide, gagasan, utawa pendapat penulis kanthi bukti lan fakta. Iku diarani paragraf ....
Akeh-akehe migunakake tembung ajakan, ayo, mangga, lakonana, lan liya liyane. Iku kalebu ciri-cirine teks ....
Tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan watak. Iku diarani tembang ....
Jumlahe tembang macapat iku ana pira?
Sekar Dandhanggula duweni sasmita ....
Tetembungane ora kena diwolak walik, iku termasuk ciri-cirine ....
Ajeg penganggone, Tegese entar, Mawa gegambaran barang utawa kewan, Lumrahe ana jejere. Iku termasuk ciri-cirine ....
“Mikul dhuwur mendhem jero” iku kalebu tuladha ....
“Nabok nyilih tangan” iku kalebu tuladha ....
Informasi Leandhesan Kagunan, kaperang dadi 2 bagian, apa wae?
Apa titenane (ciri-ciri) Teks Pawarta ?
Sebutake paugerane Tembang Macapat ?
Sekar Pangkur iku sasmitane mungkur, duweni watak Nepsu, gandrung. Apa ginanipun?
Saloka “Mubra mubru mblabar madu” apa tegese (artine) ?
