Font size
WorksheetsPAS Bahasa Jawa XI
Total questions: 42
Worksheet time: 3hrs 26mins
Soal Numerasi
Kagatosna wacana ing andhap punika!
Jarik minangka perangan busana Jawa gagrag Ngayogyakarta dipunwiru kanti ngetingalaken seret werni pethak/putih. Ujung jarik ingkang dhawah njawi, dipunwiru kinten-kinten wiyaripun 2-3 nyari, cacahipun 7 dumugi 9 wiron (gumantung panjanging sinjang lan agenging badan ingkang badhé ngagem), sèrèt sinjang dipunkatingalaken.
Menawi tiyang putri migunakaken jarik wiron cacahipun 7 lan wiyaripun 2 nyari (3 cm) mila kain ingkang dipunwiru.....cm
20
14
21
30
22
Soal Literasi
Kagatosna makna-makna filosofi ing andhap punika!
• Bagian gulu rasukan surjan gadhah kancing 3 pasang (6 kancing) ingkang nggambaraken rukun iman wonten ing agami Islam.
• Perangan kiwa lan tengen surjan wonten kalih kancing ing dada sisih kiwa lan tengen, menika minangka symbol 2 syahadat.
• Wonten bagian lebet (bagian dada dekat perut) ingkang ketutup boten ketingal saking njawi menika nggambaraken tigang (3) macem nafsu manungsa ingkang kedah dipunkendalekaken. Nafsu-nafsu menika antawisipun nafsu bahimah (hewani), nafsu lauwamah (perut), lan nafsu Syaitonah (setan).
• Ing lengen wonten 5 kancing, menika wonten gayutanipun kaliyan rukun Islam.
Makna filosofi ing dhuwur yaiku makna filosofi busana Jawa Ngayogyakarta kakung ingkang ngewrat babagan ajaran agami, mila busana surjan punika ugi kasebat busana.....
Takwa
Sembagi
Jawi
Padintenan
Sikepan
Soal Numerasi
Ing tlatah Ngayogyakarta saben dina Kemis Pon para murid, guru, karyawan, pegawe pamarintah sedaya migunakake busana Jawa gagrag Ngayogyakarta. Bab menika sampun wonten ing Peraturan Gubernur (Pergub) Daerah Istimewa Yogyakarta Nomor 75 Taun 2016 lan dipuntambahi Surat Edaran (SE) ingkang enggal yaiku nggantos saking Kemis Pahing dados Kemis Pon. Owah-owahan kasebut adhedhasar prastawa wigati ing Ngayogyakarta nalika 13 Maret 1755 lan dipunpengeti minangka dinten hadeging Daerah Istimewa Yogyakarta.
Menawi tanggal 18 September 2025 dinten Kemis Pon lan sedaya migunakaken busana Jawa gagrag Ngayogyakarta, mula badhe kepanggih Kemis Pon malih yen wis selapan utawa 35 dina. Dina Kemis Pon ing sasi Oktober lan November yaiku tanggal.....
16 Oktober lan 20 November
9 Oktober lan 6 November
23 Oktober lan 27 November
2 Oktober lan 6 November
30 Oktober lan 27 November
Kagatosna makna-makna filosofi ing andhap punika!
• Bagian gulu rasukan surjan gadhah kancing 3 pasang (6 kancing) ingkang nggambaraken rukun iman wonten ing agami Islam.
• Perangan kiwa lan tengen surjan wonten kalih kancing ing dada sisih kiwa lan tengen, menika minangka symbol 2 syahadat.
• Wonten bagian lebet (bagian dada dekat perut) ingkang ketutup boten ketingal saking njawi menika wonten 3 benik nggambaraken tigang (3) macem nafsu manungsa ingkang kedah dipunkendalekaken. Nafsu-nafsu menika antawisipun nafsu bahimah (hewani), nafsu lauwamah (perut), lan nafsu Syaitonah (setan).
• Ing lengen wonten 5 kancing, menika wonten gayutanipun kaliyan rukun Islam.
Adhedhasar andharan ing inggil cacahe benik ing busana kasebut yaiku....
10
16
12
15
14
Gambar ing inggil punika tuladha nyamping kanthi wiron limrah ingkang kadamel seretipun ketingal. Cacahing wiron kagem kakung limrahipun....
4
6
5
8
2
Busana Jawa ing inggil kaginakaken dening abdi dalem dipunsebut....
Pranakan
Surjan lurik
Sikepan
Beskap
Atela
Busana Jawa ingkang gadhah kerata båså ‘aja serik’, tegesipun ampun ngantos rumaos serik dhateng tiyang sanès, amargi raos serik namung badhe ngrisak anggenipun pasedhèrèkan. Busana kasebut dipunarani....
blangkon
jarik
cenela
dhuwung
surjan
Perangan busana Jawa nomer 1 yaiku....
Timang
Kamus bordir
Cenela
Lontong
Sabuk
Senjata ingkang dipunginakaken ing gambar diarani...
curiga
dhuwung
sikepan
canela
dhesthar
Perangan blangkon gagrag Ngayogyakarta yaiku wiron, kuncung, tengahan, sinthingan, lan mondolan. Wiron ing sisih kiwa tengen cacahipun 17 nggambarake jumlah rakaat ing sholat. Kuncung, perangan ing ngajeng ing ngandhap/inggil wiron. Tengahan, perangan tengah kang nyambungke antarane wiron kiwa lan tengen. Sinthingan, perangan blangkon kang wujude kados swiwi ing wingking blangkon kang ngapit mondholan. Mondolan, perangan blangkon ing sisih wingking kang wujude kados endhog, ancasipun kangge nahan rikma supados boten ngrembyah.
Adhedhasar gambar lan wacana ing inggil ingkang dipunsebut sinthingan inggih punika nomer....
1
2
3
4
5
Paribasan “adigang adigung adiguna” yen ditulis aksara Jawa yaiku....
Ukara iki diwaca….
Sing sapa salah seleh.
Sapa salah bakal seleh.
Sapa sing salah bakal seleh.
Sing salah seleh.
Salah sapa seleh
Tembung kang cocok kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku…..
Irah-irahan/judul wacana ing dhuwur yaiku…..
Saking wacana ing dhuwur, dadi satriya kuwi ora oleh....
korupsi
pilih asih
mblenjani janji
tumindak boten sae
nerak kasusilan
Saka ukara ing dhuwur, kang kalebu aksara swara yaiku....
Soal Numerasi
wangsulan sing trep yaiku....
Soal Numerasi
Wangsulan ingkang trep yaiku....
Sandhangan swara panjang dirgha mure kang unine (ai) yaiku....
Saking ukara ing inggil, tembung kang migunakake sandhangan wyanjana yaiku....
Kawigatosaken urutan teks pranatacara ing ngandhap menika!
1. salam panutup
2. atur pamuji syukur
3. rantamaning adicara
4. atur panuwun dhumateng para tamu
5. salam pakurmatan
6. panutup
7. salam pambuka
8. ndherekaken adicara
Urutan naskah pranatacara ingkang leres yaiku….
7,5,2,4,3,8,6,1
7,2,5,4,3,1,6,3
7,3,5,4,3,2,6,1
7,3,5,2,4,5,6,1
7,5,8,3,4,2,6,1
Ingkang kalebu panutuping panatacara inggih punika….
matur nuwun awit unjukan kaliyan dhaharan ingkang sampun kasameptakaken
menika bab ingkang badhe kaandharaken
sumangga langkung rumiyin kita wiwiti kanthi dedonga sesarengan
matur nuwun awit pamanggih panjenengan.
cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan anggen kula matur nyuwun pangapunten.
Ingkang sepisan dingendikakake nalika dadi panatacara inggih punika…..
Ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwasa
Wigatining sedya
Salam pambuka
Pambuka
Salam panutup
Tiyang ingkang kadhapuk mranata saha nglantaraken lampahing adicara supados runtut lan rancag diarani....
Pambiwara
Panatacara
Pawara
Pambudidaya
Panitiya
Kagatosna wacana ing andhap!
1. Panatacara rawuh ing rapat panitiya supaya ngerti cengkorongan adicara.
2. Ngobahake perangan awak kanthi boten trep kaliyan ingkang
dingendikakaken
3. Mangertos/apal urutan acarane.
4. Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku
5. Mangertos peprincenipun/rincian adicara
6. Asring mesam-mesem utawa cengengesan
Ingkang kedah dipunsingkiri nalika dados panatacara yaiku….
1, 2, 3
2, 3, 4
3, 4, 5
2, 4, 6
4, 5, 6
Gatekake salam pakurmatan ing ngisor iki!
1. Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan
2. Para siswa ingkang kula tresnani
3. Para tamu ingkang pinaringan karaharjan
4. Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya
Urutan salam pakurmatan ing ndhuwur kang leres yaiku….
1,2,3,4
2,3,1,4
4,3,2,1
4,1,3,2
4,1,2,2
Soal Numerasi
Kagatosna pethikan teks panatacara ing andhap!
Ing palenggahan menika, keparenga kula atur uninga menggah
rerangkening adicara ing enjing punika :
1. Adicara ingkang sapisan inggih punika pambuka.
2. Adicara angka kalih inggih punika pambagyaharja.
3. Adicara angka tiga inggih punika atur palapuran saking ketua panitiya.
4. Adicara angka sekawan atur pangandikan saking Bapak Dukuh.
5. Adicara angka gangsal atur pangandikan saking Bapak Lurah.
6. Adicara angka enem inggih punika magas tumpeng
7. Adicara angka pitu inggih punika hiburan tari.
8. Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Makaten para rawuh ingkang kinurmatan, reroncening adicara
ingkang sampun rinancang dening panitiya.
Menawi acara saben acara wiwit acara nomer 2 tekan 7 mbutuhake wektu 10 menit ditambahi pambuka lan panutup 10 menit, lan acara diwiwiti jam 20.00 WIB mula adicara rampung jam......
21.10 WIB
21.00 WIB
20.55 WIB
21.30 WIB
21.20 WIB
Soal Numerasi
Ing sawijining acara resepsi manten, panatacara kudu nuntun acara wiwit jam 08.00 WIB nganti jam 12.00 WIB. Tegese suwene panatacara nindakake pakaryan yaiku …
2 jam
2 jam 30 menit
3 jam
3 jam 30 menit
4 jam
Kagatosna pethikan teks ing andhap!
“Dhumateng bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak saha Ibu Dwija dalah sedaya Karyawan ingkang dahat kinabekten. Boten kesupen dhumateng sadaya siswa-siswi ingkang cinaket ing manah ginadhang ing laku utama”.
Wacana kasebut kalebu perangan panatacara bab....
Salam pambuka dhumateng para rawuh
Purwaka
Pakurmatan dhumateng para rawuh
Ngaturaken ayahan utawi jejibahanipun
Ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhipun tamu
“Para pepundhen ingkang dahat kinabekten. Para tamu ingkang............ kepareng kula matur ing ngarsa panjenengan sedaya kinen ngaturaken pambagyaharja ing kalenggahan punika”.
Tembung kang cocok kanggo ngisi titik-titik ing ukara yaiku....
Kula ajrihi
Kinurmatan
Kula tresnani
Nembe ngasta
Paring ngelmu
Soal Numerasi
Kagatosna sekar punika!
Ana tuture prawasis
Kalamun sira brewua
Aja sira pamerake
Gulangen tepa salira
Den sengsem dana brana
Linambaran eklas tuhu
Tan damel renggeting liyan
Guru gatra sekar kasebat inggih punika....
9
10
5
7
6
Soal Numerasi
Kagatosna sekar punika!
Ana tuture pra wasis
Kalamun sira brewua
Aja sira pamerake
Gulangen tepa salira
Den sengsem dana brana
Linambaran eklas tuhu
Tan damel renggeting liyan
Guru wilangan saha guru lagu sekar kasebat inggih punika....
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
8i, 8a, 8i, 8a, 7a, 8a, 8a
8i, 8o, 8e, 8a, 7o, 8a, 8a
8i, 8a, 8e, 8u, 7a, 8a, 8a
8i, 8a, 8e, 8a, 7o, 8o, 8a
Urip kudu eling mrang gusti,
adoh tindak nistho,
gedheke amal sarto imane,
kudu ikhlas lan narimo yekti,
gemi lan setiti,
legawa ing kalbu.
Piwulang ingkang saged kapendhet saking wacana ing inggil inggih punika ....
Dhasaring panguripan yaiku tansah ngeling-eling Gusti, ngadohi tumindak ala, kanthi ngathahi amal lan ngandeli imane, kedah ikhlas lan narima kanthi saestu, gemati lan ati-ati, sarta legawa ing ati.
Dhasaring panguripan punika kedahipun namung ngenut dhateng punapa ingkang dipunremeni dening dhiri pribadinipun lan suka damel awon dhateng sesaminipun.
Nglampahi panguripan punika kedah ngudi amrih jumbuh kaliyan paugeran ing masyarakat lan boten tumindak awon dhateng sesaminipun.
Dhasaring panguripan yaiku tansah ngeling-eling Gusti, ngadohi tumindak ala, kanthi ngathahi amal lan ngandeli imane, kedah ikhlas lan narima kanthi saestu yen duweni mupangat, ora gemati lan ati-ati, sarta legawa ing ati.
Nglampahi panguripan tansah eling marang Gusti, kedah nindakaken sedaya ingkang kalebet pepacuh supados boten tumindak awon
Kagatosna cakepan tembang punika!
Kasmaran ing tyas umeksi
lelakyan ing dalem dunya
yen ginagas kaanane
yekti wus tetep tetela
yen salwiring manungsa
uripe mung kudu rukun
tulung tinulung lan liyan
Tegesipun tembung tyas padha karo....
kesengsem
lelakon
ati/manah
sakabehing
weruh
Cacahipun wilangan wanda/pakecapan saben sagatra ing paugeran sekar macapat yaiku….
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Guru swara
Guru basa
Manungsa ing alam donya punika pinaringan kuwajiban nglampahi darmaning gesang, tansah tresna asih dhateng sesaminipun lan tansah caos pitulungan dhateng sesaminipun. Andharan punika kagambaraken kanthi tembang….
Pangkur
Dhandhanggula
Gambuh
Durma
Megatruh
Soal Numerasi
kawigatosna tembang ing ngandhap punika!
dipunsami hambanting sariranira
cegah dhahar lan guling
darapon sudaa
napsu kang ngambra-hambra
lerema ing tyasireki
dadi sabarang
karsanira lestari
Guru wilangan lan guru lagu tembang Durma ing dhuwur yaiku….
12a, 7a, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
12a, 7i, 6a, 7a, 8e, 5a, 7i
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5o, 7i
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
12a, 6i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Kagatosaken cara damel tembang ing andhap punika!
1. Milih tembung-tembung ingkang trep kaliyan gagasan.
2. Kedah milih lan netepaken tembang ingkang badhe karipta/digawe.
3. Njumbuhaken tembung-tembung ingkang sampun kapilih kaliyan paugeran tembang (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu)
4. Mangertosi paugeranipun tembang ingkang badhe karipta.
Cara damel tembang macapat ingkang runtut inggih punika....
4-2-1-3
2-4-3-1
2-4-1-3
2-1-4-3
2-3-1-4
Kagatosna sekar punika!
Wus dadya karsa Hyang Widhi
Tumanduk para kawula
Tumrap jalu prawestrine
Lamun teka titi mangsa
Padha andon asmara
Tumuju bebrayan agung
Murih gesang bagya mulya
Saking sasmita tembang macapat ing inggil, kalebet tembang....
Asmaradana
Gambuh
Dhandhanggula
Sinom
Kinanthi
Tembang ingkang nggambaraken tiyang ingkang yuswanipun sampun sepuh, sampun ngungkuri bab kadonyan, sampun ninggalaken karemenaning donya menika kados dene gegambaran saking tembang…..
Mijil
Dhandhanggula
Megatruh
Pangkur
Durma
Nama Lengkap
Kelas dan Presensi
