NEW
Font size
WorksheetsSOAL BAHASA JAWA XI SMT 4 PENILAIAN 1
Total questions: 40
Worksheet time: 27mins
Pratelan ing ngisor iki kang ora bener yaiku…..
Serat Wedhatama dianggit dening K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
Cacahe pupuh Serat Wedhatama iku ana lima
Pupuh Gambuh iku pupuh kaping papat ing Serat Wedhatama
Cacahe pupuh Gambuh ing Serat Wedhatama iku ana 18 pada
Cacahe pada ing Serat Wedhatama iku ana 100
Pratelan kang bener ing ngisor iki….
Gambuh iku kalebu tembang macapat
Gambuh iku kalebu tembang tengahan
Gambuh iku kalebu tembang gedhe
Gambuh iku kalebu gancaran
Gambuh iku kalebu puisi Jawa Kuna
Pratelan kang kleru saka Serat Wedhatama
Serat iku mujudake tembang
Wedha iku tegese ajaran
Tama iku saka tembung utama
Serat iku kalebu gancaran
Piwulang ing Serat Wedhatama iku kanggo kabeh manungsa
Pathokane tembang Gambuh kang bener.....
7u, 10u, 12a, 8u, 8o
7u, 10u, 12e, 8u, 8o
7u, 10i, 12u, 8u, 8o
7u, 10u, 12i, 8o, 8u
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Ana pirang pada cacahe tembang gambuh ing serat Wedhatama iku ?
14 pada
15 pada
18 pada
25 pada
35 pada
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dhingin cipta raga jiwa rasa kaki,
Ing kana lamun tinemu,
Tandha nugahaning Manon.
Pratelan ing ngisor kang ora pas karo tembang ing ndhuwur yaiku.....
Isine perkara nyembah marang Gusti Alloh
Nalika nyembah marang Gusti Alloh kudu tumus ing ati
Ana patang sembah kang kudu nyawiji nalika nyembah Gusti Alloh
Nyembah Gusti Alloh iku ora mung ragane wae
Pikiran lan ati sering ora nyawiji nalika nyembah Gusti Alloh
Samengko ingsun tutur, nduweni teges......
Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
Gatekna apa kang takandharake
Iki wujud kanugrahan Gusti Alloh
Andharan babagan sembah patang perkara
Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahaning Gusti
Sembah sukma tegese......
Nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata
Ngendhaleni hawa nafsu
Ngresiki batin kanthi waspada lan eling
Ora mangu-mangu maneh marang panguwasaning Gusti Kang Akarya Jagad
Angkara kang ora dikendhaleni tundhone bakal nuwuhake perkara
Tandha nugrahaning Manon, iku tegese.......
Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
Setitekna apa kang dakandharake
Iki wujud kanugrahan Gusti Alloh
Andharan babagan sembah patang perkara
Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahaning Gusti
Sembah rasa iku nduweni teges........
Nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata
Ngendhaleni hawa nafsu
Ngresiki batin kanthi waspada lan eling
Ora mangu-mangu maneh marang panguwasaning Gusti Kang Akarya Jagad
Angkara kang ora dikendhaleni tundhone bakal nuwuhake perkara
Crita rakyat iku kalebu karya sastra kang wujude.....
Puisi
Gancaran
Sandiwara
Tembang macapat
Geguritan
Pratelan ing ngisor iki kang bener yaiku......
Crita rakyat iku sipate ana pangriptane
Cita rakyat ora ana pangriptane utawa anonim
Crita rakyat iku mung wujud mite
Fabel ora kalebu crita rakyat
Crita rakyat NYAI RARA KIDUL kalebu legenda
Wacanen crita ing ngisor iki !
Manuk Jalak ngelak
Manuk Jalak ngelak, golek banyu mrana-mrene ora oleh. Suwe-suwe manuk Jalak nemu gendul kang isi banyu mung satenggak. Manuk Jalak ora bisa ngombe.
Manuk Jalak dewe akal, gendul mau dileboni krikil nganti banyune munggah. Manuk Jalak bisa ngombe sawarege.
Kang kalebu piwulang saka crita ing ndhuwur yaiku......
Dadi uwong aja kegedhen panjaluke
Dadi bocah aja seneng mbandhing-mbandhingke
Dadi uwong yen seneng aja kesenengen
Dadi bocah yen dolan aja adoh-adoh
Dadi uwong kudu nggunakake akale
Crita Manuk Jalak ngelak, kalebu crita rakyat jinising
fabel
legenda
hikayat
mite
epos
Crita Jaka Poleng ing Kabupaten Brebes, iku kalebu…..
fabel
legenda
hikayat
mite
epos
Pratelan ing ngisor iki bener, kejaba…..
Crita KANCIL iku nggambarake wong Jawa nalika dijajah Walanda
Crita KANCIL kalebu fable
Crita Rakyat iku maune sastra lisan kang ana ing masyarakat
Crita Rakyat iku ana pangriptane
Kabeh Crita Rakyat iku ana piwulang becike
Kedadiyane Rawapening iku kalebu…..
fabel
legenda
hikayat
mite
epos
Pratelan kang kleru….
Hikayat iku jinising crita rakyat kang nyritakake keluarga raja
Mite iku jinising crita rakyat kang nyritakake manungsa lan bangsane jin
Epos iku jinising crita rakyat kang nyritakake kaprawiran(kepahlawanan) sajroning peperangan
Legenda iku jinising crita rakyat kang nyitakake asal usul kedadian papan panggonan
Babad iku jinising crita rakyat kang nyitakake asal usul kedadian papan panggonan
Crita kaprawirane Werkudara lan Arjuna ing sajeroning Bharatayuda iku kalebu….
fabel
babad
hikayat
dongeng
epos
Crita Rakyat kang duweni unsur sejarah, nanging ana kedadian kang ora tinemu ing nalar
fabel
babad
hikayat
dongeng
epos
Serat Wedhatama iku anggitane K.P.A.A.Mangkunegara IV kang cacahe ana limang pupuh
Yen diowahi dadi basa krama inggil yaiku.....
Serat Wedhatama punika anggitanipun K.G.P.A.A.Mangkunegara IV ingkang cacahipun wonten gangsal pupuh.
Serat Wedhatama punika anggitane K.G.P.A.A.Mangkunegara IV kang cacahipun wonten gangsal pupuh.
Serat Wedhatama meniku anggitanipun K.G.P.A.A.Mangkunegara IV sing cacahnipun wonten gangsal pupuh.
Serat Wedhatama meniku anggitane K.G.P.A.A.Mangkunegara IV ingkang cacahnipun wonten gangsal pupuh.
Serat Wedhatama meniku anggitane K.G.P.A.A.Mangkunegara IV ingkangipun cacahe wontenipun gangsal pupuh.
Aku seneng banget, nanging ana Sapi gedhe.....banget ngidak awakku, biyung” critane si Precil. Saupama Precil iku uwong, mesthine kudu nganggo krama kang bener, yaiku...
Kula remen sanget, ananging wonten lembu ingkang ageng......sanget ngidek badan kula, biyung.
Kula kersa sanget, ananging wonten lembu ingkang ageng......sanget ngidak salirakula, biyung.
Kula seneng sanget, ananging wonten lembu ingkang ageng......sanget ngidek salirakula, biyung.
Kula remen sanget, ananging wonten sapi ingkang ageng......sanget ngidak salirakula, biyung.
Kula seneng sanget, ananging wonten sapi ingkang ageng......sanget ngidak salirakula, biyung.
Tembung-tembung Ngoko-Krama Madya-Krama Inggil
Tembung-tembung Ngoko-Krama Madya-Krama Inggil
tangan-asta-asta
sikil-sikil-samparan
sikil-samparan-samparan
weteng-padharan-padharan
Ibu lagi tindak menyang daleme simbah ing Semarang
Ukara ing ndhuwur nganggo unggah-ungguh…
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama inggil
Mba Maya lagi gerah ananging ora kersa berobat, amarga wedi yen disuntik. Tembung wedi kramane
wedos
gila
ajrih
jirih
ngeri
Nalika kowe dolan menyang nggone Pandu, kowe durung ngerti omahe. Kowe takon karo salah sawijining pawongan. Tuladha ukara kang becik kanggo takon…..
Nuwun sewu, dalemipun Pandu ingkang pundi inggih ?
Nuwun sewu, griyanipun Pandu ingkang pundi inggih ?
Nuwun sewu, omahipun Pandu ingkang pundi inggih ?
Nuwun sewu, omahe Pandu ingkang pundi inggih ?
Puntenlah, omahe Pandu sing pundi nggih ?
Sauwise neng omahe Pandu, Bapake Pandu wis nyetater sepedha motor. Ukara kang becik kanggo takon karo bapake Pandu …..
Badhe tindak dhateng pundi Pak ?
Ajeng tindak dhateng pundi Pak ?
Arep tindak dhateng pundi Pak ?
Ajeng kesah dhateng pundi Pak ?
Arep kesah dhateng pundi Pak ?
Jebule, simbahe Pandu lagi ora sehat. Kowe takon karo Pandu larane simbah, nganggo ukara…..
Simbahmu lagi lara apa Ndu ?
Simbahmu lagi sakit apa Ndu ?
Simbahmu lagi gerah apa Ndu ?
Simbahmu saweg lara apa Ndu ?
Simbah panjenengan saweg gerah punpa Ndu ?
Ana ing sawijining keluarga pak tani, duwe mantu sing berpangkat. Mantu marang mara tuwa becike nganggo unggah-ungguh basa…..
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama madya
Pak Tani marang mantune kang drajate luwih dhuwur, lan umure luwih enom anggone ngendika nganggo unggah-ungguh basa…..
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama madya
Sandhangan mandaswara ana ing tembung….
nini
tuku
lele
tua
setya
Nulis tembung-tembung kang ora nganggo sandhangan wyanjana……
setya
kyai
tresna
trima
tuan
Aksara Jawa iku silabis, wis ana swarane a, kanggo ngilangi swara a, kasebut nganggo….
sandhangan swara
sandhangan panyigeg wanda
sandhangan wyanjana
sandhangan mandasara
pangkon
Kanggo miwiti ukara ing wiwitan alinea ana ing teks aksara Jawa……
pada lingsa
pada lungsi
pada adeg-adeg
pada mangajapa
pada pangkat
Nulis angka Jawa iku kaapit…..
pada lingsa
pada lungsi
pada adeg-adeg
pada mangajapa
pada pangkat
edi-peni
nguleg sambel
dewa-dewi
Pait madu
digugu lan ditiru
edi-peni
ngulek sambel
dewa-dewi
pait madu
digugu lan ditiru
edi-peni
ngulek sambel
dewa-dewi
pait madu
digugu lan ditiru
edi-peni
ngulek sambel
dewa-dewi
pait madu
digugu lan ditiru
