wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PILIHEN SALAH SIJI WANGSULAN SING PALING BENER

Total questions: 52

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa timur sing banget ngensemake tumrap para Wisatawan dhomistik lan wisatawan saka manca negara. dhuwure gunung Bromo yaiku 23922392 meter saka lumahing segara. Gunung Bromo minangko obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pemerintah Propinsi Jawa timur. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamrin tapan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku Kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan kabupaten....

a)

Malang

b)

Blitar

c)

Banyuwangi

d)

Suroboyo

2.

Struktur teks basa kaparang dadi telu yaiku: Identifikasi yaiku mujudake andharan-andharan umum ngenani ciri-ciri utawa tandha-tandha barang lan papan padunungan panggonan sing diandharake; Klasifikasi yaiku mujudake diskripsi utawa andharan sing luwih rinci ngenani pamerangan adhedasar jinis lan obyek sing diandharake; Dudutan/Panutup yaiku mujudake perangan sing isine ngenani dudutan lan pangajak sarta pesen-pesen sing diandharake dening panulis. Andharan/diskripsi nomer 1 ing ndhuwur manut struktur teks basa kalebu....

a)

Klasifikasi

b)

Identifikasi

c)

Panutup/Dudutan

d)

Strukturisasi

3.

Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya, kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 1010 km persegi, lan ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus. Saka pratelan utawa andharan ing ndhuwur manut struktur teks basa kalebu....

a)

Identifikasi

b)

Dudutan

c)

Klasifikasi

d)

Deskripsi

4.

Diskripsi utawa andharan ing ngisor iki manut struktur teks basa kang kalebu Dudutan/Panutup yaiku....

a)

Gunung Bromo mujudake obyek wisata sing ngensemake banget kang mapan ana ing patang wilayah yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Kabupaten Malang

b)

Sapa wae sing ngakuk wong Jawa timur yen durung tau menyang Gunung Bromo, kaya-kaya durung komplit anggone plesiran

c)

Gunung Bromo misuwur anane Sunrise/Mletheke srengenge ing wayah esuk, lan ing pucuke gunung tansah katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kuku

d)

Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo, Tengger, Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Pananjakan

5.

Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale nanging wis bisa madeg dhewe. Wangsulan ngisor iki sing kalebu tuladha tembung lingga yaiku....

a)

Turu, lunga, tangi lan lungguh

b)

Mlaku-mlaku, celuk-celuk lan ngombe

c)

Budaya, maculi, maem lan gumuyu

d)

Celathu, kopat-kapit, tetuku lan mbeggeg

6.

Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka linggane/asale, carane ngrimbak utawa ndadekake ater, seselan, lan panambang; krana dirangkep, krana dicambor lan krana kawanchan. Ater-ater yaiku imbuhan sing manggon ing ngarep tembung lingga. M, N, Ny lan Ng kalebu ater-ater.....

a)

Tripurusa

b)

Kuma, kami

c)

Anuswara

d)

a lan ma

7.

Seselan yaiku imbuhan sing manggon ing tengah tembung lingga. Wangsulan ngisor iki tuladha tembung sing oleh seselan (in) yaiku....

a)

Karelip, tinulis lan gerandul

b)

Tinulis, ginawé lan tinata

c)

Kelepyur, kumanggang lan ginawé

d)

Cinaketan, lumumpat lan gumandul

8.

Tembung rangkep yaiku tembung utawa wanda tembung sing diambil kaping pindho. Ing ukara: “Buntute sapi kae bola-bali kopat-kapit amarga dipencoki laler” tembung “bola-bali kopat-kapit” manut tatanan tembung rangkep kalebu....

a)

Dwi lingga wantah

b)

Dwi purwa

c)

Dwi lingga salin swara

d)

Dwiwasana

9.

Tembung rangkep Dwipurwa yaiku wanda wiwitane tembung diambil kaping pindo. Pranyatan ngisor iki sing kalebu tembung rangkep Dwipurwa yaiku.....

a)

Geguyu, bola-bali, lan mbeggeg

b)

Madu mangsa, kopat-kapit lan lelaki

c)

Ndengenggeg, tetuku lan mlaku-mlaku

d)

Gegaman, tetuku lan lelara

10.

Tembung camboran yaiku tembung loro sing maune tegese beda nanging bareng didadekake siji banjur nduweni teges anyar. Saka pratelan iki sing kalebu tembung camboran yaiku (1) Raja kaya (2) Randa royal (3) Tetangga (4) Madu mangsa (5) Bangjo

a)

1, 2 lan 3

b)

2, 3 lan 4

c)

3, 4 lan 5

d)

1, 2 lan 4

11.

Struktur teks tokoh idola iku dumadi saka: (1) Orientasi (2) Kedadean lan masalah (3) Reorientasi/panutup. Orientasi isine andharan ngenani identitase tokoh, kayata: jeneng, papan lan tanggal lahir, alamat, pangguripan nalika isih cilik lan sapamunggale. Ing cuplikan: “Ki Hajar Dewantara nalika isih cilik Asmane Raden Mas Soewardi Soeryaningrat, miyos ing Ngayogyakarta tanggal 22 Mei 18891889 . Panjenenganane tedhak turune Kulawarga Kraton yaiku putra saka GPH Soeryaningrat lan wayah(e putune) Paku Alam III. Nalika umur 4040 tahun banjur ganti asma Ki Hajar Dewantara kanthi tujuwan supaya bisa nyawiji karo masyarakat.” Cuplikan pratelan iki ngandhar manut struktur teks tokoh idola kalebu....

a)

Panutup/Reorientasi

b)

Kedadean lan masalah

c)

Orientasi

d)

Klasifikasi

12.

Ing cuplikan: “Kapribaden lan lelabuhane ing donyane pendhidhikan gedhe banget dhek tanggal 33 Juli 19221922 ngedekake Perguruan Nasional Taman Siswa. Ya krana gedhene lelabuhane ing donyane pendhidhikan Ki Hajar Dewantara diangkat dadi Menteri Pendhidhikan, Pengajaran lan Kebudayaan kang kapisan, nganti tanggal 22 Mei saben-saben tahan dipengeti minangko dadi Hari Pendhidhikan Nasional.” Saka cuplikan pratelan ing ndhuwur manut struktur teks idola kalebu....

a)

Identifikasi

b)

Orientasi

c)

Reorientasi

d)

Dudutan

13.

Ing cuplikan: “Dalang Ki Manteb Sudarsono ing yuswa 1818 tahun piyambakipun sapunemmi miwiti dados dhalang. nalika tahun 19821982 Ki Manteb Sudarsono kasil dados Juwara Festival Pakeliran Padhat se Surakarta, awit saking kaprigelanipun ngolahaken ringgit sarta nggadahi sabet ingkang akrobatik, indah lan spektakuler piyam bapipun pikantuk julukan minangko ‘Dhalang sabet setan’.” Saka cuplikan cerita ing nduwur yen manut Struktur teks idola kalebu....

a)

Kedadean penting lan masalah

b)

Reorientasi

c)

Orientasi

d)

Panutup

14.

Saka cuplikan andharan no.13 ing nduwur manut unggah-ungguhing basa kalebu basa ...

a)

Krama alus

b)

Ngoko

c)

Ngoko alus

d)

Krama madya

15.

“Tut wuri handayani”, minangka salah siji sesanti saka Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo donyane Pendidikan Indonesia nganti saiki, tegese yaiku ...

a)

Ing mburi tansah menehi tuladha

b)

Saka mburi tansah hanyengkuyung

c)

Saka mburi tansah hanyengkuyung

d)

Ing mburi tansah menehi pamrayoga

16.

Ki Hajar Dewantara kagungan sesanti utawa semboyan sing gedhe banget gunane kanggo sapa wae luwih-luwih para pemimpin/pangarsa ing bangsa Indonesia. Wangsulan ngisor iki kalebu sesanti sing diripta dening Ki Hajar Dewantara, kajaba ...

a)

Rawe-rawe rantas malang-malang putung

b)

Ing madya mangun karsa

c)

Ing ngarsa sung tuladha

d)

Tut wuri handayani

17.

Unggah-ungguh basa sing digunakake ing sajroning pirembukan/caturan ana 4 yaiku: basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu/madya, lan basa krama alus. Wangsulan ngisor iki tuladhahe basa ngoko alus, kajaba ...

a)

Panjenengan mengko sare kene wae merga wis wengi!

b)

Bapak ora sida tindhak Malang amarga isih gerah!

c)

Ibu tindhak pasar mundhut sayuran lan buah-buahan.

d)

Wiwit rumiyin kula dereng nate rekreasi dhateng papan ngriki.

18.

Wangsulan ngisor iki tuladha tembung-tembung migunakake basa krama alus, kajaba ...

a)

Sampeyan mangke kedah wonten ngriki mawon, mboten sisah wangsul!

b)

Panjenengan mbênjang kedah tindhak piyambak dhateng Surabaya.

c)

Ingkang kula bêta menika buku kagungane Bapak Suharto.

d)

Pakdhê bènjang punapa tamtu tindhak, menawi tamtu panjenengan caosi arta?

19.

Sing diarani swara jejeg yaiku manawa pakecapane padha karo tulisan ing tembung. Ing ngisor iki kang kalebu swara jejeg yaiku ...

a)

Payu, Siku, Sabu, Moto

b)

Lampu, Jalu, Payu, Jaga

c)

Panci, Sari, Jago, Sate

d)

Kabeh wangsulan bener

20.

Swara miring yaiku manawa pakecapane ora padha karo tulisan ing tembung. Ing ngisor iki kang kalebu swara miring yaiku ...

a)

Motor, Gaweng, Pancing

b)

Kalong, Batin, Lorong

c)

Sabun, Tempeh, Balen

d)

Kabeh wangsulan bener

21.

Tembung kaanan/sipat yaiku tembung kang mratalekake kahanan utawa watak sawijining barang/bab. Sing kalebu tembung kaanan yaiku ...

a)

Kancaku lagi maca cerkah

b)

Mbakyuku lagi metas lunga

c)

Ing kelas VII kancaku pinter-pinter

d)

Roni lagi sinau ing kamar

22.

Gatekna pethikan teks wayang ing ngisor iki! “Layone prajurit wor suh karo kunarapane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir lundara prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan.” Tembung layon lan kunarpa tegese padha karo mayit. Tembung kang padha tegese kaya tembungkang ing dhuwur diarani ...

a)

Tembung saroja

b)

Tembung dasanama

c)

Tembung entar

d)

Tembung garba

23.

“… Ing sajabaning padepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampe sesembahan, mapak sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing anggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang Sumantri tinadir pinangka satria kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinadkir awujud buta bajang...” Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks Tokoh kalebu peranganane ...

a)

Kedadean penting lan masalah

b)

Klimaks

c)

Orientasi

d)

Resolusi

24.

“Tole…ngger anakku, matura, ana apa? pangandikane Resi Suwandagni sareh, karo ngingset anggone lenggah madhyep putrane.” Inggih Bapa matur sembah nuwun, makaten Bapa sampun sawatawis dangu kawula anggadhahi krenteg bade nyuwita dhateng Ratu Gusti ing Kraton Mahespati.” Sumantri matur Ramane kanthi tatag. Paragraf ing nduwur miturut struktur teks tokoh kalebu perangan ...

a)

Kedadean penting lan masalah

b)

Klimaks

c)

Komplikasi

d)

Reorientasi

25.

Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampe sesembahan, mapak sumoroting Sang Bagaskara ing brang wetan. Tembung Sang Bagaskara ing ukara ndhuwur, ateges ...

a)

Srengenge

b)

Bumi

c)

Lintang

d)

Rembulan

26.

Tembung kriya dibedakake dadi loro: a) tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya sing jejere dadi paraga/pelaku, b) tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya sing jejere dadi sasaran/penderitane. (1) mangan (2) digawa (3) maca (4) kok dijupuk (5) nampo. Saka pranyatan/pratelan iki sing kalebu tembung kriya tanduk yaiku ...

a)

1,2 lan 4

b)

1,3 lan 5

c)

2,3 lan 4

d)

3,4 lan 5

27.

(1) Sawahe dipaculi bapak. (2) Kena apa adi mau kok ora mlebu sekolah? (3) Dak sawang pasuryanmu kok ora sumrenah? (4) Adik lagi maemi jajan. Tembung-tembung ing nduwur sing kalebu tembung kriya tanggap yaiku ...

a)

1,2 lan 4

b)

2,3 lan 4

c)

1,2 lan 3

d)

1,3 lan 4

28.

Saka wangsulan ing nduwur ana dhaptar: (1) wayang kulit, (2) gamelan, (3) gitar, (4) biola, (5) kelir. Sing kalebu ubarampe pagelaran wayang kulit yaiku...

a)

1,2 lan 3

b)

1,3 lan 4

c)

2,3 lan 5

d)

1,2 lan 5

29.

Ana dhaptar asma: (1) Ki Narto Sabdo, (2) Ki Anom Suroto, (3) Ki Manteb Sudarsono, (4) Didi Kempot, (5) Nini Towok. Sing kalebu asmane dalang misuwur/kondang yaiku nomer...

a)

1,2 lan 4

b)

1,2 lan 3

c)

2,3 lan 5

d)

3,4 lan 5

30.

Sumber crita wayang saka Ramayana lan Mahabarata. Tuladha lakon-wayang jinis "Lair": (1) Laire Gatukaca, (2) Laire Werkudara, (3) Laire Sukarno, (4) Laire R.A. Kartini, (5) Laire Arjuna. Sing kalebu "Lair" ing crita wayang nomer...

a)

1,2 lan 3

b)

2,3 lan 5

c)

1,2 lan 5

d)

2,4 lan 5

31.

Yo kanca ning gish gembira

a)

A. Alon prahune wus nengah

b)

B. Angleb-ar lebard banyune segara

c)

C. Witing kelapa katon awe-awe

32.

Ing dina minggu keh pariwisata,

a)

A. Alon prahune wus nengah

b)

B. Angleb-ar lebard banyune segara

c)

C. Witing kelapa katon awe-awe

33.

Umbuhna cakepan lelagon "Prahu Layar" iki...

1. Yo kanca ning gisih gembira,

2. Ing dina minggu keh pariwisata,

3. Adhik njawil Mas..., jebu wis sore

kudu dipasangake karo wangsulan sisih tengen sing bener. Pilihen siji:

a)

A. Alon prahune wus nengah

b)

B. Angleb-ar lebard banyune segara

c)

C. Witing kelapa katon awe-awe

34.

Lelagon "Gambang Suling". Tembung "Ngumandhang" tegesé apa? Pilihen siji:

  1. A. Swara keprungu banter
  2. B. Njalari ati dadi trenyuh
  3. C. Wiramane cepet lan gumbira

a)

A. Swara keprungu banter

b)

B. Njalari ati dadi trenyuh

c)

C. Wiramane cepet lan gumbira

35.

Lelagon "Gambang Suling". Tembung "Nrenyuhake" tegesé apa? Pilihen siji:

a)

A. Swara keprungu banter

b)

B. Njalari ati dadi trenyuh

c)

C. Wiramane cepet lan gumbira

36.

Lelagon "Gambang Suling". Tembung "Sigrak" (sigak) tegesé apa? Pilihen siji:

  1. A. Swara keprungu banter

  2. B. Njalari ati dadi trenyuh

  3. C. Wiramane cepet lan gumbira

a)

A. Swara keprungu banter

b)

B. Njalari ati dadi trenyuh

c)

C. Wiramane cepet lan gumbira

37.

Tembang "Ilir-ilir". Baris "Ilir-ilir" kudu dipasangake karo teges sing bener. Pilihen siji: A. Tandurane wis mulai thukul; B. Rupane katon ijo royo-royo; C. Obah-obah merga diterak angin kang silir-silir.

a)

A. Tandurane wis mulai thukul

b)

B. Rupane katon ijo royo-royo

c)

C. Obah-obah merga diterak angin kang silir-silir

38.

Tembang "Ilir-ilir". Baris "Tandure wus sumilir" kudu dipasangake karo teges sing bener. Pilihen siji: A. Tandurane wis mulai thukul; B. Rupane katon ijo royo-royo; C. Obah-obah merga diterak angin kang silir-silir.

a)

A. Tandurane wis mulai thukul

b)

B. Rupane katon ijo royo-royo

c)

C. Obah-obah merga diterak angin kang silir-silir

39.

Tembang "Ilir-ilir". Baris "Kang ijo royo-royo" kudu dipasangake karo teges sing bener. Pilihen siji: A. Tandurane wis mulai thukul; B. Rupane katon ijo royo-royo; C. Obah-obah merga diterak angin kang silir-silir.

a)

A. Tandurane wis mulai thukul

b)

B. Rupane katon ijo royo-royo

c)

C. Obah-obah merga diterak angin kang silir-silir

40.

Jodhokno teges tembung sisih kiwa karo sisih tengen. Tembung "Miyos" kudu dipasangake karo:

a)

A. Nglairake

b)

B. Kayadene

c)

C. Lair

d)

D. Anak nomer 1

41.

Jodhokno teges tembung sisih kiwa karo sisih tengen. Tembung "Pambarep" kudu dipasangake karo:

a)

A. Nglairake

b)

B. Kayadene

c)

C. Lair

d)

D. Anak nomer 1

42.

Jodhokno teges tembung sisih kiwa karo sisih tengen. Tembung "Mabarake" kudu dipasangake karo:

a)

A. Nglairake

b)

B. Kayadene

c)

C. Lair

d)

D. Anak nomer 1

43.

Jodhokno teges tembung sisih kiwa karo sisih tengen. Tembung "Kadidene" kudu dipasangake karo:

a)

A. Nglairake

b)

B. Kayadene

c)

C. Lair

d)

D. Anak nomer 1

44.

Jodhokno pengertine wujude tembung. Tembung "Lingga" kudu dipasangake karo pangerten: A. Tembung loro digabung dadi siji banjur duwe teges anyar; B. Tembung lingga diucapake kaping pindho (rangkep); C. Tembung sing wis owah saka asale; D. Tembung sing durung owah saka asale.

a)

A. Tembung loro digabung dadi siji banjur duwe teges anyar

b)

B. Tembung lingga diucapake kaping pindho (rangkep)

c)

C. Tembung sing wis owah saka asale

d)

D. Tembung sing durung owah saka asale

45.

Jodhokno pengertine wujude tembung. Tembung "Andhahan" kudu dipasangake karo pangerten:

a)

A. Tembung loro digabung dadi siji banjur duwe teges anyar

b)

B. Tembung lingga diucapake kaping pindho (rangkep)

c)

C. Tembung sing wis owah saka asale

d)

D. Tembung sing durung owah saka asale

46.

Jodhokno pengertine wujude tembung. Tembung "Rangkep" kudu dipasangake karo pangerten:

a)

A. Tembung loro digabung dadi siji banjur duwe teges anyar

b)

B. Tembung lingga diucapake kaping pindho (rangkep)

c)

C. Tembung sing wis owah saka asale

d)

D. Tembung sing durung owah saka asale

47.

Jodhokno pengertine wujude tembung. Tembung "Camboran" kudu dipasangake karo pangerten: A. Tembung loro digabung dadi siji banjur duwe teges anyar; B. Tembung lingga diucapake kaping pindho (rangkep); C. Tembung sing wis owah saka asale; D. Tembung sing durung owah saka asale.

a)

A. Tembung loro digabung dadi siji banjur duwe teges anyar

b)

B. Tembung lingga diucapake kaping pindho (rangkep)

c)

C. Tembung sing wis owah saka asale

d)

D. Tembung sing durung owah saka asale

48.

Unggah-ungguh basa: ukara ing kolom iki kalebu tuladha basa ngoko alus. Pilihen pola kebenaran Bener/Salah kanggo ukara 1-4: (1) Mas Adi panjenengan mau weruh Bapak karo Ibu tindhak ngendi? (2) Aku diutus Bapak ngaturake layang marang simbah. (3) Kula sinau basa jawi nyerat layang. (4) Bapak tindhak kantor nggawa tas isi buku.

a)

1B,2B,3S,4B

b)

1S,2S,3B,4B

c)

1B,2S,3S,4S

d)

1B,2B,3S,4S

49.

Wangsulan ing njero kolom kalebu tuladha basa krama alus/inggi. Pilihen pola Bener/Salah kanggo ukara 1-4: (1) Bapak ngaturi pirsa adik, bilih ibu saweg sare. (2) Mbakyu, sampeyan mangke punapa tamtu wangsul? (3) Kula mangke badhe sowan dhateng dalem panjenengan. (4) Kowe mengka aja kesusu milih disik ya, amarga ana masalah penting!

a)

1B,2S,3S,4B

b)

1B,2S,3B,4S

c)

1S,2B,3B,4B

d)

1S,2S,3B,4B

50.

Wangsulan ing njero kolom kalebu tuladha tembung basa krama alus/inggi. Pilihen pola Bener/Salah kanggo ukara 1-4: (1) Ingkang kula bekta menika buku kagungane bapak Suhartono. (2) Bapak ora sida lunga menyang Malang amarga gerah waja. (3) Adhik esuk mau diparingi duwit Simbah gawe sangu plesiran. (4) Saksampunipun dipunparing arti arta kula mangke badhe langsung bidal.

a)

1B,2B,3B,4S

b)

1S,2S,3S,4S

c)

1S,2B,3B,4S

d)

1B,2S,3S,4B

51.

Waca dhaptar ngisor iki banjur tentokake kombinasi bener/salah sing trep. Tuladha tembung dasanama: (1) Ibu: Sindung, Indung, Biyung; (2) Anak: Atmaja, Putra, Siwi, Putra; (3) Bumi: Bantala, Siti, Buana; (4) Srengenge: Aditya, Bagaskara, Bagaspati, Radite. Pilih jawaban sing nuduhaké status saben larik (B = bener, S = salah) ing urutan 1-4.

a)

1B,2B,3S,4S

b)

1S,2S,3B,4S

c)

1B,2B,3B,4B

d)

1S,2S,3S,4S

52.

Waca dhaptar ngisor iki banjur tentokake kombinasi bener/salah sing trep. Tuladha tembung-tembung kawi lan tegese: (1) “Duka yayah sinipi” tegese nepsu banget; (2) “Sigra” tegese age-age, cepet-cepet; (3) “Kuntadruwasa” tegese pedhang, tombak; (4) “Sasadara” tegese rembulan, candra. Pilih jawaban sing nuduhaké status saben larik (B = bener, S = salah) ing urutan 1-4.

a)

1B,2B,3S,4S

b)

1S,2S,3B,4B

c)

1B,2S,3B,4S

d)

1B,2B,3S,4B