WorksheetsBAHASA JAWA XI
Total questions: 50
Worksheet time: 50mins
Name
Class
Date
1.
Crita cekak nduweni saperangan titikan utawa ciri
ciri tartamtu, kajaba ...
a)
Wujude Gancaran
b)
Guru Gatra
c)
Ana Piwulang
d)
Ana Paraga
e)
Ana Alur
2.
Bu Sukri enjing wau mutah-mutah amargi nembe mbobot.
Tembung kang kurang trep ing ukara kasebut yaiku ...
a)
enjing
b)
amargi
c)
nembe
d)
mutah-mutah
e)
wau
3.
Unggah-ungguh basa sing kadhapuk saka tembung krama lan inggil yaiku ...
a)
ngoko lugu
b)
ngoko alus
c)
krama lugu
d)
krama inggil
e)
krama alus
4.
Katranganipun Bapak Sanip kirang jangkrep.
Ukara kasebut yen nganggo basa ngoko ...
a)
Katrangane Bapak Sanip kurang pas.
b)
Katrangane Panjenengan kurang komplit.
c)
Katrangane Bapak Sanip kurang ganep.
d)
Katrangane Bapak Sanip kurang pepak.
e)
Katrangane slirane Sanip kurang ganjil.
5.
Basa krama lumrahe kanggo ...
a)
uwong enom marang kancane
b)
guru marang muride
c)
bendara marang bature
d)
uwong sing nembe kenal
e)
uwong ngomong dewe
6.
Panjenengan sampun dhahar? Ukara kasebut manawa didakake ngoko lugu yaiku ...
a)
Slirane wis nedha?
b)
Kowe wis mangan?
c)
Awakmu wis nedhi?
d)
Kowe sampun dhahar?
e)
Sampeyan wis mangan?
7.
Wacanen pacelathon ngisor iki!
Rendi : "Aku mamang yen arep kandha marang masku."
Mario : "Lha geneya, Ren?"
Rendi : "Masku bar nambakake anake ing rumah sakit."
Mario : "Lha lara apa, Ren?"
Rendi : "Jare gejala tipes apa demam berdarah ngono."
Mario : "Aku melu prihatin ya, Ren."
Rendi : "Iya, Mar. Matur nuwuPacelathon ing dhuwur kuwi nganggo basa ...
a)
ngoko lugu
b)
ngoko alus
c)
krama lugu
d)
krama inggil
e)
krama alus
8.
Tuladha ing ngisor iki kang nggunakake basa ngoko alus, yaiku ...
a)
Sapa sing wani, majua!
b)
Pakdhe nitih sepur dhateng Surabaya.
c)
Dhasare wonge pancen alusan.
d)
Lik Karto numbasake anake sepedha.
e)
Mbak Yusti saking ing rumah sakit.
9.
Basa krama alus iku kadhapok saka tembung ...
a)
tembung-tembung ngoko + ater-ater lan panambange ngoko
b)
tembung-tembung krama + ater-ater lan panambangane ngoko
c)
tembung-tembung krama lan krama inggil + ater-ater lan panambangane ngoko
d)
tembung-tembung krama lan krama inggil + ater-ater lan panambangane krama
e)
tembung-tembung ngoko + ater ater lan panambangane krama
10.
Gunemane wong sing wis akrab utawa raket nanging pingin ngajeni migunakake basa ...
a)
ngoko lugu
b)
ngoko alus
c)
krama lugu
d)
krama inggil
e)
krama alus
11.
Darminto nembe rung wulan pindhahan omah. Karo tangga teparo dheweke durung patia raket srawaunge. Mulane saben guneman karo tanggane Darmminto nggunakake basa ...
a)
ngoko lugu
b)
ngoko alus
c)
krama lugu
d)
krama inggil
e)
krama alus
12.
Ukara kang isine nyritakake utawa ngandhakake sawijining bab, kedadeyan, utawa sawijing kaanan marang wong liya diarani ukara ...
a)
pakon
b)
pitakon
c)
sambawa
d)
sanata
e)
carita
13.
Badriyah bocahe gemi. Sangunne dicelengi banjur ditukokake ingon-ingon. Saiki dheweke ngingoni pitik cacah 10 lan bebek cacah 8. Kuthuke ana 15 saka babon 2 kang nembe wae padha netes endhoge. Dene merine mung duwe 7. Kahanan iki sing terkadhang ndadekake kangmase meri.
Tembung kang kacithak ing wacan kasebut kagolong ...
a)
homofon
b)
homonim
c)
homograf
d)
sinomin
e)
antonim
14.
Ukara-ukara ngisor iki kang kegolong ukara pakon panantang yaiku ...
a)
Sarno cengkilingan, mula aja gelem dipek bojo dheweke!
b)
Mrenea yen pancen kowe lanang tenan!
c)
Pilihana buku-buku kang ora dipangan rayap.
d)
Dhik, nyuwun tulung tumbasna sega gudeg ing warung!
e)
Muga-muga lamaranmu ditampa dening Sari.
15.
Bubar sekolah aku arep mampir daleme simbah.
Ukara kasebut kagolong ukara ...
a)
carita
b)
pakon
c)
pitakon
d)
sambawa
e)
sananta
16.
Tembung jati, mahoni, glugu, randhu, nangka, meranti, pinus minangka hiponimi saka tembung ...
a)
mebel
b)
bahan bangunan
c)
kayu
d)
keramik
e)
woh-wohan
17.
Marni metu saka desa karepe golek gawean ing Jakarta. Dheweke kepencut karo omongane tanggane sing wis suwe ana kana. Tekan Jakarta, marni ora digolekake gawean kaya sing dijanjikake. Malah kon ngemis. Saiki Marni mung bisa nangisi nasibe.
Wacan kasebut ngemot tembung kang wis owah utawa geseh tegese, yaiku tembung ...
a)
gaweyan
b)
metu
c)
golek
d)
ngemis
e)
tangga
18.
Mutiara dadi anak emas ing kulawargane. Mula kakang lan adhine padha ora trima.
Ukara kasebut ngemot tembung kang duweni makna kiyas utawa konotatif. Tembunge yaiku ...
a)
kakang lan adhi
b)
ing kulawarga
c)
ora trima
d)
dadi anak
e)
anak emas
19.
Wangkingan punika kaunganipun Pakubuwana IV. Tembung sing kachitak kandel manawa digawe ngoko dadi ...
a)
keris
b)
tombak
c)
pedhang
d)
klambi
e)
panah
20.
bapak wis ... (pergi) kantor nalika aku ... (tidur)
Tetembungan kang paling trep kangg njangkepi ukara ing dhuwur supaya trep miturut unggah-ungguh basa yaiku ...
a)
lunga - sare
b)
tindak - sare
c)
kesah - tilem
d)
kesah - sare
e)
tindak - turu
21.
Ibu siram nalika aku dhahar. Tembung kang ora trep ing ukara kasebut, yaiku ...
a)
ibu
b)
siram
c)
nalika
d)
aku
e)
dhahar
22.
Unsur - unsur sajroning teks crita cerkak iku kaperang dadi loro, yaiku ….
a)
Intrinsik lan ekstrinsik
b)
Komplikasi lan resolusi
c)
Orientasi lan reorientasi
d)
Dheskripsi umum lan bageyan
e)
Eksterior lan interior
23.
Unsur kang mbangun cerkak saka njaba crita kayata sosial, diarani unsur ...
a)
Intrinsik
b)
Ekstrinsik
c)
Alur
d)
Paraga
e)
Dudutan
24.
Unsur intrinsik cerkak yaiku ...
a)
Sosial
b)
Pegawean
c)
Pangripta
d)
Paraga
e)
Dudutan
25.
Sawijining titikane cerkak yaiku ...
a)
Fiksi
b)
Gatra
c)
Konflik
d)
Gladhen
e)
Dudutan
26.
Struktur cerkak ing ngandhap menika, kajaba ...
a)
Orientasi
b)
Komplikasi
c)
Evaluasi
d)
Akulturasi
e)
Krisis
27.
Kedadeyan sing miwiti prakara kanthi menehi gegambaraning wektu, kahanan, lan panggonane diarani ...
a)
Orientasi
b)
Komplikasi
c)
Evaluasi
d)
Koda
e)
Krisis
28.
Kedadeyan kang wiwit munggah, bisa saka
prekara utawa alangan-alangan kang diadhepi paragane diarani ...
a)
Orientasi
b)
Komplikasi
c)
Evaluasi
d)
Koda
e)
Krisis
29.
Njelasna kepriye nasibe paraga sawise amenangi prakara sing wis munggah nggantung diarani ...
a)
Orientasi
b)
Komplikasi
c)
Evaluasi
d)
Koda
e)
Krisis
30.
Njelasna prakara-prakara, konflik, utawa apa
sing dadi alanganing paragen (sabab-akibat) diarani ...
a)
Orientasi
b)
Komplikasi
c)
Evaluasi
d)
Koda
e)
Krisis
31.
Diarani klimaks kang gawe pamaca dadi dheg-dhegan. nasib saka paraga uga bakal ditemtokake, kayadene apa paraga ing cerkak wis bisa ngrampungi prakara utawa sawalike diarani ...
a)
Orientasi
b)
Komplikasi
c)
Evaluasi
d)
Koda
e)
Krisis
32.
Pesan moral ing sajeroning cerkak diarani ...
a)
Paraga
b)
Alur
c)
Tema
d)
Amanat
e)
Latar
33.
Urut-urutaning kadadeyan sajroning crita cekak diarani ...
a)
Paraga
b)
Alur
c)
Tema
d)
Amanat
e)
Latar
34.
Dhasaring pikir sing dadi idhe crita cekak diarani ...
a)
Paraga
b)
Alur
c)
Tema
d)
Amanat
e)
Latar
35.
Papan panggonan, wektu, lan swasana jroning crita cekak diarani ...
a)
Paraga
b)
Alur
c)
Tema
d)
Amanat
e)
Latar
36.
Pawongan sing ana sajroning crita cekak diarani ...
a)
Paraga
b)
Alur
c)
Tema
d)
Amanat
e)
Latar
37.
Micara ing sangarepe wong akeh kanggo
ngandharake gagasan utawa panemu kanthi ancas tartemtu diarani ...
a)
Sesulih
b)
Sesorah
c)
woro-woro
d)
kampanye
e)
sandhiwara
38.
Micara ing sangarepe wong akeh kanggo
ngandharake gagasan utawa panemu kanthi ancas tartemtu kajaba ...
a)
Medar sabda
b)
Sabdatama
c)
Atur pambagyo
d)
Tanggap Wacana
e)
Adiwicara
39.
Perangan kang ngemot wose sesorah diarani ...
a)
Pambuka
b)
Purwaka basa
c)
Surasa Basa
d)
Wasana Basa
e)
Panutup
40.
Atur pakurmatan marang pamireng kanggo mbukak sesorah diarani ...
a)
Pambuka
b)
Purwaka basa
c)
Surasa Basa
d)
Wasana Basa
e)
Panutup
41.
Kadhapuk saka sapa aruh, puji sokur, lan atur panuwun diarani ...
a)
Pambuka
b)
Purwaka basa
c)
Surasa Basa
d)
Wasana Basa
e)
Panutup
42.
Isine salam kanggo nutup sesorah diarani ...
a)
Pambuka
b)
Purwaka basa
c)
Surasa Basa
d)
Wasana Basa
e)
Panutup
43.
Isine pangajeng-ajeng lan atur pangapura diarani ...
a)
Pambuka
b)
Purwaka basa
c)
Surasa Basa
d)
Wasana Basa
e)
Panutup
44.
Nalika sesorah kudu nggatekna, kajaba ...
a)
Wirasa
b)
Wirama
c)
Wiraga
d)
Wicara
e)
Wibawa
45.
Ekpresi nalika sesorah yaiku ...
a)
Wirasa
b)
Wirama
c)
Wiraga
d)
Wicara
e)
Wibawa
46.
Banter alone suwara yaiku ...
a)
Wirasa
b)
Wirama
c)
Wiraga
d)
Wicara
e)
Wibawa
47.
Seru lirihe suwara yaiku ...
a)
Wirasa
b)
Wirama
c)
Wiraga
d)
Wicara
e)
Wibawa
48.
Obahe awak nalika sesorah yaiku ...
a)
Wirasa
b)
Wirama
c)
Wiraga
d)
Wicara
e)
Wibawa
49.
Kanthi maca sing wis disiapna sadurunge , diarani metode ...
a)
Impromtu
b)
Ektemporan
c)
Naskah
d)
Memoriter
e)
Spontan
50.
Ngapalake naskah sing wis dicepakake luwih dhisik diarani metode ...
a)
Impromtu
b)
Ektemporan
c)
Naskah
d)
Memoriter
e)
Spontan
100 %
