wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS 1 BAHASA JAWA 2025/2026

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 18mins

Name
Class
Date
1.

Ing Bausastra Jawa, tembung geguritan asale saka tembung lingga gurit kang tegese ….

a)

tulisan

b)

tulisan tatahan

c)

karangan

d)

tembang

2.

Geguritan gagrag anyar migunakake basa Jawa ....

a)

kawi

b)

kuno

c)

anyar

d)

ngoko

3.

Geguritan diwaca kanthi teknik maca ….

a)

endah

b)

pemahaman

c)

cepet

d)

ekstensif

4.

Geguritan kang kadhapuk saka limang gatra diarani ….

a)

gita hastagatra sapada

b)

gita saptagatra sapada

c)

gita nawagatra sapada

d)

gita pancagatra sapada

5.

Penggurit medhar pitutur becik marang pamaca lumantar surasane geguritan diarani ….

a)

diksi

b)

tema

c)

amanat

d)

lelewaning basa

6.

Surasane geguritan ing dhuwur yaiku ….

a)

pitakonane wong tuwa marang anak

b)

piwelinge wong tuwa marang anak lanang lan wadon babagan tumindak becik lan

merangi nepsu dhiri pribadi

c)

anak kudu bekti lan urmat marang wong tuwa

d)

anak lanang lan wadon kudu bisa ngajeni siji lan sijine

7.

Saka geguritan ing dhuwur, peng gurit mapanake dhiri minangka ....

a)

kakang adhi

b)

sedulur tuwa

c)

wong tuwa

d)

anak lanang lan wadon

8.

(1) Kaiket dening wewaton guru lagu, guru wilangan, guru gatra.

(2) Nganggo basa rinengga awu-jud basa Jawa anyar utawa modheren.

(3) Kawiwitan kanthi tembung “sun nggurit.”

(4) Cacahing gatra ora ajeg.

Katrangan minangka titikane geguritan gagrag anyar katuduhake nomer ....

a)

(1) lan (2)

b)

(2) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(3) lan (4)

9.

Asil susastra modheren kang sura sane kanggo medhar rasa pangrasa kanthi tetembungan

sing cekak, en dah, lan mentes yaiku ….

a)

tembang macapat

b)

geguritan

c)

cerkak

d)

tembang dolanan

10.

Nalika maca geguritan ana sape rangan babagan kang kudu digatekake. Salah sijine yaiku

cethane pangucapan swara, wanda, lan tetembungan sing diarani ….

a)

wiraga

b)

wicara

c)

wirama

d)

wirasa

11.

Kagiyatan amarsudi resike lingkungan amrih gawe sehat awak wis mangaribawani

marang kadang kanoman. Ora sethithik sutresna lingkungan ngadani kagiyatan pakumpulan

antarane siswa-siswi kang ana ing pawiyatan dhasar nganti dhuwur. Saiki akeh ditemoni para

siswa nganakake kagiyatan kang magepokan karo lestarine lingkungan. Kahanan kasebut

nuduhake menawa kadang kanoman jaman saiki durung mesthi duwe tindak-tanduk kang

ora becik.

Katrangan kang trep karo paragrap ing dhuwur karo pola pangembangan teks eksposisi

yaiku ….

a)

mujudake pola pangembangan ilustrasi

b)

nuduhake paragrap kanthi pola pangembangan khusus-umum

c)

klebu jinis pola pangembangan perbandingan

d)

minangka tuladha pola pangem bangan umum-khusus

12.

Jinis paragrap kang ukara pokoke ing pungkasan paragrap diarani ….

a)

ineratif

b)

induktif

c)

deduktif

d)

campuran

13.

Teknologi ramah lingkungan yaiku teknologi kang anggone gawe lan ngetrapake kanthi

nggunakake bahan baku kang ramah lingkungan. Teknologi ramah lingkungan kudu efi sien

anggone nggunakake sumber daya saka banyu, energi, panganggone bahan baku, lan bahan

kimia. Teknologi ramah lingkungan wis ditrapake ing saperangan babagan, kaya ta energi lan

industri, lingkungan, lan transportasi. Ing babagan energi lan industri ana biogas, biofuel, sel

surya, pembangkit listrik tenaga air lan angin. Biogas dipikolehi saka proses fermentasi bahan

organik bakteri anaerob. Biofuel yaiku jinis energi alternatif sing bisa dianyari. Biofuel asale saka

bahan organik, kaya tetanduran. Dene sel surya digunakake kanggo ngowahi sumber energi

srengenge dadi listrik migunakake panel surya. Panel surya duwe kaluwihan ora ngasilake emisi

gas rumah kaca, ngasilake energi kang gedhe, bisa dipasang utawa dipindhah. Dene kakurangane

mbutuhake sistem kanggo nyinggahake listrik lan piranti ing jerone klebu jinis sampah kang

mbebayani. Teknologi ramah lingkungan duweni sawatara munpangat. Upamane njaga lestarine

alam saka karusakan, nyuda limbah kang bisa nyemari lingkungan, munpangatake barang sing

wis ora dianggo dadi produk kang migunani, lan nggampangake kanggo nyukupi kabutuhan

manungsa.

Sing dadi underaning gagasan sajroning wacan yaiku ….

a)

cara gemi nggunakake energi

b)

teknologi ramah lingkungan

c)

nyuda migunakake energi kang ora bisa dianyari

d)

jalaran kudu migunakake tek-nologi ramah lingkungan

14.

Kapisan ditemtokake nalika nulis teks eksposisi yaiku ….

a)

golek maneka sumber kang magepokan karo tema

b)

nemtokake topik utawa tema

c)

nliti tulisan sajroning teks

d)

gawe cengkorongan kanthi nulis ukara baku

15.

Sing diandharake sajroning teks eksposisi yaiku ….

a)

kawruh apadene proses

b)

panemu penulis

c)

gegambaran kahanan

d)

crita kang dialami

16.

Ora klebu jinis teks eksposisi yaiku ….

a)

eksposisi pertentangan

b)

eksposisi berita

c)

eksposisi laporan

d)

eksposisi logis

17.

Eksposisi berita lumrahe ditemokake ing ….

a)

koran

b)

laporan

c)

buku resep

d)

cerkak

18.

Sawijining gancaran kang surasane menehi pawarta babagan sawijining kedadeyan diarani

eksposisi ….

a)

proses

b)

pertentangan

c)

berita

d)

laporan

19.

Surasane teks eksposisi bisa di ka silake saka pangamatan utawa panaliten. Dene kagiyatan

pangamatan bisa ditindakake kanthi cara ….

a)

wawan rembug

b)

ngamati langsung

c)

ngrungokne cerita

d)

maca saka buku

20.

Babagan sing bedakake antarane teks eksposisi lan teks argumentasi yaiku ….

a)

teks eksposisi mbabarake kawruh supaya pamaca tam bah seserepan, dene teks argumentasi

medhar panemu supaya tumindak kaya sing diandharake

b)

teks eksposisi isine njlentreh ake kawruh supaya pamaca mundhak kawruhe, dene teks

argumentasi ngandharake pa nemu nganggo alesan kanggo ngyakinake pamaca

c)

teks eksposisi mbabarake alesan kanggo gawe yakine pamaca, dene teks argumentasi

ngandharake panemu supaya pamaca melu nindakake kaya surasa sing diwedhar

d)

teks eksposisi ngandharake lelakon sawijine paraga manut urutan wektu, dene teks argumentasi

nggambarake objek supaya pamaca bisa ngrasakake bab sing digambarake

21.

Kang pisanan katindakake nalika nulis karangan yaiku ….

a)

nemtokake tema

b)

gawe cengkorongan

c)

ngrembakakake cengkorongan

d)

nulis ukara baku

22.

Ing crita fabel, kewan sing digam barake duwe akal akeh yaiku ….

a)

kebo

b)

kancil

c)

baya

d)

merak

23.

Crita dongeng bisa kajupuk ama nat awujud piweling marang pa maca. Salah sijine crita sing

menehi piwulang minangka anak ora kena duraka marang wong tuwa. Dene tumraping

wong tuwa prayogane kemucap sing becik. Kang mangkono minangka piweling saka crita

dongeng ….

a)

Keyong Mas

b)

Andhe-andhe Lumut

c)

Malin Kundang

d)

Baru Klinting

24.

Pawongan utawa tokoh kang dicri takake sajroning crita diarani ….

a)

alur

b)

paraga

c)

amanat

d)

tema

25.

Crita dongeng Dumadine Gunung Tangkuban Prau klebu jinis ….

a)

mite

b)

legenda

c)

sage

d)

fabel

26.

Minangka idhe pokok utawa gagasan baku kang dadi dhasar lakuning crita diarani ….

a)

tema

b)

amanat

c)

alur

d)

latar

27.

Legendha iku dongeng kang nyri takake babagan …

a)

mula bukane dumadine pang gonan

b)

dongeng kang sesambungan karo alam gaib

c)

dongeng kewan sing bisa wa wan gunem kaya manungsa

d)

lelakon paragane

28.

Crita dongeng tansah diuri-uri amarga ….

a)

isine ngandhut nilai sejarah

b)

cretane nyenengake

c)

ngandhut pitutur luhur

d)

kebak kawruh lan ketrampilan

29.

Ing ngisor iki sing ora klebu crita legendha yaiku …

a)

Asal usule Banyuwangi

b)

Dumadine Telaga Sarangan

c)

Dumadine Kutha Surabaya

d)

Kancil lan Merak

30.

Kagiyatan ndeleng tulisan kanthi nyuwara utawa ora supaya bisa mangerteni surasane

tulisan diarani ….

a)

maca

b)

nulis

c)

ndongeng

d)

micara

31.

Sajroning teks narasi isine ngandharake babagan …

a)

proses kedadeyan

b)

kahanan objek kanthi mrinci

c)

urutane kedadeyan

d)

sawijining panemu

32.

Alur kawujud saka hubungan ….

a)

prakara

b)

latar lan paraga

c)

sebab akibat

d)

tema lan amant

33.

Sawijining karangan kang menehi gambaran kanthi cetha samubarang kahanan apadene

samubarang liyane diarani ….

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

34.

Kang ora kudu digatekake nalika nulis karangan yaiku ….

a)

basane sing becik

b)

nulis nganggo aksara latin

c)

nemtokake tema

d)

milih irah-irahan

35.

Preinan sekolah wingi Dimas dolan menyang daleme pakdhene ing Malang. Ing kana

Dimas dijak plesir menyang papan wisata. Dimas ing daleme pakdhene sasuwene

limang dina. Nalika wis mulih ing omahe, Dimas nulis crita sing dialami nalika ing Malang.

Saka katangan kasebut, teks kang ditulis dening Dimas awujud ….

a)

deskripsi

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

argumentasi

36.

Wis jam 07.00 esuk, nanging Bagas durung teka.

Ukara ing dhuwur bisa kanggo nggambarake babagan ….

a)

latar kahanan

b)

alur

c)

latar kahanan

d)

latar wektu

37.

Irah-irahan sawijining wacan prayogane ….

a)

dawa

b)

ngayawara

c)

cekak aos lan narik kawigaten

d)

angel dimangerteni

38.

Tembung deskripsi asale saka tembung descripcere kang ngemu teges ….

a)

ajak-ajak

b)

njlentrehake

c)

mangaribawani

d)

nyritakake

39.

Ing ngisor iki babagan kang ora trep kanggo ndeskripsikake kahanan sekolah yaiku ….

a)

warna tembok sekolah

b)

cacahe ruang kelas

c)

ambane sekolah

d)

kedadeyan ing acara kemah

40.

Kulon omahku ana sawah kang jembar bawera. Tharik-tharik pathoke kang tinandur

pari ijo royo-royo bisa gawe senenging ati sing nyawang. Galengan sawah dawa kaya ula.

Kalenan cilik sacedhake sawah katon resik tur iline deres. Swarane banyu kali keprungu

endah kaya tatanan tembang. Ketambahan swara ocehe manuk sing saut-saut an gawe

regenging swasana.

Paragrap ing dhuwur mujudake teks deskripsi subjektif amarga ….

a)

nggambarake objek kang mujudake ruwang

b)

nggambarake objek kang sanyatane

c)

nggambrake objek apa anane

d)

nggambarake objek kaya kang disawang dening panulis