wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan SAS1 Bahasa Jawa Kls 6

Total questions: 45

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku ….
a)
banyu resik
b)
ngopeni banyu
c)
banyu kali sumber panguripan
d)
ngopeni banyu sumber penguripan
2.
Teks wacan ing dhuwur ngrembug bab ....
a)
limbah omahan
b)
banyu sumber panguripan
c)
banyu kali kang resik
d)
banyu resik ing ngendhi-endhi
3.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ....
a)
persuasi
b)
deskripsi
c)
narasi
d)
fabel
4.
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ....
a)
gegodongan
b)
uwuh lan limbah
c)
uwuh utawa larahan
d)
suket kang tukhul saparan-paran
5.
Teks kang ngandung ajakan yaiku teks...
a)
teks narasi
b)
teks iklan
c)
teks informasi
d)
teks persuasi
6.
Yen gawe slogan basane kudu...
a)
narik kawigaten
b)
mamerake
c)
krama
d)
basa resmi
7.
Sing diandarake teks pawarta yaiku ...
a)
fiksi
b)
opini
c)
karangan
d)
fakta
8.
Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ....
a)
slogan
b)
pawarta
c)
pariwara
d)
persuasi
9.
Gambar ing ngisor iki klebu jinise ....
a)
iklan
b)
pawarta
c)
sesanti
d)
persuasi
10.
Teks kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,lan digunakake, diarani ....
a)
teks slogan
b)
teks pawarta
c)
teks persuasi
d)
teks pariwara
11.
Bocah-bocah dha sekolah, Wiwit biyen nalika isih cilik, Sregepa anggolek ilmu, Wayah esuk lan awan, Ngrungokake parentahe para guru, Lan bisa ngerti agama, Agama ngarsaning Gusti. Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....
a)
8a – 8i – 8u – 8e – 7a – 8i – 8i
b)
8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i
c)
8h – 11k – 8u – 7n – 12u – 8a – 8i
d)
8a – 11i – 10u – 7a – 12u – 8i – 8a
12.
Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani ….
a)
guru lagu
b)
guru wilangan
c)
guru swara
d)
guru gatra
13.
Cacahe wanda saben gatra diarani ….
a)
guru lagu
b)
guru wilangan
c)
guru swara
d)
guru gatra
14.
Bocah-bocah dha sekolah, Wiwit biyen nalika isih cilik, Sregepa anggolek ilmu, Wayah esuk lan awan, Ngrungokake parentahe para guru, Lan bisa ngerti agama, Agama ngarsaning Gusti. Sing ora kalebu pitutur kang ana sajeroning tembang ing dhuwur, yaiku….
a)
Bocah-bocah kudu sregep sekolah
b)
Kudu tansah mirengake prentahe guru
c)
Wiwit cilik sregep golek ilmu
d)
Aja gelem ngudi kawruh agama
15.
Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi, saben dina pucung nguntal buntutira. Tembang ing dhuwur jenenge tembang ….
a)
Gambuh
b)
Pucung
c)
Sinom
d)
Mijil
16.
Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi, saben dina pucung nguntal buntutira. Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku …
a)
7i
b)
8i
c)
9i
d)
10i
17.
Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi, saben dina pucung nguntal buntutira. Tembang ing dhuwur satemene cangkriman. Batangane …
a)
tali
b)
kalung
c)
sabuk
d)
ula
18.
Tembang-tembang ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kejaba ....
a)
Maskumambang
b)
Pangkur
c)
Sinom
d)
Lir ilir
19.
Mingkar mingkuring angkara, Akarana karenan mardi siwi, Sinawung resmining kidung, Sinuba sinukarta, Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung, Kang tumrap wong tanah Jawa, Agama ageme aji, Guru gatra tembang pangkur ing dhuwur yaiku ....
a)
7
b)
8
c)
6
d)
12
20.
Pawitane para ….. (a), Aja nglalekake maca lan …. (i), Nimbaa sumbere …. (u), Ngugemi tata….(a), Minangka tatacarane ngangsu kawruh, Tawadhu‟ uga tawakal, Mungguh lair uga …. (i). Tembung sing cocok kanggo njangkepi gatra katelu yaiku ....
a)
ilmu
b)
ibu
c)
buku
d)
krungu
21.
Sing kalebu paribasan yaiku ....
a)
pitik trondol diumbar ing padaringan
b)
becik ketitik ala ketara
c)
mikul dhuwur mendhem jero
d)
lambe satumang kari samerang
22.
Sing kalebu bebasan yaiku ....
a)
pitik trondol diumbar ing padaringan
b)
mubra-mubru mblabur madu
c)
mikul dhuwur mendhem jero
d)
ing ngarsa sung tuladha
23.
Sing kalebu saloka yaiku ....
a)
aji godhong garing
b)
nututi layangan pedhot
c)
anak polah bapa kepradah
d)
kebo nusu gudel
24.
Pak Basuki uripe tansah rekasa jalaran kakehan anak. Saben dina kudu pontang-panting nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhan. Unen-uneng kang mathuk kanggo nggambarake kahanane Pak Basuki yaiku .....
a)
aji godhong garing
b)
nututi layangan pedhot
c)
anak polah bapa kepradah
d)
kebo kabotan sungu
25.
Kakehan umuk nanging ora ana nyatane. Ukara kuwi cocog karo unen-unen ....
a)
durung becus keselak besus
b)
nututi layangan pedhot
c)
anak polah bapa kepradah
d)
kakehan gludhug kurang udan
26.
Paribasan "Becik ketitik ala ketara" tegese ....
a)
nemu kabegjan kang gedhe banget
b)
wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
c)
sing apik bakal dititik, sing ala bakal dititeni
d)
becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine
27.
Unen-unen Jawa tegese ....
a)
tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu
b)
tetembungan tartamtu kang endah
c)
tetembungan sajerone ukara kang kasusun miturut adat
d)
tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu
28.
Unen-unen sajerone basa lan kasusastran Jawa cacahe ana ....
a)
lima
b)
papat
c)
loro
d)
telu
29.
Sing kalebu unen-unen Jawa yaiku ....
a)
bebasan, saloka, pepindhan
b)
saloka, paribasan, pepindhan
c)
saloka, baradha, pepindhan
d)
paribasan, bebasan, saloka
30.
Sing padha antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ....
a)
tetembungane tetep, cacahe genep
b)
tetembungane tetep, isine owah
c)
tetembungane tetep, ganep, bisa owah
d)
tetembungane tetep, ora owah
31.
Sing kalebu teks informasi yaiku ....
a)
Teks pawarta
b)
Teks persuasi
c)
Crita Kancil lan Baya
d)
Legenda Danau Toba
32.
Titikane teks pawarta yaiku ....
a)
ngandharake fakta
b)
kamomot ana ing media cetak
c)
isine ngajak-ajak
d)
isine mamerake
33.
Sing kalebu sesanti yaiku ....
a)
Negor sauwit, nandur satus bibit
b)
Alasku paru-parune donya
c)
Ayo nglestarekake alam
d)
Sabun deterjen rakyat, ramah lingkungan
34.
Sing kalebu tembang macapat yaiku ....
a)
lir ilir
b)
pangkur
c)
pucung
d)
sinom
35.
Titikane tembang macapat ana ing ....
a)
guru lagu
b)
guru wilangan
c)
guru gatra
d)
guru ilmu
36.
Pernyataan ing ngisor iki sing bener yaiku ....
a)
guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada
b)
guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra
c)
guru lagu yaiku tibane swara ing pungkasaning tembang
d)
guru swara yaiku tibaning lagu ing pungkasaning gatra
37.
Sing kalebu unen-unen Jawa yaiku ....
a)
paribasan
b)
saloka
c)
parikan
d)
cangkriman
38.
Sing kalebu paribasan yaiku ....
a)
Becik ketitik, ala ketara
b)
Ing ngarso sung tuladha
c)
Lambe satumang kari samerang
d)
Kebo kabotan sungu
39.
Sing kalebu bebasan yaiku ....
a)
Udan tangis
b)
Cincing-cincing meksa klebus
c)
Jer basuki mawa bea
d)
Kodhok nguntal gajah
40.
Sing kalebu saloka yaiku ....
a)
Kebo nusu gudel
b)
Ula marani gepuk
c)
Desa mawa cara, negara mawa tata
d)
Mikul dhuwur, mendhem jero
41.

Teks pariwara yaiku teks kang mamerake supaya dideleng lan dituku

a)

benar

b)

salah

42.

Teks kang ngandharake fakta (prastawa nyata), diarani teks pawarta

a)

benar

b)

salah

43.

Karangan sing isine ngajak lan ngyakinake diarani teks sesanti

a)

benar

b)

salah

44.

Abang-abang lambe tegese guneme mung lamis

a)

benar

b)

salah

45.

Ing ngarsa sung tuladha tegese duwe kekarepan pengin dadi pemimpin

a)

benar

b)

salah