wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SAS1 BAHASA JAWA KLS 5

Total questions: 60

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pucung mung turut kutha

Tembang ing dhuwur guru gatrane ana …

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

2.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring, sing disaba si pucung mung turut kutho. Cangkriman tembang ing dhuwur wangsalané yaiku …

a)

gajah

b)

iket/udhèng

c)

sepur

d)

jun/klething

3.

Cacahing gatra ing saben pada diarani …

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru sastra

d)

guru lagu

4.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung, Tan ana kang tresna, Kabeh uwong mesti sengit, Kang kanggoenan den lus-elus tinangisan.

Batangane tembang ing dhuwur yaiku …

a)

gajah

b)

sepur

c)

jun

d)

udun

5.

Tembang macapat iku kaiket ing telung paugeran, kejaba ...

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru pada

6.

Dedalane guna lawan sekti Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ...

a)

8u

b)

9i

c)

10a

d)

10i

7.

Ing ngisor iki ukara kang guru wilangane ana 12 yaiku ...

a)

Mbangun turut marang wong tuwa

b)

Sapa jujur mbesuke bakal luhur

c)

Wis wajibé si murid sregep sinau

d)

Dedalane guna lawan sekti

8.

Guru lagu i tuladhane yaiku ...

a)

sawegi-wengine

b)

pencokammu lambung kering

c)

sapa kang sregep makarya

d)

temen margane swarga iku

9.

Tembang ing ngisor iki jenenge tembang ...

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priwangga,

Dudu saka uwong liya,

Pramila den ngati-ati,

Sakeh dirgama,

Singgahana den eling.

a)

Maskumambang

b)

Durma

c)

Kinanti

d)

Pucung

10.

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priwangga,

Dudu saka uwong liya,

Pramila den ngati-ati,

Sakeh dirgama,

Singgahana den eling.

Tembang ing ndhuwur, guru wilangan lan guru lagune yaiku ...

a)

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

b)

8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

c)

8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a

11.

Ing ngisor iki guru wilangan lan guru lagune tembang pucung yaiku ...

a)

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

12u, 6a, 8i, 12a

c)

7u, 10u, 12i, 6u, 8o

d)

12i, 6a, 8i, 8a

12.

Ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kejaba ...

a)

Pucung

b)

Gambuh

c)

Praon

d)

Kinanthi

13.

Piranti kanggo nyinau titilaras yaiku gamelan. Ing gamelan Jawa titi laras iku ana loro, laras ... lan ...

a)

Pelog – slendro

b)

Enem – Miring

c)

Barang – Manyura

d)

Lima – Sanga

14.

Caching gatra saben sapada.....

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru sastra

d)

guru lagu

15.

Bekti tuhu mring guru

Guru wilangan lan guru lagune tembang iki yaiku ...

a)

7u

b)

8i

c)

7a

d)

12i

16.

Tibaning swara ing saben pungkasan gatra .....

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru sastra

d)

guru lagu

17.

Begja cilaka dudu saka wong liya. Guru wilangan lan guru lagune tembang iki yaiku ........

a)

10a

b)

8a

c)

11a

d)

12a

18.

Tembang ing dhuwur guru gatrane ana ...

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

19.

Tembang ing dhuwur guru gatrane ana ...

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

20.

Apa sing diarani tembang macapat.....

a)

Tembang kang digendhèng nganggo gamelan wayang wong

b)

Tembang Jawa tradisional sing nduwèni paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

Tembang anyar sing digawé kanggo musik modern

d)

Tembang kanggo upacara adat kematian waé

21.

Pawarta iku tegese apa?

a)

Crita bab wayang lan legenda

b)

Andharan marang liyan ngenani kedadeyan nyata

c)

Crita imajiner kang digawe wong

d)

Ucapan-ucapan kanggo hiburan

22.

Kalawarti tegese ...

a)

Warta sing tansah diterbitaké saben dina

b)

Warta/kabar kang diterbitaké kala-kala/ora saben dina

c)

Warta kang digawe kanggo imajinasiné manungsa

d)

Warta sing ora adhedhasar fakta

23.

Ariwarti iku warta kang ...

a)

Tansah diterbitaké saben dina

b)

Diterbitaké saben minggu

c)

Digawe adhedhasar imajinasi

d)

Mung kanggo hiburan masyarakat

24.

Tuladhané kalawarti basa Jawa yaiku ...

a)

Bobo, Kompas, lan Tempo

b)

Jaya Baya, Panjebar Semangat, lan Jempiring

c)

Suara Merdeka, Kedaulatan Rakyat, lan Kompas

d)

Dongeng Kancil, Legenda Banyuwangi, lan Ande-ande Lumut

25.

Adhedhasar isinè, pawarta bisa awujud pawarta bab ...

a)

Politik, kawarasan, ekonomi, hiburan, lan liya-liyane

b)

Crita rakyat, legenda, lan mite

c)

Crita wayang, tembang macapat, lan geguritan

d)

Sesanti, paribasan, lan bebasan

26.

Adhedhasar sumberé, pawarta kudu ...

a)

Adhedhasar crita fiksi

b)

Adhedhasar fakta lan kedadeyan nyata

c)

Digawe kanthi imajinasi

d)

Saka dongeng-dongeng rakyat

27.

Idhe pokok kang mathuk kanggo gambar yaiku ....

a)

Dolanan jamuran

b)

Sinau bebarengan

c)

Dolanan jumpritan

d)

Semayan arep dolan

28.

Ukara panerang kang ora mathuk kanggo gambar yaiku ....

a)

Bima rumangsa seneng atine.

b)

Bocah-bocah rumangsa seneng.

c)

Wayah sore bocah-bocah dolanan ing plataran.

d)

Bima rumangsa sedhih atine.

29.

Bima ora weruh yen ibune wis teka, Ukara kasebut nggunakake ragam basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

30.

Ing sawijining ukara, tembung sing dadi pokok pembicaraan utawa subyek diarani ...

a)

Wasesa

b)

Jejer

c)

Lesan

d)

Keterangan

31.

Bagéan ukara sing nuduhaké tumindak utawa predikat diarani ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Keterangan

32.

Ing ukara “Bapak maca koran ing teras omah”, tembung Bapak kalebu ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Keterangan

33.

Ing ukara “Siti lagi mangan sega”, tembung mangan kalebu ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Keterangan

34.

Ing ukara “Adik tuku jajan ing pasar”, tembung jajan kalebu ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Keterangan

35.

Ing ukara “Kula sinau bengi”, tembung bengi klebu ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Keterangan

36.

Ing ngisor iki ukara kang duwé pola J-W-L yaiku ...

a)

Adik maca buku ing teras.

b)

Ibu masak sayur.

c)

Siswa sinau ing kelas.

d)

Bapak lunga menyang pasar.

37.

Ukara ngisor iki kang polané J-W-L-K yaiku ...

a)

Adik turu.

b)

Guru nerangake pelajaran ing kelas esuk.

c)

Kucing mangan iwak.

d)

Mbok De masak sayur asem.

38.

Ukara iki gawe pola apa? "Aku lunga menyang pasar."

a)

a. J-W-L

b)

b. J-W

c)

c. J-W-K

d)

d. J-W-L-K

39.

Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut diarani ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

klarifikasi

d)

identifikasi

40.

Struktur teks narasi yaiku ....

a)

narasi, deskripsi

b)

alur, paraga lan watake

c)

alur, paraga lan watake, latar

d)

idendifikasi, klasifikasi, deskripsi

41.

Kang diarani alur yaiku ....

a)

urutan kedadean

b)

kang ngalami kedadean

c)

wektu, papan, lan swasanane kedadean

d)

ngandharake kanthi njlimet / rinci

42.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradhisional, kajaba ....

a)

Bisa gawe rukun sakancane

b)

Nglatih kelantipan, ketrampilan

c)

Gawe awak sehat, seger waras

d)

Boros, wragade akeh lan larang

43.

Ing ngisor iki kalebu dolanan tradisional yaiku ...

a)

b)

c)

d)

44.

Gambar ing ngisor iki kalebu dolanan tradisional yaiku ....

a)

dakon

b)

egrang

c)

bekelan

d)

betengan

45.

Gambar ing ngisor iki kalebu dolanan tradisional yaiku ....

a)

dakon

b)

egrang

c)

bekelan

d)

betengan

46.

Ing ngisor iki sing kalebu dolanan tradisional yaiku ...

a)

layangan, gobak sodor, engklek

b)

catur, sepak bola, renang

c)

game online, robot, catur

d)

badminton, voli, basket

47.

Dolanan tradisional kudu dilestarèkaké amarga ...

a)

mung kanggo anak sekolah

b)

dadi warisan budaya bangsa

c)

ora ana gunané

d)

luwih apik tinimbang sinau

48.

Dolanan tradisional yaiku dolanan sing ...

a)

digawe nganggo teknologi canggih

b)

diwarisaké saka jaman mbiyèn

c)

mung bisa ditindakake wong tuwa

d)

mung ana ing kutha-kutha gedhé

49.

tulisan sing gagasan pokoké diandharaké kanthi cara nggambaraké obyek, panggon, utawa kahanan kanthi njlimet/rinci, nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe obyek sing digambaraké panulis yaiku teks....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

Identifikasi

d)

klarifikasi

50.

Struktur teks deskripsi yaiku ...

a)

narasi, deskripsi

b)

alur, paraga lan watake

c)

alur, paraga lan watake, latar

d)

idendifikasi, klasifikasi, deskripsi bagean

51.

Wacan ing ngisor iki kalebu wacan jenis ......

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

identifikasi

d)

klarifikasi

52.

Wacan ing ngisor iki kalebu wacan jenis ......

a)

narasi

b)

deksripsi

c)

identifikasi

d)

klarifikasi

53.

Egrang yen ditulis dadi aksara jawa yaiku ...

a)

b)

c)

d)

54.

Dhakon yen ditulis dadi aksara jawa yaiku ...

a)

b)

c)

d)

55.

Gangsing yen ditulis dadi aksara jawa yaiku ...

a)

b)

c)

d)

56.

Yoyo yen ditulis dadi aksara jawa yaiku ...

a)

b)

c)

d)

57.

Pangucape sing bener yaiku ....

a)

Gobag sodor

b)

Bentengan

c)

Dhelikan

d)

Bekelan

58.

Jangkepana lagu tembang dolanan ing ngisor iki Cublak - Cublak suweng suwenge ting .......

a)

gemuruh

b)

gemrobyak

c)

gendadapan

d)

gelenter

59.

Pilihien jawaban ing ngisor iki sing paling bener! Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira. Tembung sumyah gumbira kalebu tembung....

a)

camboran

b)

saroja

c)

entar

d)

lugas

60.

Tembung sumyah gumbira tegese yaiku....

a)

seneng banget

b)

susah

c)

bingung

d)

gela