wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS_BAHASA JAWA_KLS 5_GANJIL

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 33mins

Name
Class
Date
1.

Basa utawa ukara kang dipaesi, didandani, utawa dipacaki supaya katon luwih endah, bregas, lan ngresepake ati (nengsemake) nalika dirungokake utawa diwaca diarani ….

a)

Basa ngoko

b)

Basa jawa

c)

Basa rinengga

d)

Tembang macapat

2.

Dadi pemimpin iku kudu jembar segarane supaya disenengi wargane.

Tembung jembar segarane tegese ....

a)

Sugih bandha donya

b)

Pinter micara ing ngarep wong akeh

c)

Sugih pangapura lan sabar

d)

Seneng menehi sumbangan

3.

Bapak iku awake gagah prakosa.

Tembung gagah prakosa iku kalebu tembung saroja amarga ....

a)

Dumadi saka rong tembung kang tegese padha utawa meh padha

b)

Dumadi saka rong tembung kang tegese kosok balen (lawan kata)

c)

Nduweni teges kiasan utawa ora sabenere

d)

Gabungan tembung kang nuwuhake teges anyar

4.

Dadi bocah sekolah kudu duwe watak andhap asor marang guru lan kanca.

Tembung andhap asor tegese yaiku ....

a)

Lembah manah utawa ora sombong

b)

Seneng pamer kapinteran

c)

Seneng njaluk ngapura

d)

Kendel lan seneng padu

5.

Gatosaken katrangan ing ngisor iki!

(1) Nagasari (saka tembung: naga + sari)

(2) Dubang (saka tembung: idu + abang)

Adhedhasar tuladha ing dhuwur, pranyatan kang bener yaiku ....

a)

Nagasari iku camboran tugel amarga tembunge wutuh

b)

Dubang iku camboran wutuh amarga ana wanda sing ilang

c)

Nagasari iku camboran wutuh, dene Dubang iku camboran tugel

d)

Kaloro tembung kasebut kalebu camboran wutuh

6.

Ing prapatan dalan kae ana lampu kanggo ngatur lalu lintas. Lampu kuwi wernane abang lan ijo.

Lampu kasebut biasane diarani ....

a)

lunglit

b)

bangjo

c)

dubang

d)

dhekwur

7.

Dono kae pancen bocah sing angel banget dikandhani. Wis bola-bali didukani bapak lan ibune amarga nakal, nanging meksa ora nggugu lan mbaleni salahe maneh.

Bocah kaya Dono iku diarani ....

a)

Abang kupinge

b)

Kandel kupinge

c)

Tipis lambene

d)

Cilik atine

8.

Simbah kakung yen maos koran kudu ngagem .... supaya tulisane katon cetha/jelas.

a)

Kacamata

b)

Lemari kaca

c)

Parang rusak

d)

Juru kunci

9.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung saroja yaiku ....

a)

Para warga desa urip kanthi ayem tentrem lan ora ana pasulayan.

b)

Bocah kuwi pancen dawa tangane, mula ora disenengi kancane.

c)

Ibu mundhut jajan nagasari ing pasar legi.

d)

Simbah kakung lagi maos koran nggunakake kacamata.

10.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Kudu sregep nuntut ilmu

Kanggo cekelane urip

Ana Donya lan akhirat

Dene ilmu diduweni

Mula akeh kabecikan

Lan kasampurnaning urip

Guru wilangan lan guru lagu tembang ing dhuwur yaiku ….

a)

8u-8i-8a-8i-8a-8i

b)

8u-8i-8i-8a-8i-8a

c)

8u-8i-8a-8i-8i-8a

d)

8u-8i-8a-8u-8i-8i

11.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sangkamu ing plembang

Ngon ingone sang bupati

Yen lumampah si pucung lembehan grana

Sinonim tembung grana yaiku….

a)

sirah

b)

mripat

c)

irung

d)

lambe

12.

Guru gatra yaiku ….

a)

Tibaning swara (vocal) ing pungkasane gatra

b)

Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra

c)

Cacahe gatra (larik) saben sapada

d)

Cacahe swara (vocal) ing saben gatra

13.

Tembang macapat iku cacahe ana ….

a)

10

b)

11

c)

12

d)

13

14.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba pucung mung turut kutho

Batangane tembang pucung ing dhuwur yaiku ….

a)

sepur

b)

jam tangan

c)

kabel listrik

d)

sabuk

15.

Yen kowe kepingin ilmu

Yo konco padha sregep sinau

Ora mandheg le sinau nganti mati

Nalika wes oleh ilmu

Kita wurugi sing enom

Jenise tembang macapat ing dhuwur yaiku ….

a)

dhandanggula

b)

pangkur

c)

gambuh

d)

pucung

16.

Adhedhasar tabel ing dhuwur, sing kalebu jinis tembang macapat dituduhake nomer ....

a)

1, 2, lan 3

b)

1, 3, lan 5

c)

2, 3, lan 4

d)

3, 4, lan 5

17.

Wewatekane tembang sak penake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur yaiku tembang jenis …..

a)

Mijil

b)

Sinom

c)

Pucung

d)

Gambuh

18.

Conto crita rakyat ing ngisor iki asal saka Jawa Timur yaiku ….

a)

Asal usule Banyuwangi

b)

Danau Toba

c)

Candi Sewu

d)

Gunung Tangkuban Prau

19.

Sri Tanjung banjur ngomong, “Kakang, yen iki mengko getihku wangi gandane, tegese aku setya karo slirane lan apa sing kok tuduhake iku mung pitnah kang kasebar kanggo misahake aku lan slirane.” Sawise ngomong kaya ngono Sri Tanjung langsung suduk sarira nganggo kerise nganti dadi patine. Anggane Sri Tanjung banjur dilarung menyang kali. Anehe, getih sing metu saka anggane Sri Tanjung gandane ora amis, ambune wangi banget.

Watake/sifate Sri Tanjung yaiku ….

a)

setya

b)

ala

c)

sregep

d)

pitnah

20.

Ing pinggir pantai, urip ibu karo anake sing jenenge Malin Kundang. Ing sawijining dina, Malin mutusake arep menyang kutha. Dheweke pengin nulungi ibune sing wis tuwa. Kanthi ati sing abot, ibune ngeculake Malin. Wis pirang-pirang taun kepungkur, Malin ora nate mulih. Nganti sawijining dina ana kapal gedhe teka. Warga sing weruh iki nglaporake ibune Malin. Dheweke ujar manawa wong sing nggawa kapal gedhe kasebut Malin. Ibu menyang Pantai. Nalika ndeleng bocah kasebut, dheweke banjur nyeluk anake. Nanging, Malin ora gelem ngaku yen wanita tuwa kuwi ibune. Kuciwo karo polah Malin marang dheweke. Ibu ndonga lan ngipat- ipati Malin Kundang supaya dadi watu.

Watak Malin ing crito dhuwur kuwi yaiku ….

a)

apik

b)

durhaka

c)

ala

d)

nurut

21.

Ciri-ciri teks eksposisi yaiku nomer ….

a)

1 dan 3

b)

2 dan 4

c)

1 dan 2

d)

3 dan 4

22.

Ciri- ciri teks narasi yaiku nomer ….

a)

1 dan 2

b)

1 dan 3

c)

2 dan 3

d)

3 dan 4

23.

Adhedhasar tabel ing dhuwur, sing kalebu ciri-ciri teks pawarta yaiku nomer ....

a)

1 dan 2

b)

1 dan 3

c)

2 dan 4

d)

3 dan 4

24.

Salah siji tujuane teks pawarta yaiku ....

a)

Njlentrehake carane nggawe sawijining barang

b)

Kanggo nglipur ati sing maca

c)

Menehi informasi utawa warta marang khalayak

d)

Ngyakinake pamaca supaya setuju karo panemune penulis

25.

Layang kabar utawa koran kang metune saben dina diarani….

a)

Saptawarti

b)

Candrawarti

c)

Kalawarti

d)

Ariwarti

26.

Wacan kang nggambarake objek, panggonan, utawa kedadeyan kanthi nggunakake panca indra supaya pamaca kaya-kaya bisa ngrasakake dhewe, diarani teks (a)  

27.

Wacan kang nyritakake urut-urutaning kedadeyan (kronologi) adhedhasar wektu, ana paraga (tokoh), lan alur critane, diarani teks (a)  

28.

Ing njerone teks pawarta, kanggo nakokake "papan panggonan kedadeyan", nggunakake tembung pitakon (a)  

29.

Tibaning swara (huruf vokal a, i, u, e, o) ing pungkasaning gatra tembang macapat diarani guru (a)  

30.

"Ngelmu iku kalakone kanthi laku"

Guru wilangan saka gatra ing dhuwur yaiku (a)  

31.

Para pejuang kuwi wis labuh labet marang negara kanthi gagah (a)  

32.

Nagasari, semar mendem, lan kacamata iku kalebu tuladha tembung camboran (a)  

33.

Tembung "Lunglit" iku tegese/artine balung karo ….

(a)  

34.

Aja dadi bocah sing gedhe endhase. Tembung gedhe endhase tegese (a)  

35.

Bocah kuwi seneng njupuk barang liyan, mula diarani ... tangane.

(a)  

36.

Ing wacan kasebut tinemu ukara "para warga tetep semangat nganti adus kringet".

a.      Apa tegese tembung adus kringet ing ukara kasebut?

b. Kalebu jinis tembung apa adus kringet iku?

4 lines
37.

Rini pancen misuwur bocah sing entheng tangane.

Apa tegese watak “entheng tangane” iku?

4 lines
38.

Miturut panemumu, apa manfaate acara Kirab Budaya kaya ngono kuwi kanggo bocah-bocah sekolah?

4 lines
39.

Wacanen tembang kinanthi ing ngisor iki!

Kudu sregep nuntut ilmu

Kanggo cekelane urip

Ana Donya lan akhirat

Dene ilmu diduweni

Mula akeh kabecikan

Lan kasampurnaning urip

Saka tembang Kinanthi ing dhuwur coba golekono opo wae :

a. guru gatra = ....

b. guru wilangan = ...

c. guru lagu = .....

4 lines
40.

Tulisen kanthi rinci:

a.      Sapa wae tokoh e?

b.     Ing ngendi kedadean e cerita iku?

c.      Apa amanat/ pesen cerita iku?

4 lines