Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Jawa 7

Total questions: 31

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

Teks kang nerangake asil pengamatan utawa panaliten kang ngrembug sawijining objek sing wis ditindakake kanthi paugeran tulisan kang gumathok diarani…

a)

deskripsi

b)

observasi

c)

narasi

d)

argumentasi

2.

Karangan kang ngandharake babagan sawijining pendapat yaiku…

a)

persuasi

b)

deskripsi

c)

argumentasi

d)

narasi

3.

Sipate teks lapuran observasi kudu informatip, komunikatip, lan objektip. Teges saka tembung objektip yaiku…

a)

ngemot informasi faktual lan adhedasar sing bener babagan kedadeyan sejatine

b)

seratan gunakake basa sing bisa dadekake kita sesrawungan karo teks

c)

nggawe katrangan sing migunani babagan objek sing diamati pamaca

d)

duwe struktur teks sing runtut lan jangkep

4.

Teks palapuran nduweni 3 struktur, salah sawijine perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci. Struktur iku diarani…

a)

deskripsi bagean

b)

deskripsi umum

c)

identifikasi

d)

deskripsi manpangat

5.

Enceng gondok bisa gawe becik utawa ala kanggo alam lan lingkungan, dampak alane yaiku bisa dadi gulma utawa perusak ekosistem ing banyu. Enceng gondok uga ana gunane yaiku bisa dadi pakan ternak, bahan pupuk organik lan uga bahan kanggo gawe kerajinan anyaman. Perangan ing duwur iku nuduhake struktur tek palapuran yaiku…

a)

pangerten umum

b)

deskripsi bagean

c)

deskripsi manpangat

d)

deskripsi khusus

6.

Unggah-ungguh basa kang digunakake bocah padha bocah nalika nyritakake wong ka-3 sing kudu diajeni yaiku…

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

7.

“menawi mboten klentu sampeyan rak yoganipun Dhik Jarwo ta?” pitakonan ing duwur iku tuladhane saka unggah-ungguh basa…

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

8.

Prabeya saka akehe wong kang latah dodolan Es Teh Jumbo, para siswa-siswi pada seneng ngonsumsi teh kanthi takeran kang ora kira-kira. Amarga regane murah tur isine akeh uga gampang ditemoni ing sak kiwa tengene dalan. Sak temene teh iku nyehatna awak yen dikonsumsi kanthi wates kan wajar, masiya nyehatna nanging yen dikonsumsi kanthi wates kang ora wajar bakal ora nemu manpangate. Kaya dene kopi, teh uga duweni zat kang jenenge kafein, bates wajar ngonsumsi kafein yaiku kurang saka 200 miligram saben dinane, yen kafein iku mau dikonsumsi ngluwihi wates wajar bisa gawe efek negatip kanggo awak, kayata : lara weteng merga asam lambung e munjuk, ngurangi nyerape zat besi ing awak, stress amerga ora bisa turu, mumet lan uga liya-liyane. Mula ayo luwih ngati-ngati anggone milih ombenan kang nyehatna awak, aja nganthi mburu seneng banjur ora mikirna kesehatan kanggo awak e dewe! Paragrap ing duwur iku pantese dadi tuladha saka paragrap…

a)

deduktif

b)

eksposisi

c)

induktif

d)

argumentasi

9.

Gatekna jinising paragrap ing ngisor iki! (1) deduktip (2) induktip (3) argumentasi (4) persuasi (5) deskripsi Jinising paragrap manut pokoke ukara ditunjukake nomer…

a)

(1) lan (5)

b)

(2) lan (3)

c)

(3) lan (4)

d)

(1) lan (2)

10.

Paragrap kang ukara utamane manggon ing sisih mburi paragrap lan gunakake konjungsi penyimpul watar ukara kayadene dadi, mula, lan sapanunggalane diarani paragrap…

a)

induktip

b)

deduktip

c)

objektip

d)

kreatip

11.

Tembung kang jlentrehake penggawean diarani tembung…

a)

sesulih

b)

wilangan

c)

aran

d)

kriya

12.

Tembung kang jlentrehake penggawean diarani tembung…

a)

sesulih

b)

wilangan

c)

aran

d)

kriya

13.

Ukara ngisor iki kang migunakake basa krama lugu yaiku…

a)

sampeyan kalawau sampun nedha dereng?

b)

panjenengan kalawau sampun dhahar dereng?

c)

panjenengan mau sampun dhahar dereng?

d)

sampeyan mau wis dhahar durung?

14.

Apa irah-irahan kang pas kanggo wacan teks profil ing duwur…

a)

walisanga

b)

jamus kalimasada

c)

sunan kalijaga

d)

wayang kulit

15.

Tembung lingga saka tembung “nyebaraken” yaiku…

a)

nyebar

b)

nyabar

c)

sebar

d)

disebar

16.

Sunan Kalijaga miyos ing tahun 1450 ing kutha Tuban. Tembung sing dicetak kandhel artine…

a)

manggon

b)

lair

c)

ninggal

d)

pindah

17.

Micara ngenani gagasan utawa panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh yaiku…

a)

pranata adicara

b)

sesorah

c)

saerah

d)

nyandra

18.

Atur pambagyaharja yaiku salah sawijine sesorah miturut gunane kanggo…

a)

medar sabda tetembungan apa bae kang sipate umum

b)

sesorah kang ancas lan isine babagan kautaman, pitutur, lan sapanunggalane

c)

sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu

d)

sesorah kang ancas lan isine mligi babagan agama

19.

Miturut isine, sesorah ing nduwur kalebu…

a)

ular-ular

b)

atur pambagyaharja

c)

khotbah

d)

tanggap wacana

20.

Mboten supe bapa saha ibu Sutrisno ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit saking sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya ingkang awujud punapa kemawon. Mugi amal kesaenan panjenengan sami pikantuk piwales ganjaran ingkang matikel-tikel saking ngarsa dalem Allah SWT.

a)

ular-ular

b)

atur pambagyaharja

c)

khotbah

d)

tanggap wacana

21.

Salah sawijine ancase sesorah yaiku menehi hiburan, maknane…

a)

sesorah isine ngandharake babagan kang sacetha-cethane, supaya pamireng mangerti

b)

pamicara ngandharake alesan, bukti, lan conto supaya pamirenge gelem nindakake kaya apa kang dikarepake pamicara

c)

sesorah kang maringi pawarta utawa informasi bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamirsa

d)

sesorah kang bisa gawe sumringah lan meriah, pamicara mung ngandharake babagan kang gawe seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket

22.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa ngoko alus yaiku…

a)

nak Pras, sampeyan punapa tamtu kesah dateng Ngayogyakarto?

b)

panjenengan wis dhahar apa durung?

c)

pri, bu Shiha mau ndawuhi nggarap tugas ing kaca pira?

d)

pak Agus, panjenengan ngasta dinten napa mawon?

23.

Panganggone basa krama lugu yaiku kanggo rembugan antarane…

a)

bocah marang wong sing luwih diwasa

b)

wong diwasa karo wong diwasa sing wis kulina nanging ora sepiro ngurmati

c)

buruh marang majikane

d)

wong sing lagi kenal nanging ora pati ngurmati nemen

24.

Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Taringan, maca iku jinise ana loro yaiku…

a)

seru

b)

nyuwara

c)

batin

d)

cepet

25.

Bab-bab kang ora kena ditindhakake nalika sesorah yaiku…

a)

ngobahake awak kanthi ora trep karo kang digunem

b)

ngadeg kanthi lendhehan podium

c)

gunakake naskah kanggo sesorah ing kahanan resmi

d)

yakin menawa kang diadhepi iku sejajar, padha-padha menungsa titahe Gusti

26.

Nalika taksih timur, Kartini asring kintun serat dhateng kanca-kancanipun ingkang wonten Walandi. Tembung kang dicetak kandhel duweni arti…

a)

kirim

b)

etan

c)

nulis

d)

enom

27.

Wong kang lumrahe mbetakne tembang lan langgam ing tontonan wayang purwa diarani…

a)

wadyabala

b)

dalang

c)

sinden

d)

waranggana

28.

Struktur palapuran kang perangane nerangake gegambaran kang luwih rinci yaiku…

a)

deskripsi manpangat

b)

deskripsi bagean

c)

pangerten umum

d)

klasifikasi

29.

Bab-bab kang perlu ditindakake nalika nulis karangan deskripsi yaiku…

a)

karangan ditulis kanthi runtut lan cetha

b)

nemtokake tema/objek karangan

c)

gawe cengkorongan

d)

nemtokake ancase karangan

30.

Ing ngisor iki adat Jawa sing isih butuhake paragan sesorah, kejaba…

a)

pacelathon padinan

b)

upacara mantenan jangkep

c)

supitan (sunatan)

d)

dol tinuku ing peken

31.

Pangetrepan basa sing pas yaiku…

a)

aku turu, simbah sare

b)

aku turu, simbah tilem

c)

aku turu, adhik gerah

d)

aku turu, adhik tilem