wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Bahasa Jawa 8 Musa

Total questions: 32

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Pangertene unggah-ungguh basa yaiku ....

a)

Aturan adat istiadat Jawa ngenani tata krama lan sopan santun nalika guneman

b)

Cara maca geguritan kanthi bener lan pener

c)

Aturan nulis aksara Jawa nggunakake pasangan

d)

Cara nembang macapat supaya keprungu merdu

2.

Basa sing tembung-tembunge nggunakake tembung ngoko kabeh tanpa campuran krama diarani ....

a)

Ngoko Alus

b)

Krama Lugu

c)

Ngoko Lugu

d)

Krama Alus

3.

Yen kowe guneman karo kancamu sing wis akrab banget, nggunakake basa ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Alus

d)

Krama Lugu

4.

Bapak lagi .... koran ing emper omah. Tembung sing bener kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....

a)

Maca

b)

Maos

c)

Mriksani

d)

Mirsani

5.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara Ngoko Alus yaiku ....

a)

Aku arep mangan sega goreng.

b)

Ibu saweg dhahar wonten pawon.

c)

Bapak tindak kantor nitih motor.

d)

Kowe mau lunga menyang ngendi?

6.

Krama aluse tembung "lunga" yaiku ....

a)

Kesah

b)

Tindak

c)

Mlampah

d)

Budhal

7.

Ibu .... pasar tuku janganan. Tembung krama alus sing bener yaiku ....

a)

Tindak

b)

Lunga

c)

Mangkat

d)

Kesah

8.

Basa Krama Alus digunakake dening ....

a)

Wong tuwa marang anak

b)

Kanca sapantaran sing akrab

c)

Anak marang wong tuwa

d)

Guru marang murid

9.

Ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) ing basa Ngoko Alus nggunakake basa ....

a)

Krama

b)

Ngoko

c)

Krama Inggil

d)

Kedhaton

10.

Pak Guru: "Le, kowe mau apa wis sarapan?" Murid: "Sampun Pak, kula wau sampun ...."

a)

Dhahar

b)

Mangan

c)

Nedha

d)

Madhang

11.

Tembung "mripat" krama inggile yaiku ....

a)

Paningal

b)

Rikma

c)

Grana

d)

Pasuryan

12.

Krama inggile tembung "sirah" yaiku ....

a)

Rikma

b)

Mustaka

c)

Talingan

d)

Asta

13.

Ukara "Simbah lagi lara untu" yen diowahi dadi Krama Alus yaiku ....

a)

Simbah saweg sakit untu.

b)

Simbah lagi gerah untu.

c)

Simbah saweg sakit waja.

d)

Simbah saweg gerah waja.

14.

Aku diutus Ibu tuku uyah. Tembung "diutus" tegese ....

a)

Dikon

b)

Dijaluk

c)

Diwenehi

d)

Dituku

15.

"Panjenengan apa wis dhahar?" Ukara iki nggunakake basa ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

16.

Tembung "turu" yen kanggo awake dhewe nggunakake basa krama

4 lines
17.

Panjenengan apa wis dhahar? Ukara iki nggunakake basa ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

18.

Tembung "turu" yen kanggo awake dhewe nggunakake basa krama yaiku ....

a)

Sare

b)

Merem

c)

Tilem

d)

Turu

19.

Ibu: "Mbak, Bapak wis rawuh?" Anak: "Dereng Bu, Bapak saweg ...."

a)

Kondur

b)

Wangsul

c)

Bali

d)

Mangkat

20.

Nalika mertamu menyang omahe kanca nanging sing nemoni ibune, prayogane nggunakake basa ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Basa Gaul

21.

Ukara "Kula badhe siram" iku kurang trep miturut unggah-ungguh, amarga ....

a)

Tembung "siram" ora oleh kanggo awake dhewe

b)

Tembung "badhe" iku basa ngoko

c)

Tembung "kula" kudune "aku"

d)

Tembung "siram" mung kanggo kewan

22.

Basa sing nggunakake tembung krama kabeh nanging ora nganggo krama inggil diarani ....

a)

Krama Lugu

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

23.

Pak Guru: "Rani, apa kowe weruh Bu Guru ing kantor?" Rani: "Inggih Pak, kula wau .... Bu Guru ing kantor."

a)

Ndelok

b)

Ningali

c)

Mirsani

d)

Weruh

24.

Tembung "sampeyan" digunakake ing basa ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Krama Lugu

c)

Krama Alus

d)

Ngoko Alus

25.

Krama inggile "tangan" yaiku ....

a)

Asta

b)

Ampeyan

c)

Suku

d)

Racikan

26.

Yen awake dhewe arep liwat ing ngarepe wong tuwa, kudu ngucapake ....

a)

Halo, permisi

b)

Minggir-minggir

c)

Nyuwun sewu, nderek langkung

d)

Arep liwat

27.

Ibu sampun .... saking Surabaya jam sanga wau.

a)

Mlebu

b)

Rawuh

c)

Dugi

d)

Teka

28.

Ukara "Kula dereng maos buku punika" nggunakake basa ....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

29.

Bapak saweg .... wonten kamar amarga lungkrah.

a)

Sare

b)

Tilem

c)

Turu

d)

Leren

30.

Tembung "omah" yen dikramakake alus (krama inggil) dadi ....

a)

Griya

b)

Dalem

c)

Papan

d)

Gedhong

31.

Ing ngisor iki sing dudu tujuwane unggah-ungguh basa yaiku ....

a)

Ngajeni wong liya

b)

Njaga sopan santun

c)

Kanggo pamer kepinteran

d)

Ngerteni tata krama

32.

Simbah nembe kemawon .... saking sawah.

a)

Mangkat

b)

Bali

c)

Wangsul

d)

Kondur