Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

bjw 7

Total questions: 35

Worksheet time: 1hrs 11mins

Name
Class
Date
1.

Agni iku salah sawijining dasanama saka ....

a)

Banyu

b)

Angin

c)

Lemah

d)

Geni

2.

Candhi Borobudur iku mapan ing Kabupaten

a)

Magelang

b)

Temanggung

c)

Purworejo

d)

Wonosobo

3.

Bagas nalika ing toko buku ketemu karo gurune kang asmane Bu Bekti, anggone sapa aruh Bagas marang Bu Bekti becike yaiku …

a)

Bu Bekti, badhe napa niki?

b)

Bu Bekti, ajeng tumbas napa bu?

c)

“Bu Bekti, badhe mundhut menapa bu?”

d)

“Bu Bekti, badhe tumbas napa bu?”

4.

Cacahe/jumlahe aksara Jawa ana........

a)

11

b)

22

c)

19

d)

20

5.

“Mbah nyuwun sewu kula ngrumiyini nggih.” Ukara kasebut diucapake menawa kowe …

a)

Arep sowan ing daleme simbah

b)

Arep pamit mulih nalika mertamu

c)

Arep nglancangi wong sing luwih tuwa

d)

Liwat ing ngarepe wong kang lagi lungguhan.

6.

Basa kang digunakake murid marang guru yaiku basa....

a)

Ngoko Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama Alus

d)

Krama Lugu

7.

Gambar wayang ing ngisor iki kang nggambarake Rahwana yaiku ....

a)
b)
c)
d)
8.

Sapa gambar wayang ing dhuwur iki

a)

Kumbakarna

b)

Rahwana

c)

Rama

d)

Leksmana

9.

Basa ngoko lugu digunakake sapa marang sapa

a)

Anak marang wong tuwane

b)

Murid marang gurune

c)

Karo kancane kang wis kulina.

d)

Kawula marang ratune

10.

Dipun rantos rumiyin inggih bapak taksih siram.

Ukara ing dhuwur nganggo basa : ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

11.

Aksara Jawa kasebut yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku...

a)

Seneng maca buku.

b)

Iku senengane maca buku.

c)

Aku seneng maca buku.

d)

Sapa seneng maca?

12.

Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung dijaga yaiku ....

a)
b)
c)
d)
13.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Dasasila

b)

Pancasila

c)

Dasamuka

d)

Dasawarna

14.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Rapapa

b)

Parenga

c)

Rapeta

d)

Paringa

15.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Ati daya

b)

Adi daya

c)

Ari Raya

d)

Adi Budaya

16.

Tembung mloka-mlaku tegese bola-bali mlaku. Tembung mloka-mlaku kalebu tuladha tembung ....

a)

Dwipurwa

b)

Dwi wasana

c)

DWilingga salin swara

d)

DWi lingga

17.

Ing ngisor iki tuladhane tembung rangkep dwipurwa yaiku ...

a)

Bola-bali

b)

Cekikikan

c)

Bebungah

d)

Cekakak

18.

Tembung lingga kang karangkep mawa owah-owahan swara diarani ...

a)

Dwiwasana

b)

Dwi purwa

c)

Dwilingga murni

d)

Dwilingga salin swara

19.

Ing ngisor iki tuladhane ukara nggunakake tembung dwilingga wantah sing tegese senadyan yaiku ....

a)

Wit pelem ngarep omahku wohe gedhe-gedhe

b)

Tanggaku wira-wiri ning ngarep omahke

c)

Ing sawah desaku ana kupu-kupu oadha mabur

d)

Udan-udan pa'a aku tetep mangkat sekolah

20.

Ing ngisor iki tuladhane ukara nggunakake tembung dwilingga wantah sing tegese senadyan yaiku ....

4 lines
21.

Ancase tedhak siten yaiku ...

a)

Andum panganan lan dhuwit

b)

Nyenengake bocah amarga ana rame-rame

c)

Bocah gelem dolanan lemah

d)

Ngenalake bocah marang lemah

22.

Tedhak siten dianakake nalika...

a)

Bocah umur pitung lapan

b)

Bocah umur pitung minggu

c)

Bocah umur pitung sasi

d)

Bocah umur pitung dina

23.

Tedhak Siten Tembung tedhak siten asale saka tembung tedhak kang tegese mudhun lan siten ( siti + _an ) kang tegese lemah. Dene tegese tembung tedhak siten yaiku mudhun lemah. Upacara tedhak siten ditindakake nalika bocah umur pitung lapan ( 245 dina) . Upacara tedhak siten dileksanakake ing dina klairan utawa wetone si bocah. Dene tujuane upacara kasebut yaiku kanggo ngenalake kapisan bocah marang lemah. Tedhak siten tegese yaiku ...

a)

Andum dhuwit receh

b)

Mlebu kurungan

c)

Bocah bisa mrangkang

d)

Mudhun lemah

24.

Ing ngisor iki kang bisa digawedadi wacan deskriptif prastawa budaya yaiku ...

a)

Mancing iwak ana Kali

b)

Sawalan kirab Gunungan Megana Pekalongan

c)

Perkara-perkara sing marai kesed

d)

Carane nggawe meja sinau sing apik

25.

Ing ngisor iki, kang ora kalebu titikane teks deskipsi yaiku ...

a)

Isine cerita jaman biyen

b)

Ngandharake gambaran sawijining bab

c)

Nglibatake panca indera

d)

Nggambrake kanthi cetha

26.

Cerita utawa andharan kanthi nggunakake tembung-tembung, bisa nggambarake ngenani barang, papan, swasana lan kedadeyan diarani ...

a)

Teks deskriptif

b)

Teks eksposisi

c)

Teks argumentasi

d)

Teks narasi

27.

Tulisen paugeran (guru lagu, guru wilangan, guru gatra) tembang ingngisor iki!

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos.

4 lines
28.

Tulisen apa sing kok ngerteni Bab Serat Wulangreh iku!

4 lines
29.

Tulisen 3 tuladha tindak tanduk kang jumbuh karo pitutur tembang ing ngisor iki!

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos.

4 lines
30.

Tulisen Pitutur sing bisa dijupuk saka tembang ing ngisor iki!

Ana pocapanipun

adiguna adigang adigung

pan adigang kidang adigung pan esthi

adiguna ula iku

telu pisan mati samyoh.

4 lines
31.

Ana pocapanipun

adiguna adigang adigung

pan adigang kidang adigung pan esthi

adiguna ula iku

telu pisan mati samyoh.

Bebasan kang ana ing njero tembang yaiku ....

a)

adiguna adigang adigung

b)

pan adigang kidang adigung

c)

adiguna ula iku

d)

telu pisan mati samyoh.

32.

Pitutur bener iku

sayektine kang iku tiniru

nadyan metu saking wong sudra papeki

lamun becik wurukipun

iku pantes sira anggo.

Tegese wong sudra papeki yaiku ....

a)

wong sing akeh nasihate

b)

wong kang seneng mulang

c)

wong kang wicaksana

d)

wong kang mlarat lan sengsara

33.

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos.

pitutur sing bisa dijupuk saka tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

ngupayaa sregep sinau

b)

Aja kebanjur kojur

c)

pitutur becik iku bisa diolehke saka ngendi wae

d)

aja nganti kebanjur dadi wong kang seneng ngapusi

34.

Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya, dadi tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan bakal ala asile uga ngrugekake manugsa dhewe.

pitutur ing dhuwur dijupuk saka Serat Wulangreh Pupuh Gambuh yaiku ....

a)

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos.

b)

Pitutur bener iku

sayektine kang iku tiniru

nadyan metu saking wong sudra papeki

lamun becik wurukipun

iku pantes sira anggo.

c)

Sekar gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kelantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon.

d)

Ana pocapanipun

adiguna adigang adigung

pan adigang kidang adigung pan esthi

adiguna ula iku

telu pisan mati samyoh.

35.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Sekar gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kelantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon.

pranyatan ing ngisor iki kang kalebu tumindak katula-tula katali yaiku ....

a)

Doni bocah kang disiplin mula dheweke ora tau mangkat telat apa maneh nganti di setrap gurune.

b)

Anton bocah sing sakarepe dhewe, ananging yen dikandhani wong tuwa isih gelem nglakoni sing bener

c)

Yani ora tau digatekake marang wong tuwane, tumindake sakarepe dhewe,wusanane Yani ora duwe subasita lan ora disenengi kanca-kancane

d)

Beni bocah kang seneng mbiyantu bapak ibune