wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS I KLS IV BHS JAWA 25.26

Total questions: 19

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Ngingah Ayam

Daryanto remen ngingah ayam. Ayamipun Daryanto kathah. Babonipun wonten 17, jagonipun namung tiga. Babonipun ingkang ngiring anakipun wonten kalih, kuthukipun gangsal welas. Sanesipun sami nigan. Kuthuk menika anak ayam.

Ide Pokok paragraf wacan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Daryanto remen ngingah ayam

b)

Babonipun wonten 17, jagonipun namung tiga

c)

Sanesipun sami nigan

d)

Kuthuk menika anak ayam

2.

Wacanen kanthi premati crita rakyat ing ngisor iki!

Sesampunipun angsal dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga, Ki Ageng Pandanaran enggal-enggal bidhal tindak dhateng Gunung Tembayat. Gunung tembayat menika papanipun wonten ing tlatah Bayat, wilayah Klaten, menawi saking Semarang prenahipun ngidul radi ngetan. Amargi kepengin enggal-enggal saged dumugi ing Gunung Tembayat, tindakipun Ki Ageng Pandanaran rikat sanget.     

Miturut crita ing ndhuwur, watake Ki Ageng Pandanaran yaiku ....

a)

ora miturut dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga

b)

nolak dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga

c)

miturut dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga

d)

seneng nesu marang sapa bae

3.

Wacanen kanthi permathi!

Ana sawijining ratu saka Kerajaan Mataram sing duwe prajurit sing ora jujur. Prajurit iku ngapusi lan ngrebut banda kerajaan tanpa ijin. Nalika ratu ngerti kelakuane, prajurit mau banjur kabur menyang tlatah Salatiga. Ratu banjur ngutus bala tentara kanggo ngoyak lan nyekel prajurit sing salah kuwi. Ing panggonan kono, ratu banjur paring pangapunten lan ganjaran marang rakyat sing wis mbantu nemokake prajurite.

Permasalahan utami miturut crita ing ndhuwur yaiku ....

a)

ora gelem perang nglawan mungsuh

b)

dibuang saka kerajaan

c)

lali karo tugas-tugase

d)

ora jujur lan ngapusi ratu

4.

Wacanen pratelan crita ing ngisor iki kanthi cermat!

Kedadeane cepet banget. Ora nyana ora ngira sing sedurunge, ngerti-ngerti jagad horeg. Dumadakan udan kaya disuntakake saka langit.

Miturut pratelan crita ing dhuwur, tembung kang kachitak kandhel tegese.…

a)

mledug

b)

mabur

c)

gumeter

d)

mlaku

5.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Kerja bakti bakal di leksanakaken Dinten Setu tanggal 6 Desember 2025, wiwit jam 07.30 dumugi rampung, kabeh siswa didhawuhi nderek kerja bhakti lan uga nggawa piranti sing diperlukake.

Miturut pratelan teks ing dhuwur, tembung kang kachitak miring tegese.…

a)

yarta

b)

alat

c)

arit

d)

sapu

6.

Wacanen kanthi permathi!

Ana sawijining prajurit saka Kraton Mataram sing dijenengi Ki Ageng Pandanaran. Dheweke ditugasi dening Raja supaya dadi Bupati Semarang. Nalika dadi bupati, Ki Ageng Pandanaran uripe saya sugih lan seneng ngumpulkake bandha. Amarga kuwi, dheweke lali marang tugase lan ora nggatekake rakyate.

Tokoh utama kang ana ing crita ndhuwur yaiku . . ..

a)

Ki Ageng Pandanaran

b)

Raja

c)

Rakyat

d)

Prajurit

7.

Wacanen kanthi permathi!

Nalika arep nulis karangan deskripsi iku kudu ngerti apa sing arep didheskripsikake. Supados tulisane gampang digawe, panulis kudu nggawe kerangka tulisan luwih dhisik. Kerangka tulisan kuwi kaya rencana tulisan, isine gagasan utama saben paragraf.

Miturut teks ing dhuwur, manfaat nggawe kerangka tulisan luwih dhisik nalika nulis teks deskripsi yaiku .…

a)

tulisane luwih dawa lan akeh tembunge

b)

tulisane luwih tertata lan gampang digawe

c)

tulisane luwih rame nganggo gambar

d)

ora perlu nulis maneh

8.

Ciri-ciri teks ing sisi kiwa kang nuduhake manawa iku kalebu teks deskripsi yaiku ….

Categorize the following

isine njlentrehake sawijining prastawa alam kanthi rinci

ana tokoh lan dialog antarane wong loro

nggambarake kedadeyan kanthi tembung kang nyata

nyeritakake kedadeyan jaman mbiyen kanthi urutan wektu

BENER
SALAH
9.

Pranyatan ing ngisor iki kang bener miturut wara-wara ing dhuwur yaiku ....

Categorize the following

warga supaya nggawa piranti kanggo resik-resik

kegiatan diwiwiti jam 08.00 esuk

titik kumpul dumunung ing balai warga RT 05

warga ora perlu nggawa piranti dhewe

BENER
SALAH
10.

Kagiyatan padinan Emre miturut wacan ing sisi kiwa yaiku ....

Categorize the following

dolanan ing sekolahan saben esuk

maringi pangan pitik

sekolah lan sinau bareng kanca

badminton bareng kanca ing balai RW

BENER
SALAH
11.

Miturut crita ing sisi kiwa, Gunung Tembayat menika papanipun wonten ing tlatah (a)  

12.

Wacanen pratelan crita ing ngisor iki!

Ayame Daryanto akeh, babone ana pitulas, jagone namung telu. Babon sing lagi ngiring ana loro, kuthuke ana selawe. Liyane padha ngendog. Kuthuk kuwi anak ayam.

Miturut wacan ing ndhuwur, jumlah jago lan babonipun Daryanto wonten …

a)

2

b)

17

c)

20

d)

25

13.

Wacanen pratelan crita ing ngisor iki!

Ayame Daryanto akeh, babone ana pitulas, jagone namung telu. Babon sing lagi ngiring ana loro, kuthuke ana selawe. Liyane padha ngendog. Kuthuk kuwi anak ayam.

Miturut wacan ing ndhuwur, selisih jago lan babonipun Daryanto wonten …

a)

3

b)

14

c)

17

d)

20

14.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Radit dipunkengken Pak RT supados nyithak surat pengumuman kerja bakti ing tempat fotokopian. Pak RT ngendika supados dicetak 15 lembar.

Menawi saben lembar niku regine Rp 300,- total ingkang kedah radit bayar yaiku Rp. . . ..

a)

3.500

b)

4.000

c)

4.500

d)

5.000

15.

Pranyatan ing ngisor iki kang bener miturut wacan ing sisi kiwa yaiku ....

Categorize the following

jumlahipun sapu sedoyo wonten 45

jumlahipun sulak sedoyo wonten 24

jumlahipun sapu sedoyo wonten 24

jumlahipun sulak sedoyo wonten 45

BENER
SALAH
16.

Pranyatan ing ngisor iki kang bener miturut wacan ing sisi kiwa yaiku ....

Categorize the following

nabung iku kegiatane Saeful sing ora manfaat

jumlahipun arto tabungan Saeful kalih minggu wonten Rp 5.000,00

nabung saged ndadosake Saeful saged tumbas piranti sekolah piambak

jumlahipun arto tabungan Saeful seminggu wonten Rp 3.500,00

BENER
SALAH
17.

Wacanen pratelan crita ing ngisor iki!

"He wong liwaaat ... mandheg, mandheg! Mandheg dhisik! Aaja koterusake lakumu! Saiki ... menawa kowe wong loro kepengin tetep slamet bisa ngliwati papan kene, suntaken kabeh isine gembolanmu! Apa kowe .. njaluk tak-tigas gulumu?" pangincime si Begal karo ngagar-agar gamane marang Ki Ageng lan Nyi Ageng.

Cacahe paraga kang ana ing crita ndhuwur yaiku . . ..

(a)  

18.

Wacanen pratelan wara-wara ing ngisor iki!

“Dina Minggu esuk tanggal 27 Oktober 2025 bakal diadani kerja bakti bebarengan kanggo resik-resik lingkungan. Kegiatan bakal diwiwiti jam 06.30 nganti jam 09.00 esuk. Saben warga dipunwantos supaya nggawa piranti resik-resik kaya sapu, cangkul, utawa arit.

Miturut wara-wara ing ndhuwur, suwene kerja-bakti yaiku ... jam.

(a)  

19.

Wacanen kanthi permathi!

Kutha Salatiga kalebu salah sawijining kutha tuwa ing Jawa Tengah. Miturut cathetan sejarah, Kutha Salatiga resmi diadegake tanggal 24 Juli taun 750 M. Saben taun, warga Salatiga ngrayakake ulang taun kutha minangka pangeling-eling dumadine kutha kasebut.

Miturut wacan ing ndhuwur, Yen saiki taun 2025, mula yuswa Kutha Salatiga dumugi saiki ... taun.

(a)