Font size
WorksheetsPenilaian Sumatif
Total questions: 35
Worksheet time: 28mins
Sajroning teks narasi isine ngandharake babagan …
proses kedadeyan
kahanan objek kanthi rinci
urutane kedadeyan
sewijining panemu
Inti utama ide dasaring crita yaiku ….
panulis
tema
latar
tokoh
Alur kawujud saka hubungan ….
prakara
latar lan paraga
sebab akibat
tema lan amanat
Ing ngisor iki sing klebu wacan narasi sugestif yaiku ....
crita pengalaman
biografi
cerkak
pawarta
Sawijining karangan kang menehi gambaran kanthi cetha samubarang kahanan apadene samubarang liyane diarani ....
deskripsi
narasi
eksposisi
argumentasi
Kang ora kudu digatekake nalika nulis karangan yaiku ....
basane sing becik
nulis nganggo aksara latin
nemtokake tema
milih irah-irahan
Preinan sekolah wingi Dimas dolan menyang daleme pakdhene ing Malang. Ing kana Dimas diajak plesir menyang papan wisata. Dimas ing daleme pakdhene sasuwene limang dina. Nalika wis mulih ing omahe, Dimas nulis crita sing dialami nalika preinan ing Malang. Saka katangan kasebut, teks kang ditulis dening Dimas awujud ...
deskripsi
eksposisi
narasi
argumentasi
Wis jam 07.00 esuk, nanging Bagas durung teka. Ukara ing dhuwur bisa kanggo nggambaraké babagan ....
latar kahanan
alur
latar kahanan
latar waktu
Kaendahan taman wisata bisa ditulis kanthi wujud teks ....
argumentasi
deskripsi
narasi
persuasi
Irah-irahan sawijining wacan prayogane ....
dawa
ngayawara
cekak aos lan narik kawigaten
angel dimangerteni
Jenis paragrap kang ukara pokoke mapan ing pungkasane lan lumrah mujudake simpulan diarani paragrap ....
deduktif
ineratif
induktif
ekstensif
Ing ngisor iki babagan kang ora trep kanggo ndeskripsikake kahanan sekolah yaiku ....
warna tembok sekolah
cacahé ruang kelas
ambane sekolah
kedadeyan ing acara kemah
Setitekna paragrap ing ngisor! Kulon omahku ana sawah kang jembar bawera. Tharik-tharik pathoke kang tinandur pari ijo royo-royo bisa gawe senening ati sing nyawang. Galengan sawah dawa kaya ula. Kalenan cilik sacedhake sawah katon resik tur iline deres. Swarane banyu kali keprungu endah kaya tatanan tembang. Ketambahan swara ocehe manuk sing saut-sautan gawe regenging swasana. Paragrap ing dhuwur mujudake teks deskripsi subjektif amarga ....
nggambarake objek kang mujudake ruang
nggambarake objek kang sanyatane
nggambarke objek apa anane
nggambarake objek kaya kang disawang dening panulis
Teks wacan kang surasane panemu sing jumbuh lan kianthenan fakta kanggo nguwatake diarani ....
deskripsi
argumentasi
persuasi
narasi
Tembung deskripsi asale saka tembung describere kang ngemut teges ....
ajak-ajak
njlentrehake
mangaribawani
nyritakake
Katrangan ing ngisor iki kang bisa nggambakake babagan keris lumantar teks deskripsi yaiku ....
rerenggan ing keris
andharan cara gawe keris
sejarah anane keris
wujude keris
Katrangan kang bisa kanggo gawe teks deskripsi spasial yaiku ....
gegambaran lan ambane ruang kelas
kedadeyan kang dialami nalika plesir
gegambaran lingkungan omah kang diwuwuhi pangreka
gegambaran lan dununge sawijining papan panggonan
Klebu narasi ekspositoris yaiku ....
biografi
crita pengalaman
dongeng
cerkak
Irah-irahan kang trep kanggo wacan deskripsi yaiku ....
Carane Gawe Wayang Kulit
Ayo Jaga Lingkungan!
Endahe Taman Sekolah
Wangunan Omahku
Unsur ing wacan narasi yaiku ....
klasifikasi
paraga
latar
identifikasi
Nyekakake wacan sing dawa tanpa ngilangi underaning crita diarani
(a)
Nguripake pangangen-angen klebu titikane wacan
(a)
Urutan kedadeyan sajroning wacan narasi diarani
(a)
Basa sing digunakake ing wacan narasi sugestif yaiku
(a)
Tetembungan kang digunakake ing wacan narasi ekspositoris yaiku
(a)
Babagan sing bisa ditulis ing wacan deskripsi yaiku
(a)
Katrangan wayah esuk utawa nyebutake tanggal klebu perangan
(a)
Maca pemahaman klebu ing jinis maca
(a)
Surasane wacan deskripsi bisa dirasakake dening pamaca kanthi migunakake (a)
Nulis wacan deskripsi bisa ditindakake kanthi (a)
1. Andharna sing dadi titikané wacan narasi!
2. Kepriye carane nulis wacan deskripsi? Andharna!
3. Sawijining wacan kadhapuk saka rerangkèn paragrap kang nyambung lan gegayutan karo tema. Sawijining paragrap bisa diarani becik menawa ngemu kohesi lan koherensi. Kohesi sajroning paragrap bisa dititeni kanthi sawatara cara. Apa bae cara sing dikarepake? Andharna!
4. Andharna sing dadi titikané wacan deskripsi!
Andharna sing diarani maca intensif?
(a)
