Font size
WorksheetsLast TryOut UAMNU
Total questions: 36
Worksheet time: 18mins
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Ing ngisor iki titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, kajaba ....
basane prasaja lan gampang dingerteni
jumlah barise (gatrane) uga winates
isine bab sing salaras karo kahanane bocah
nyritakake bab sinau
Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ....
nyenengake bocah dolanan
bisa dienggo nari daerah
ajaran nilai budi pekerti
ajaran sinau sing sregep
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yen wis mateng nuli madhang
Judhul tembang ing dhuwur yaiku ...
Jaranan
Gundhu Pacul
Lumbung Desa
Jamuran
Wuwuhan sing manggon ing ngarepe tembung diarani ....
Tembung
Ater-ater
Seselan
Panambang
Wuwuhan sing manggon ing tengahe tembung diarani ....
Tembung
Ater-ater
Seselan
Panambang
Wuwuhan sing manggon ing mburine tembung diarani ....
Tembung
Ater-ater
Seselan
Panambang
Tembung "nulis" asale saka "tulis" lan wuwuhan "n-". Wuwuhan n- kalebu wuwuhan ing ngarep tembung sing diarani ....
Tembung lingga
Ater-ater
Seselan
Panambang
Karangan Utawa paragraf kang nyritakake barang/obyek tertentu Kanti rinci yaiku teks
Narasi
Deskripsi
Argumentasi
Eksposisi
Ing ngisor Iki ciri ciri teks deskripsi kejaba..
Njlenterakeh obyek
Rinci lan gamblang
Digawe kaya kaya ngrasakake
Ana latar kedadean
Basa endah kang endahe karana dipaesi yaiku ...
Basa sastra
Basa rinengga
Basa Jawa
Basa krama
Bangkekane nawon kemit. Kalebu basa rinengga ....
pepindhan
panyendhu
panyandra
parikan
Kepriye watak e Prabu Ramawijaya?
Sabar
Galak
Angkara murka
Wig-wigan
Pandawa kang kembar yaiku...
Nakula lan sadewa
Nakula lan Arjuna
Yudhistira lan Werkudara
SAdewa lan Arjuna
Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...
teks informasi
teks penjelasan
teks pernyataan
teks berita
teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...
teks pawarta
teks persuasi
teks argumentasi
pariwara
Wacanen kanthi patitis!
Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.
miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...
pawarta
deskripsi
persuasi
pariwara
Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...
Deskripsi
narasi faktual
persuasi
eksposisi
Salah sijine teks sing diamot ing media cetak(koran, majalah) utawa media elektronik(TV), lan isine pawarta sing lagi anget dadi bahan omongane masyarakat diarani teks...
teks deskripsi
teks pawarta
pariwara
slogan
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Tembang macapat yaiku tembang sing ora keiket (terikat) aturan bener / salah?
Bener
Salah
ing ngisor iki sing ora klebu tuladha tembang macapat, yaiku ...
gambuh
cublak-cublak suweng
dhandhanggula
mijil
Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Geguritan
Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....
Diwenehi ati ngrogoh rempelo
Nututi layangan pedhot
Pupur sawise benjut
Kebo nusu gudel
Sing kalebu unen-unen jinis bebasan yaiku....
Bathok bolu isi madu
Ula marani gepuk
Kebo kabotan sungu
Kebanjiran segara madu
"Kaya asu karo kucing"
Unen-unen ing dhuwur kalebu....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
(1) ancik-ancik pucuke eri
(2) arep nangkane emoh pulute
(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo
(4) iwak klebu ing wuwu
Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(2) lan (4)
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Paribasan
Bebasan
Saloka
Cangkriman yaiku...
Unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang
Unen-unen sing gambarake percakapan
Unen-unen sing due aturan maksud lan tujuane kanggo sing maca
Unen-unen sing penak digawe tetembangan
Jenenge padha karo rasane = ......
keset
legi
asem
pait
Gajah numpak beccak ketok apane ? = .......
gedhe
ngapusi
awake
becake
Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.
Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....
pepindan
irib-iriban
sinawung ing tembang
wancahan/cekakan
Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …
sesorah
geguritan
nembang
ndhalang
Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….
menehi informasi
menehi hiburan
menehi piwulang
acara perpisahan
