NEW
Font size
S
M
L
XL
WorksheetsJAWA 6
Total questions: 30
Worksheet time: 8hrs 30mins
Name
Class
Date
1.
PANGKUR Ajining wong ing wicara Resep sedhep wijile rum aririh Wosing sedya laras runtut Grapyak gampang tinampa Culing tutur tinampa datan ngelantur Solah bawa mung samadya Karyenak tyasing sasami Pangkur iku salah sijine jinis tembang ....
a)
dolanan
b)
macapat
c)
gedhe
d)
tengahan
2.
PANGKUR Ajining wong ing wicara Resep sedhep wijile rum aririh Wosing sedya laras runtut Grapyak gampang tinampa Culing tutur tinampa datan ngelantur Solah bawa mung samadya Karyenak tyasing sasami Tembang pangkur dumadi saka ....
a)
7 gatra
b)
8 gatra
c)
9 gatra
d)
10 gatra
3.
Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran; guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani ...
a)
tembang macapat
b)
tembang dolanan
c)
lelagon campursari
d)
tembang manasuka
4.
Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani ....
a)
guru wanda
b)
guru wilangan
c)
guru gatra
d)
guru lagu
5.
Dhong-dhinge (tibane swara) ing pungkasane gatra jroning paugeran tembang macapat diarani ....
a)
guru wanda
b)
guru wilangan
c)
guru gatra
d)
guru lagu
6.
Tembang macapat sing cacahing gatra paling sethithik yaiku ....
a)
Sinom
b)
Mijil
c)
Maskumambang
d)
Dhandhanggula
7.
Tembang macapat sing cacahing gatra paling akeh yaiku ....
a)
Dhandhanggula
b)
Kinanthi
c)
Asmaradana
d)
Maskumambang
8.
Watake tembang Pangkur yaiku ....
a)
sereng, tegas
b)
nglokro sedhih
c)
nesu, muntab
d)
grapyak renyah
9.
Tembang macapat kang watake nelangsa keranta-ranta yaiku ....
a)
Pangkur
b)
Maskumambang
c)
Pocung
d)
Dhandhanggula
10.
Ing tembang Pangkur ana ukara Ajining wong ing wicara, tegese ...
a)
Becike wong yen lagi wicara
b)
kudu becik lan runtut
c)
seneng aruh-aruh ora sombong
d)
Tansah agawe kepenak marang penggalihe wong sapadhan
11.
Tembang macapat iku cacahe ana ....
a)
10 tembang
b)
11 tembang
c)
12 tembang
d)
13 tembang
12.
Istilah-istilah jroning tembang macapat werna-werna, salah sijine GATRA, tegese ....
a)
larik utawa baris
b)
bait
c)
pakecapan
d)
tembang pirang-pirang pada kang isih sajenis
13.
Istilah-istilah jroning tembang macapat werna-werna, salah sijine WANDA, tegese ....
a)
larik utawa baris
b)
bait
c)
pakecapan
d)
tembang pirang-pirang peda kang isih sajenis
14.
Gatekna cuplikan tembang ing ngisor iki! Ajining wong ing wicara Guru lagu tembang kasebut yaiku ....
a)
a
b)
i
c)
u
d)
e
15.
Gatekna cuplikan tembang ing ngisor iki! Grapyak gampang tinampa Guru wilangan tembang kasebut yaiku ....
a)
5
b)
6
c)
7
d)
8
16.
Gatekna cuplikan tembang ing ngisor iki! Culing tutur tinampa datan ngelantur Guru wilangan lan guru lagu tembang kasebut yaiku ....
a)
10 i
b)
11 a
c)
12 u
d)
13 e
17.
Gatekna cuplikan tembang ing ngisor iki! Solah bawa mung samadya Karyenak tyasing sasami Guru wilangan lan guru lagu tembang kasebut yaiku ....
a)
8a, 8i
b)
7a, 8i
c)
8a, 9u
d)
8a, 9i
18.
Banjir mujudake prahara kang tekane ....
a)
sawayah wayah
b)
dadakan
c)
mangsa rendheng
d)
mangsa lemareng
19.
Sawise adus aku terus mangan. Yen didadekake basa krama dadi ....
a)
Sasampunipun siram kula lajeng dhahar
b)
Sasampunipun adus kula langsungh nedha
c)
Sasampunipun siram kula langsung nedha
d)
Sasampunipun adus kula langsung dhahar
20.
Sumber banyu kudu .... supaya ora nganti kekurangan banyu resik
a)
dijaga
b)
dibangun
c)
diambakne
d)
digedhekne
21.
Guru guru MIN 1 Nganjuk seneng banget amarga muride kasil oleh keunggulan anggone melu tandhing "Gerak Jalan". Tembung seneng kosok baline ....
a)
mangkog
b)
mangkel
c)
susah
d)
lejar
22.
Jembar segarane tegese ....
a)
loma
b)
medhit
c)
sabar
d)
cethil
23.
Reca kayu goleko sabda rahayu. Reca kayu kuwi ....
a)
patung
b)
golekan
c)
ukiran
d)
dolanan
24.
Wiwit jaman biyen kerja bakti ngono wis dadi pakulinan. Tembung pakulinan linggane ....
a)
kulinan
b)
pakuli
c)
kulina
d)
pakulinan
25.
Suradi bocah sing dawa tangane mula disengiti karo kanca-kancane. Dawa tangane tegese ....
a)
seneng nyolong
b)
seneng nyambut gawe
c)
seneng dandan
d)
seneng ngrusuhi
26.
Simbah ngombe jamu cabe puyang. Ngombe krama aluse ....
a)
minum
b)
mimik
c)
nginum
d)
ngunjuk
27.
Sehat kui .... regane, mula kesehatan kudu tansah dijaga
a)
larang
b)
murah
c)
akeh
d)
sethithik
28.
Sepi ing pamrih rame ing ....
a)
kutha
b)
kantor
c)
pasar
d)
gawe
29.
Omongane bocah karo bocah sapepadhane iku nganggo basa ...
a)
krama lugu
b)
krama alus
c)
krama inggil
d)
ngoko
30.
Omong marang wong kang diurmati nganggo basa ....
a)
krama lugu
b)
krama alus
c)
ngoko lugu
d)
ngoko alus
Reset
