NEW
Font size
WorksheetsASAS 1 B. JAWA 4
Total questions: 24
Worksheet time: 12mins
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Adhedhasar surasane, panggurit dunungake minangka ...
Bapak
sadulur
Ibu
anak
Aku ngugemi ngendikamu ibu
Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger ngendikane pujangga winasis
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pedhot sinau
Dadia wong pinter nanging
Aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging
Aja sumugih
Dadia petinggi nanging
Aja ngapusi lan korupsi
Geguritan "Pepeling" nggambarake ....
wong sugih nanging sumugih
siswa kang adigang adigung adiguna
siswa kang patuh lan pracaya marang ibune
babagan ngelmu kang kelakone kanthi laku
Anak wedok
Inggih bapak kula cobi
Nglangi ana ngendi
Apa kowe bisa nglangi Ing bebrayan ing sesami
Anak lanang
Apa kowe wani perang Inggih ibu kula rancang Perang ana ngendi
Ing nepsu dhiri pribadi
Surasane geguritan ing dhuwur yaiku ....
piwelinge wong tuwa marang anak lanang lan wadon babagan tumindak becik lan merangi nepsu dhiri pribadi
pitakonane wong tuwa marang anak
anak kudu bekti lan urmat marang wong tuwa
anak lanang lan wadon kudu bisa ngajeni siji lan sijine
Asil susastra modheren kanggo medharake rasa pangrasa kanthi tembung pinilih awujud gatra, pada lan diwaca kanthi maca endah yaiku ...
wayang
geguritan
tembang macapat
tembang dolanan
Ing ngisor iki dudu bab kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ....
ekspresi
klambi
intonasi
lafal
Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan diarani ...
komposer
penyanyi
panggurit
niyaga
Geguritan iku mujudake karya kang sipate ....
kolektif
anonim
kelompok
pribadi
Panulisan geguritan nggunakake basa sing ngandhut makna kang jero. Kang mangkono nuduhake basa ing geguritan asipat ....
mentes
cekak
edukatif
estetis
Geguritan kang kadhapuk saka rong gatra sapada diarani ....
gita dwigatra
gita trigata
gita caturgatra
gita pancagatra
Sun nggurit iku tembung sing dianggo miwiti geguritan gagrag ....
bebas
lawas
anyar
modheren
Sing mbedakno antarane geguritan lan tembang iku ing babagan, kajaba ....
cara maca
struktur
jenis
huruf
Nalika maca geguritan ana unsur kang nggatekake obahing awak kanggo nyengkuyung kahanan kang diwaca. Babagan iki diarani ....
wirama
wirasa
wiraga
wicara
Geguritan kang kadhapuk saka patang gatra sapada diarani ....
gita sadgatra
gita trigtra
gita pancagatra
gita caturgatra
Omong-omongan antarane wong loro utawa luwih iku diarani ....
nggrenengi
sesorah
muring-muring
pacelathon
Katrangan ukara kang trep karo surasane pacelathon ing dhuwur yaiku ...
Sita ngajak Tika lan Arum nggatap tugas kelompok nanging Tika ora gelem.
Sita ngajak Tika lan Arum nggarap tugas kelompok sawise muleh sekolah.
Tika ngajak Sita lan Arum nggatap tugas kelompok sawise mulih sekolah.
Arum ngajak Tika lan Sita nggarap tugas kelompok nalika mulih sekolah.
Angga : "Pak, kula badhe tangled punapa kepareng?"
Bapak : "Arep takon apa? Kene lungguh kene!"
Angga : "Punika wonten tugas saking sekolah."
Bapak : "Coba takona, muga-muga Bapak bisa mangsuli kanthi pener."
Angga : "Kasatriyanipun Raden Gathotkaca punika punapa naminipun?"
Bapak : "Pringgodani."
Angga : "Menawi Raden Werkudara?"
Bapak : "Raden Werkudara iku satriya ing Jodhipati."
Angga : "Oh inggih, sampun cekap, matur nuwun."
Bapak : "lya, padha-padha"
Sing migunakake basa krama yaiku ....
Bapak
Raden Gathotkaca
Raden Werkudara
Angga
Bapak : "Ndhuk, Septiana, TV-ne kok murup nanging ora ana sing nonton?"
Septiana : "Kula ingkang ningali, Pak, ngentosi acara lomba masak."
Bapak : "Lha jam pira wiwite?"
Septiana : "Mangke jam gangsal, Pak."
Bapak : "Dadi isih sajam engkas, yen nontone isih mengko, becik dipateni dhisik TV-ne."
Ibu : "Bener dhawuhe Bapak, Ndhuk, supaya luwih irit listrike."
Septiana : "Inggih, Pak, Bu."
Ibu : "Karo ngenteni wiwite acara senenganmu iki Ibu dibiyantu rajang-rajang lombok dhisik."
Septiana : "Inggih, Bu, sekedap kula wijik rumiyin."
Sing dudu paraga saka pacelathon ing dhuwur yaiku ...
Ibu
Bapak
Wiwit
Septiana
Sita : "Tika, kepriye yen mengko sawise mulih sekolah nggarap tugas kelompok?"
Tika : "Sarujuk aku. Kowe kepriye, Arum? Awake dhewe rak sakelompok."
Arum : "Tugas kelompok isih Minggu ngarep. Bisa sesuk, ta?"
Sita : "Arum, yen bisa digarap saiki kenengapa kudu direndhe-rendhe? Apa kowe wis ana acara?"
Arum : "Aku ora ana acara. Mengko arep tuku klambi ing toko anyar kae."
Tika : "Arum, ora ateges aku arep nyandhet senengmu. Nanging luwih becik tugas iki digarap dhisik."
Sita : "Aku sarujuk. Ora ateges arep ngelikake kowe dolan. Nanging iki tugas kelompok. Ora bisa digarap salah siji apa salah loro wong bae."
Arum : "Iya aku mangerti. Aku njaluk ngapura ya. Yawis mengko bae nggarap ing omahku."
Watake Sita sajroning pacelhaton yaiku ....
ora teteg
gampang nesu
nyepelekake
wicaksana
Budhe badhe .... pundi?
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
wangsul
tindak
kesah
lunga
Tembung ing ngisor iki sing ora padha tegese yaiku ....
inggih lan iya
tangled lan takon
takon lan mangsuli
badhe lan arep
Unggah-ungguh nalika pachelaton karo guru iku nggunakake basa ....
padinan
gaul
krama
ngoko
"Aku dikongkon Bapak tuku gula."
Ukara kasebut yen ditulis nganggo ragam krama alus, yaiku ....
Kula didhawuhi Bapak tuku gula.
Kula dipunutus Bapak tumbas gendhis.
Kula dijak Bapak mundhut gendhis
Kulo dikongkon Bapak tuku gendhis.
Anggone nulis guneman sajroning teks pacelhaton migunakake ....
tandha kutip
tandha kurung
tandha wacan titik loro
tandha seru
Pacelhaton iku wujude ....
lelagon
geguritan
gancaran
guneman
