wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMEDI ASAS XII 2025

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 48mins

Name
Class
Date
1.

Pambagyaharja iku kalebu salah sijine sesorah. Pambagyaharja tegese ngaturi pakurmatan utawa bage-binage, mbagekake para tamu kang rawuh ana sasana pawiwahan. Ana ing adicara mantenan, pambagyaharja kapacak ana titi adicara sawisa panganten kekalih nindakake…

a)

balangan suruh

b)

ngidak tigan

c)

sinduran

d)

sungkeman

e)

ijab kabul

2.

Gatosaken bab-bab ing ngisor iki! Nalika ngaturake pambagyaharja kudu gatekake perkara ing ngisor iki kajaba….

a)

I. Nduweni rasa wani micara ing ngarepe wong akeh

b)

II. Solah tingkah sing trengginas, tanggap lan mantep

c)

III. Busana utawa ageman kang lusuh lan ketuh

d)

IV. Basa kang digunakake ringkes lan gampang dimangerteni

e)

V. Kudu nguwasani perkara sing diwedharake

3.

Metodhe kang ditindakake kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo pambagyaharja diarani metode…

a)

metode ekstemporan

b)

metode impromptu

c)

metode naskah

d)

metode nulis

e)

metode apalan

4.

Medhar sabda adhedhasar tujuan sing dikarepake iku perangan pambagyaharja kang diarani…

a)

purwaka

b)

surasa

c)

pamuji syukur

d)

wasana

e)

ringkesan

5.

Ing masarakat tlatah Jawa, paraga kang nindakake pambagyaharja diarai…

a)

pamengku gati

b)

sulih wicara

c)

pranata acara

d)

pranata rias

e)

sanak kadang

6.

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning kautamen, saha pantes tinulad tuwin kinabekten, menapa dene panjenenganipun para tamu putri miwah kakung ingkang saestu pantes nampi ing boja krami. Teks atur pasrah lamaran ing dhuwur kalebu ing perangan…

a)

salam pambuka

b)

atur pamuji syukur

c)

atur pakurmatan kairing atur panuwun

d)

wedhar gati

e)

atur pangapura

7.

Kanthi tansah angunjukaken puja lan puji sukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Maha Agung, mugia tansah rahayu sagung dumadi ing salami-laminipun, kalebet kula panjenengan sedaya. Aamiin. Aamiin Ya Rabbal ‘Alamin.

Teks atur pasrah lamaran ing dhuwur kalebu ing perangan….

a)

salam pambuka

b)

atur pamuji sukur

c)

atur pakurmatan kairing atur panuwun

d)

wedharing gati

e)

atur pangapura

8.

Rara Ayu Dewi Ratih wajahé katon cumlorot, bening lan resik. Panyandra kang trep kanggo nggambarke Rara Ayu yaiku…

a)

pasuryane sinawang nengsemake merga nawon kemit

b)

pasuryane katon padhang pindha wulan nddadari

c)

pasuryane katon weweg pindha klapa ingkang nyengkigr gadhhing

d)

pasuryane tanggal sapisan

e)

pasuryane sajak merak ati kadya pucuking eri

9.

Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamune pujangga diarani geguritan…

a)

Ode

b)

Balada

c)

Elegi

d)

Epigram

e)

Satire

10.

Purwakanthi iku tegese nggandheng kang wis kasebut ing wiwitan (ngarep). Purwakanthi kang padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tembungane diarani purwakanthi…

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru lumaksita

d)

guru basa

e)

guru gatra

11.

Sawah lan pategalan bawera. Ukara kasebut minangka jinis purwakanthi…

a)

guru swara

b)

guru sastra

c)

guru lumaksita

d)

guru basa

e)

guru gatra

12.

Gaya basa utawa majas ing geguritan yaiku kaendahan tembung lan ukara, basa kang digunakake dening penggurit. Jenis geguritan kang wujude pepindhan janma diarani…

a)

Metonimia

b)

Personifikasi

c)

Ironi

d)

Metafora

e)

Alegori

13.

Sun gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndadi

Raket wewekne sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Nitik cara panulisane, geguritan kasebut kalebu jinis geguritan…

a)

a. menehi piwuruk

b)

b. gagrag anyar

c)

c. jaman saiki

d)

d. tengahan

e)

e. gagrag lawas

14.

Sun gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndadi

Raket wewekne sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Sesrawungan kang digambarke ing geguritan kasebut yaiku…

a)

anteng

b)

medeni

c)

sangsaya ndadi

d)

dikenhelake

e)

ngati-ati

15.

Sun gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndadi

Raket wewekne sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Isine geguritan kasebut nyeritakake…

a)

srawunge nom-noman

b)

kahanan jaman biyen lan saiki

c)

srawunge biyen lan saiki

d)

bedane jaman biyen lan saiki

e)

sesrawungan kang raket

16.

Wacanen geguritan ing ngisor iki!

Dakwaspadakake

Ibu bola-bali ngusapi pipi

Perihe ati dislamur-slamur

Senajan beling-beling kaca jendhela ajur kumepyur.

Pancadriya kang digunakake ing geguritan kasebut yaiku…

a)

irung

b)

kuping

c)

mripat

d)

ilat

e)

kulit

17.

Serat Wedhatama iku dadi salah sawijining kasusastran Jawa kang misuwur ing tanah Jawa. Serat Wedhatama nduweni pitutur luhur kang dadi peni kanggone wong Jawa saengga perlu disinaoni lan diuri-uri. Serat Wedhatama menika karya sastra kang dianggit dening…

4 lines
18.

Serat Wedhatama kasusun saka 100 pada kang nduweni gangsal tembang. Ing ngisor iki kang ora kalebu tembang kang ana ing Serat Wedhatama yaiku…

a)

Mijil

b)

Sinom

c)

Gambuh

d)

Pangkur

e)

Kinanthi

19.

Tembang Kinanthi kang ana ing Serat Wedhatama cacahane ana…

a)

limalas

b)

enem belas

c)

pitulas

d)

wolulas

e)

sangalas

20.

Tembang Kinanthi asale saka tembung kanthi kang nduweni teges yaiku…

a)

nggandheng

b)

kidung

c)

bocah enom

d)

pitutur

e)

ajaran

21.

Pangasahe sepi samun

Aywa esah ing salama

Samangsa wis kawistara

Lalandhepe mingis-mingis

Pasah wukir reksamuka

Kekes srabedaning budi

Tembung wukir ing tembang kasebut tegese…

a)

segara

b)

lemah

c)

gunung

d)

alas

e)

geni

22.

Pangasahe sepi samun

Aywa esah ing salama

Samangsa wis kawistara

Lalandhepe mingis-mingis

Pasah wukir reksamuka

Kekes srabedaning budi

Aywa esah ing salama. Gatra kasebut ora trep kaliyan paugeran tembang Kinanthi. Supaya trep kudu diganti nganggo tembung…

a)

salami

b)

salamna

c)

sluman

d)

slamet

e)

slumun

23.

Pangasahe sepi samun

Aywa esah ing salama

Samangsa wis kawistara

Lalandhepe mingis-mingis

Pasah wukir reksamuka

Kekes srabedaning budi

Pada ing dhuwur duwe guru lagu lan guru wilangan yaiku…

a)

8u,8i,8a,8i,8a,8i

b)

8u,8a,8a,8i,8a,8i

c)

8u,8a,8a,8a,8i,8i

d)

8u,8i,8a,8u,8i,8i

e)

8u,8u,8i,8u,8i,8i

24.

Marma den taberi kulup

Angulah lantiping ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya

Supaya dadya utami

Rina wengi den anedya. Gatra kasebut menawa digancarkae yaiku…

a)

usaha iku dilakoni kanthi iklas

b)

prihatin kudu dilakoni

c)

awan wengi aja padha lali

d)

awan wengi kudu diniyati

e)

tumindak kang titi lan ati-ati

25.

Marma den taberi kulup

Angulah lantiping ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya

Supaya dadya utami

Pitutur luhur jroning tembang kasebut yaiku…

a)

ngajakake supaya manungsa iku kudu tansah bekti marang wong tuwa

b)

ngajakake supaya manungsa iku kudu nglandhepake ati lan ngedohake hawa nepsu saka njero ati

c)

ngajakake supaya manungsa iku kudu tumindak sapanake dhewe

d)

ngajakake supaya manungsa iku kudu ngungkurae kadonyan lan mentingake ngibadake

e)

ngajakake supaya manungsa iku kudu duwe watak kang becik lan preduli marang liyan

26.

Marma den taberi kulup

Angulah lantiping ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya

Supaya dadya utami

Tembung ing tembang kasebut kang ancase nyeluk anak lanang yaiku…

a)

utami

b)

driya

c)

anedya

d)

pandak

e)

kulup

27.

Tembang macapat iku tembang kang duwe isi, piwulang lan nilai kang luhur. Piwulang luhur yaiku pesen utawa amanat kang bisa dijupuk kanggo pagesangan manungsa. Dene nilai luhur yaiku nilai kang ngandhut kebaikan kang bisa dijupuk sajroning iki karya sastra kang gegayutan karo kahanan ing pagesangan. Nilai kang ana gegayutan karo paugeran-paugeran pagesangan minangka bagean masyarakat diarani…

a)

nilai sosial

b)

nilai moral

c)

nilai kabudayan

d)

nilai pendidikan

e)

nilai religius

28.

Salah sawijining wacan sing bisa mbudi daya ngandharake pokok pikiran lan tujuane njembarake kawruh utawa pangertene sing maca diarani wacan…

a)

argumentasi

b)

narasi

c)

deskripsi

d)

persuasi

e)

eksposisi

29.

Gatosaken bab-bab ing ngisor iki!

               I.    Informatif

             II.    Objektif

           III.    Mentes

          IV.    Mardika

            V.    Endah

Kang dadi titikane wacan eksposisi yaiku…

a)

I, II

b)

II, III

c)

III, IV

d)

IV, V

e)

I, V

30.

Ing ngisor iki sing kalebu perangan wacan eksposisi yaiku…

a)

purwaka

b)

surasa

c)

wasana

d)

tesis

e)

argumentasi

31.

Bab-bab kang kamot ing teks eksposisi yaiku…

a)

basa kiasan kang peni

b)

majas kang mentes

c)

panemu utawa gagasan

d)

fakta kanthi angka, peta statistik, grafik lan sapiturute

e)

perkara kang lagi dadi kembang lambe ing masyarakat

32.

Gong minangka alat musik tradisional Jawa kang wis kuna, ditandai kanthi wujud bunder lan dipukul kanggo ngasilake swara. Jinis-jinise gong yaiku gong siyem, suwukan, lan gede. Fungsi gong ing karawitan yaiku kanggo  tandha wiwitan lan pungkasaning gendhing, uga duweni fungsi historis ing jaman perang utawa upacara.

Ukara ing ngisor iki kang trep karo wacan ing dhuwur yaiku…

a)

gong iku alat musik tradisional sunda

b)

wujud gong yaiku kotak lempengan saka kuningan

c)

wujudé gong yaiku siyem, suwukan lan gede

d)

cara nggunakake kendhang kanthi cara didamu

e)

gong kalebu gamelan saka bali, mula ora dilestarikake ing jawa

33.

Gong minangka alat musik tradisional Jawa kang wis kuna, ditandai kanthi wujud bunder lan dipukul kanggo ngasilake swara. Jinis-jinise gong yaiku gong siyem, suwukan, lan gede. Fungsi gong ing karawitan yaiku kanggo  tandha wiwitan lan pungkasaning gendhing, uga duweni fungsi historis ing jaman perang utawa upacara

Fungsi gong miturut wacan ing dhuwur yaiku…

a)

kanggo tandha wiwitan lan pungkasaning gendhing

b)

fungsi historis ing jaman perang

c)

nyelarasake nada gamelan

d)

ngimbangi alat musik liyane

e)

munggahke nada

34.

Kenong minangka salah sawijining alat musik ing gamelan Jawa sing duweni peran wigati minangka pangisi harmoni lan penegas ritme ing sawijining gending. Paring-paring iki diciptakake saka logam perunggu utawa kuningan lan dipasang ing rancakan kanthi posisi telungkup.

Kenong kalebu kulawarga gong, nanging ukurane luwih gedhe lan duweni swara kang luwih dhuwur lan nyaring. Ing gamelan, kenong dipukul nganggo sepasang bindi, yaiku pemukul kayu sing dililiti kain. Kenong ngasilake swara sing dhuwur lan nyaring nalika dipukul, lan nduweni fungsi penting kanggo ngisi harmoni ing komposisi musik. Salajengipun, kenong uga duweni fungsi kanggo nemtokake bates-bates gatra lan negesake ritme. Kanthi ngasilake nada lan ritme sing beda-beda, kenong mbantu nyusun pola-pola musik sing luwih kerumitan lan harmonis. 

Kenong nduweni peran sing ora bisa dipisahake ing gamelan Jawa. Paring-paring iki dudu mung alat musik, nanging uga minangka unsur kunci sing nemtokake harmoni lan ritme ing gending gamelan.

Miturut wacan kasebut kenong diciptakake saka bahan…

a)

emas

b)

perunggu utawa kuningan

c)

kayu

d)

perak

e)

watu

35.

Miturut wacan kasebut kenong dimainake kanthi cara…

a)

didamu

b)

digesek

c)

ditabuh

d)

digoyang

e)

dipukul

36.

Miturut wacan kasebut alat kang digunakake kanggo mukul kenong diarani…

a)

bindi

b)

gandhen

c)

kayu

d)

tabuh

e)

kempul

37.

Kenong minangka salah sawijining alat musik ing gamelan Jawa sing duweni peran wigati minangka pangisi harmoni lan penegas ritme ing sawijining gending. Paring-paring iki diciptakake saka logam perunggu utawa kuningan lan dipasang ing rancakan kanthi posisi telungkup.

Kenong kalebu kulawarga gong, nanging ukurane luwih gedhe lan duweni swara kang luwih dhuwur lan nyaring. Ing gamelan, kenong dipukul nganggo sepasang bindi, yaiku pemukul kayu sing dililiti kain. Kenong ngasilake swara sing dhuwur lan nyaring nalika dipukul, lan nduweni fungsi penting kanggo ngisi harmoni ing komposisi musik. Salajengipun, kenong uga duweni fungsi kanggo nemtokake bates-bates gatra lan negesake ritme. Kanthi ngasilake nada lan ritme sing beda-beda, kenong mbantu nyusun pola-pola musik sing luwih kerumitan lan harmonis. 

Kenong nduweni peran sing ora bisa dipisahake ing gamelan Jawa. Paring-paring iki dudu mung alat musik, nanging uga minangka unsur kunci sing nemtokake harmoni lan ritme ing gending gamelan.

Miturut wacan kasebut fungsi kenong miturut wacan ing dhuwur yaiku…

a)

kanggo tandha wiwitan lan pungkasaning gendhing

b)

fungsi historis ing jaman perang

c)

nyelarasake nada gamelan

d)

ngimbangi alat musik liyane

e)

nemtokake bates-bates gatra lan negesake ritme

38.

Aksara swara iku cacah ana…

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

e)

8

39.

Aksara swara digunakake kanggo nulis tembung ing ngisor iki …. kajaba

a)

jeneng wong

b)

basa Jawa Kuna

c)

basa manca

d)

pangkat utawa jabatan

e)

jeneng kutha

40.

Aksara swara iku ora kena dadi pasangan. Menawa aksara swara kasebut dumunung ing samburine wanda sigeg, aksara sasigeging wanda mau kudu…

a)

dipepet

b)

disuku

c)

dipangku

d)

diwulu

e)

dilayar

41.

Saka wacan kasebut Indonesia iku diarani nagara…

a)

Maritim

b)

Nusantara

c)

Zamrud Katulistiwa

d)

Kepulauan

e)

Sewu Candhi

42.

Nagara Indonesia iku manggon ing benua…

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

43.

Miturut wacan kasebut nagara Indonesia iku nagara kang sugih ing dalem… (wangsulan luwih saka siji)

a)

agama

b)

teknologi canggih

c)

alam

d)

budaya

e)

basa dhaerah

44.

Indri lunga menyang Ambon. Menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

a)

jawaban C

b)

jawaban A

c)

jawaban B

d)

jawaban D

e)

jawaban E

45.

Wacane aksara Jawa ing dhuwur yaiku…

a)

Universitas Islam Negeri Sunan Kudus

b)

Universitas Islam Negeri Walisongo

c)

Universitas Islam Indonesia

d)

Universitas Islam Negeri Sunan Ampel

e)

Universitas Islam Negeri Sunan Kalijaga

46.

Wacane teks aksara Jawa ing ngisor iki yaiku…

a)

Alam iku salah sawijining ekosistem alami

b)

Alas iku salah sawijining ekosistem alami

c)

Alas iku salah sijiwe ekosistem alami

d)

Alam iku salah sijiwe ekosistem alami

e)

Alas iku salah siji ekosistem alami

47.

Zahira melu organisasi karang taruna. Menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku...

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

48.

Wacan teks aksara Jawa ing ngisor iki yaiku...

a)

Firhan dadi dhokter Urologi

b)

Firman dadi dokter Urologi

c)

Firhan dadi dokter Urologi

d)

Firman dadi dhokter Urologi

e)

Firman dhokter Urologi

49.

Aceh diarani kutha Serambi Mekah. Menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

50.

Cacahe aksara Jawa yaiku...

a)

20

b)

25

c)

30

d)

35