Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS Basa Jawa Kelas XI

Total questions: 39

Worksheet time: 2hrs 57mins

Name
Class
Date
1.

Wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe sarta ora dipungkasi tandha titik utawa tandha pawaca liyane, struktur fisik geguritan kasebut diarani…

a)

Purwakanthi

b)

Tipografi

c)

Imaji

d)

Lelewane basa

e)

Rasa

2.

Sajrone geguritan, para panggurit nggunakake tetembungan kang nduweni daya panyitra kanggo nglairake gagasane. Tuladha panyitra geguritan pandeleng yaiku…

a)

Para mudha tansah guyub rukun

b)

Abote tresnaku iki

c)

Kodhak ngorek ing tengah wengi

d)

Endahe esemu wong manis

e)

Arume asmamu

3.

Gatekna geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakon! Patuladahan (Dening: Davit Harijono) Kang mimpin Ora ana ing ngarep Nanging cahyaning Patuladahan iki kudu Ngaton mangjawantah Yen wus madhep mantep Tegese tegen. Amanat kang ana ing pada 1 yaiku…

a)

Pemimpin iku kudu madhep, mantep atine

b)

Pemimpin iku ora kena sembarang wong

c)

Pemimpin iku ora kena mangu-mangu

d)

Pemimpin iku aja mung golek bandha Donya

e)

Pemimpin iku kudu bisa dadi tepa tuladha

4.

Tembung kang nduweni swara runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra kayadene ing geguritan diarani…

a)

Tembung kawi

b)

Pepindhan

c)

Purwakanthi

d)

Tembung entar

e)

Tembung Saroja

5.

Ing ngisor iki kang kalebu struktur batin geguritan yaiku…

a)

Tema, rasa, amanat

b)

Nada, amanat, tipografi

c)

Imaji, tema, rasa

d)

Lelewane basa, purwakanthi, amanat

e)

Imaji, lelewane basa, tipografi

6.

Kanggo mangerteni pesen moral sing ana ing sawijining geguritan bisa kanthi cara, kajaba…

a)

Ngrungokake/ maca geguritan kanthi dibolan-baleni

b)

Negesi tembung-tembung sing angel dimangerteni

c)

Nggancarake geguritan

d)

Bisa nyimpulake geguritan

e)

Swara ditata adhedhasar karaktere tembung

7.

Panggongane basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan diarani…

a)

Wirama

b)

Rasa

c)

Tema

d)

Busananing basa

8.

Kang kalebu tembung entar yaiku…

a)

Andri pancen dawa tangane.

b)

Ayune kaya dewi Ratih

c)

Brengose nglaler mencok

d)

Lembeyane merak kesimpir

e)

Ana dina, ana rupa

9.

Unen-unen jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng: kaya, lir, pindha, kadya, lir, kadya diarani…

a)

Purwakanthi

b)

Pepindhan

c)

Dasanama

d)

Tembung entar

e)

Tembung kawi

10.

Ing ngisor iki kalebu purwakanthi sastra, yaiku…

a)

Abang-abang ora legi, tiwas mangan ora dadi

b)

Sluman, slumun, slamet

c)

Kawi sekar, sekar pepundhen sri kresna

d)

Ana dina, ana upa

e)

Tut wuri handayani

11.

Ing ngisor iki kalebu purwakanthi swara, kajaba…

a)

Sapa jujur bakal makmur

b)

Tut wuri handayani

c)

Adigang, adigung, adiguna

d)

Katula tula katali

e)

Ati karep bandha cupet

12.

Witing klapa, kalapa kang maksihe muda, kalebu purwakanthi…

a)

Swara

b)

Sastra

c)

Basa

d)

Gatra

e)

Wilangan

13.

Graha, panti, wisma, yasa, griya, iku dasanamane…

a)

Gunung

b)

Omah

c)

Anak

d)

Banyu

e)

Angin

14.

Upacara adat kang dianakake menawa kandhutane wong wadon wis umur pitu sasi lan ngandhut kang sepisanan yaiku…

a)

Piton-piton

b)

Tingkeban

c)

Panggih temanten

d)

Kitanan

e)

Tedhak siten

15.

Kang diarani ruwatan yaiku…

a)

Slametan lan kenduren

b)

Upayane manungsa kanggo mbebasake wong sing manut kapracayan bakal nampa nasib beja, kanthi cara nglaksanakake ritual/ upacara tartamtu.

c)

Ilang (bebas) saka nasib beja sing arep tinampa ing awake

d)

Upayane manungsa kanggo mbebasake wong sing manut kapracayan bakal nampa nasib ala, kanthi cara nglaksanakake upacara/ritual tartamtu.

e)

Ilang (bebas) saka nasib ala sing arep tinampa ing awake.

16.

Kenduren kang ditindakake ing dina lair diarani…

a)

Kenduren selikuran

b)

Kenduren wetonan

c)

Kenduren ruwahan

d)

Kenduren sa’banan

e)

Kenduren bakdan

17.

Anak loro lanang kabeh diarani…

a)

Ontang anting

b)

Kembang sepasang

c)

Cukit dulit

d)

Uger-uger lawang

e)

Gotong mayit

18.

Tata rakit upacara adat tingkeban kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba…

a)

Nyebar udhik-udhik

b)

Dodol dhawet lan rujak

c)

Ganti busana kaping pitu

d)

Medhot lawe

e)

Milih sega kuning

19.

Upacara tingkeban lumrahe diadani ing dina kang pinilih yaiku…

a)

Dina rebo utawa setu ing tanggal 15 lan 16 sasi Jawa

b)

Dina rebo utawa setu ing tanggal 14 lan 15 sasi Jawa

c)

Dina senin utawa rebo ing tanggal 15 lan 16 sasi Jawa

d)

Dina senin utawa rebo ing tanggal 14 lan 15 sasi Jawa

e)

Dina rebo utawa minggu ing tanggal 15 lan 16 sasi Jawa

20.

Ing ngisor iki ubarampe ing upacara adat tedhak siten, kajaba…

a)

Jadah pitung warna

b)

Andha tebu

c)

Udhik-udhik

d)

Kurungan pitik

e)

Tumpeng kuat

21.

Ing upacara adat temanten Jawa ana ritual kang nduweni pasemon, mujudaken pepenget dhumateng tiyang sepuhipun temanten, supados mboten kadunungan raos emban cindhe emban siladan utawi mboten mbedak-mbedakake ing antawisipun putra lan putra mantu, yaiku…

a)

Timbangan

b)

Kacar kucur

c)

Dulangan

d)

Sungkeman

e)

Wiji dadi

22.

Ing upacara adat temanten Jawa ana ritual kang nduweni pasemon, pepenget dhumateng temanten putri supados tansah ngabekti dhumateng temanten kakung yaiku…

a)

Timbangan

b)

Wiji dadi

c)

Sungkeman

d)

Dulangan

e)

Kacar-kucur

23.

Suruh tinangsulan ing lawe seta. Tembung seta tegese…

a)

Abang

b)

Ijo

c)

Kuning

d)

Ireng

e)

Putih

24.

Bapak lan simbahe bocah nyebar dhuwit logam kang dicampur kembang, nduweni pangajab supaya mbesuke bocah kasebut dadi bocah kang dermawan. Ritual kang kaya mangkono ing upacara adat tedhak siten dirani…

a)

Ngidak jadah pitung warna

b)

Nyebar udhik-udhik

c)

Ceker-ceker

d)

Pupuk

e)

Sinduran

25.

Tatacara ingkang nggadhahi pasemon mujudaken satunggaling kekudangan supados temantanen kakung putri, tetep setunggal raos ing lair lan batos, jumbuh ing sedaya reh gegayuhanipun, inggih punika…

a)

Timbangan

b)

Kacar-kucur

c)

Ngunjuk rujak degan

d)

Sungkeman

e)

Dulangan

26.

Pasemon saka cengkir gadhhing kang digambari tokoh wayang ing upacara adat tingkeban, yaiku…

a)

Supaya bocah bisa niru bagus lan ayune wayang ing gambar

b)

Supaya bocah mbesuk dadi Dhalang

c)

Supaya bocah mbesuk yen lair lanang nduweni watak satria lan yen Wanita nduweni watak kang becik kaya tokoh wayang ing gambar

d)

Supaya bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik kaya ing gambar

e)

Supaya bocah pinter nggambar wayang

27.

Ngripta laporan upacara adat supaya nyengsemake lan migunani tataran-tataran kang kudu dilakoni yaiku kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba…

a)

Ngolah data

b)

Tuwuhe pamikir ngenani bab kang arep dilaporake

c)

Ngumpulake data

d)

Ngripta laporan nggunakake cengkorongan

e)

Ngarang laporan bebas

28.

Ing ngisor iki jeneng liya pranatacara, kajaba…

a)

Pranata wicara

b)

Pranata titi laksitaning adicara

c)

Pangendhaliwara

d)

Pamedhar sabda

e)

Pranata wicara

29.

Wong kang kadhapuk dadi pranatacara iku nduweni jejibahan kang abot lan akeh, kari nganut lan manud kabutuhane adicara kang diayahi. Ing ngisor iki kang kalebu jejibahane pranatacara, kajaba…

a)

Ngatur lakune acara

b)

Miwiti acara

c)

Tanggap wacana

d)

Ngaturi/ mrentah marang paraga liya jumbuh karo ayahane

e)

Tanggung jawab rendhet rancage acara

30.

Struktur pambuka ing teks pewara kang runtut yaiku…

a)

Salam pambuka, panyapa, atur pakurmatan, atur puji Syukur, pangajak miwiti acara

b)

Salam pambuka, atur panuwun, atur puji Syukur, atur pakurmatan, panyapa

c)

Salam pambuka, atur puji Syukur, pangajak miwiti acara, panyapa, atur panuwun

d)

Salam pambuka, pangajak miwiti acara, panyapa, atur panuwun, atur puji Syukur

e)

Salam pambuka, atur pakurmatan, atur panuwun, atur puji Syukur, pangajak miwiti acara

31.

Cetha orane anggone ngucapake ukara lan tembung-tembung. Aksara sigeg utawa aksara urip uga kudu dilafalake kanthi cetha, ora oleh bindheng yaiku diarani…

a)

Aksentuasi utawa logat

b)

Artikulasi utawa pocapan

c)

Napas utawa prana

d)

Kecepatan utawa intonasi

e)

Inflleksi utawa lahuning ukara

32.

Mantep, tenang, ora gemeteran, sirah tegak, ndulu ngarep, gerakan tangan teratur kanggo nuduhake cethane pocapan kalebu wujude olah subasita lan solah bawa (olah raga) minangka pranatacara, yaiku…

a)

Magatra

b)

Malaksana

c)

Mawastha

d)

Maraga

e)

Matanggap

33.

Para pepundhen ingkang dahat pinundhi. Para pinisepuh, kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para tamu wredha miwah taruna ingkang sutresna. Sumangga tansah kula dherekaken tumungkul ing pepadaning Gusti ingkang Maha welas lan asih, ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan nun inggih kabagaskwarasan, satemah kula miwah panjenengan saged kempal manunggal ing sasana ngriki saperlu paring paseksen sarta hangestreni tumapaking gati adicara pawiwahan penganten sarimbrit nun inggih Dyah Ayu Rahmawati kalayan Bagus Damar Sasongko. Pratelan ing dhuwur perangan pambukaning teks pranatacara kang diarani…

a)

Atur panuwun lan atur puji syukur

b)

Atur pakurmatan lan atur puji syukur

c)

Panyapa lan atur pakurmatan

d)

Panyapa lan atur panuwun

e)

Atur pakurmatan lan pangajak miwiti adicara

34.

Ing ngisor iki kang kalebu jeneng liya pidato, kajaba…

a)

Pangendhaliwara

b)

Medhar sabda

c)

Sesorah

d)

Tanggap wacana

e)

Ceramah

35.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbokbilih wonten kekirangan saha kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Pratelan pidato kasebut kalebu ing…

a)

Wigatine/ Kesimpulan

b)

Pangajeng-ajeng/ pangarep-arep

c)

Atur panuwun awit kawigatosanipun

d)

Atur kalepatan lan pangapunten

e)

Salam panutup

36.

Metode pidato ingkang mboten nyawisaken langkah rumiyin bahanipun amargi wekdalipun cumpen, nanging adhedhasar kapinteran, kawruh saha pengalaman, inggih punika metode…

a)

Cara naskah

b)

Cara apalan

37.

“Aku saka omahe Bu RT menehi brekat”, yen diowahi dadi basa krama alus yaiku…

a)

Kula saking dalemipun BU RT nyaosi brekat

b)

Kula saking griyanipun Bu RT nyaosaken brekat

c)

Kula saking griyanipun Bu RT maringi brekat

d)

Kula saking dalemipun Bu RT ngaturi brekat

e)

Kula saking dalemipun Bu RT maringi brekat

38.

“Apa sida budhal saiki Bu?”, yen diowahi dadi basa krama alus yaiku…

a)

Menapa siyos budhal sakmenika Bu?

b)

Menapa siyos tindak sakmenika Bu?

c)

Menapa tamtu budhal sakmenika Bu?

d)

Menapa sida tindak sakmenika Bu?

e)

Menapa tamtu kesah sakmenika Bu?

39.

Unen-unen kang dumadi saka rong gatra utawa patang gatra diarani…

a)

Purwakanthi

b)

Dasanama

c)

Tembung entar

d)

Parikan

e)

Pepindhan