Font size
WorksheetsLATIHAN BAHASA JAWA KELAS 6
Total questions: 100
Worksheet time: 2hrs 40mins
"Awal mula anane Candi Roro Jonggrang kuwi saka perjanjian antara Bandung Bondowowso karo Putri Roro Jonggrang. Bandung Bondowoso pingin rabi karo putri, nanging putri ora gelem amarga Bandung Bondowoso wis ngalahno Bapake ning peperangan. Banjur gawe syarat kudu mbangun sewu candi selama sakwengi. Bandung Bondowoso diewangi karo jin nganti ing wayah tengah wengi mung kari siji candi. Kanggo ngalang-alangi, Roro Jonggrang nimbali kabeh wanita supaya ngobong jerami lan nggebug lesung supaya jago kluruk lan para jin padha mlayu. Weruh trik kasebut, Bandung Bondowoso ngipat-ipati Roro Jonggrang dadi patung gawe njangkepi candi sing kurang siji mau lan wong wadon dikutuk ora gelem omah-omah nganti wis tuwa".
Irah-irahan tembang dolanan ing dhuwur yaiku ...
Rara Jonggrang
Sewu Reca
Parak Esuk
Klothokén lesung
Latar swasana ing jroning crita yaiku ...
Manthenglan sedhih
Wayah wengi
Sepi lan rame
Bungah lan seneng
Sapa kang arep mundhut garwa Rara Jonggrang?
Jin
Bandung Bandawasa
Abdi dalem
Nyabda reca
Teks kang isine pawarta sing lagi dadi dadi omongane wong akeh diarani teks ...
persuasi
sesanti
pariwara
pawarta
Titikane pariwara/iklan sing bener yaiku ......
isine fakta, nggunakake basa sing dowo lan lengkap, isine menehi informasi kahanan sing lagi kedadean, lan nduweni tujuan kanggo narik kawigaten.
isine berita, nggunakake basa formal, isine menehi informasi kahanan sing lagi kedadean, lan nduweni tujuan kanggo narik kawigaten.
isine informasi, nggunakake basa sing dowo lan lengkap, isine menehi informasi kahanan sing lagi kedadean, lan nduweni tujuan kanggo narik kawigaten.
ngajak, nggunakake basa sing singkat tapi efektif, isine menehi informasi ngenani barang/jasa, lan nduweni tujuan kanggo narik kawigaten lan mengaruhi konsumen
Ukara kang isiné nasehat supaya ora serakah/srakah yaiku...
Becik ketitik, ala ketara.
Aja dadi wong sing serakah/srakah, nanging dadi wong kang tansah ngati-ati.
Jer basuki mawa beya.
Wong kang seneng nulungi liyan.
"Kang Subur wong sing apikan, sumringah, seneng mesam mesem, senajan uripe ora pati nduwe. Kang Subur tinggal ing tengah alas jati, nduwe gegayuhan sing luhur yaiku arep nyekolahake anak-anake sak dhuwur-dhuwure, ojok sampek anake urip mlarat koyok bapake sak iki".
Apa gegayuhan Kang Sabar miturut crita ing ndhuwur?
Arep nyekolake anak-anake sing sak dhuwur-dhuwuré
Arep dadi juragan alas jati
Arep pindhah menyang kutha gedhe
Arep mbangun omah anyar
"Sepi ing pamrih, rame ing gawe". Ukara kasebut kagolong teks......
Saloka
Pawarta
Paribasan
Pariwara
Ukara sing nuduhake pariwara utawa iklan yaiku ...
Jamu "Paku Bumi" pancen nyata khasiate.
Gelemba rambut lalu lintah.
Ayo padha njaga lestarine lingkungan.
Buwangan uwuh ing panggonane.
Wacanen teks iklan kanthi patitis ! Taman Nasional Baluran kuwi salah sijiné cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pamarentah. Ekosistem sing asli ana ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku banteng.
Irah-irah kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ...
Cagar alam
Taman Nasional Baluran
Hutan jati
Ekosistem
Wacanen teks iklan kanthi patitis! Taman Nasional Baluran kuwi salah sijiné cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pamarentah. Ekosistem sing asli ana ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku banteng.
Ukara pitakon kang mathuk karo wacan ing dhuwur yaiku ...
Apa sing diarani cagar alam?
Apa bedane hutan lindung lan cagar alam?
Pira cacahe satwa sing ana ing Taman Nasional Baluran?
Apa wae wujude ekosistem asli sing ana ing Taman Nasional Baluran?
Wacanen teks iklan kanthi patitis! Taman Nasional Baluran kuwi salah sijiné cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pamarentah. Ekosistem sing asli ana ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku banteng.
Ing Taman Nasional Baluran ana mamalia sing paling misuwur yaiku ....
banteng
macan tutul
rusa
kijang
Menthog-menthog takkandhani Mung rupamu angisin-isini Masaok ya aja nganti nggawa kandhang bae Enak-enak ngorok ora nyambut gawe Menthog-menthog mung lakumu Megal-megol gawe guyu.
Irah-irahan tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....
Menthog-menthog
Aja Ngorok
Ana Kandhang
Angisini-isini
Menthog-menthog takkandhani Mung rupamu angisin-isini Masaok ya aja nganti nggawa kandhang bae Enak-enak ngorok ora nyambut gawe Menthog-menthog mung lakumu Megal-megol gawe guyu Tembung "ngetok" tegese ...
mapan turu
megal-megol
bisa disawang
disidhang
Hilal : "Kula nuwun."
Pak Rohman : ..............................................
Pilih tanggapan sing trep kanggo pacelathon ing ndhuwur!
Monggo mlebet.
Sugeng dalu.
Piye kabarmu?
Matur nuwun.
Perhatikan percakapan berikut:
Bu Lilis : "Kulo nuwun"
Zila: "Nggih, mangga, Bu. Ngapunten, wonten kersa punapa, nggih?"
Bu Lilis : "Bapak, punapa wonten?"
Zila : "O nggih, wonten bu. Mangga mlebet rumiyin!" |
Bu Lilis : "Nggih, matur nuwun."
Zila : "............................................"
Bu Lilis : "Nggih."
Ukara kang pas kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku ....
Ngapunten bu, bapak lagi adus, dirantos rumiyin nggih
Ngapunten bu, bapak lagi siram, ditengga rumiyin nggih
Ngapunten bu, nembe adus, dirantos rumiyin nggih
Ngapunten bu, bapak nembe siram, ditengga rumiyin nggih
"O njih bu wonten, Magga mlebet rumiyin!"
Ukara krama iki lamun dibasakne ngoko dadi ....................
oh iya bu ada, ayo masuk dulu!
O iyo bu ene, ayo nak njero omah disik
oh iyo bu ana, ayo ndang mlebua dhisik!
oh iyo bu ana, ayo ndang masuk disik!
Kang diarani pacelathon yaiku ...
Ngobrol dhewe ing ngarep kaca.
Guneman utawa omongan antarane wong loro utawa luwih.
Guneman (omong-omongan) kanthi cara krama.
Ngomong-ngomong tanpa ana kang nyawuri.
Tembang-tembang sing ora kalebu tembang macapat yaiku ....
menthog-methog
Pucung
Gambuh
Pangkur
Tembang ing macapat kasebut yaiku ....
Dhandhanggula
Sinom
Gambuh
Pangkur
Cacahe tembang macapat ing wacanan ana .......................
5
6
7
8
Guru wilangan lan guru lagu gatra katelu ing tembang ing dhuwur yaiku ....
7u
8u
8i
9i
Tegese sinuba sinukarta yaiku ....
diusahake
dikurmati, diaji-aji
ora kena dicedhaki
Ora kena dikancani
Tembung Kinanthi iku wataké ....
rumaket
nelangsa
sedhih
tresna asih
Tembang kang kaiket karo wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani....
Tembang cilik
Tembang campursari
Tembang macapat
Tembang dolanan
Golekana tembang ing ngisor iki!
"Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekesé dur angkara"
Tembang ing dhuwur kalebu tembang macapat jinis ....
Dhandhanggula
Kinanthi
Pocung
Mijil
Guru lagu gatra ke-3 yaiku ...............
a
i
u
e
Guru wilangan gatra ke-2 yaiku ............
10
9
8
7
Guru wilangan lan guru lagu gatra ke-4 yaiku ............
7u
8u
8h
9u
Trahing kusuma tegese ....
turunan ratu
dadi pujangga
njaluk warah
jeneng nom-noman
Jaman saiki wis lumrah manawa wong tuwa njaluk warah marang anak, Luwih-luwih ing babagan teknologi. Bab kuwi trep karo saloka ....
kebo nusu gudel
bathok bolu isi madu
manuk emprit mabur ngétan
kebo mulih menyang kandhange
Unen-unen sing wis panggon-gone mawa teges wantah lan ora ngemut surasa pepindhan diarani ....
paribasan
cangkriman
wangsalan
saloka
Adhang-adhang tetesing bun, Paribasan iki nduweni teges ....
ngarep-arep paweweh sing durung kapara tekané
wong sing ora nguwatiraké pangan
wong ala karo wong becik bakal ketara bedané
wong tuwa njaluk rewang saka tingkah polahé anak
Gatekna pratelan crita ing ngisor iki!
Pak Andik nalika enomé ngumbara menyang ngendi-endi, bareng tuwa bali menyang desané.
Sing ditindhake Pak Andik kuwi trep karo saloka ................
iwak-iwak ing madu
bathok bolu isi madu
rebutan balung
kebo mulih menyang kandhange
Gambar iki pawayangane ...........................
semar
petruk
karna
werkudara
Sapa jeneng tokoh wayang ing gambar ing dhuwur iki?
Janaka
Kresna
Petruk
Werkudara
Aksara Jawa iki artine ..........
ꦥꦠꦶꦭ꧀ ꦭꦺꦭꦺ
patil lele
patin lele
patil rene
patih rene
Tembung "Nawala" lamun ditulis migunakake aksara Jawa dadiné ....
ꦤꦮꦥ
ꦤꦮꦲ
ꦤꦭꦮ
ꦤꦮꦭ
ꦱꦸꦫꦧꦪ aksara jawa iki wacane ......................
Surangapa
Curaharta
Surabaya
Sirabaya
Sandhangan wignyan gunané kanggo nyigeg wanda (suku kata) nganggo swara ....
ng
r
h
l
Sing diarani Tembang Macapat iku cacahé ana ....
8
9
10
11
Paribasan: Anak polah bapak kepradah tegese ....
Anak lan bapak kudu rukun
Tingkah polahé anak sing ala, bapak/wong tuwa sing nanggung akibaté
Wong tuwa kudu manut marang kersane anak
Anak kudu tansah nyenengake wong tuwa
Unen-unen sing ngemui surasa pepindhan (perumpamaan) diarani ....
Paribasan
Saloka
Bebasan
Cangkriman
Tembung nonton menawa diucapake nganggo Basa Krama Inggil yaiku ....
mirsani
ndelok
ningali
ningal
Tembung mangan menawa diucapake nganggo Basa Krama Alus yaiku ....
nedha
dhahar
dahar
nedhi
Ukara ing ngisor iki sing bener miturut unggah-ungguh Basa Krama Alus yaiku ....
Bapak arep tindak menyang Surabaya saiki.
Bapak badhe kesah dhateng Surabaya sakniki.
Bapak badhe tindak dhateng Surabaya saniki.
Bapak badhé tindak dhateng Surabaya samenika.
Sandhangan panyigeg wanda cecak gunané kanggo nyigeg wanda nganggo swara ....
r
h
l
ng
Aksara murda gunané kanggo nulis jeneng ....
kanca
panggonan
kewan
pangkat lan jeneng wong kang kinurmatan
Aksara Jawa sing kalebu Aksara Swara yaiku ....
a, i, u, eˊ, o
\text{ka, ta, na}
ra, ga, ba
\text{la, wa, pa}
Unen-unen: Urip kuwi kudu kaya banyu. Tansah mili lan ora bisa bali, Iki kalebu jinis ....
Paribasan
Saloka
Bebasan
Semboyan
Crita wayang sing nyritakake Pandhawa lan Kurawa, kalebu jinising crita ....
Hikayat
Babad
Mahabharata
Ramayana
Tembung sare menawa dibasakake Ngoko yaiku ....
turu
tilem
mapan
bobo
"Segerke duniamu lan uripmu ngombe Sprite".
Ukara kasebut klebu . . .
Pariwara
Parwata
Slogan
Persuasi
Karangan sing isine ngenani bab kang lagi dadi omongane masyarakat diarani . . .
Iklan
Pawarta
Slogan
Persuasi
Unine suara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani . . .
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru gatra
Dene cacahe wanda saben gatra diarani . . .
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru gatra
Migatruh, kinathi, pucung, gambuh iku klebu . . . .
tembang macapat
tembang pelok
tembang slendro
tembang maskumambang
Puisi ing basa Jawa diarani . . .
prosa
pantun
geguritan
tembang
Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku . . .
Bebasan, paribasan, saloka
Bebasan, saloka, pepindhan
Saloka, paribasan, pepindhan
Saloka, baradha, pepindhan
Unen-unen sajerone basa lan kasusastran Jawa cacahe ana . . .
Lima
Papat
Telu
Loro
Kakehan gludhuk kurang udan ukara iki klebu tuladha …
Seloka
Saloka
Bebasan
Paribasan
Ing ngisor iku klebu tuladha saloka, yaiku . . .
Udan tangis
Kebo kabotan sungu
Kenes ora ethes
Njajah desa milang kori
Kakehan gludhuk kurang udan ukara iki klebu tuladha …
Seloka
Saloka
Bebasan
Paribasan
Tegese saloka jer basuki mawa beya . . .
Amrih bisa seneng, butuh mangan enak
Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur
Amrih bisa sugih, butuh utang
Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan
Becik ketitik ala ketara tegese .............
becik lan ala bakal ketara dhewe
becik lan ala padha salahe
wong becik mesti ketara
ala lan becik padha ketara
kebo kabotan ..............
anak
sungu
kandang
pakan
Watake tembang Pangkur yaiku ...
ala
becik
sereng
sedhih
Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...
loh kang tinandur
loh jinawi
ayem tentrem
kreta raharja
Tembang Sinom kalebu tembang ....
Tembang Gedhe
Tembang Tengahan
Tembang Macapat
Tembang Dolanan
Nuladha laku utama
tumprape ning tanah Jawi
wong agung ing Ngeksigondo
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun kayenak tyasing sasama
tembang kasebut duweni patokan/paugeran ....
gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8,8, 7, 8, 7,8,12 lagu : a,i,a,i,i,u,a,i,a
gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a
gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u
gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan
Paribasan
Bebasan
Saloka
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Paribasan
Bebasan
Saloka
Emban cinde emban siladan, bebasan Iki artine....
Kabeh tumindak bakal katon
Wong kang nglanggar walere
Wong kakean anak
Wong kang pilih kasih
Lawa lima kalong telu Ono piro?
5
4
10
8
Bapak pucung,bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah dirgantara
Kaya manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
kapal mabur
tank tempur
Rudal Rusia
Becak Kutho
Teks informasi kang ngandharake fakta diarani ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti
pariwara
Wujude Teks Informasi ana 4 sebutna apa wae?
Teks deskripsi, Argumentasi, narasi, persuasi
Teks Pawarta, Persuasi, Sesanti/Slogan, Pariwara/iklan
Informasi, narasi, argumentasi, deskripsi
Teks berita, Faktual, eksposisi, deskripsi
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutuk ira pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntut ira
Tembang ing dhuwur jenenge tembang ...........
gambuh
pucung
sinom
mijil
Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....
nduweni pengin barange kanca
wong tuwa rekasa amarga polahe anak
nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa
karepe ngirit nanging malah entek akeh
Esuk dele sore tempe, tegese ....
uripe tansah kuwatir
akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana
ora teteg atine, gampang molah-malih
sipate wong tuwa tumurn menyang anak
Kakehan omong nanging ora ana bukti nyatane. Paribasane yaiku ....
Kakehan gludhug kurang udan
Sandhing kebo gupak
Sabaya pati, sabaya mukti
Abang-abang lambe
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
BANJIR
Saben taun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha ngemot utawa nggiyarake pawarta banjir. Semono uga kalawarti basa Jawa babaran Surabaya, Panyebar Semangat lan Jayabaya.
Banjir iku kedadeyan ing mangsa apa?
Wangsulan pitakon kasebut yaiku ....
Ing Jawa Timur
Ing mangsa rendheng
Ing mangsa labuh
Ing sakuruting Bengawan Sala
Kinanthi pada 1
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira,
Sudanen dhahar lan guling
Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....
5
6
8
9
Cacahe larikan utawa gatra saben sapada (bait)
iku diarani ...
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru swara
Punakawan kang sikile gejik
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
2.Epek-epek Gathotkaca ngetokake aji-aji wujude ....
uta daden-daden
angin ribut
geni mbulat-mbulat
udan panah
Aksara Jawa kuwi, unine yaiku
Lomba ngarang
Lomba pidato
Lomba nyanyi
Lomba-lomba
Aksara Jawa kuwi unine yaiku..
Boneka
Bola
Dolanan
Dodolan
Gambar Punokawan Iki jenenge....
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Unen-unen ing ngisor iki kalebu saloka, kejaba ... .
A. iwak klebu wuwu
B. asu belang kalung wang
C. adigang adigung adiguna
D. kemadheyan ngajak sempal
Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...
pawarta
slogan
persuasi
sesanti
Ing ngisor iki titikane sesanti/slogan
ukarane ngajak-ajak
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukarane ngujuk-ujuki
Tugase Dhalang yaiku....
Tukang nglakokne wayang
Tukang nabuh gamelan
Sing gaweyane nembang
Tukang nggawe wayang
Taling yaiku sandangan swara..
I
U
E
O
Sing kelebu kelebu sandangan swara yaiku..
Wulu, pepet, pengkal, lan cakra
Wulu, pepet, suku, taling, taling tarung
Wulu, pepet, cecek, pankon
Wulu, pepet, cakra, pengkal
Aksaea Jawa iku cacahe ana...
20
22
19
21
