Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Latihan ASAS Basa Jawa Kelas 6 semester 1

Total questions: 37

Worksheet time: 43mins

Name
Class
Date
1.

irah-irahan kang matuk kanggo gambar yaiku ....

a)

Banjir Bandhang

b)

Gunung Merapi Mletus

c)

Gempa Bumi Nggugah Kesiapsiagan Warga

d)

Angin Puting Beliung

2.

kang kalebu titikane slogan yaiku ... (jawaban ana 2)

a)

isine ngajak lan ngilengake

b)

ngandarake fakta

c)

isine nawakake sawijineng barang

d)

tembung-tembung cekak, lan gampang dieling-eling, ngandhut pitutur kang luhur

3.

kang kalebu titikane teks pawarta yaiku ... (jawabane ana 2)

a)

aktual, tegese kadadean tenanan lan lagi bae

b)

faktual, tegese ngandarake fakta, nyata, lan bener

c)

awujud gancaran kang isine ngajak, ngelingake, mamerake

d)

isine nawakake sawijining barang

4.

banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake banyu sing resik, banyu kang bebas polusi. nyatan ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. tur banyu lan kali wes akeh sing asat amarga wir-witan sing nandhon banyu wes entek ditegori. banyu kali wes kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik. Wacana teks ing dhuwur, manut jenise kalebu teks ....

a)

persuasi

b)

pawarta

c)

slogan

d)

pariwara

5.

(1) ukarane mamerake, ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake (2) angel dimangerti lan ditampa (3) isine direka-reka (4) narik kawigaten. Tandha pariwara kang efektif katunjuk nomer ....

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

1 lan 4

d)

3 lan 4

6.

Uwuh tegese ....

a)

banyu

b)

kali

c)

sampah

d)

wit-witan

7.

Ing ngisor iki tuladha slogan kang ngandut tema lingkungan yaiku ....

a)

Negor sauwit, nandur satus bibit

b)

Buku minangka jembatan ilmu

c)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

d)

Alas Indonesia kuwi alas tropis

8.

Ing ngisor iki ukara pawarta sing bener yaiku ....

a)

Sapa nandur bakal ngundhuh.

b)

Banjir bandhang ngajang ong Trenggalek, nuwuhake korban jiwa.

c)

Banyu resik, sumber panguripan, openana!

d)

Ayo tandang, njaga lestarine alam!

9.

Karangan kang nduweni ancas menohi pangaribawa marang pamaca supaya gelem melu marang apa kang dikarepake pengarang diarani ....

a)

teks persuasi

b)

teks pawarta

c)

slogan

d)

pariwara/iklan

10.

Sing mbedakake antara teks pawarta lan slogan yaiku ....

a)

Teks pawarta ngandharake fakta, yen slogan nawarake barang

b)

Teks pawarta ngandharake fakta, karacik saka 5W+1H, yen slogan tembunge cekak lan gampang dieling-eling

c)

Teks pawarta tembung-tembung e cekak, yen slogan tembung e karacik saka 5W+1H

d)

Teks pawarta isine nyakinke pamaca, yen slogan nawarake barang

11.

Ing ngisor iki ukara sing kalebu jenise pariwara/iklan yaiku ....

a)

Ngundhuh wohing pakarti

b)

Gunakake banyu sacukupe!

c)

Lemah longsor mendhem ewonan omah

d)

Sabun deterjen, ramah lingkungan.

12.

Gatekno jenis-jenis tembang ing ngisor iki! 1) Jurudemung 2) Pangkur 3) Kusumastuti 4) Pucung 5) Sinom Tembang ing dhuwur sing kalebu tembang macapat yaiku nomer ....

a)

1, 2, 3

b)

2, 3, 5

c)

2, 4, 5

d)

3, 4, 5

13.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung. Dawa kaya ula. Pencokanmu wesi miring. Sing disaba si pucung mung turut kutha. Tembang ing dhuwur yaiku tembang ....

a)

gambuh

b)

pucung

c)

sinom

d)

mijil

14.

Cacahé larik saben sapada diarani ....

a)

guru swara

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru gatra

15.

Watak tembang gambuh yaiku ....

a)

grayak, seneng

b)

tresna asih

c)

susah, sedhih

d)

getun

16.

Guru lagu lan guru wilangané tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

8a – 8i – 8u – 8e – 7a – 8i – 8i

b)

8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i

c)

8a – 11u – 8u – 7i – 12u – 8a – 8i

d)

8a – 11a – 10u – 7a – 12u – 8i – 8a

17.

Guru wilangan lan guru lagu 12u, 6a, 8i, 12a diduweni tembang ....

a)

Pangkur

b)

Kinanti

c)

Pucung

d)

Gambuh

18.

Gatekno tembang ing ngisor iki! Bocah-bocah dha sekolah. Wiwit biyen nalika isih cilik. Sregepa anggolek ilmu. Wayah esuk lan awan. Ngrungokake parentahe para guru. Lan bisa ngerti agama. Agama ngarsaning Gusti. Sing ora kalebu pitutur kang sajeroning tembang, yaiku ....

a)

Bocah-bocah kudu sregep sekolah

b)

Kudu tansah mirengake prentahe guru

c)

Wiwit cilik sregep golek ilmu

d)

Aja gelem ngudi kawruh agama

19.

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu tembang pangkur yaiku ....

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

12u, 6a, 8i, 12a

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

20.

Gatekno sasmitane tembang ing ngisor iki! (1) Nut jaman kapungkur tetep nyawiji. (2) Bapak pucung, saben dina tansah bingung. (3) Sekar gambuh ping catur. (4) Mingkar mingkuring angkara. Ukara kang mujudake sasmitane tembang pangkur yaiku nomer ....

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

1 lan 4

21.

Mingkar mingkuring angkara, tegese yaiku ....

a)

Ngatur mobah masike hawa napsu

b)

Kanggone won ging laladan Jawa

c)

Supaya kaleksanan pranatane panembah marang Pangeran

d)

Agama busana sing paling utama

22.

Agama ageming aji, tegese yaiku ....

a)

Ngatur mobah masike hawa napsu

b)

Kanggone won ging laladan Jawa

c)

Supaya kaleksanan pranatane panembah marang Pangeran

d)

Agama busana sing paling utama

23.

Guru lagu yaiku ....

a)

Tibaning swara ing saben pungkasane gatra

b)

Cacahing larik saben pada

c)

Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra

d)

Cacahing wanda saben sapada

24.

(1) ajeg panggonane (2) nganggo gegambaran arupa barang utawa kewan (3) ora nganggo gegambaran (4) tegese entar (5) tanpa jejer. Titikane paribasan yaiku nomer ....

a)

1, 2 lan 3

b)

1, 3 lan 4

c)

2, 3 lan 5

d)

1, 3 lan 5

25.

Tegese bebasan "Kebo kabotan sungu" yaiku ....

a)

Wong kang kesrakatan uripe merga demen apus-apus

b)

Wong kang kesrakatan uripe merga demen mangan turu

c)

Wong kang kesrakatan uripe merga akeh-anake

d)

Wong kang kesrakatan uripe merga akeh-an pakaryane

26.

Kang kalebu titikane saloka yaiku .... (jawaban ana 2)

a)

Tanpa jejer/subjek

b)

Tegese entar

c)

Umume diwiwiti tembung kriya

d)

Ana jejer (subjek) lan dipindhakake/diumpamakake bisa sato kewan lan samubarang

27.

Tegese paribasan "Ing ngarsa sung tuladha" yaiku ....

a)

pemimpin neng ngarep kudu bisa memenuhi tuladha utawa conto sing becik.

b)

ing tengah-tengah kudu duwe pangangenan-angen utawa gegayuhan kang becik.

c)

ing buri pemimpin kudu bisa memenuhi kekuwatan lan motivasi marang andhahan.

d)

pemimpin neng buri kudu bisa memenuhi tuladha utawa conto sing ala.

28.

Kang kalebu unsur-unsur saloka yaiku ....

a)

Unen-unen kang gumathok lan ajeg panggonane sarta nduweni teges wantah.

b)

Unen-unen sing ajeg panggonane lan nduweni teges entar kang ngemot surasa nggambarake tindak tanduke manungsa.

c)

Unen-unen kang ajeg panggonane kang ngemot surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kuwi uwonge.

d)

Tetembungan tartamtu kang endah.

29.

Asma timure Raden Ngabehi Rangga Warsita yaiku ....

a)

Bagus Rahmat

b)

Sultan Hadiwijaya

c)

Bagus Burhan

d)

Sultan Trenggana

30.

Geguritan yaiku ....

a)

Perangan saka reriptan sastra, basane kaiket nganggo paugeran tartamtu, kudu manut paugerane wirama, matra, rima lan cara

b)

Tetembungan tartamtu sajrone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu

c)

Tetembungan tartamtu kang endah

d)

Tetembungan sajrone ukara, kang kasusun miturut adat

31.

Gambar wayang ing dhuwur yaiku ....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

32.

Ana unen-unen kang unine "Trahing Kusuma, Rembesing madu, Wijining andhana tapa". Rembesing madu iku manis lan nyehatake, tegese Rembesing madu yaiku ....

a)

Keturunan

b)

Keturonane ratu/bangsawan

c)

Turunane raja

d)

Duweni wawasan agama

33.

Tegese paribasan "Jer basuki mawa beya" yaiku ....

a)

Amrih bisa Mulya, butuh pangurbanan.

b)

Amrih bisa sugih, butuh utangan.

c)

Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur.

d)

Amrih bisa seneng, butuh mangan enak.

34.

bapak pendidikan nasional yaiku ....

a)

soekarno

b)

moh. hatta

c)

ki hajar dewantara

d)

kapitan patimura

35.

Bocah-bocah dha sekolah

Wiwit biyen nalika isih cilik

Sregepa anggolek ilmu

Wayah esuk lan awan

Ngrungokake parentahe para guru

Lan bisa ngerti agama

Agama ngarsaning Gusti

Tembung ing dhuwur gancarno nganggo basamu dewe

4 lines
36.

Sagung pra rawuh sedaya,

Mugi pinayungan nugraha yekti,

Asih tresna Allah setuhu,

Tansaha kasarira,

Puji-puji syukur saha sembah sujud,

Konjuk ing ngarsa paduka,

Gusti Allah maha suci

Sebutna apa isi tembang ing dhuwur!

4 lines
37.

sebutna paribasan kang nduweni teges "Sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan"!

4 lines