wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS XII SMESTER GANJIL SMK

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Jroning khasanah kasusastran Jawa, genre sandiwara kaperang dadi loro kang diarani sandiwara klasik lan modheren. Ing ngisor iki kang ora kalebu titikan sandiwara klasik yaiku

a)

Crita ngrembug ngenani bab sejarah utawa donyaning kraton.

b)

Basa kang dianggo njumbuhake klawan jaman nalika crita mau kedadeyan.

c)

Alur crita ing sandiwara runtut kawiwitan saka jejer kedhaton nganti perang brubuh.

d)

Lakuning crita bebas lan manut klawan kekarepane pengarang.

e)

Nganggo unsur panyengkuyung crita kang uga klasik, kaya dene iringan musik, setting panggung, lan swasana kang jumbuh klawan jamane crita.

2.

Ing ngisor iki kang ora kalebu salah sijine langkah kagiyatan nalika nulis naskah sandiwara yaiku.

a)

Nemtokake topik utawa tema crita.

b)

Nemtokake alur crita.

c)

Nemtokake paraga lan dhapukan.

d)

Nemtokake latar/setting crita.

e)

Nggoleki piwulang luhur sajroning crita.

3.

Ing ngisor iki bab kang paling wigati lan kudu digatekake sadurunge nindakake pangriptaan crita sandiwara yaiku

a)

Golek papan panggonan kang swasana lan kahanane nyengkuyung supaya bisa nulis kanthi mardhika.

b)

Golek inpsirasi saka papan panggonan karameyan.

c)

Mesthekake bab urusan logistik utawa mangan gan lan ngombe komplit supaya ora ngelih nalika nulis naskah sandiwara.

d)

Nemtokake unsur pembangun intrinsik teks sandiwara.

e)

Nyepakake sakabehing piranti kanggo nulis naskah sandiwara.

4.

(1) Arman pancen bisa diarani sutresna budaya. (2) Wis wiwit saka umur 10 taun asring melu bapake ndhalang. (3) Saiki umure wis ngancik 25 taun. (4) Dheweke ora bisa uwal saka pedhalangan lan uga wayang kulit.

Ukara kang kalebu kasunyatan yaiku ing nomer.

a)

1 lan 2

b)

3 lan 4

c)

2 lan 3

d)

4 lan 1

e)

2 lan 4

5.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu kasunyatan yaiku ...

a)

Dhuwure banyu udan wis nggawe dalan ing Kaligawe macet.

b)

Miturut BMKG Jakarta, sesuk ing Jawa Tengah bakal udan deres

c)

Dhalang Ki Anom Suroto nduweni pangarep-arep wayang bisa tekan manca

d)

Miturut katrangan saka kancane, Bima wus ora gelem PKL amarga gaweyane angel.

e)

Wis arep dikandhani kaya piye, bocah iku ora bakal sadar marang apa kang wis dilakoni.

6.

Wacanen pethilan artikel ing ngisor iki.

Merti desa, Rasulan, utawa upacara tradhisi taunan ing padesan, sejatine mujudake umbul donga. Diwastani umbul donga jalaran ing adicara iku ngiras-ngirus minangka sukuran, tolak bala lan sukerta, uga donga pangajab bakal becik sakabehane ing tembe mburine. Minangka tinggalan para wikuna kang kebak donga, mula sasat kabeh pawongan ora ana kang wani nerak. Kawit jaman kawuri, wis akeh crita babagan sawijining desa kang wani nerak ora ngadani merti desa utawa bersih desa banjur nandang papa.

Miturut andharan saka paragrap ing dhuwur, pethilan teks mau kalebu jinis artikel...

a)

bebas

b)

opini

c)

praktis

d)

ringan

e)

ilmiah

7.

Wacanen pethilan artikel ing ngisor iki.

Artikel 1

Esuk iku udan deres ana ing kutha Purbalingga, Jawa Tengah. Udan kang kadadeyan wiwit saka jam 04.30 WIB mau nggawe dalan nuju ing setasiyun sepur, mligine ing dhaerah dalan Ahmad Yani, banjir. Bengine dhuwure banyu kang wis ana 40 centi ndadekake macet kang dawa.

Artikel 2

Ewonan omah kerem amarga banjir kang gedhe ing telung kecamatan, Kabupaten Pati, Provinsi Jawa Tengah. Para kurban padha ngungsi ing dhaerah kang luwih aman. Kahanan iku kadadeyan nalika dina minggu jam 03.00 WIB.

Kang mbedakake pethilan artikel ing dhuwur saka pola penyajiane yaiku...

a)

Artikel 1: urutan wektu

Artikel 2: urutan panggonan

b)

Artikel 1: urutan wektu

Artikel 2: urutan sabab-akibat

c)

Artikel 1: urutan sabab-akibat

Artikel 2: urutan wektu

d)

Artikel 1: urutan panggonan

Artikel 2: urutan wektu

e)

Artikel 1: urutan panggonan

Artikel 2: urutan sabab-akibat

8.

Wacanen pethilan teks panatacara ing ngisor iki.

......

Sagunging para rawuh ingkang winantu ing basuki, saderengipun kawula ngaturaken menggah reroncening tatacara, sumangga langkung rumiyin kula dherekaken manengku puja, ngaturaken raos puji sukur konjuk dhumateng Gusti Allah kang Maha Suci ingkang sampun paring kanugrahan rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan saengga kita sedaya saged makempal manunggal ing papan menika kanthi tansah manggih rahayu, wilujeng boten wonten pepalang menapa-menapa.

Pethikan teks panatacara mau kalebu perangan struktur teks panatacara kang diarani...

a)

pambuka

b)

muqodimah utawa adangiyah

c)

atur pakurmatan

d)

atur pitepangan diri

e)

atur puji sukur

9.

Ing ngisor iki kang kalebu tugase panatacara nalika mandhu acara mligine ing perangan struktur teks wosing gati utawa isi pokok, yaiku...

a)

Ngaturake panuwun marang para rawuh.

b)

Ngaturke jeneng acara, dina utawa wektu, lan papan panggonan acara.

c)

Nyuwunake pangapura kanggo sing duwe acara (pamangku gati) marang para rawuh jalaran kekurangan ing sajroning acara.

d)

Ngaturke matur nuwun jalaran para rawuh sedia ngrawuhi acara.

e)

Njaluk pangapura kanggo awake dhewe (panatacara) kang nglantarake acara jalaran kliru lan lupute anggone mandhu acara.

10.

Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu dilakokake dening panatacara sadurunge nindakake jejibahan mandhu acara, yaiku..

a)

Sesambungan karo sing duwe gawe acara (pamangku gati) ngenani maksud, tujuan, lan runtutaning acara sadurunge acara katindakake.

b)

Gawe cathetan cilik ngenani koreksi lan evaluasi sawise nindakake kagiyatan.

c)

Nggawe kepekan utawa buku panduan acara kanggo pathokan nglantarake acara.

d)

Sesambungan karo sakabehing pawongan kang gayut ing jroning acara.

e)

Mesthekake sakabehing paraga lan piranti ing saben urutan acara siyaga.