Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS 2 BAHASA JAWA KELAS 5

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

2.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese ...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

3.

Saben liwat tanduran sinawang ijo ...

a)

Memplak

b)

Branang

c)

Royo-royo

d)

Gadhing

4.

Salah sijine titikane dheskripsi yaiku ...

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

Isine mujudake asli laporan kegiyatan

c)

Nggambarake panyaruwe saka penulis

d)

Isine mujudake rerangkene cerita kang urut

5.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani ...

a)

Dheskripsi

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Narasi

6.

Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani ...

a)

Parikan

b)

Bebasan

c)

Panyendhu

d)

Panyandra

7.

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani ...

a)

Panyandra

b)

Parikan

c)

Panyendhu

d)

Papindhan

8.

Bocah kui rambute ngadhan-adhan, bangkekane ...

a)

Jambe sinigar

b)

Ndamar kanginan

c)

Nawon kemit

d)

Mucuk eri

9.

Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani ...

a)

Basa rinengga

b)

Basa bagongan

c)

Basa guyonan

d)

Basa krama desa

10.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani ...

a)

Pelem

b)

Kates

c)

Duren

d)

Nangka

11.

Nalika godok banyu, Mita ora sengojo ndemok pancine sing iseh panas. Deskripsi iki bisa ditampa perang pancadriya perangan ...

a)

Kuping

b)

Kulit

c)

Mripat

d)

Irung

12.

Wayah awan angina semilir adhem, ndadak angine nggawa gandane lele digoreng. Wacan deskripsi iki nyritakake samubarang sing bisa dirasakake liwat ... lan ...

a)

Kuping lan sirah

b)

Mripat lan tangan

c)

Kulit lan mripat

d)

Irung lan kulit

13.

Wong-wong mesti padha nonton. Najan wujude mung kertas, nanging dibutuhake nganti setaun lawase. Barang iki kadhang angkane dibunderi, kanggo nengeri kedadean utawa rencana sing bakal dilakoni. Wacan iku deskripsi ngenani ...

a)

Meteran

b)

Handphone

c)

Tanggalan

d)

Buku bahasa jawa

14.

Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.

Tembung sing klebu panyendhu yaiku ...

a)

Dedege dhuwur

b)

Batuke nonong

c)

Lembehane mlarak sempal

d)

Yen mlaku kaya macan luwe

15.

Wong-wong biyen nganggo gondhel gede-gedhe nganti kupinge ...

Tembung panyendhu kanggo ngganepi ukara iki ...

a)

Gruwung

b)

Ndower

c)

Piseng

d)

Dawir

16.

Swarane bledheg wingi kae kaya ...

Tembung pepindhan sing bener kanggo ngganepi ukara iki ...

a)

Mbelah-mbelahna bumi

b)

Ngagetake jantung

c)

Mecah-mecahna gundul

d)

Mbudekake kuping

17.

Wartini iku bacahe ayu, alise ...

a)

Nawon kemit

b)

Miji timun

c)

Blalak-blalak

d)

Nanggal sepisan

18.

Eyang kakung ... saking Kalimantan

a)

Wangsul

b)

Kondor

c)

teka

d)

Mulih

19.

Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku ...

a)

Disapu

b)

Nyapu

c)

kosapu

d)

daksapu

20.

Pak Lurah lagi ... menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku ...

a)

Mangkat

b)

Tindak

c)

Kesah

d)

Budhal

21.

Gatekna tuladha dolanan tradisional ing ngisor iki!

(1) Dhakon.

(2) Bentengan.

(3) Pasaran

(4) Dham-Dhaman

(5) Gobah Sodor

Tuladhane dolanan sing gunakake kakuwatan fisik, yaiku………….

a)

a. (1) lan (2)

b)

b. (2) lan (3)

c)

c. (2) lan (4)

d)

d. (2) lan (5)

22.

Jinising paragrap manut pokoke ukara kaya ngisor iki, kejaba…………

a)

a. Dhedhuktip

b)

b. Indhuktip

c)

c. Campuran

d)

d. Ineratip

23.

Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 3-7!

Pesisir Slamaran ing kutha Pekalongan kahanane seger, adhem, lan tentrem. Banyune katon biru bening lan wit klapa padha thukul ing pinggir laut. Kejaba endah, panggonane ora adoh saka kutha. Paribasan numpak motor mung sacleretan, wis anjlok ing Pesisir Slamaran.

Wacan ing dhuwur klebu wacan……..

a)

a. Narasi

b)

b. Dheskripsi

c)

c. Argumentasi

d)

d. Eksposisi

24.

Tembung endah ing wacan kasebut sinonime yaiku….

a)

a. Edi-peni

b)

b. Gumregah

c)

c. Makmur

d)

d. Sumunar

25.

Wacan ing dhuwur nggambarake dhaerah kang ana ing…

a)

a. Magelang

b)

b. Pekalongan

c)

c. Kendal

d)

d. Semarang

26.

Ukara pokok wacan kasebut yaiku….

a)

a. Pesisir Slamaran ing kutha Pekalongan kahanane seger, adhem, lan tentrem.

b)

b. Banyune katon biru bening lan wit klapa padha thukul ing pinggir laut.

c)

c. Kejaba endah, panggonane ora adoh saka kutha.

d)

d. Paribasan numpak motor mung sacleret, wis anjlok ing Pesisir Slamaran.

27.

Manut mapane ukara pokok, wacan ing dhuwur kelebu paragrap…

a)

a. Dhedhuktip

b)

b. Indhuktip

c)

c. Dheskriptip

d)

d. Ineratip

28.

Kang diandharake ana ing wacan dheskriptip, yaiku ngandharake….

a)

a. Sawijining pendhapat

b)

b. Informasi

c)

c. Kahanan

d)

d. Proses

29.

Kang kudu di gatekake nalik gawe karangan, kejaba…

a)

a. Nentokake tema

b)

b. Milih irah-irahan (judhul)

c)

c. Basane sing becik

d)

d. Nulis kanggo aksara Latin

30.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradhisional, kejaba…

a)

a. Bisa gawe rukun sakancane

b)

b. Nglatih kelantipan lan kaprigelan

c)

c. Gawe awak sehat, lan seger waras

d)

d. Boros, wragade akeh, lan larang

31.

Salah siji titikan wacan narasi kaya ing ngisor iki, kajaba…

a)

a. Nyritakake pengalaman

b)

b. Nyritakake dedongengan

c)

c. Nggambarake kahanan, panggonan

d)

d. Urut wektu/kronologis

32.

Gangsing di gawe saka kayu.

a)

bener

b)

salah

33.

Gangsing diadu lan sapa kang gangsinge pecah utawa rusak yaiku sing menang.

a)

bener

b)

salah

34.

Tuladhane dolanan sing gunakake kekuatan fisik yaiku pasaran.

a)

bener

b)

salah

35.

Kang sepisan ditindakake kanggo nulis karangan dheskriptip yaiku nentokake bab kang arep ditulis

a)

bener

b)

salah

36.

Kang kalebu tembang dolanan yaiku...

a)

Pocung

b)

Maskumambang

c)

Gundul-gundul pacul

d)

Gambuh

37.

Bapak...saking kantor pos mundhut materai.

a)

mantuk

b)

mulih

c)

kondur

d)

wangsul

38.

Tibaning swara ing pungkasaning larik jeroning tembang macapat diarani...

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

parikan

39.

Perang Bhatarayuda iku perange...karo...

a)

Pandhawa lan Kurawa

b)

Pandhawa lan Mandura

c)

Dwarawati lan Ngastina

d)

Mandura lan Kurawa

40.

Bebarengan karo revolusi industri taun 1830an Inggris ngrembaka sanget industriniupun. Bebarengan karo tegese...

a)

sareng-sarengan

b)

sesarengan kaliyan

c)

sesami kaliyan

d)

sesarengan karo

41.

Nalika maju dadi senapati perang, Srikandhi diampili pusakane...

a)

Prabu Duryudana

b)

Prabu Kresna

c)

Raden Arjuna

d)

Raden Werkudara

42.

Srikandhi kuwi minangka gegambaran...

a)

emansipasi wanita

b)

wanita sing keladuk

c)

wanita tanpa upama

d)

wanita jajah pria

43.

Wulu, pepet, suku, lan taling tarung diarani sandhang...

a)

paten

b)

swara

c)

panyigeg wanda

d)

pasangan

44.

Pasangan aksara jawa kang padha karo aksarane yaiku pasangan...

a)

ra, ya, ga, nga

b)

ha, na, ca, ra

c)

pa, dha, ja, ya

d)

ma, ga, ba, tha

45.

Sing ora kalebu tembang dolanan yaiku...

a)

pocung

b)

menthong-menthog

c)

kupu kuwi

d)

jaranan

46.

Tembung-tembung sing digunaake sajrone geguritan yaiku tembung sing ….

a)

angel

b)

mentes

c)

mbingungake

d)

gampang dinalar

47.

Pilihan tembung geguritan diarani dhiksi. Tembung-tembung sing duwe teges entar utawa ora sabenere diarani ….

a)

detektif

b)

denotatif

c)

konotatif

d)

konklusif

48.

Pakaryan sing abot bakal dadi entheng menawa ditindakake ….

a)

ijenan

b)

karo emosi

c)

bebarengan

d)

dhewe-dhewe

49.

Bocah cilik yen nindaake pacelathon dening wong sepuh kudu migunaake basa ….

a)

ngoko

b)

krama

c)

campuran

d)

krama inggil

50.

Salah sawijinign titikan (ciri) teks pacelathon yaiku ….

a)

kanthi katulis wujud dialog

b)

mung nggunaake ukara crita

c)

diparagani dening pawongan siji

d)

nggunaake ukara sing ngambawara