wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Harian Bahasa Jawa Kelas IV Bab 4

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.
Bedhug ngenthang-ngenthang, mulih saka dolan Jaka Berek atine mbedhegel, praupane abang mbranang ngempet nesu. Jaka Berek muringmuring temenan. Saben-saben dolan mesthi dienyek karo kanca-kancane amarga mlarat, dilokake bocah ora duwe bapak. “Biyung, Biyung aku isin! aku emoh dolan maneh, aku isin!” swara Jaka Berek bengok-bengok. Apa sing dadi sebab Jaka Berek ora gelem dolan maneh?
a)
Amarga dipenging biyunge
b)
Amarga ora nduwe kanca dolan
c)
Amarga kesel sawise dolan
d)
Amarga dienyek kanca-kancane
2.
“Gek ana apa ta, le, kok bengok-bengok? Yen ana perkara mbok ngomong Biyung iki!” Biyunge sumaur saka njero, banjur lungguh njejeri Jaka Berek sing lagi lungguh lincak ing emper omah. “Biyung, aja gela atimu ya, aku daktakon. Sejatine bapakku kuwi sapa, jare kancaku aku bocah ora duwe bapak. Simbah daktakoni dikongkon takon Biyung. Yen pancen aku duwe bapak, sapa bapakku? Yen isih urip ing ngendi panggonane? Yen wis seda endi kubure?” pitakone Jaka Berek marang biyunge. Kepriye sikapé biyunge Jaka Berek nalika ngrungokake Jaka Berek bengok-bengok?
a)
Langsung ninggalake Jaka Berek
b)
Njaluk Jaka Berek crita lan lungguh jejere
c)
Nesu lan ngendikan keras
d)
Meneng wae lan ora nggagas
3.
“Thole anakku Jaka Berek, gedhekna atimu. Ora ana critane anak ora duwe bapak. Bapakmu ya durung seda, isih sugeng. Ananging yen nganti Biyung crita janjia aja dadi serik ati marang bapakmu, awit iki kabeh ana sabab musababe. Ora mung salahe Bapa Biyungmu,” biyunge Jaka Berek sing sejatine Dewi Sangkrah ngendikan karo ngelus-ngelus putrane si Jaka Berek. “Lya Biyung, aku janji,” Jaka Berek janji marang Biyunge. “Sejatine bapakmu kuwi adipati ing Kadipaten Surabaya, asmane Jayengrana. Yen kepengin ketemu budhala, golekana Bapakmu. Nalika semana Bapakmu maringi Biyungmu slendhang Cindhe Puspita. Iki slendhange gawanen, sapa ngerti mengko ana gunane. Dakpangestoni salakumu,” Dewi Sangkrah ngendika ngono karo mbrebes mili. Apa pesen sing diwenehake Dewi Sangkrah marang Jaka Berek?
a)
Supaya nggedhekake ati lan ora sengit marang bapake
b)
Supaya ora takon bab bapake maneh
c)
Supaya dadi serik ati marang bapake
d)
Supaya tetep manggon bareng biyunge wae
4.
Sapa sejatine bapake Jaka Berek miturut crita kasebut?
a)
Prajurit ing Kadipaten Mataram
b)
Wong biasa saka desa
c)
Adipati ing Kadipaten Surabaya
d)
Pedagang sugih saka Surabaya
5.
“Biyung, matur nuwun palilahmu. Pangestumu Biyung, aku njaluk pamit.” Jaka Berek budhal menyang Kadipaten Surabaya sangu slendhang Cindhe Puspita. Satekane kadipaten dicegat prajurit loro. Amarga ora dililani mlebu kadipaten, Jaka Berek padudon lan gelut karo prajurit mau. Untunge padudon enggal konangan Pangeran Sawungrana lan Sawungsari, putra Adipati Jayengrana, saengga ora nganti ketiwasan. “Nyuwun ngapunten Pangeran, punika wonten lare nem-neman ingkang meksa badhe mlebet kadipaten, sowan dhateng Kanjeng Adipati,” prajurit mau matur pangeran loro mau karo keweden, wedi kadukanan. Apa sababé Jaka Berek padudon lan gelut karo prajurit ing gapura kadipaten?
a)
Amarga dheweke ngenyek prajurit
b)
Amarga ora dililani mlebu kadipaten
c)
Amarga kelangan slendhang Cindhe Puspita
d)
Amarga dikongkon Pangeran Sawungrana
6.
Sapa sing ndadekake padudon antarane Jaka Berek lan prajurit ora nganti ketiwasan?
a)
Adipati Jayengrana
b)
Dewi Sangkrah
c)
Pangeran Sawungrana lan Sawungsari
d)
Prajurit sing dicegat mau
7.
“He! Nom-noman, sapa jenengmu? Ana parigawe apa kowe arep mlebu kadipaten?” pitakone Pangeran Sawungrana. “Jenengku Jaka Berek, aku kepengin ketemu Adipati Jayengrana, ana sing perlu dakomongake mula aja kok alangi!” Jaka Berek ngomong tanpa nganggo subasita. “He! Jaka Berek! Wong murang tata, ora bisa kowe nemoni Rama Jayengrana, muliha! Yen ora gelem, bakal dakulihke nyawamu!” santak panantange Sawungsari. “Ora bisa! Aku kudu ketemu Adipati Jayengrana!” krungu tekade Jaka Berek, Pangeran Sawungrana lan Sawungsari sigra ngroyok Jaka Berek. Dadi padudon lan gelut rame antarane Jaka Berek lumawan Pangeran Sawungrana lan Sawungsari. Durung pati suwe anggone gelut, konangan Sang Adipati Jayengrana sing lagi bae metu saka njero kadipaten. Kepriye carane Jaka Berek ngomong nalika njaluk ketemu Adipati Jayengrana?
a)
Tanpa nganggo subasita lan murang tata
b)
Alon lan sopan nganggo subasita
c)
Wedi lan kebak sungkan
d)
Meneng lan ora mangsuli pitakon
8.
Apa sing nyebabake dumadine padudon lan gelut ing kadipaten?
a)
Jaka Berek nyolong barang kagungan kadipaten
b)
Jaka Berek ora gelem mulih lan meksa ketemu Adipati Jayengrana
c)
Pangeran Sawungrana nesu tanpa sebab
d)
Prajurit kadipaten ngroyok Jaka Berek luwih dhisik
9.
“He! Leren! Leren! Ana apa iki padha gelut?” Adipati Jayengrana nglerenake sing padha gelut lan nakoni apa sebab musababe nganti gelut. “Jaka Berek, aku Adipati Jayengrana, ana parigawe apa kowe pengin nemoni aku?” Adipati Jayengrana ndangu Jaka Berek. “Waleh-waleh apa Bapa Adipati, aku kepingin ketemu panjenengan, njaluk diaku anak. Aku iki anakmu, anake biyung Dewi Sangkrah,” Jaka Berek paring wangsulan blaka suta marang Adipati Jayengrana. “Ketemu pirang perkara! Aja gawe pangreka, kowe nyebut aku bapakmu, apa buktimu?” sereng pangandikane Adipati Jayengrana semu duka. Apa ancase Jaka Berek nemoni Adipati Jayengrana?
a)
Njaluk pangapura amarga wis gelut
b)
Njaluk diaku dadi anaké Adipati Jayengrana
c)
Njaluk pakaryan ing kadipaten
d)
Njaluk slametan marang Adipati Jayengrana
10.
Kepriye sikapé Adipati Jayengrana nalika krungu pangandikane Jaka Berek?
a)
Langsung percaya lan bungah
b)
Meneng lan ora mangsuli
c)
Ragu lan semu duka, banjur njaluk bukti
d)
Wedi lan ninggalake papan
11.
Jaka Berek ngetokake slendhang Cindhe Puspita saka wungkusan, diaturake Adipati Jayengrana. Nalika Adipati Jayengrana mirsani slendhang Cindhe Puspita, legeg kelingan menawa slendhang mau pancen tandha mata kang nate diparingake garwa selire kang kinasih, Dewi Sangkrah. “Yen ngono bener tenan, sliramu pancen putraku,” ngendikan ngono karo ngrangkul Jaka Berek, banjur dikenalake karo Sawungsari lan Sawungrana minangka sedulure. Cekake crita, Jaka Berek banjur manggon ana Kadipaten Surabaya, diparingi asma Sawunggaling. Ing sajerone kadipaten, Jaka Berek ginulawenthah ing tata krama lan subasita, sarta tata kaprajan, padha karo putra liyane. Apa bukti sing ndadekake Adipati Jayengrana percaya yen Jaka Berek iku putrane?
a)
Omongane Dewi Sangkrah sing wis diceritakake sadurunge
b)
Slendhang Cindhe Puspita sing diaturake Jaka Berek
c)
Kamenangan Jaka Berek nalika gelut
d)
Pangenalane para pangeran kadipaten
12.
Banyubiru iku jeneng desa ing tlatah Jawa Tengah, desa kang endah lan subur. Ing desa iku papan dununge priyayi kang sekti lan wicaksana, asmane Ki Buyut Banyubiru. Sawijining dina ana nom-noman kang sowan saperlu meguru marang Ki Buyut Banyubiru, nom-noman iku jenenge Jaka Tingkir. Jaka Tingkir duweni salah marang Sultan Demak, mula saka iku Jaka Tingkir sowan Ki Buyut Banyubiru saperlu meguru karo nyuwun piwulang kanggo nyuwun pangapura marang Sultan Demak. Ki Buyut Banyubiru nampa Jaka Tingkir pinangka muride. Saben dina Ki Buyut Banyubiru nggladhi para siswane kanthi maneka kawruh, yaiku kawruh kabatinan lan olah kanuragan, nganti tekan titi wancine wus rampung anggone meguru. “Putraku Jaka Tingkir, wus titi wancine kowe sowan marang Sultan Demak. Iki dak gawani lemah sagegem, suk kowe bakal ketemu banteng, lebokna lemah iki ing tutuke, iku bakal dadi dalan anggonmu nampa pangapura Sultan Demak,” mangkono dhawuh Ki Buyut Banyubiru. Apa sebabé Jaka Tingkir sowan marang Ki Buyut Banyubiru?
a)
Amarga kepengin dadi prajurit Demak
b)
Amarga kepengin manggon ing Desa Banyubiru
c)
Amarga dipanggil dening Ki Buyut Banyubiru
d)
Amarga duwé salah marang Sultan Demak
13.
Anggone lumaku liwat bengawan kanthi numpak gethek. Dumadakan Jaka Tingkir lan para pandereke dikeroyok baya ing tengahe bengawan, nanging baya-baya iku bisa disingkirake, malah retune baya uga kalah kalawan Jaka Tingkir. Pinangka tandha ngakoni kaunggulane Jaka Tingkir, para baya iku gelem nyurung lakune gethek kanthi cepet tekan papan kang dituju. Sawuse mudhun saka gethek, Jaka Tingkir weruh ana banteng ing kana. Mituhu dhawuhe Ki Buyut Banyubiru, banjur Jaka Tingkir nglebokake lemah peparinge gurune ing tutuke banteng. Sanalika banteng iku ngamuk banjur mlayu ing alun-alun Prawata. Pangamuke banteng agawe girise para kawula lan para prajurit Demak, ora ana kang bisa ngatasi. Apa akibat saka banteng sing diwenehi lemah peparinge Ki Buyut Banyubiru?
a)
Banteng dadi anteng lan meneng
b)
Banteng langsung mati
c)
Banteng ngamuk lan mlayu
d)
Banteng mlebu alas maneh
14.
Sultan Demak uga wus sumelang meruhi pangamuke banteng. Dumadakan Sultan Demak pirsa Jaka Tingkir lagi ngadheg ing pinggir alun-alun. Jaka Tingkir didhawuhi sowan Sultan Demak, banjur Sultan Demak ngendika, “Yen kowe bisa ngatasi pangamuke banteng iku, ingsun bakal maringi pangapura marang kowe,” Jaka Tingkir saguh. Pranyata Jaka Tingkir kasil ngalahake banteng kasebut lan agawe bungahe Sultan Demak lan para kawula. Sultan Demak kepranan penggalihe, kajaba ngucap panuwun uga paring pangapura tumrap kabeh kaluputane Jaka Tingkir. Sabanjure Jaka Tingkir kawisuda dadi lurah prajurit tamtama. Amarga tindak tanduke kang kebak subasita lan tata krama, sabanjure Jaka Tingkir diangkat dadi mantu dening Sultan Demak. Apa janji Sultan Demak marang Jaka Tingkir nalika ndeleng pangamuke banteng?
a)
Maringi pangapura yen Jaka Tingkir bisa ngatasi banteng
b)
Maringi jabatan yen Jaka Tingkir gelem dadi prajurit
c)
Maringi bebungah yen banteng bisa dicekel urip
d)
Maringi paukuman yen banteng ora bisa dikalahake
15.
Kraton Jenggala dipimpin dening raja kang jenenge Raden Putra. Raden Putra kagungan prameswari sing becik bebudene, lan selir sing duwe watak iri lan dengki. Raden Putra lan garwane loro pisan iku urip ing ndalem kraton sing endah banget lan ayem tentrem. Nanging sawijining dina selir duwe niyat ala marang prameswari, niyat ala iku tuwuh saka pepenginane selir kareben dadi garwa prameswari. Selir banjur dhawuh salah sawijining tabib istana kanggo mujudake niyat ala iku mau. Selir ethok-ethok nandang lara kang abot banget. Nalika Raden Putra rawuh niliki kahanane selire, tabib istana matur yen larane selir iku amarga ana kang ngracuni, yaiku Gusti Prameswari. Keprungu critane tabib istana, baginda langsung duka lan murka, banjur paring dhawuh marang patih supaya prameswari diguwang menyang satengahing alas lan diukum pati. Apa sebab utama selir duwe niyat ala marang Gusti Prameswari?
a)
Amarga selir sengit marang urip kraton sing tentrem
b)
Amarga selir kepengin ngganteni prameswari dadi garwane raja
c)
Amarga selir ora disenengi dening para abdidalem
d)
Amarga selir dipitutur tabib supaya nindakake tumindak ala
16.
Apa tumindak Raden Putra sawise krungu pawarta saka tabib istana?
a)
Nindakake panyelidikan luwih dhisik marang prameswari
b)
Maringi paukuman marang tabib istana
c)
Paring dhawuh supaya prameswari diguwang ing alas lan diukum pati
d)
Nglilani prameswari manggon adoh saka kraton
17.
Nanging sang Patih sejatine wus mangerteni niyat alane selir, mulane nalika nindakake dhawuhe sang Raja, dheweke ora mentala mateni Gusti Prameswari. Malah kepara sang Patih nyritakake kedadeyan kang sejatine marang Gusti Prameswari kang wektu iku lagi ngandhut. Banjur sang Patih nyekel trewelu, dipateni lan getihe trewelu dinggo nelesi pedhange, banjur mulih menyang kraton kanggo nglaporake yen jejibahan kanggo merjaya prameswari wus kalaksanan. Nalika patih nglaporake bab iku kanthi nuduhake pedhange kang isih teles kena getih, Sang Raja percaya lan katon marem nampa laporane patihe. Sawuse pirang-pirang wulan, ing satengahing alas, prameswari nglairake putra lanang kang banjur diwenehi jeneng Cindelaras. Cindelaras dadi bocah kang lantip lan bagus. Wiwit cilik kancane kewan-kewan alas. Apa sebabé sang Patih ora nindakake dhawuh Sang Raja kanggo mateni Gusti Prameswari?
a)
Amarga ora kuwat nindakake paukuman pati
b)
Amarga wus mangerteni niyat ala saka selir
c)
Amarga wedi yen bakal kabukten salah
d)
Amarga Gusti Prameswari janji bakal ninggal kraton
18.
Apa ancase sang Patih nelesi pedhange nganggo getihe trewelu?
a)
Supaya bisa ngapusi Sang Raja yen dhawuh wis kalaksanan
b)
Supaya Gusti Prameswari ora diuber prajurit kraton
c)
Supaya kewan alas ora nyedhaki panggonane
d)
Supaya tabib istana ora curiga marang patih
19.
Sabubare pirang wulan, satengahing alas, prameswari nglairake putra lanang kang banjur diwenehi jeneng Cindelaras. Cindelaras dadi bocah kang lantip lan bagus. Wiwit cilik kancane kewan-kewan alas. Sawijining dina, nalika Cindelaras lagi dolanan, ana manuk rajawali nibakake endhog pitik. Endhog mau ora pecah, banjur dijupuk lan diopeni dening Cindelaras nganti netes. Anak pitik iku dadi jago kang gagah lan kuwat, lan nduweni kluruk kang ora kaya jago salumrahe, amarga kluruke nyritakake asal-usule Cindelaras. Apa sing ndadekake pitik jago kagungane Cindelaras beda karo jago liyane?
a)
Amarga wernane luwih endah tinimbang jago liyané
b)
Amarga digedhekake ana ing satengahing alas
c)
Amarga kluruke bisa nyritakake asal-usule Cindelaras
d)
Amarga jago iku luwih kuwat nalika gelut
20.
Cindelaras nggumun keprungu kluruke pitik jagone, banjur enggal matur ibune. Ibune Cindelaras crita babagan asal-usule Cindelaras lan larah-larahe bisa nemoni kahanan urip ing satengahing alas. Cindelaras banjur thukul tekade kanggo menyang kraton saperlu mbeberake kabeh tindak culika selire baginda raja. Sadawane laku saka tengah alas menyang kraton, akeh wong nantang adu jago, nanging pitik jagone Cindelaras tansah unggul. Pawarta babagan pitik jagone Cindelaras tekan kraton, mula Raden Putra kepengin nantang adu jago. Raden Putra ngutus hulubalang supaya ngundang Cindelaras adu jago ing kraton. Bebana adu jago iku ora entheng: yen jagoné Cindelaras kalah, Cindelaras bakal diukum pati, nanging yen jagoné menang, separo bandhane Raden Putra dadi duweke Cindelaras. Cindelaras nyaguhi. Apa sing ndadekake Cindelaras duwe tekad kanggo menyang kraton?
a)
Amarga kepengin sugih lan nduweni bandha
b)
Amarga kepengin adu jago karo Raden Putra
c)
Amarga kepengin mbeberake tindak culika selir marang prameswari
d)
Amarga wis ngerti asal-usule lan kepengin ngungkap kebenaran
21.
Apa bebana sing ditampa Cindelaras nalika nampa tantangan adu jago ing kraton?
a)
Yen kalah bakal dipenjara, yen menang dadi prajurit
b)
Yen kalah diukum pati, yen menang entuk separo bandhane raja
c)
Yen kalah kudu bali menyang alas, yen menang dadi putra mahkota
d)
Yen kalah dipundhawuhi lunga saka kraton, yen menang entuk pangapura
22.
Jagone Cindelaras kasil ngasorake jagone Raden Putra. Sadurunge netepi sesanggemane, Raden Putra njaluk Cindelaras nepungake awake dhewe. Cindelaras banjur mbisiki pitik jagone, lan pitik iku kluruk nyebutake yen Cindelaras iku putrane Raden Putra. Krungu kluruk iku, Raden Putra kaget lan njaluk Cindelaras crita kanthi cetha. Sawise krungu crita saka Cindelaras lan patihe, Raden Putra rumangsa getun amarga kaluputane. Pungkasane Raden Putra maring dhawuh supaya selire diukum buwang ing tengah alas. Apa sing ndadekake Raden Putra kaget lan bingung sawise adu jago?
a)
Amarga jagone kalah kanthi cepet
b)
Amarga pitik jagone Cindelaras kluruk nyebutake asal-usule Cindelaras
c)
Amarga Cindelaras njaluk separo bandha kraton
d)
Amarga patihe ora gelem netepi dhawuh
23.
Apa paukuman sing diparingake Raden Putra marang selire sawise ngerti kanyatan sing sejatine?
a)
Dipenjara ana ing kraton
b)
Diukum pati ing alun-alun
c)
Dibusak saka kraton lan dibuwang ing tengah alas
d)
Dipundhawuhi lunga saka Jenggala
24.
Raden Putra njaluk pangapura marang Cindelaras lan dhawuh supaya prameswari enggal dipethuk lan kondur menyang kraton. Pungkasane, Raden Putra, prameswari, lan Cindelaras bisa ngumpul maneh lan urip ayem tentrem. Sawise Raden Putra tilar donya, Cindelaras ngganteni ramane dadi raja kang adil lan wicaksana. Apa tumindak Raden Putra sawise ngerti kasunyatan sing sejatine?
a)
Ngukum Cindelaras amarga nate nantang adu jago
b)
Njaluk pangapura marang Cindelaras lan mbalekake prameswari
c)
Nglilani prameswari tetep manggon ing alas
d)
Ngusir Cindelaras saka kraton
25.
Kepriye kahanan pungkasan uripe Cindelaras miturut crita kasebut?
a)
Urip prasaja ing alas kaya biyunge biyen
b)
Dadi prajurit kraton sing setya
c)
Ngganteni ramane dadi raja kang adil lan wicaksana
d)
Lelakon adoh ninggalake Kraton Jenggala
26.
Ing satengahing alas kang gedhe akeh jinise kewan kang urip bebarengan. Kewan-kewan iku urip kanthi tentrem lan rukun. Salah siji kewan ana kang sugih akal, arane Kancil. Sore iku ana Kethek lagi penekan ing wit pring, leyeh-leyeh karo mangan roti. Ora let suwe Kancil teka lan weruh Kethek, banjur kepengin nduweni rotine. Kancil banjur ngajak omong Kethek kanthi alus lan njaluk sethithik roti. Kethek banjur menehi roti marang Kancil. Kepriye sipat Kancil miturut crita kasebut?
a)
Kewan sing galak lan seneng meksa
b)
Kewan sing sugih akal lan pinter nggunakke cara
c)
Kewan sing males lan seneng mangan
d)
Kewan sing ora seneng karo kewan liyane
27.
Apa sebabé Kethek gelem menehi roti marang Kancil?
a)
Amarga Kethek wedi marang Kancil
b)
Amarga Kethek duwe roti akeh banget
c)
Amarga Kancil njaluk kanthi tembung alus
d)
Amarga Kancil njupuk roti kanthi paksa
28.
Kancil matur nuwun marang Kethek lan njaluk supaya roti diparo. Kethek tanpa curiga menehi rotine. Nalika diparo, roti mau ora padha gedhene, siji gedhe lan siji cilik. Kethek meneng wae amarga percaya marang Kancil, nanging sejatine Kethek ora ngerti yen Kancil lagi nggunakake akal licike. Apa sing ditindakake Kancil marang roti saka Kethek?
a)
Dipangan dhewe tanpa nuduhake
b)
Diparo dadi loro bagean sing padha
c)
Dibalikake maneh marang Kethek
d)
Diparo dadi loro nanging ora padha gedhene
29.
Sebab apa Kethek meneng wae nalika weruh roti ora padha gedhene?
a)
Amarga wedi marang Kancil
b)
Amarga ora peduli karo rotine
c)
Amarga ora weruh carane Kancil maro
d)
Amarga percaya marang tumindake Kancil
30.
Kancil menehi bagean roti sing cilik marang Kethek, dene bagean sing gedhe kanggo awake dhewe. Kethek kaget lan ora trima, banjur protes. Saben Kethek protes amarga rotine Kancil isih gedhe, Kancil tansah nyuwil lan mangan maneh rotine. Mangkono mau nganti pungkasane kabeh roti entek dipangan Kancil. Tumindake Kancil ing crita kasebut nuduhake sipat ….
a)
licik lan ngapusi
b)
sabar lan andhap asor
c)
jujur lan adil
d)
welas asih marang kanca
31.
Piwulang kang bisa dijupuk saka crita Kancil lan Kethek yaiku ….
a)
Aja gampang percaya marang wong liya
b)
Wong pinter mesthi menang
c)
Wong sabar bakal entuk kabeh
d)
Aja nuduhake barang marang sapa wae
32.
Dumadine Kutha Karanganyar ana gandheng cenenge karo R.M. Said sing kawentar minangka Pangeran Samber Nyawa. Nalika perang mungsuh Walanda taun 1742, dheweke nggunakake strategi perang gerilya kanthi nyerang dadakan lan pindhah-pindhah papan. Pangeran Samber Nyawa perang bebarengan karo Pangeran Mangkubumi. Ing tanah Brang Wetan, dheweke tapa ing Watu Komatoso lan nampa wangsit saka manuk derkuku, kang dadi pratandha pepesthene Gusti. Pangeran Samber Nyawa nampa wangsit nalika tapa ing ….
a)
Gunung Lawu
b)
Watu Komatoso
c)
Alas Mentaok
d)
Kraton Surakarta
33.
Disekseni para pandhereke, Pangeran Samber Nyawa maringi jeneng papan mau Mojogedhang, sing tegesé pepenginan lan pepadhang urip. Ing papan iku dheweke nampa pituduh saka anggunge manuk derkuku. Kanthi dibantu para pandhereke, Pangeran Samber Nyawa ngoyak manuk derkuku nganti tekan padepokan Nyai Dipo, sawijining pendhekar wanita sing seneng tapa. Nalika Pangeran Samber Nyawa ngandharake maksude, Nyai Dipo kaget lan ora langsung percaya marang sapa sing rawuh iku. Apa teges jeneng papan Mojogedhang miturut crita kasebut?
a)
Papan perang lan perjuangan
b)
Papan panggonan para pandhekar
c)
Pepenginan lan pepadhang urip
d)
Alas kanggo papan tapa
34.
Nyi Dipo ngakoni yen Said pancen Pangeran Samber Nyawa lan ngandharake yen wis tekan titi wancine dheweke bakal nampa wahyu kraton awujud manuk derkuku. Miturut Nyi Dipo, manuk derkuku iku asale saka swara gaib ing wit jati growang. Sawise diopeni, manuk kasebut tansah manggung kanthi anggungan aneh sing ngandhut pratandha kaluhuran. Miturut ature Nyi Dipo, apa teges pratandha saka manuk derkuku?
a)
Tandha bakal ana perang gedhe
b)
Tandha kasangsaran ing tembe
c)
Tandha kudu ninggalake perjuangan
d)
Tandha nampa wahyu kraton lan dadi ratu
35.
Sawise dhahar manuk derkuku, Pangeran Samber Nyawa nampa wahyu kraton lan janji bakal menehi jeneng Karanganyar marang papan kasebut. Wiwit semana, papan panggonane Nyi Dipo dadi dhukuh Karanganyar sing banjur berkembang dadi kutha. Pangeran Samber Nyawa uga maringi sebutan anyar marang Nyi Dipo, yaiku Nyi Ageng Karang, sing dadi cikal bakal Karanganyar. Apa sebab papan panggonane Nyi Dipo dijenengi Karanganyar?
a)
Amarga Pangeran Samber Nyawa nampa wahyu
b)
Amarga papan kasebut cedhak karang lan kali
c)
Amarga ana peperangan gedhe
d)
Amarga dadi papan padepokan para pandhita
36.
Sawise Prabu Baka seda dening Bandung Bandhawasa, Bandhung dadi ratu ing Kraton Prambanan. Bandhung banjur kepengin nggarwa Rara Jonggrang, putrine Prabu Baka. Rara Jonggrang sejatine ora gelem amarga Bandhung iku sing mateni ramane, nanging ora wani nolak kanthi terang-terangan. Supaya bisa nolak kanthi alus, Rara Jonggrang menehi syarat supaya Bandhung gawe candi cacah sewu sajrone sawengi. Bandhung nyaguhi panyuwun kasebut, sing ndadekake Rara Jonggrang saya sumelang. Apa sebab utama Rara Jonggrang ora gelem nampa panglamare Bandung Bandhawasa?
a)
Amarga Bandhung ora sugih bandha
b)
Amarga Bandhung nduweni watak adigang, adigung, lan adiguna
c)
Amarga Rara Jonggrang kepengin dadi ratu dhewe
d)
Amarga Bandhung iku sing mateni ramane
37.
Panyuwune Rara Jonggrang marang Bandung Bandhawasa nuduhake sipat ….
a)
jujur lan terbuka
b)
licik nanging alus carane
c)
wedi lan ora nduweni tekad
d)
pasrah marang kahanan
38.
Bandung Bandhawasa mbangun candi sewu kanthi direwangi para lelembut nganti meh rampung. Nalika ngerti bab iku, Rara Jonggrang nyusun akal kanthi mrentah kawula Prambanan supaya gawe rame kaya esuk. Amarga krungu swara kluruk pitik, para lelembut ngira yen wengi wis entek lan banjur padha bali. Akibaté, candi sing kasil digawé mung ana 999. Apa ancase Rara Jonggrang mrentah kawula padha gawe rame sanadyan isih wengi?
a)
Supaya Bandhung cepet kesel
b)
Supaya kawula bisa latihan nyambut gawe
c)
Supaya para lelembut ngira yen wes esuk
d)
Supaya candi dadi luwih endah
39.
Amarga akale Rara Jonggrang, para lelembut sing mbangun candi ngira yen wis esuk lan banjur padha bali, mula candi mung dadi 999. Bandhung Bandhawasa ngerti yen dheweke dipaeka lan rumangsa dikece. Amarga duka banget, Bandhung banjur nyabda Rara Jonggrang dadi reca kanggo ngganepi candi sing kurang siji. Sanajan Rara Jonggrang nyuwun pangapura, panyuwune tetep ditolak. Wiwit semana, Rara Jonggrang malih dadi reca lan crita kasebut dikenal minangka legendha Candi Rara Jonggrang. Apa sebab Bandhung Bandhawasa nyabda Rara Jonggrang dadi reca?
a)
Amarga Bandhung rumangsa dipaeka lan diece
b)
Amarga Rara Jonggrang ora gelem dadi garwane
c)
Amarga candi sing digawé mung ana 999
d)
Amarga para lelembut ora gelem nerusake gawe candi
40.
Amanat kang bisa dijupuk saka crita Candhi Prambanan yaiku ….
a)
Akal licik mesthi nggawa kasil
b)
Nandur ala bakal ngundhuh ala
c)
Wong kuwat mesthi menang
d)
Panjaluk kudu tansah dituruti
41.
Katrangan ing ngisor iki kang paling trep ditindakake nalika gawe ringkesan yaiku ….
a)
Ngganti alur crita supaya luwih menarik
b)
Maca crita sepisan wae banjur langsung nulis
c)
Nyathet gagasan utama lan prastawa kang wigati
d)
Nambah crita anyar supaya luwih dawa
42.
Unen-unen “sapa nandur mesthi bakal ngundhuh” ing crita rakyat nuduhake teges ….
a)
Sapa sing pinter mesthi bakal sugih
b)
Saben tumindak mesthi ana akibaté
c)
Wong sabar mesthi bakal menang
d)
Kabecikan tansah oleh ganjaran cepet
43.
Teknik maca kang paling trep kanggo mangerteni isi teks crita rakyat kanthi becik yaiku ….
a)
maca nyuwara
b)
maca ekstensif
c)
maca selektif
d)
maca intensif
44.
Ana sawijining crita nyritakake tokoh manungsa kang dianggep nyata ing sujarah, nanging critane kebak unsur kaelokan lan wuwuhan sing ora mesthi bener. Crita kasebut paling trep digolongake minangka ….
a)
mite
b)
legendha
c)
sage
d)
fabel
45.
Crita rakyat kang nyritakake asal-usul sawijining papan, nanging ora ana bukti sejarah sing cetha lan mung digathuk-gathukake karo kedadeyan alam, klebu jinise ….
a)
mite
b)
legendha
c)
sage
d)
fabel
46.
Ana crita rakyat sing nduweni versi beda-beda ing saben daerah, nanging isih nyritakake kedadeyan sing padha. Titikane crita rakyat kang paling trep kanggo njlentrehake kahanan kasebut yaiku ….
a)
asipat tradhisional
b)
ora dimangerteni pangriptane
c)
ngrembaka kanthi gethok tinular
d)
duweni versi kang akeh
47.
Yen ana crita rakyat kang wiwitane mung dicritakake kanthi lesan lan ora nate ditulis dening pangriptane, banjur nyebar saka tutuk menyang tutuk, mula ciri crita rakyat kang katon yaiku ….
a)
anonim lan diwedharake kanthi lesan
b)
asipat tradhisional lan duweni versi akeh
c)
ngrembaka kanthi gethok tinular lan tradhisional
d)
diwedharake kanthi lesan lan duweni versi akeh
48.
Sawijining crita rakyat nduweni alur maju, latar wektu jaman kuna, lan paraga kewan sing tumindake kaya manungsa. Saka crita kasebut, pamaca bisa njupuk piwulang supaya ora tumindak sombong lan kudu tulung-tinulung. Yen crita kasebut digunakake minangka sarana piwulang tumrap siswa, unsur intrinsik sing paling wigati kanggo mbentuk sikap lan budi pekerti yaiku ….
a)
alur
b)
amanat
c)
latar
d)
tema
49.
Wacanen crita rakyat kang nyritakake asal-usule sawijining papan. Ing crita kasebut ana paraga utama sing sabar lan tulus, papan kedadeyane ana ing alas lan gunung, lan critane nyritakake kedadeyan kanthi urutan wektu saka wiwitan nganti pungkasan. Adhedhasar crita kasebut, unsur intrinsik sing paling nyengkuyung pamaca kanggo mangerteni piwulang urip yaiku ….
a)
latar, amarga nuduhake papan lan kahanan crita
b)
alur, amarga nyritakake urutan kedadeyan
c)
paraga lan watak, amarga nuduhake sipat lan tumindake paraga
d)
tema, amarga mung nyebut underane crita
50.
Crita rakyat diarani duweke kabeh masarakat lan ora mung duweke sawijining daerah tartamtu. Adhedhasar wacan kasebut, sebab utama crita rakyat bisa diarani duweke kabeh masarakat yaiku ….
a)
crita rakyat tansah nyritakake dumadine papan panggonan ing Nuswantara
b)
crita rakyat diwarisake kanthi lesan lan nduweni versi kang beda-beda
c)
crita rakyat digawé dening masarakat ing sakupenge papan kedadeyane
d)
crita rakyat ngandhut piwulang kautaman kang bisa ditrapake dening sapa wae