
REVIEW MATERI PTS
Presentation
•
Education
•
9th Grade
•
Medium
14205244019 SUTRISNO
Used 8+ times
FREE Resource
17 Slides • 10 Questions
1
REVIEW MATERI PTS BASA JAWA KELAS IX
2
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama.
3
Unggah ungguh basa kaperang dadi loro yaiku:
(NGOKO LAN KRAMA)
-NGOKO DIBAGI 2: NGOKO LUGU LAN NGOKO ALUS
-KRAMA DIBAGI 2: KRAMA LUGU LAN KRAMA ALUS
4
Ngoko lugu tegese kabeh tembung-tembunge ngoko.
Tuladha :
Ø San, aku mengko tak dolan menyang omahmu, ya!
Ø Ing sawijining dina ana kedadean kang gawe atiku trenyuh....
5
Ngoko alus tegese tembunge ngoko kacampur krama alus utawa krama inggil.
Tuladha :
Ø Panjenengan mau ngasta kelas pira, Pak?
Ø Sliramu mau mbengi mriksani wayang, Mas?
6
Krama lugu tegese tetembungane kabeh nggunakake krama.
Tuladha:
Ø Kula wau tumbas cilok
Ø Kula dereng adus
Ø Sampeyan wau mbeta napa dhi?
7
Krama alus tegese tembunge krama dicampur/digandeng krama inggil.
Tuladha :
Ø Bapak kalawau tindak kantor ngasta tas cemeng(ireng)
Ø Ibu nembe siram
Ø Simbah nembe sare
Ø Nuwun sewu Pak. Wonten tamu saking dinas badhe pinanggih Bapak!
Ø Bu Guru dalemipun(rumahnya) pundi?
Ø Nuwun sewu, asmanipun panjenengan sinten?
8
Multiple Choice
1. Awake dhewe migunakake nggah-ungguh basa yaiku kanggo...
A. kanggo ndhuwurake drajate awake dhewe.
B. supaya masyarakat bisa ngajeni awake dhewe.
C. kanggo ngomongan minangka wujud ngurmati wong liya.
D. supaya wong liya bisa mangerteni kawruhe awake dhewe.
9
Multiple Choice
2. “Kula ndherek remen sampean sampun estu mundhut rasukan wonten toko ”.
Ukara kasebut Nganggo ...
krama lugu
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
10
Multiple Choice
3. Pentinge unggah-ungguh basa iku kanggo...
A. Milih basa kang bisa diowahi supaya ora kuna.
B. Tameng dhiri supaya ora kena lan katut ombyaking jaman.
C. Bisa melu kena ombyaking jaman kang moderen lan nyenengake
D. Migunakake basa kang moderen supaya bisa gampang anggone srawung.
11
Ukara kanggo nyatakake setuju lan ora setuju.
1.“Kula sarujuk kalih pamanggih panjenengan”.
2.“Menawi benjang Minggu badhe tuwe bapak RT ingkang gerah kula ndherek kemawon”
3.“Menawi benjang Minggu badhe gotong royong kula setuju sanget”.
12
Ukara kanggo nyatakake melu bela sungkawa.
1.“ Aku melu bela sungkawa awit sedane mbahmu ya”.
2.“ Melu bela sungkawa awit sedane sedulurmu ya, muga sedulurmu entuk pangapura sakabehe dosane seka Gusti Allah”.
1.“Ndherek bela sungkawa awit sedanipun rama panjenengan, mugi-mugi ingkang rama pinaringan papan ingkang sae wonten payunanipun Gusti Allah, dipuntampi sedaya amal lan ibadahipun”.
13
Ukara kanggo nyatakake melu bungah.
1.“Melu bungah ya Har kowe entuk juara I ing kelas tahun iki”.
2.“Ndherek bungah ya Mar, muga-muga prestasimu iki bisa gawe patuladhan kanggo kanca-kanca”.
3.“ Aku melu seneng ya anggonmu lomba sesorah bisa juara II”.
14
Multiple Choice
1. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa ora setuju yaiku...
A. Pamanggih panjenengan sae, ning kula boten setuju pemanggih panjenengan menawi le nggarap laporan dipun lekasi jam 08.00 minggu ngajeng.
B. Pamanggih jenengan ki pripun, kula boten setuju nek le nggarap laporan minggu ngarep niku rak nggih kedangon selak lali napa sik ajeng dilaporke.
C. Nyuwun pangapunten kula boten sarujuk pemanggih panjenengan menawi anggenipun nggarap laporan dipun wiwiti tabuh 08.00 minggu benjang kula kinten kedangon mangkih nyrepek sanget kangge laporan pepanggihan RW.
D. Nyuwun pangapunten kula boten sarujuk pemanggih panjenengan menawi anggenipun nggarap laporan minggu benjang amargi minggu benjang kula wonten acara tasyakuran panggenan sedherek, kula menika kadhawuhan tugas penting je.
15
Multiple Choice
2. Ing dina Setu para siswa nampa rapot asiling pasinaon, kaya adate diumumake sapa kang dadi juwara kelas. Ing semester iki kang dadi juwara kelas yaiku Marni lan kang juwara loro Santi. Kepriye anggone matur Santi kanggo Marni kang wis kasil juwara siji?
A. Ndherek bungah ya Mar, aja sombong apa maneh pelit ngelmu.
B. Ndherek bungah ya Mar, muga-muga iki asil anggonmu sinau iki jujur
C. Ndherek bungah ya Mar, aku ngerti yen iki asil anggonmu takon kanca nalika ulangan.
D. Ndherek bungah ya Mar, muga-muga prestasimu iki bisa gawe patuladhan kanggo kanca-kanca.
16
Multiple Choice
3. Ukara kang trep kanggo nelakake bela sungkawa yaiku...
A. Ndherek susah awit pejahipun sedherek sampeyan, muga sedherek sampeyan diapura lupute, mbok menawi dosa sedhereke kathah dados enggal pejah”.
B. Ndherek susah awit pejahipun sedherek sampeyan, muga sedherek sampeyan diapura lupute, mbok menawi dosa sedhereke kathah dados enggal pejah”.
C. Ndherek sedhih awit pejahipun sedherek sampeyan nggih, muga sedherek njenengan pikantuk papan sae, pancen saenipun enggal pejah amargi pun lara suwe ”.
D. Ndherek bela sungkawa awit sedanipun sedherek panjenengan nggih, muga sedherek panjenengan pikantuk papan ingkang sae, dipun apunten sedaya kalepatanipun”.
17
PRANATACARA (MC JAWA)
menika salah satunggaling tiyang/paraga ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana satunggaling upacara, kayata: temanten, kesripahan, pepanggihan, pengaosan, sarasehan, lsp.
18
19
20
21
22
23
Multiple Choice
1. Paraga ingkang nggadhahi jejibahan mranata lampah utawi ngatur urut-urutaning lampah sakderengipun pepanggihan kawiwitan …
A. pamupu sayembara
B. pamedhar sabda
C. pamintasraya
D. pambiwara
24
Multiple Choice
2. Ukara ingkang trep katindakake pranatacara kangge miwiti acara tuladhanipun ….
A. Para tamu sedaya mangga kita sesarengan panjataken puji syukur dhateng Gusti
B. Ingkang sepindhah sumangga bareng-bareng ngonjukake puji syukur dhateng Gusti
C. Kangge mbikak adicara punika sumangga kita bebarengan ngaturaken puji syukur dhateng Gusti
D. Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT.
25
Multiple Choice
3. Andharan ing ngandhap menika ingkang kedah dipun tebihi (diadohi) setunggaling pranata adicara...
A. Tata basa kang digunakake nganggo basa kang baku lan bener
B. Ngaturaken reroncen adicara kanthi nyenengake lan cetha
C. Tumindak kang kebak subasita lan prasaja
D. Jumeneng sumendhe papan pangandikan
26
Multiple Choice
1. “Para lenggah ingkang sinudarsana, langkung rumiyin mangga kita sedaya sami aningkataken puja puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring mapinten-pinten hidayah, inayah sarta kanikmatan dhateng kula panjenengan sedaya , saengga dumugi titi wanci siang menika kita taksih pinaringan kawilujengan ing sadayanipun. Andharan ing ngandhap menika ingkang kalebet tegesipun sinudarsana inggih menika ,...
A. pantes ditiru/diconto
B. bisa didadekake guru
C. apik didadekake kanca
D. nyenengake para sedulur
27
Semangatttt!
PINTER KUDU PRIGEL LAN SREGEP.
AJA KESED !
REVIEW MATERI PTS BASA JAWA KELAS IX
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 27
SLIDE
Similar Resources on Wayground
13 questions
PUNAKAWAN
Presentation
•
8th Grade
23 questions
Unggah Ungguh
Presentation
•
10th Grade
16 questions
Asesmen Diagnostik Kognitif (Pacelathon) 7C
Presentation
•
7th Grade
16 questions
basa jawa
Presentation
•
11th Grade
30 questions
Martyrologium Kościoła włocławskiego
Presentation
•
9th - 12th Grade
15 questions
Novel
Presentation
•
11th Grade
9 questions
murdha
Presentation
•
9th Grade
13 questions
KABUDAYAAN JAWA
Presentation
•
12th Grade
Popular Resources on Wayground
5 questions
A Home on the Shore
Quiz
•
3rd Grade
28 questions
US History Regents Review
Quiz
•
11th Grade
6 questions
A Horse Tale
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
3rd Grade
10 questions
Juneteenth History and Significance
Interactive video
•
5th - 8th Grade
20 questions
Dividing Fractions
Quiz
•
5th Grade
55 questions
A Long Walk to Water Final Review
Quiz
•
6th - 8th Grade
10 questions
Equation Word Problems
Quiz
•
7th Grade
Discover more resources for Education
20 questions
Insurance
Quiz
•
9th - 12th Grade
10 questions
Juneteenth: History and Significance
Interactive video
•
7th - 12th Grade
20 questions
Summer Geometry QUIZ (Week 2)
Quiz
•
9th Grade
6 questions
Mayan Mathematics part 1
Presentation
•
9th - 12th Grade
25 questions
Biology Regents Review
Quiz
•
9th Grade
40 questions
Flags of the World
Quiz
•
KG - Professional Dev...
10 questions
Unit 9 Quiz
Quiz
•
9th - 12th Grade
60 questions
Biology Regents Review
Quiz
•
9th Grade