

Bahasa Jawa Kelas VIII
Presentation
•
World Languages
•
8th Grade
•
Medium
Zyahrvl Sullivan
Used 23+ times
FREE Resource
17 Slides • 31 Questions
1
Bahasa Jawa Kelas VIII
IKLAN

2
IKLAN
Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang
ditawakake.
3
IKLAN
Iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer. Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina digunakake nom-noman. Menawa kang diarah iku kalangan masyarakat umum, ya nganggo basa kang umum. Ukara iklan kudu ringkes,cetha, cekak aos, lan narik kawigaten. Basane narik kawigaten tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gampang lali banjur yen sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal kelingan banjur tuku barang mau.
4
Ngidhentifikasi Jinis Teks Iklan / Reklame
Ing jaman saiki, iklan bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana maneh sing lumantar radhio, TV, lan internet. Iklan uga lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet, baliho, ariwarti, lan kalawarti. Dene medhia elektronik yaiku televisi, radhio, lan internet. Ariwarti yaiku layang kabar kang metune/terbite saben dina, dene kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan, utawa sesasi pisan.
5
Tuladha iklan/ reklame iki wacanen lan tintingana!
6
Miturut ancas utawa tujuane, iklan dibedakake dadi:
1. Iklan Komersial
Iklan komersial mengku tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake.
Tuladhane: iklan kang isine nawakake panganan, obat, klambi, lan
sapanunggalane.
7
Miturut ancas utawa tujuane, iklan dibedakake dadi:
2. Iklan Layanan Masyarakat
Iklan layanan masyarakat minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuane adol gagasan kanggo kepentingan sosial lan pelayanan tumrap masyarakat. Biasane arupa ajakan, pranyatan, utawa himbauan marang masyarakat kanggo nindakake utawa nyegah sawijining pakarti kanggo kepentingan umum.
Tuladha iklan layanan masyarakat, umpamane: ajakan supaya ora mbuwang larahan sembarangan, milah larahan miturut jinie, nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu samangsa dianakake pemilihan, lan sapanunggalane.
8
Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku:
1. Iklan Informatif
Iklan informatif nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki :
a. Duwe pamrih kanggo nyiptakake kesadharan, menehi informasi, lan ngenalake prodhuk anyar utawa njelasake keunggulan prodhuk sing wis ana.
b. Menehi informasi manawa dumadi owah-owahan rega, kemasan utawa owah-owahan liyane tumrap prodhuk sing wis ana.
c. Njelasake tata rakit sawijine prodhuk barang utawa jasa.
d. Ngurangi rasa was sumelang tumrap konsumen samangsa dumadi perubahan tumrap prodhuk tinamtu. Mesthine kabeh mau kanthi tujuan supaya konsumen ora banjur pindhah marang prodhuk liyane.
9
Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku:
2. Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni ciri kaya ing ngisor iki:
a. Tujuane kanggo narik kawigaten lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk sing diiklanake.
b. Ngowahi persepsi konsumen, saengga sing maune ora kenal malih
kenal, sing maune ora ketarik malih ketarik, sing maune anti pati
malih dadi ketagihan marang prodhuk sing diiklanake.
c. Ndayani marang konsumen sing pancen wis ketarik enggal tuku barang sing diiklanake.
10
Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku:
3. Iklan Reminder
Iklan reminder nduweni ciri-ciri:
a. Tujuane kanggo nggiring konsumen supaya enggal tuku prodhuk
sing diiklanake.
b. Ngelingake konsumen manawa sawijine wektu bakal mbutuhake
banget marang prodhuk sing diiklanake.
c. Ngelingake konsumen ing ngendi bisa tuku/golek barang sing dibutuhake.
d. Ngrangkul konsumen supaya tansah setya dadi konsumen prodhuk
sing diiklanake.
11
Miturut medhia kang digunakake kanggo masang iklan, dibedakake dadi loro (2), yaiku Iklan above the line lan Iklan below the line
1. Iklan above the line yaiku iklan kang migunakake medhia massa.
Maksude khalayak sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan
pesan kang kanggo wong akeh (serempak). Medhia kang kalebu
kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi, film, radhio,
dan internet.
2. Iklan below the line iku iklan kang migunakake medhia khusus. Kang
kalebu iklan jinis iki yaiku: leaflet, poster, spandhuk, baliho, bus
panel, bus stop, point of purchase (POP), sticker, shop sign, flayers,
display, lan sapanunggalane.
12
Nintingi Struktur Teks Iklan / Reklame
Sawise njingglengi gambar iklan ing dhuwur, diajab kowe kabeh bisa
mangerteni perangan teks kang awujud: headline, subheadline, amplifikasi, tagline lan productshot.
13
Headline, yaiku perangan iklan kang pancen sengaja ditonjolake. Pamrihe supaya iklan narik kawigaten para pamiarsa minangka punjer utawa intine iklan. Ora kudu manggon ana ing awal tulisan, nanging sing baku dadi titik awal utawa kang sepisanan dikenali dening pamiarsane
Subheadline, yaiku perangan iklan kang nerangake pokok-pokok iklan sing dianggep wigati. Lumrahe nerangake ngenani keunggulan prodhuk barang utawa jasa sing diiklanake.
Amplifikasi, yaiku naskah utawa teks iklan kang ngiringi headline. Kerep diarani bodicopy utawa bodi teks. Perangan iki mengku karep menehi katrangan luwih rinci.
14
Tagline, yaiku slogan utawa basa rinengga kang wujud ukara cekak aos kang nuduhake spirit, kualitas, lan keunggulan prodhuk.
Productshot, yaiku gambar utawa brand sing ditawakake.
15
Iklan sing apik kudu bisa ditampa masyarakat lan salaras karo kearifan lokal. Supaya ditampa masyarakat, mula kudu netepi limang prakara, yaiku: attention (perhatian), interest (menarik), desire (keinginan), conviction (rasa percaya), lan action (tindakan).
Atention
(perhatian), tegese iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene masyarakat. Mula saka iku, iklan mbutuhake dhesain mirunggan, wiwit ukuran, rupa/warna, panggonan, jinis tulisan, lan swaraswara tartamtu jumbuh karo medhia sing digunakake.
Interest
(menarik), lire iklan kudu bisa agawe kesengsem tumrap konsumen kang tundhone kepengin nduweni. Kanggo iku iklan kudu bisa ngundhakake rasa kesengseme konsumen mau dadi rasa pengin ngerteni kanthi permati lan enggal tuku barang utawa jasa sing diiklanake.
16
Iklan sing apik kudu bisa ditampa masyarakat lan salaras karo kearifan lokal. Supaya ditampa masyarakat, mula kudu netepi limang prakara, yaiku: attention (perhatian), interest (menarik), desire (keinginan), conviction (rasa percaya), lan action (tindakan).
Desire
(keinginan) lire kanthi maca iklan kasebut bisa nuwuhake
pepinginan konsumen enggal nduweni.
Conviction
(rasa percaya) yaiku nuwuhake rasa percaya diri (sembada) marang konsumen sawise migunakake barang utawa jasa kang
diiklanake.
Action
(tindakan) tegese nuntun konsumen enggal-enggal nduweni/migunakake barang lan jasa sing diiklanake.
17
LATIHAN
Soal iki garapen kanthi cepet cepetan
18
Multiple Choice
krama inggile 4
sekawan
papat
empat
kapat
kaping papat
19
Multiple Select
krama inggile 1
satu
siji
setunggal
setunggil
sepisan
20
Multiple Choice
krama inggile 2
kaping pindho
loro
dua
kalih
kaping kalih
21
Multiple Choice
kang disebut sandhangan cakra yaiku ....
22
Multiple Choice
Pasangan aksara Jawa ba yaiku ....
23
Multiple Choice
Pasangan aksara Jawa la yaiku ....
24
Multiple Choice
Pasangan aksara da yaiku ....
25
Multiple Choice
Pasangan aksara na yaiku ....
26
Multiple Choice
Tembung kasebut nggunakake sandhangan
Wulu
Taling
Suku
Pepet
27
Multiple Choice
Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
28
Multiple Choice
Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…
Priyayi kakung marang garwane.
Srawunge wong dewasa kang wis kulina.
Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.
Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.
29
Multiple Choice
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
30
Multiple Choice
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
31
Multiple Choice
Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan
pangandikan.
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
32
Multiple Choice
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
33
Multiple Choice
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
34
Multiple Choice
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
35
Multiple Choice
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
36
Multiple Choice
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara
2. Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara
3. Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara
4. Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber
Urutane kanggo nyusun laporan asil wawancara yaiku....
1, 3, 2, 4
1, 2, 4, 3
2, 3, 1, 4
2, 4, 1, 3
37
Multiple Choice
Sakwise nindakake wawancara kudu ana laporan asil wawancara. Carane nglaporake asil wawancara kuwi ana loro, yaiku....
Dilaporake gawe lisan lan ditulis
Ditulis kanthi nggunakake ukara cerita lan ukara pitakon
Ditulis kanthi wujud teks dhialog lan ditulis kanthi model narasi.
Ditulis kanthi wujud dhialog lan dilaporake nggunakake lisan
38
Multiple Choice
Yen arep nindakake wawancara, sing kudu disiyagakake paling ndisik yaiku....
Nemtokake narasumber
Nemtokake topik wawancara
Ndapuk sawetara/daftar pitakonan
Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara
39
Multiple Choice
Nyusun daftar pitakonan kudu migatakake udha-usuke basa. Udha usuke basa sing dienggo gumantung saka narasumbere sing arep diwawancarai lan isine pitakonan dicundhukake marang....
Wawancarane
Narasumbere
Pitakonane
Temane
40
Multiple Choice
Sedurunge nindakake wawancara luwih ndisik kudu nyiapake daftar pitakonan minangka pedoman nalika nindakake wawancara. Pedoman wawancara ditulis lelandesan 5W+1H, yaiku....
Apa, sapa, kapan, neng, endi, sing endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, seng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, kenapa, endi, lan ya’apa
41
Multiple Choice
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki
1. Kepriye carane ngembangake usaha batik “Sekar Jagad” punika pak?
2. Kados pundi caranipun ngembangake batik “Sekar Jagad” punika pak?
3. Kenging punapa kok opah buruh awis pak ?
4. Sinten ingkang paring bantuan ?
Ukara pitakon ing nduwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer....
1 lan 3
3 lan 4
1 lan 2
2 lan 4
42
Multiple Choice
Unggah-ungguh basa jroning wawancara ana kalane nggunakake krama alus lan krama lugu. Ukara ing ngisor iki sing kelebu basa krama alus yaiku....
Nuwun sewu, bab menika kula pancen dereg semerap saestu
Sesampunipun menika, aku mengko nyuwun pamit langsung wangsul
Kalawau kula kasupen mboten mbekta buku kaliyan pulpen, amargi radi kasesa
Nuwun sewu, sowan kula dateng ngriki kalawau badhe nyuwun pirsa panjenengan
43
Multiple Choice
Jroning teks wawancara ana ukara pitakon lan ukara andharan. Ing ngisor iki sing kelebu ukara andharan yaiku....
Kahanipun lare-lare ingkang nyipen ngriki sae sanget.
Kados pundi kahanipun lare-lare ingkang nyipen ngriki ?
Adhik mboten taun menika mboten tumut rekreasi, amargi larenipun mabukan.
Ing pasar mengko aku arep tuku keperluwane sekolah karo keperluwane masak.
44
Multiple Choice
Jroning struktur teks wawancara ana basa kang digunakake, yaiku basa kang tansah nggatekake unggah-ungguh basa. Apa basa kang trep digunakake kanggo wawancara ?
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
45
Multiple Choice
Struktur teks wawancara dumadi saka carane ngandharake, isine wawancara, lan basa sing digunakake kanggo wawancara. Carane ngandharake teks wawancara yaiku....
Nggunakake tembung penggandheng kanggo nggandheng antarane tembung lan tembung, frase lan frase, ukara lan ukara.
Ditulis kanthi wujud teks dhialog sarana nggunakake ukara langsung, ukara andharan, lan ukara pitakon.
Isine wawancara gumantung marang masalah apa sing dirembug lan ditakokake marang narasumber
Basa kang digunakake lumrahe nganggo basa krama alus tumrap pitakonan marang narasumber
46
Multiple Choice
Joning kegiatan wawancara ana pawongan sing golek informasi lan ana wong sing dadi punjering pitakonan. apa jenenge wong sing dadi punjering pitakonan?
Tujuwan
Informasi
Narasumber
Pewawancara
47
Multiple Choice
Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani....
Dhialog
Penelitian
Observasi
Wawancara
48
Multiple Choice
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Bahasa Jawa Kelas VIII
IKLAN

Show answer
Auto Play
Slide 1 / 48
SLIDE
Similar Resources on Wayground
36 questions
Verbals - Infinitives
Presentation
•
8th Grade
46 questions
INFORMATIKA - KEAMANAN SIBER KELAS 9
Presentation
•
6th - 8th Grade
41 questions
ÔN TẬP MÔN VĂN - 6
Presentation
•
6th - 8th Grade
42 questions
Lesson: Ir
Presentation
•
9th - 10th Grade
40 questions
it fun
Presentation
•
KG
42 questions
Can anyone learn to sing?
Presentation
•
7th - 9th Grade
46 questions
sistem informasi ok
Presentation
•
7th Grade
39 questions
Ch 7 Networks
Presentation
•
7th Grade
Popular Resources on Wayground
10 questions
5.P.1.3 Distance/Time Graphs
Quiz
•
5th Grade
10 questions
Fire Drill
Quiz
•
2nd - 5th Grade
20 questions
Equivalent Fractions
Quiz
•
3rd Grade
22 questions
School Wide Vocab Group 1 Master
Quiz
•
6th - 8th Grade
20 questions
Main Idea and Details
Quiz
•
5th Grade
20 questions
Context Clues
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Inferences
Quiz
•
4th Grade
12 questions
What makes Nebraska's government unique?
Quiz
•
4th - 5th Grade
Discover more resources for World Languages
20 questions
Tener Expressions
Quiz
•
6th - 12th Grade
20 questions
Ser vs Estar (DOCTOR/PLACE)
Quiz
•
6th - 8th Grade
20 questions
School Supplies in Spanish
Quiz
•
6th - 8th Grade
20 questions
Realidades 1 - 3A Vocabulario
Quiz
•
8th - 12th Grade
20 questions
Tener & Tener Expressions
Quiz
•
8th Grade - University
13 questions
Los Adjetivos Posesivos
Presentation
•
6th - 9th Grade
30 questions
Realidades 1: Chapter 3B Plurals of Adjectives
Quiz
•
KG - University
23 questions
Telling Time in Spanish
Quiz
•
7th - 12th Grade