
Tembang Macapat Aksi
Presentation
•
Other
•
8th Grade
•
Practice Problem
•
Easy
Deny Eko Setyawan
Used 3+ times
FREE Resource
25 Slides • 21 Questions
1
TEMBANG
MACAPAT
Deny Eko Setyawan
2
Setelah menyimak power point dan penjelasan dari guru, peserta didik secara bernalar kritis(PPP) mampu menganalisis(C4) srambahan, laras, titi laras dan srambahan tembang macapat Gambuh dengan benar.
Setelah menyimak video srambahan, peserta didik secara bergotong royong(PPP) mampu menerapkan(P2) titi laras tembang macapat Gambuh dengan benar.
Setelah melalui proses latihan, peserta didik secara mandiri(PPP) mampu melagukan (nembang) (P5) lirik (cakepan) tembang macapat Gambuh dengan benar dan tepat.
TUJUAN PEMBELAJARAN
3
Pre Test
4
Multiple Choice
Cacahe tembang macapat yaiku . . . .
4
7
9
11
5
Multiple Choice
Tembang Macapat nduweni paugeran utawa aturan. Paugeran kang ngatur jumlahe baris yaiku . . . .
Guru lagu
Guru wilangan
guru gatra
guru wirama
6
Multiple Choice
Tembang Macapat nduweni paugeran utawa aturan. Paugeran kang ngatur jumlahe wanda (suku kata) saben sabaris yaiku . . . .
guru lagu
guru wilangan
guru wirasa
guru gatra
7
Multiple Choice
Tembang Macapat nduweni paugeran utawa aturan. Paugeran kang ngatur unine vokal ing pungkasane (akhir) gatra yaiku . . . .
guru lagu
guru gatra
guru wirasa
guru wilangan
8
Multiple Select
Ing ngisor iki kang kalebu tembang Macapat yaiku . . . .
Maskumambang, Nemu
Mijil, Asmaradana
Durma, Pucung
Rungkad, Dhandhanggula
9
Laras
Gamelan
Laras ing gamelan lan tembang macapat diperang dadi
loro yaiku laras slendro lan laras pelog. Laras slendro
miturut mitologi Jawa dianggep luwih tuwa tinimbnag
laras pelog. Jenenge slendro dianggep saka jeneng
Sailendra, wangsa panguwasa ing jaman Mataram
Hindhu. Ana sing ngarani laras Slendro iku saka pandhita
Budha Mahayana saka Gandhara ing India lumantar
Nalandra, Sriwijaya lan pungkasane ngrembaka ing Jawa
lan Bali.
10
Laras
Gamelan
Laras slendro lan pelog kalebu
pentatonic/pentatonic (penta=lima),
tegese saben laras nduweni jarak titi
laras cacah lima. Laras slendro
nduweni titi laras cacah lima yaiku 1, 2,
3, 5, 6 (ji, ro, lu, ma, nem) lan nduweni
jarak interval titi laras 1, 1, 1, 1, 1. Dene
laras pelog nduweni titi laras cacah
pitu yaiku 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7 (ji, ro, lu, pat,
ma, nem, pi) lan nduweni jarak interval
1, 1, ½, ½, 1, ½, ½. Lumrahe ing antarane
laras selndro lan pelog nduweni titi
laras sing swarane padha yaiku titi
laras 6, iku diarani tumbuk 6.
11
Laras Slendro
1 = laras barang; unine ji
2 = laras gulu ; unine ro
3 = laras dhadha; unine
lu
5 = laras lima; unine ma
6 = laras nem; unine nem
Laras Pelog
1 = laras panunggul (bem);
unine ji
2 = laras gulu ; unine ro
3 = laras dhadha; unine lu
4 = laras pelog; unine pat
5 = laras lima; unine ma
6 = laras nem; unine nem
7 = laras barang; unine pi
12
Srambahan
Pathet ing laras slendro lan pelog
bakal menehi kaendahan lan
harmonisasi. Ing laras slendro, pathet
diperang dadi 3 yaiku pathet nem,
pathet sanga lan pathet manyura.
Dene ing laras pelog, pathet uga
kapreng dadi 3, yaiku pathet lima,
pathet nem lan pathet barang. Ing
antarane pathet-pathet kuwi ana
urutan titi laras sing wis gumathok
diarani Srambahan.
Srambahan ing antarane saben
pathet uga beda-beda. Kanggo luwih
mangerteni gatekna tuladha ing
ngisor iki!
13
Srambahan Laras Slendro
14
Srambahan Laras Pelog
15
16
SRAMBAHAN 1
SRAMBAHAN 2
17
Slendro pathet nem
diwiwiti saka titilaras
nem ageng (nem
ngisor) lan paling
dhuwur ana ing titi
laras loro pethit (loro
ndhuwur). Iki sing dadi
paugeran anggone
nggawe tembang yen
arep nggunkake
slendro pathet nem.
Kudu ing antarane titi
laras nem ageng lan
loro pethit ()
18
Miturut gambar kesebut
laras pelog pathet barang
diwiwiti saka titi laras
lima ageng (lima ngisor)
lan paling dhuwur ana ing
titi laras loro pethit (loro
ndhuwur). Iki bisa dadi
paugeran yen arep
nggawe titi laras
tembang macapat laras
pelog pathet barang.
Kudu ana ing antarane titi
laras lima ageng lan loro
pethit.
19
CARA
NEMBANG
AKE
TEMBANG
MACAPAT
Tembang macapat iku kawengku
ing guru gatra, guru wilangan,
dhong-dhing, andhegan, lan watak.
Mula yen sinau lan nembangake
tembang macapat kudu
mangerteni bab-bab iku mau.
Carane nembangake tembang
macapat supaya bener lan becik,
kudu ngerteni paugerane lan
paham uga nguwasani ing
babagan: (1) laras (Slendro lan
Pelog); (2) titilaras ‘nada, notasi’,
yaiku urutane nada (notasi) saka
kang cendhek dhewe nganti nada
sing dhuwur dhewe. Bab titi laras
wis diandharake ing ndhuwur.
20
Saliyane bab titi laras uga ana
cengkok, yaiku gaya utawa model
utawa warna lagu, lan tembang
macapat nduweni cengkok (gaya
utawa lagu) sing akeh.
Pakecapan kudu cetha, supaya
sing padha ngrungokake bisa
mangerteni isining tembang, bisa
mbedakak vokal pepet utawa
taling, d lan dh, t lan th, lan liya-
liyane.
Kudu bisa mbedakake purba
andhegan ‘berhenti bernafas’, ing
satengahing gatra, lan mandheg ing
pungkasaning gatra, lan mandheg
ing pungkasaning pada ‘bait’.
Andhegan utawa kendelan, gatra
‘baris’ kang cacah utawa
gunggunging wanda 5 – 8, prayoga
dilagokake sajroning saknapas (ora
perlu mandheg utawa dipedhot ing
satengahing ukara/ baris).
21
Paham gregel,yaiku membat mentuling suwanten
utawa embat, lan gunane kanggo gawe endahing
tembang macapat. Wondene gregel ing tembang
macapat iku akehe 4 (papat) gelombang titilaras.
Gregel bisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku: (a) gregel
andhap, tegese gregel sing dilagokake ing
peranganing wanda tembung kang pungkasan,
contone “lit” ing ukara: kala kula taksih alit. (b) gregel
hanung, tegese gregel kang dilagokake ing wanda
sadurunge pungkasaning tembung ing pungkasaning
gatra, tuladhane “a” ing ukara: kala kula taksih alit.
22
Paham utawa ngerti “luk”, yaiku munggah mudhun utawa
ombake suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi)
kang digawe. Ing tembang macapat, luk ora becik
menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk kang dawa
iku arane bawa. Gunane luk kanggo gawe edi, endah lan
kepenak menawa dirungokake. Luk bisa dibedakake ana 4
(papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk, maksude luk kang
titilaras (nada, notasi) urut utawa cedhak utawa munggah
marang titilaras sadhuwure; tuladhane titi lras: “23, 35, 45,
56”; (b)niba,tegese nada (titilaras) kang dhuwur mudhun
marang titi laras sangisore, tuladhane titi laras: “53, 32, 54,
16, 76”; (c) tangi, maksude luk saka titilaras kang cendhek
tumuju marang titi laras kang luwih dhuwur, tuladhane
titilaras: “235, 356, 367, 561”; lan (d) nyeklek,yaiku luk kang
munggah lan mudhun utawa suwalike kanthi mlumpat
kang ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”.
23
24
LKPD 1
Tugas Mandiri
25
Drag and Drop
26
Drag and Drop
27
Drag and Drop
28
Drag and Drop
29
Drag and Drop
30
NOTASI TEMBANG MACAPAT GAMBUH
31
NOTASI GATRA 1
NOTASI GATRA 2
NOTASI GATRA 3
NOTASI GATRA 4
NOTASI GATRA 5
32
Audio Response
Nembanga Gambuh kaya sing wis kalakonan nalika gladhen.

33
Post Test
34
Multiple Choice
Laras gamelan iku kaperang dadi loro, yaiku . . . .
Pelog lan Slendro
Pelog lan Gambuh
Slendro lan Gambuh
Macapat lan Gambuh
35
Multiple Choice
Saben jinising gamelan, laras pelog lan slendro nduwe titi laras dhewe-dhewe. Larase pelog nduweni titi laras yaiku . . . .
1, 2, 3, 5, 6, 7
1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
7, 1, 2, 3, 5, 6, 1
1, 2, 3, 4, 6, 7, 1
36
Multiple Select
Kang perlu digatekake nalika nembang Macapat yaiku . . . .
Guru gatra
Laras
Titi laras
Guru wilangan
37
Multiple Choice
Tembang Gambuh sing kok sinaoni kalebu laras . . . .
Slendro pathet sanga
Slendro pathet nem
Pelog pathet nem
Pelog pathet sanga
38
Multiple Choice
Nalika nembang Macapat Gambuh , ing cakepan katulis Pelog Pathet Nem. Adhedhasar tatacarane nembang, bab kasebut manggon ana ing . . . .
Andhegan
Laras
Titi laras
Luk
39
Multiple Choice
Nalika nembang, kita kudu cetha nggone nglafalake cakepan-cakepan sajrone tembang. Bab kasebut ana hubungane karo . . . .
Laras
Titi laras
Pakecapan
Cengkok
40
Multiple Choice
Tembang Gambuh kasusun saka . . . .
telung
patang
limang
enem
41
Multiple Choice
Guru wilangane tembang Gambuh gatra ka-3 yaiku . . . .
12u
12
3u
3
42
Multiple Choice
Titi laras kang kathuthuk sajrone vidhio kasebut yaiku . . . .
3, 5, 6, 5, 3, 2, 3, 3, 2
3, 5, 6, 6, 3, 2, 3, 1, 2
3, 5, 6, 5, 3, 2, 3, 1, 2
3, 5, 6, 5, 3, 3, 3, 1, 2
43
REFLEKSI
PASINAON
Wangsulana pitakonan-pitakonan refleksi pasinaon kang wis dilakoni dina iki!
44
Poll
Kepriye pasinaon dina iki?
Nyenengake
Mbingungake
Gawe mikir
45
46
Matur Nuwun
Aja lali disinau terus ya!
TEMBANG
MACAPAT
Deny Eko Setyawan
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 46
SLIDE
Similar Resources on Wayground
41 questions
ÔN LUYỆN TEST 2 TUẦN 35 (at school)
Presentation
•
9th Grade
37 questions
test - sítě
Presentation
•
8th Grade
40 questions
menelusuri tradisi islam nusantara
Presentation
•
9th Grade
44 questions
INFRAESTRUCTURA DE RED
Presentation
•
9th Grade
44 questions
ÔN TẬP KTCK2 TIN HỌC 6
Presentation
•
6th Grade
35 questions
REVIEW FINAL SEMESTER 1 TEST
Presentation
•
7th Grade
38 questions
G8-Network Topology
Presentation
•
8th Grade
38 questions
Networks Yr 11 Summary
Presentation
•
10th Grade
Popular Resources on Wayground
25 questions
The Ultimate College Knowledge Quiz
Quiz
•
8th Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
3rd Grade
15 questions
Fast food
Quiz
•
7th Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Context Clues
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Inferences
Quiz
•
4th Grade
19 questions
Classifying Quadrilaterals
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Figurative Language Review
Quiz
•
6th Grade
Discover more resources for Other
25 questions
The Ultimate College Knowledge Quiz
Quiz
•
8th Grade
17 questions
guess the logo
Quiz
•
8th Grade
10 questions
Candy
Quiz
•
4th - 8th Grade
10 questions
Fact Check Ice Breaker: Two truths and a lie
Quiz
•
5th - 12th Grade
20 questions
Summer Trivia
Quiz
•
8th Grade
20 questions
summer trivia
Quiz
•
8th Grade
15 questions
8th Unit 8 : Unit Review Game
Quiz
•
8th Grade
15 questions
Middle School Fun Trivia Questions
Quiz
•
7th - 8th Grade