

MATERI1 KELAS 7 SMPN 2 KEPUNG
Presentation
•
World Languages
•
12th Grade
•
Hard
Dyah Prasetyaningwati
FREE Resource
3 Slides • 1 Question
1
Mbabar
Wawasan
Sawise
nembangake
lelagon
kreasi
anyar
ing ndhuwur
semaken
gambargambar ing ngisor iki, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon sing sumadiya.
Gambar 1. Sendang Biru
Gambar 2. Kawah Ijen
Gambar 3. Tlaga Sarangan
Gambar 4. Pulo Merah
1.Papan panggonan apa sing katon ing gambar?
2.Manggon ing ngendi objek wisata ing dhuwur?
3.Apa sing kokweruhi bab pariwisata?
4.Papan pariwisata ngendi wae sing wis kokweruhi, mligine ing Jawa Timur?
5.Coba jelasna guna paedahe nindakake pariwisata!
Kegiatan 1 Modhel Teks Tanggapan Dheskriptif
Salah sijine papan pariwisata ing Jawa Timur sing oleh kawigaten gedhe saka
masyarakat yaiku Gunung Bromo. Gunung Bromo kang manggon ing patang wilayah
kabupaten, yaiku kabupaten Probolinggo, Lumajang, Malang lan Pasuruan kasebut
ora tau sepi pangunjung. Apa maneh ing sakiwa tengene Gunung Bromo
panguripane para warga duwe ciri khas sing ora padha karo masyarakat ing papan
liyane. Kaendahan lan tradisi ing Gunung Bromo bisa nambahi wawasan tumrap
Indonesia sing pranyata sugih potensi alam kang bisa kanggo nambahi kemakmurane
bangsa.
Tugas 1: Nyemak Teks Tanggapan Dheskriptif
Lelagon kreasi anyar ing ngisor iki tembangna
bebarengan!
Pariwisata
Anjajah desa milang kori
Kalamangsane pariwisata
Wruh endahe alam nuswantara
Keh kang adiluhung
Alas lan gunung
-
gunung
2
1.Ing ngisor iki tuladha teks tanggapan dheskriptif kanthi irah-irahan ”Gunung
Bromo”, wacanen kanthi permati!
Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing
banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca
negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur
kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan,
Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe
segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging
donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur. Gunung
Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan kang ora
tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare
kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni
dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg
nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur
saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti
pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape
pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer saka kawah.
Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger
Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka
Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa
mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake. Sabanjure bisa
nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa
jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan
ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu.
Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten.
(liburanbromomurah.com/wisata-gunung-bromo(15 okt 2014 kanthi owah-owahan sawetara)
GUNUNG BROMO
3
Bausastra
misuwur
:
kondhang
nengsemake
:
nyenengake
jembar
:
amba
kukus
:
pega
endah
:
apik
wewengkon
:
wilayah
nggilut
:
nganut
4
Fill in the Blanks
Mbabar
Wawasan
Sawise
nembangake
lelagon
kreasi
anyar
ing ndhuwur
semaken
gambargambar ing ngisor iki, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon sing sumadiya.
Gambar 1. Sendang Biru
Gambar 2. Kawah Ijen
Gambar 3. Tlaga Sarangan
Gambar 4. Pulo Merah
1.Papan panggonan apa sing katon ing gambar?
2.Manggon ing ngendi objek wisata ing dhuwur?
3.Apa sing kokweruhi bab pariwisata?
4.Papan pariwisata ngendi wae sing wis kokweruhi, mligine ing Jawa Timur?
5.Coba jelasna guna paedahe nindakake pariwisata!
Kegiatan 1 Modhel Teks Tanggapan Dheskriptif
Salah sijine papan pariwisata ing Jawa Timur sing oleh kawigaten gedhe saka
masyarakat yaiku Gunung Bromo. Gunung Bromo kang manggon ing patang wilayah
kabupaten, yaiku kabupaten Probolinggo, Lumajang, Malang lan Pasuruan kasebut
ora tau sepi pangunjung. Apa maneh ing sakiwa tengene Gunung Bromo
panguripane para warga duwe ciri khas sing ora padha karo masyarakat ing papan
liyane. Kaendahan lan tradisi ing Gunung Bromo bisa nambahi wawasan tumrap
Indonesia sing pranyata sugih potensi alam kang bisa kanggo nambahi kemakmurane
bangsa.
Tugas 1: Nyemak Teks Tanggapan Dheskriptif
Lelagon kreasi anyar ing ngisor iki tembangna
bebarengan!
Pariwisata
Anjajah desa milang kori
Kalamangsane pariwisata
Wruh endahe alam nuswantara
Keh kang adiluhung
Alas lan gunung
-
gunung
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 4
SLIDE
Similar Resources on Wayground
4 questions
Review Lesson
Presentation
•
University
6 questions
Bahasa Jawa
Presentation
•
University
5 questions
Adjective Lesson
Presentation
•
University
7 questions
NOUN PHRASES
Presentation
•
University
7 questions
FAFR6121: Direkte en indirekte rede
Presentation
•
University
4 questions
BUSANA ADAT JAWA
Presentation
•
12th Grade
5 questions
tembang dhandhanggula
Presentation
•
12th Grade
7 questions
NEGARA ASEAN
Presentation
•
12th Grade
Popular Resources on Wayground
10 questions
HCS SCI 03 Summer School Assessment 1
Quiz
•
3rd Grade
15 questions
HCS SCI 05 Summer School Assessment 1 Review
Quiz
•
5th Grade
22 questions
Day 9 Equations and Inequalities Review
Quiz
•
9th Grade
10 questions
Writing and Identifying Ratios Practice
Quiz
•
5th - 6th Grade
7 questions
PYRAMID PERSPECTIVES part 1
Presentation
•
9th - 12th Grade
12 questions
Understanding the Fourth of July
Quiz
•
9th Grade
15 questions
Soccer World Cup Quiz Questions
Quiz
•
7th Grade