

Unggah-ungguh basa
Presentation
•
Education
•
11th Grade
•
Practice Problem
•
Hard
Yoga Setiawan
Used 14+ times
FREE Resource
8 Slides • 10 Questions
1
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Wong urip kuwe pasti mbutuhake wong liya, ora ana wong sing bisa urip dhewekan tanpa pitulungane seka wong liya. Gegayutan karo babagan neng ndhuwur, basa kuwe nduweni kagunan sing penting amarga menungsa kuwe anggone bebrayan karo wong liya nganggo pacelathon utawa omong-omongan. Dene pacelathon kuwe saranane yaiku basa.
Omong-omongan utawa pacelathon karo wong liya ana tata kramane utawa unggah-ungguhe. Unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata susila, tata pranataning basa miturut manggone tata krama utawane nganggo basa.
2
3
Sacara umum, basa bisa ditegesi piranti kanggo sesrawungan neng antarane manungsa siji karo sijine.
4
Adhedhasar undha usuking basa sacara basa Jawa diperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Neng antarane basa rong werna kuwe isih ana sing diarani basa madya utawa krama madya. Dadi undha usuke yaiku: ngoko, madya, lan krama.
Basa ngoko dinggo kanggo sesambungan karo wong sing wis kulina, akrab utawa satataran. Basa madya dinggo kanggo sesambungan karo wong sing urung patiya akrab. Dene basa krama dinggo kanggo sesambungan karo wong sing urung kenal utawa wong sing tataran bebrayan luwih dhuwur.
5
Basa ngoko bisa diperang dadi loro, yaiku basa ngoko lugu lan basa ngoko alus. Dene basa krama uga bisa diperang dadi loro yaiku basa krama madya/ lugu lan basa krama inggil/ alus.
Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu, yaiku basa sing tetembungane ngoko kabeh. Basa ngoko dinggo neng:
· Wong tuwa marang wong sing luwih enom
· Sapadha-padha sing wis kulina/ akrab
· Bocah cilik sing urung bisa kandhahan cetha
· Wong sing lagi grenengan utawa nguda rasa
· Guru maring muride
Tuladha :
· Mas Roni lagi mangan sega goreng.
· Kowe gelem mangan mi goreng mas?
· Nalika Bapak lagi adus, Simbah bali sekang Surabaya.
unggah-ungguh basa Jawa
6
· Mas Roni lagi dhahar sega goreng.
· Panjenengan kersa dhahar mi goreng mas?
· Nalika Bapak lagi siram, Eyang kondur sekang Surabaya.
Tuladha:
Basa ngoko alus dinggo neng:
· Ibu maring bapak/ garwane
· Wong tuwa marang wong sing luwih enom, tapi wong enom mau nduweni kalenggahan sing perlu dikurmati
· Wong sing kalenggahan sedrajat
Basa ngoko alus, yaiku basa sing tetembungane ngoko kacampuran karo tembung krama inggil maring wong sing disengi kandhahan utawa wong sing dikandhahi saperlu kanggo ngurmati maring wong kuwe. Dene ater-ater lan panambange tetep ngoko. Menawa ngoko alus kang nganggo krama inggil yaiku kata kerja lan Kata Ganti Orang.
Ngoko Alus
unggah-ungguh basa Jawa
7
Krama Lugu
Basa krama lugu, yaiku basa sing kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan, dene basane nganggo tembung krama madya kabean, ater-ater lan panambange uga dikramakaken. Tembung sesulih wong aku dadi kula, kowe dadi sampeyan.
Basa krama lugu dinggo neng:
· Maring sapadha-padha utawa priyayi sing rumangsa derajate luwih dhuwur tinimbang priyayi sing diajak kandhahan
· Ngobrole wong tuwa maring wong sing luwih enom tapi durung kulina/ akrab
· Ngobrole batir karo batir tapi durung kulina/ akrab
Tuladha:
· Mas Roni saweg nedhi sekul goreng.
· Sampeyan purun nedhi mi goreng mas?
· Nalika Bapak saweg adus, Simbah wangsul saking Surabaya.
unggah-ungguh basa Jawa
8
Krama Alus
Basa krama alus, yaiku basa sing kanggo ngurmati maring wong sing diajak kandhahan, utawa wong sing dikandhahi. Dene wujude nganggo tembung krama kacampur karo tembung krama inggil, ater-ater lan panambange uga dikramakaken.
Basa krama alus dinggo neng:
· Wong enom maring wong sing luwih tua
· Anak maring wong tuwane
· Murid marang gurune
· Kenalan anyar
· Pembantu maring majikane
· Pimpinan maring ngisorane
Tuladha:
· Mas Roni saweg dhahar sekul goreng.
· Panjenengan kersa dhahar mi goreng mas?
· Nalika Bapak saweg siram, Eyang kondur saking Surabaya.
unggah-ungguh basa Jawa
9
Multiple Choice
Bapak Ridwan saweg ngendika kaliyan Mas Dimas tangga tepalihipun ingkang saniki sampun dados dhokter. Bapak Ridwan kedahipun ngginakaken basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Krama desa
10
Multiple Choice
Teng ngandhap punika ingkang ngginakaken basa ngoko alus, kejawi....
Ibu dhumateng garwanipun/ bapakipun
Tiyang ingkang kalenggahanipun sadrajat
Tiyang ingkang nembe tepang/ tetepangan enggal
Tiyang sepuh dhumateng tiyang nem, nanging tiyang nem punika nggadhahi kalenggahan ingkang kedah dipun kurmati
Guru dhumateng guru sanesipun
11
Multiple Choice
Basa ingkang dipunginakaken basa ingkang kangge ngurmati tiyang ingkang dipun ajak wicantenan, dene basanipun ngginakaken basa krama madya sedaya, ater-ater lan panambangipun ugi dipunkramakaken. Tembung sesulih tiyang, aku dados kula, kowe dados sampeyan, punika pangertosan saking basa....
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Basa kedhaton
Ngoko lugu
12
Multiple Choice
Miturut unggah-ungguh basa, ukara teng ngandhap ingkang leres yaiku....
Kula sampun dhahar obatipun, pramila saniki kula sampun mantun
Wau dalu Eyang Sastro pejah amargi sakit sepuh
Ibu kesah dhateng peken, tirosipun badhe tumbas wos kaliyan lisah
Bapak saweg maos koran teng teras, rayi kula saweg maos buku teng ruang tamu
Panjenengan kula aturi lenggah ingkang sekeca, sekedhap malih bapak tindak mriki
13
Multiple Choice
Bu Lik Padmi kesah dhateng peken kangge tumbas ulam kaliyan sarem.
Ukara teng inggil ngginakaken basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Krama desa
14
Multiple Choice
Gatekna pacelathon ing ngandhap menika!
Pak Bagyo: “Bingung kados pundi, ta Dhi?”
Pak Jaka: “Mangke menawi klentu anggen kula milih, lha inggih katiwasan, mangke malah kesasar-sasar dhateng pundi-pundi.”
Pak Bagyo: “Menawi mekaten, sekecanipun panjenengan nitih bis jurusan Solo-Semarang (....) Sukun, lajeng gantos (....) angkot jurusan Pasar Johar mandhap Tugu Muda.”
Jaka: “Oo...mekaten. Kula ngaturaken agenging panuwun, dene Kangmas sampun (....) maringi seserepan dhateng kula. ”
Jangkepi titik-titik pacelathon ing inggil menika kanthi unggah-ungguh ingkang trep!
Mudhun, numpak, gelem
Mandhap, numpak, kersa
Mandhap, nitih, kersa
Mudhun, nitih, purun
Mandhap, nitih, purun
15
Multiple Choice
Aku mangan gethuk, Ibu lunga pasar lan Simbah maca koran neng teras.
Ukara ing inggil menawi dipun dadosaken basa krama alus yaiku....
Kula dhahar gethuk, Ibu tindak peken lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Kula nedha gethuk, Ibu kesah pekan lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Dalem nedha gethuk, Ibu tindak peken lan Simbah maca ariwarti ten teras.
Dalem nedha gethuk, Ibu tindak pasar lan Simbah maos ariwarti ten teras.
Kula nedha gethuk, Ibu tindak peken lan Eyang maos ariwarti ten teras.
16
Multiple Choice
Jumadi nganggo kaos warna putih. Basa kramane putih yaiku....
Abrit
Cemeng
Pethak
Jambon
Jenar
17
Multiple Choice
Basa krama alus/ inggil dipun ginakaken teng sinten dhumateng sinten kemawon, kejawi....
Tetepangan enggal
Batur dhumateng majikanipun
Tiyang ingkang kalenggahan sedrajat
Tiyang nem dhumateng tiyang sepuh
Putra dhumateng tiyang sepuhipun
18
Multiple Choice
Bu Jitem lunga maring Jakarta, dheweke arep niliki anake sing lagi lara.
Ukara teng inggil menawi dipunewahi dados basa krama alus yaiku....
Bu Jitem kesah dhateng Jakarta, piyambakipun arep niliki putrane ingkang saweg gerah.
Bu Jitem tindak dhateng Jakarta, panjenenganipun badhe niliki larenipun ingkang sakit.
Bu Jitem pangkat dhateng Jakarta, piyambakipun badhe tuwi putranipun ingkang saweg gerah.
Bu Jitem tindak dhateng Jakarta, panjenenganipun badhe tuwi putranipun ingkang saweg sakit.
Bu Jitem budhal dhateng Jakarta, piyambakipun badhe niliki putranipun ingkang saweg gerah.
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Wong urip kuwe pasti mbutuhake wong liya, ora ana wong sing bisa urip dhewekan tanpa pitulungane seka wong liya. Gegayutan karo babagan neng ndhuwur, basa kuwe nduweni kagunan sing penting amarga menungsa kuwe anggone bebrayan karo wong liya nganggo pacelathon utawa omong-omongan. Dene pacelathon kuwe saranane yaiku basa.
Omong-omongan utawa pacelathon karo wong liya ana tata kramane utawa unggah-ungguhe. Unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata susila, tata pranataning basa miturut manggone tata krama utawane nganggo basa.
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 18
SLIDE
Similar Resources on Wayground
16 questions
¿Quién soy?
Presentation
•
11th Grade
9 questions
Que tanto sabes de la fisiocracia
Presentation
•
12th Grade
17 questions
LARUTAN PENYANGGA
Presentation
•
11th Grade
13 questions
Organizadores gráficos
Presentation
•
12th Grade
15 questions
4. Parallel Structure
Presentation
•
10th Grade
11 questions
Bahasa Bali
Presentation
•
10th Grade
11 questions
DEBATE
Presentation
•
KG
16 questions
Dayu Kus
Presentation
•
11th Grade
Popular Resources on Wayground
16 questions
Grade 3 Simulation Assessment 2
Quiz
•
3rd Grade
19 questions
HCS Grade 5 Simulation Assessment_1 2526sy
Quiz
•
5th Grade
10 questions
Cinco de Mayo Trivia Questions
Interactive video
•
3rd - 5th Grade
17 questions
HCS Grade 4 Simulation Assessment_2 2526sy
Quiz
•
4th Grade
24 questions
HCS Grade 5 Simulation Assessment_2 2526sy
Quiz
•
5th Grade
13 questions
Cinco de mayo
Interactive video
•
6th - 8th Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
3rd Grade
30 questions
GVMS House Trivia 2026
Quiz
•
6th - 8th Grade
Discover more resources for Education
5 questions
A.EI.1-3 Quizizz Day 1
Quiz
•
9th - 12th Grade
210 questions
Unit 1 - 4 AP Bio Review
Quiz
•
9th - 12th Grade
100 questions
Biology EOC Review
Quiz
•
9th - 12th Grade
5 questions
A.EI.1-3 Quizizz Day 2
Quiz
•
9th - 12th Grade
5 questions
A.EI.1-3 Quizizz Day 4
Quiz
•
9th - 12th Grade
16 questions
AP Biology: Unit 1 Review (CED)
Quiz
•
9th - 12th Grade
5 questions
G.PC/DF Quizizz Day 2
Quiz
•
9th - 12th Grade
20 questions
verbos reflexivos en español
Quiz
•
9th - 12th Grade