

BAHASA JAWA KELAS 4 SD
Presentation
•
Education
•
4th Grade
•
Easy
Rina Masriyani
Used 5+ times
FREE Resource
6 Slides • 89 Questions
1
BAHASA JAWA
KELAS 4 SD
By Rina Masriyani
2
Multiple Choice
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
3
Multiple Choice
Bu, kula badhe ……sekolah, menawi ibu badhe ………. kantor pukul pinten?
pangkat, mlampah
pangkat, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
4
Multiple Choice
Bu Emi lunga menyang Surabaya numpak sepur nggawa oleh-oleh peyek.
Ukara ing dhuwur yen digawe basa krama inggil yaiku …
Bu Emi tindak dateng Surabaya numpak sepur ngasta oleh-oleh peyek
Bu Emi lunga dateng Surabaya nitih kereta ngasta oleh-oleh peyek
Bu Emi tindak menyang Surabaya nitih sepur nggawa oleh-oleh peyek
Bu Emi tindak dateng Surabaya nitih kereta ngasto oleh-oleh peyek
5
Multiple Choice
Bapak tuku oleh-oleh kanggo Kakung Yo.
Ukara ing dhuwur yeng diucapake kanggo kawruh basa sing bener yaiku …
Bapak tumbas oleh-oleh kanggo Kakung Yo
Bapak mundhut oleh-oleh kagem Kakung Yo
Bapak tumbas oleh-oleh damel Kakung Yo
Bapak mundhut oleh-oleh damel Kakung Yo
6
Multiple Choice
Bapak : "Dar, kowe wis mangan?
Darno : ".........
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku...
Inggih, Pak sampun
Ya, wis pak
Inggih, wis pak
Ya, pak sampu
7
Multiple Choice
Ibu gerah untu.
Tembung untu benere …
Suku
Talingan
Waja
Pangarasan
8
Multiple Choice
Hadi mau diceluk bapak ora krungu. Tembung diceluk benere.....
didukani
ditimbali
diutus
didhawui
9
Multiple Choice
Bapak: "Ham, kowe arep menyang ngendi?"
Ilham: "Nggeh Pak, kulo badhe tindak menyang toko tumbas buku. Wonten nopo nggeh?"
Bapak: "Bapak titip roti. Iki duwit e."
Ilmah: "Nggeh Pak."
______
Pertanyaan : Ilham arep menyang...............
Lapangan
Sekolah
Toko
Masjid
10
Multiple Choice
Bapak :"Le, sekolah daringmu wis rampung durung?"
Rino :"Dereng bapak, wonten punapa?
Bapak :"Nek wis rampung, bapak njaluk tulung le."
Rino :"Tulung punapa nggih pak?"
Bapak :"Bapak njaluk tulung rewangi nata barang-barang ning gudang."
___________________
Sapa sing njaluk tulung?...............
Rino
Bapak
Wong liyo
Ibuk
11
Multiple Choice
Dono : Heyy, suwe ra ketemu.
Indro : Ya, wis suwe banget!
Dono : Wis pirang taun awakedhewe ra ketemu sawise lulus SD?
Indro : Kira-kira wis rong taun lah.
------------------------
Dono lan indro nggunakake basa ......
Ngoko
krama
Kromo alus
Inggris
12
Multiple Choice
Mbah putri lagi lara mata, yen dikramakake dadi … .
Mbah putri lagi gerah mata
Mbah putri lagi gerah soca
Mbah putri saweg gerah mata
Mbah putri saweg gerah soca
13
Multiple Choice
Wacanen pacelathon iki!
Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Anton anggone matur marang Pak Timan nggunakake basa ....
ngoko alus
krama alus
krama lugu
ngoko lugu
14
Multiple Choice
Wacanen pacelathon iki!
Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Pak Timan nggunakake basa ngoko marang Anton amarga ....
bapake Anton
gurune ing sekolahe
kancane ing pagaweyan
ora gelem basa krama
15
Multiple Choice
Manut andharan mau sumber tenaga listrik asale saka ... tenaga.
3
4
5
6
16
Multiple Choice
Paraga sing paling pinter babagan listrik yaiku ....
Firdaus
Nurwan
Ardi
adhine Firdaus
17
GEGURITAN
Nalika Aku Pamit
Karipta dening Rio Mataram
Ibu
Bun esuk katon kemerlip
Kaya Mutiara ing pasuketan
Aku tansah kelingan
Ing dalan sapecak
Sing Saben dina dak-liwati
Budhal lan mulih sekolah iki
Ibu nguntapake aku
Kanthi paningal wening lan asih
“Ngger, budhala
Ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk
Ibu mung bisa nyangoni pangestu
Dadia generasi kang migunani.”
Angles rasaning ati
Bening lan asih panyawange ibu
Dak-enggo sangu
Mecaki dina-dinaku kanthi semangat
Jroning batin
Kersane ibu bakal dak-wujudake
Kanthi tulus lan bekti
Ibu
Keng putra bakal mituhu
Semarang, Februari 2027
"Antologi Gurit—Puisi"
Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah
Bun : embun
Pasuketan : rerumputan/ suket
Kelingan : kemutan/ keingat
Sapecak : setapak
Dak-liwati : tek lewati
Budhal : lunga/ mangkat
Mulih : bali
Nguntapake : njujugna/ ngeterna
Paningal : pandeleng/ penglihatan
Wening : bening
Asih : penuh kasih sayang
Budhala : mangkata
Ngudi : nggolet/ nuntut
Ngilmu : ilmu
Mbesuk : ngemben
Pangestu : doa restu
Migunani : berguna
Angles : trenyuh
Panyawange : penglihatan/ pandeleng
Mecaki : napaki
Jroning : dalam/ jero
Kersane : pepengingane/ keinginane
Dak-wujudake : tek wujudna
Mituhu : nurut/ manut/ miturut
PITUTUR LUHUR
1. Sregepa sinau/ nggolet ilmu kanggo masa depan
2. Nurut/ manut lan ngajeni Ibu
3. Kudu tresna lan bekti dhateng Ibu
4. Bisaa mujudake apa pepenginane ibu
POKOK ISI
Geguritan iki nyritakake katresnan lan panyemangat saka ibu marang anake, nalika anak arep budhal sekolah. Ibu ndongakake anaké supaya sregep sinau kanggo masa depan, lan anak janji bakal nurut, semangat, lan ngabekti marang ibu.
Supaya geguritan nalika diwaca dadi apik lan nyentuh ati, kudu nduweni telu unsur penting, yaiku:
- Wirama yaiku irama utawa nada nalika maca geguritan (alon, banter, cepet, seru)
- Wiraga yaiku Gerak lan ekspresi nalika macakake geguritan
- Wirasa yaiku rasa sing ana ing geguritan lan sing dituduhake wektu maca geguritan.
18
Multiple Choice
Ibu
Bun esuk katon kemerlip
Kaya Mutiara ing pasuketan
Tegese tembung "bun" yaiku ...
cahya
embun
angin
werna
19
Multiple Choice
Aku tansah kelingan
Tegese tembung "kelingan" yaiku ...
kemutan
kelalen
ndeleng
kesuwen
20
Multiple Choice
Ing dalan sapecak
Sing Saben dina dak-liwati
Tegese tembung "sapecak" yaiku ...
dawa
setapak
amba
mlebu
21
Multiple Choice
Ing dalan sapecak
Sing Saben dina dak-liwati
Budhal lan mulih sekolah iki
Tegese tembung "budhal" yaiku ...
dolan
ngaso
mangkat
bali
22
Multiple Choice
Ing dalan sapecak
Sing Saben dina dak-liwati
Budhal lan mulih sekolah iki
Tegese tembung "mulih" yaiku ...
dolan
ngaso
mangkat
bali
23
Multiple Choice
Ibu nguntapake aku
Kanthi paningal wening lan asih
Tegese tembung "nguntapake" yaiku ...
ndongakake
nggarapake
ngeterake
nindakake
24
Multiple Choice
Ibu nguntapake aku
Kanthi paningal wening lan asih
Tegese tembung "paningal" yaiku ...
pangrungu
ati
panyawang
rasa
25
Multiple Choice
Ibu nguntapake aku
Kanthi paningal wening lan asih
Tegese tembung "asih" yaiku ...
nglangut
tresna asih
sih sumelang
sabar asih
26
Multiple Choice
“Ngger, budhala
Ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk
Tegese tembung "ngudi ngelmu" yaiku ...
nggolet ilmu/ ngangsu kawruh
nguber ilmu
ngumpulna ilmu
tuku ilmu
27
Multiple Choice
Ibu mung bisa nyangoni pangestu
Dadia generasi kang migunani.”
Tegese tembung "pangestu" yaiku ...
rejeki lan restu
donga lan restu
dongane si restu
rejekine restu
28
Multiple Choice
Ibu mung bisa nyangoni pangestu
Dadia generasi kang migunani.”
Tegese tembung "migunani" yaiku ...
pantes
pinter
bermanfaat
apik
29
Multiple Choice
Angles rasaning ati
Bening lan asih panyawange ibu
Tegese tembung "angles" yaiku ...
lara
trenyuh
sumelang
bungah
30
Multiple Choice
Bening lan asih panyawange ibu
Dak-enggo sangu
Mecaki dina-dinaku kanthi semangat
Tegese tembung "mecaki" yaiku ...
ndandani
napaki/ nglakoni
ngresiki
ngenteni
31
Multiple Choice
Kersane ibu bakal dak-wujudake
Kanthi tulus lan bekti
Tegese tembung "kersane" yaiku ...
pepenginane
kesenengane
atine
pitulungane
32
Multiple Choice
Ibu
Keng putra bakal mituhu
Tegese tembung "mituhu" yaiku ...
dolan
nurut
sinau
pinter
33
Multiple Select
Gathekna geguritan ngisor iki!
Nalika Aku Pamit
Karipta dening Rio Mataram
Ibu
Bun esuk katon kemerlip
Kaya Mutiara ing pasuketan
Aku tansah kelingan
Ing dalan sapecak
Sing Saben dina dak-liwati
Budhal lan mulih sekolah iki
Ibu nguntapake aku
Kanthi paningal wening lan asih
“Ngger, budhala
Ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk
Ibu mung bisa nyangoni pangestu
Dadia generasi kang migunani.”
Angles rasaning ati
Bening lan asih panyawange ibu
Dak-enggo sangu
Mecaki dina-dinaku kanthi semangat
Jroning batin
Kersane ibu bakal dak-wujudake
Kanthi tulus lan bekti
Ibu
Keng putra bakal mituhu
Pilihana 2 pitutur luhur kang trep karo geguritan ndhuwur ....
Sregepa sinau/ nggolet ilmu kanggo masa depan
Ngeyela nanging tetep ngajeni Ibu
Kudu tresna lan bekti dhateng Ibu
Bisaa ngilangake apa pepenginane ibu
34
Multiple Choice
Gathekna geguritan ngisor iki!
Nalika Aku Pamit
Karipta dening Rio Mataram
Ibu
Bun esuk katon kemerlip
Kaya Mutiara ing pasuketan
Aku tansah kelingan
Ing dalan sapecak
Sing Saben dina dak-liwati
Budhal lan mulih sekolah iki
Ibu nguntapake aku
Kanthi paningal wening lan asih
“Ngger, budhala
Ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk
Ibu mung bisa nyangoni pangestu
Dadia generasi kang migunani.”
Angles rasaning ati
Bening lan asih panyawange ibu
Dak-enggo sangu
Mecaki dina-dinaku kanthi semangat
Jroning batin
Kersane ibu bakal dak-wujudake
Kanthi tulus lan bekti
Ibu
Keng putra bakal mituhu
Isi geguritan ndhuwur yaiku ....
Bocah sing mangkat sekolah lan eling pitutur ibune
Bocah sing dolan menyang pasar lan eling pitutur ibune
Bocah sing mangkat sekolah bareng kanca-kancane
Bocah sing pamit lunga menyang kutha arep kerja marang Ibune
35
Multiple Choice
Supaya geguritan nalika diwaca dadi apik lan nyentuh ati, kudu nduweni telu unsur penting, yaiku wirama, wiraga, lan wirasa.
Wirama yaiku ....
irama utawa nada nalika maca geguritan (alon, banter, cepet, seru)
Gerak lan ekspresi nalika macakake geguritan
rasa sing ana ing geguritan lan sing dituduhake wektu maca geguritan
irama nalika gawe geguritan
36
Multiple Choice
Supaya geguritan nalika diwaca dadi apik lan nyentuh ati, kudu nduweni telu unsur penting, yaiku wirama, wiraga, lan wirasa.
Wiraga yaiku ....
irama utawa nada nalika maca geguritan (alon, banter, cepet, seru)
Gerak lan ekspresi nalika macakake geguritan
rasa sing ana ing geguritan lan sing dituduhake wektu maca geguritan
irama nalika gawe geguritan
37
Multiple Choice
Supaya geguritan nalika diwaca dadi apik lan nyentuh ati, kudu nduweni telu unsur penting, yaiku wirama, wiraga, lan wirasa.
Wirasa yaiku ....
irama utawa nada nalika maca geguritan (alon, banter, cepet, seru)
Gerak lan ekspresi nalika macakake geguritan
rasa sing ana ing geguritan lan sing dituduhake wektu maca geguritan
irama nalika gawe geguritan
38
39
40
Multiple Choice
Ngisor iki kang kalebu sandhangan swara yaiku ....
41
Multiple Choice
Ngisor iki kang kalebu sandhangan panyigeg wanda yaiku ....
42
Multiple Choice
Ngisor iki kang kalebu sandhangan panyigeg vyanjana yaiku ....
43
Multiple Choice
Tembung kang nggunakake sandhangan swara dituduhake ing nomer ....
1 lan 2
1 lan 3
2 lan 3
2 lan 4
44
Multiple Choice
Tembung kang nggunakake sandhangan panyigeg wanda dituduhake ing nomer ....
1 lan 2
1 lan 3
2 lan 3
2 lan 4
45
Multiple Choice
Tembung kang nggunakake sandhangan vyanjana dituduhake ing nomer ....
1 lan 2
1 lan 3
2 lan 3
2 lan 4
46
Multiple Choice
Tembung kang nggunakake pasangan dituduhake ing nomer ....
1 lan 2
1 lan 3
2 lan 3
2 lan 4
47
Multiple Choice
Yen diwaca unine?
mangan panas
mangan nanas
mangan kates
mangan manggis
48
Multiple Choice
Tembung kasebut wacane ....
mangan jagung godhogan
mangan jagung godhog
mangan kacang godhong
mangan kakung godho
49
Multiple Choice
Wacane aksara jawa ing dhuwur yaiku ...
nginum sirup
nginum tomat
nginum jamu
nginum obat
50
Multiple Choice
Wacane aksara jawa ing dhuwur yaiku ...
rawa
bawa
lawa
baya
51
Multiple Choice
Yen diwaca unine?
anak babi
anak kadhal
anak kodok
anak bebek
52
Multiple Choice
Tembung "saka" supaya dadi "siki", diwenehi sandhangan swara ....
53
Multiple Choice
Tembung "baka" supaya dadi "buku", diwenehi sandhangan swara ....
54
Multiple Choice
Tembung iku yen diwaca dadi ....
kene
kana
kono
kini
55
Multiple Choice
Tisu, yen ditulis aksara jawa dadi ...
56
Multiple Choice
Demo, yen ditulis aksara jawa dadi ....
57
Multiple Choice
Wengah, yen ditulis aksara jawa dadi ....
58
Multiple Choice
Yen diwaca dadi ...
jeru
jiru
jero
jiro
59
Multiple Choice
Pilar, yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ....
60
Multiple Choice
Ngisor iki tembung kang nganggo sandhangan panyigeg wanda yaiku ....
61
Multiple Choice
Dayang, yen ditulis aksara jawa dadi ....
62
Multiple Choice
Ngisor iki tembung kang ora nganggo sandhangan vyanjana yaiku ....
63
Multiple Choice
Kraca, yen ditulis aksara jawa dadi ...
64
Multiple Choice
Ngresula, yen ditulis aksara jawa dadi ...
65
Multiple Choice
Begya, ditulis aksara jawa dadi ....
66
Multiple Choice
Wektu, ditulis aksara jawa dadi ....
67
Multiple Choice
Handi kusno, yenditulis aksara jawa dadi ....
68
Multiple Choice
Nyamper Dwi, yen ditulis aksara jawa dadi ....
69
Multiple Choice
yen diwaca dadi ....
Bolan balen
Golan galin
Bolak balek
Olak alik
70
TEMBANG GAMBUH
Tembang Gambuh yaiku salah siji macam tembang macapat sing nduweni aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu sing ajeg.
a. Guru gatra yaiku cacahe baris saben sapada/ sabait
b. Guru wilangan yaiku cacahe wanda/ suku kata saben sakbaris
c. Guru lagu yaiku tibane swara vocal ing pungkasane gatra/ baris
PAUGERAN TEMBANG GAMBUH
Watake tembang gambuh yaiku wani, kulina lan rumaket
71
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon
katula tula : kajiret
katali : sengsara
kadaluwarsa : suwe-suwe
katutuh : dadi kebiasaan
kapatuh : yen dibiasakna
pan : malah
awon : elek
POKOK ISI :
Wong kang tumindak eleke kebablasen, ora nganggo nasehat, ora manut aturan, kajiret ing sengsara, suwe-suwe dadi kebiasaan sing gawe uripe dadi awon (cilaka).
PITUTUR LUHUR
1. Aja tumindak sak karepe dewe/ kebablasen
2. Manuta aturan/ nasehat apik supaya uripe ora kajiret sengsara
3. Aja mbiasakna tumindak elek, merga bisa gawe urip cilaka
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
tan : ora
becik : apik
ngupayaa : ngusahakake
pitutur : nasehat
sayektos : sejati
POKOK ISI :
Aja nganti mbacut anggone nglakokake tumindak ora jujur. Yen wis kebacut cilaka tenan, ora apik. Usaha lan tumindak becik iku pitutur sing bener kanggo urip sing sejati
PITUTUR LUHUR
1. Aja nganti nglakoni tumindak ala nganti kebablasen
2. Aja ngapusi utawa tumindak ora jujur, merga bisa gawe masalah/ cilaka
3. Usaha lan tumindak becik/ bener iku pitutur penting kanggo urip.
sekar : tembang
catur : papat
cinatur : diomongna
polah : tumindak
kalantur : kebablasen/ kebacut
tutur : nasehat
kebanjur : mbacut
polah : tumindak
nora : ora
sayekti : temenan
kojur : cilaka
72
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon.
Guru gatrane tembang ing dhuwur , ana pira?
4 gatra
5 gatra
6 gatra
7 gatra
73
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon.
Guru wilangan lan guru lagu tembang ndhuwur yaiku ....
7 u, 10 u, 12 i, 8 u, 8 o
7 u, 10 u, 12 i, 8 u, 8 a
7 u, 10 u, 12 i, 8 i, 8 o
7 u, 10 u, 12 a, 8 u, 8 o
74
Multiple Choice
"Sekar gambuh ping catur. Kang cinatur polah kang kalantur."
Tembung Sekar tegese....
kumbang
nembang
tembang
kembang
75
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur.
Tembung catur iku tegese...
papat
lima
enem
pitu
76
Multiple Choice
"Sekar gambuh ping catur. Kang cinatur polah kang kalantur."
Tembung cinatur tegese....
dipilih
dilakokake
diomongake
dijabarake
77
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.
Tembung kang kagaris ngisor tegese...
ditutuh dadi alus
dadi sipat
dadi tumindak
dadi kebiasaan
78
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa kapatuh,
kapatuh pan dadi awon.
Tembung kang kagaris ngisor tegese...
becik
sedhih
mambrah
ala
79
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur, ketula –tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Tembang Gambuh iku nyritakake tumindak sing .....
tumindak pawongan sing sabar
tumindak ala nanging wicaksana
tumindak ala sing kebablasen
tumindak ala nanging jujur
80
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur, ketula –tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Pokok isi saka Tembang Gambuh ing dhuwur nuduhake apa?
Pentinge nduweni rasa setya marang liyan supaya urip rukun.
Gambaran wong kang nglakoni urip kanthi watak sembrana lan kebablasan.
Ajaran budi pekerti supaya tansah andhap asor marang sing luwih tuwa.
Pepeling supaya ngugemi budaya Jawa lan ora nglalekake leluhur.
81
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Gatra kasebut ngandhakake yen aja diteruske tumindak kang ....
ora jujur
becik
jujur
sakarepe
82
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembung polah nduweni teges ....
tumindak
sipat
ngomong
mikir
83
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembung kang digaris ngisor nduweni teges ....
cilaka
sedhih
bungah
sumelang
84
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembung kang digaris ngisor nduweni teges ....
ora becik
becik
becik banget
ora elek
85
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembung kang digaris ngisor nduweni teges ....
ngusahakake
nglakoni
nyritakake
menehake
86
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembung kang digaris ngisor nduweni teges ....
nasehat
wadulan
omongan
amanah
87
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Pokok isi tembang Gambuh ndhuwur nuduhake apa?
Pentinge ngajeni wong liya supaya urip tentrem lan rukun.
Ajakan kanggo sabar lan narima kahanan kang wis kadadiyan.
Pepeling supaya aja nglakoni tumindak ora jujur amarga bisa ndadekake cilaka/ sengsara.
Wejangan supaya ngati-ati milih kanca lan ngajeni saben pitutur.
88
Multiple Choice
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembang iki nyritakake apa?
Tembang iki ngajari supaya kita ora ngapusi utawa tumindak ala, amarga yen terus dilakoni bisa gawe masalah lan cilaka ing urip.
Tembang iki nyritakake supaya kita tetep mangan sehat supaya badan ora gampang lara lan tetep semangat sinau.
Tembang iki nyritakake supaya kita tansah dolanan karo kanca supaya ora bosen lan seneng ati.
Tembang iki nyritakake supaya kita ora lali ngucapake matur nuwun marang wong tuwa saben dina supaya rukun lan tentrem.
89
Multiple Select
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka tembang gambuh ndhuwur yaiku ...
Usaha lan tumindak becik iku pitutur penting kanggo urip.
Aja ngapusi utawa tumindak ora jujur bisa gawe cilaka
Aja bosenan lan ora seneng ati.
Aja lali matur nuwun marang wong tuwa supaya rukun lan tentrem.
90
Multiple Select
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur, ketula –tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka tembang gambuh ndhuwur yaiku ... (pilih 2)
Aja tumindak sembrana, sak karepe dewe
Manuta aturan supaya uripe ora cilaka
Andhap asora marang sing luwih tuwa.
Ugemi budaya Jawa lan aja nglalekake leluhur.
91
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
Tembung tutur tegese ...
nasehat
omongan
lapuran
wadulan
92
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
Katuta tula katali tegese ...
kajiret ing sengsara
uwal (lepas) saka sengsara
adoh saka sengsara
ilang sengsarane
93
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
Katuta tula katali tegese ...
kajiret ing sengsara
uwal (lepas) saka sengsara
adoh saka sengsara
ilang sengsarane
94
Multiple Choice
"Kapatuh pan dadi awon".
Guru wilangan lan lagu lirik tembang Gambuh ing dhuwur yaiku ...
8u
7u
8o
7o
95
Multiple Choice
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur, ketula –tula katali
Kadaluarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Tembang Gambuh ing dhuwur nyritakake ....
Wong kang nglakoni laku urip kanthi ngati-ati, manut paugeran lan uripe begya.
Wong kang tumindake mbacut ora manut aturan, tanpa mikir, ora mula uripe dadi cilaka/ sengsara
Wong kang lali marang asal-usulé lan ora ngugemi tata krama.
Wong kang seneng aweh piwulang marang liyan supaya uripe becik.
BAHASA JAWA
KELAS 4 SD
By Rina Masriyani
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 95
SLIDE
Similar Resources on Wayground
83 questions
Tin học với nghề nghiệp
Lesson
•
9th Grade
70 questions
Asia Power Point (1)
Lesson
•
7th Grade
68 questions
do/does
Lesson
•
2nd Grade
71 questions
ÔN TẬP CUỐI HKII TIN 6 (21-22)
Lesson
•
KG
90 questions
TA 5 - Unit 19 - Which place would you like to visit?
Lesson
•
5th Grade
95 questions
Phép trừ có nhớ
Lesson
•
1st - 5th Grade
82 questions
Sistem Komputer
Lesson
•
7th Grade
76 questions
JARINGAN KOMPUTER DAN INTERNET KELAS 8
Lesson
•
8th Grade
Popular Resources on Wayground
15 questions
Fractions on a Number Line
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Equivalent Fractions
Quiz
•
3rd Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
29 questions
Alg. 1 Section 5.1 Coordinate Plane
Quiz
•
9th Grade
22 questions
fractions
Quiz
•
3rd Grade
11 questions
FOREST Effective communication
Lesson
•
KG
20 questions
Main Idea and Details
Quiz
•
5th Grade
20 questions
Context Clues
Quiz
•
6th Grade