
materi sesorah kelas XI
Presentation
•
World Languages
•
11th Grade
•
Hard
Widio Harsono
FREE Resource
17 Slides • 8 Questions
1
SESORAH KELAS XI
2
Tujuan Pembelajaran
Menemukan pokok-pokok isi yang terkandung dalam teks sesorah.
Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengn isi teks sesorah
Menganalisa bagian-bagian teks sesorah
Memberikan tanggapan isi teks sesorah menggunakan bahasa sendiri
Menulis teks sesorah dengan tema tertentu menggunakan bahasa sendiri
3
Pangertene Sesorah :
Sesorah/ pidhato/ medhar sabda yaiku micara kanggo medharake/ mengungkapkan gagasan/ panemu ing ngarepe wong akeh.
4
Ancasing Sesorah/
Tujuan Sesorah
5
1. Atur Pambagya
yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu ing sawijining acara, kayata pengantenan, supitan, rapat lan sapanunggalane.
6
2. Atur kabar/ paring informasi
yaiku sesorah kang isine paring informasi ngenani sawijining bab.
Tuladha :
Sesorah ing rapat, pengajian, promosi barang
7
3. Atur pangajak
yaiku sesorah kang tujuane kanggo ngajak pamireng kanggo nglakokake sing dikarepake
Tuladha :
Kampanye, pengajian,
8
4. Atur panglipur
yaiku sesorah kang tujuane kanggo nggedhekake ati utawa aweh hiburan marang kang lagi susah
Tuladha :
Sesorah kanggo nglipur kadhang tani kang gagal panen
Sesorah kanggo nglipur keluarga kang nembe ditinggal seda
9
5. Atur panyaruwe/ ngemutake
yaiku sesorah kang isine nelakake/ mengungkapkan panemu kanthi dhasar-dhasar kang tinemu nalar tumrap ada-ada utawa aturan
Tuladha :
Sesorah kang isine babagan larangan nonton tivi kesuwen, efek dolanan HP tanpa wektu lsp
10
Bagian-bagian utawa Urutan Teks Sesorah
11
1. Uluk salam/ Salam pambuka
Isine Salam manut kabiasaan lan kapitayane
Tuladha : Assalamu'alaikum, sugeng enjang, sugeng siang, sugeng sonten, sugeng dalu, nueun lan sapanunggalane.
12
2. Purwaka basa/ pambuka
Purwaka basa isine : atur pakurmatan, puji syukur, lan atur panuwun kanggo para tamu.
Tuladha :
Para pepundhen, para sesepuh ingkang sinudarsana, para kadang wredha mudha ingkang kula tresnani. Sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kabagyan lan kawarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal ing dinten menika. Kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdalipun kangge rawuh wonten papan menika
13
Surasa basa/ isi = inti/ isi saka sesorah
Tuladha :
Panci sampun dados kodratipun wanita limrah nggadhahi raos ingkang kalangkung alus. Senajan makaten, greget ing manah tansah makantar-kantar pindha waja ngundi kautaman. Sedaya punika inggih saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia.
14
4. Dudutan/ kesimpulan/ pangarep-arep = isine ngenani kesimpulan utawa pangajak marang para pemaos/ pembaca
Tuladha :
Kanthi makaten, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayutan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur menika. Ingkang mboten kenging dipunlirwakaken/ dilalekake inggih menika Ibu Kartini tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia.
15
5. Wasana basa/ panutup = kanggo mungkasi sesorah
Tuladha :
Cekap semanten atur kawula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun
16
17
SIAP QUIZ YA ...
quiz iki minangka UH
18
Multiple Choice
Sesorah kang tujuane kanggo nampani tamu ing sawijining acara diarani ... .
orasi
atur pambagya
atur pangajak
atur panglipur
atur informasi
19
Multiple Choice
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi saha saha ingkang tansah kula bekteni.
Saka pethikan teks sesorah kasebut, tembung miwah nduweni teges ...
lan
mewah
lanang
wadon
uga
20
Multiple Choice
Sesorah kang dilakokake ing upacara pemakaman tujuane ... .
atur pangapura
atur pambagya
atur panglipur
atur informasi
atur pangajak
21
Multiple Choice
Kampanye, orasi, pengajian, promosi iku salah sijining wujud sesorah kang tujuane ... .
atur informasi
atur pambagya
atur pangajak
atur panglipur
atur panyaruwe
22
Multiple Choice
Assalamu'alaikum wr wb, sugeng enjang, salam sejahtera, om swasti astu, salam kebajikan, namo budaya ibu kepala sekolah, bapak ibu guru, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani ...
Pethikan teks sesorah ing dhuwur ana ing bagian ...
pambuka
surasa basa
isi
wasana basa
salam pambuka
23
Multiple Choice
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi saha saha ingkang tansah kula bekteni. Bapak-bapak saha ibu-ibu para rawuh satuhu kinurmatan lan binektenan, sarta para sedherek ingkang kula tresnani.
Pethikan sesorah ing dhuwur kelebu bagian pambuka ... .
atur pambagyaharja
atur pakurmatan
atur puji syukur
atur panuwun
atur pangapunten
24
Multiple Choice
Pethikan sesorah ing ngisor iki kang isine pambuka atur puji syukur yaiku ... .
Para sepuh-pinisepuh ingkang pantes sinudarsana, para kadang mitra ingkang bagya mulya, dalah sagung para rawuh ingkang luhur ing budi
para rawuh ingkang kinabekten, boten kesupen kula matur agunging panuwun dene bapak ibu sampun rawuh ing acara menika
Para rawuh ingkang kinabekten, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun agunging pangaksami
minangka pambukaning atur, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Allah ingkang maha agung saengga dinten menika kitha saged kempal wonten ing acara menika
25
Multiple Choice
Mekaten atur kawula, mbokbilih wonten klenta-klentuning atur kula nyuwun agunging pangaksami. Para panitiya ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nyengkuyung acara menika.
Pethikan sesorah kasebut ana ing bagian ... .
salam pambuka
purwaka basa
surasa basa
wasana basa/ panutup
salam panutup
SESORAH KELAS XI
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 25
SLIDE
Similar Resources on Wayground
19 questions
Describing my skills
Presentation
•
11th Grade
20 questions
aida sesorah
Presentation
•
11th Grade
18 questions
logika matematika
Presentation
•
11th Grade
21 questions
1과 복습퀴즈(슬라이드)
Presentation
•
KG
20 questions
Belajar Instalasi Windows 10
Presentation
•
11th Grade
19 questions
Love, like, enjoy, hate, don't mind, don't like +
Presentation
•
10th - 12th Grade
20 questions
cause and effect
Presentation
•
11th Grade
18 questions
PPT UPACARA TRADHISI
Presentation
•
11th Grade
Popular Resources on Wayground
28 questions
US History Regents Review
Quiz
•
11th Grade
36 questions
Biology Regents Review
Quiz
•
9th - 10th Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
3rd Grade
38 questions
Regents Life Science General Review
Quiz
•
9th Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
6th Grade
21 questions
EOY Grade 6 Benchmark Assessment - Content Skills
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Inferences
Quiz
•
4th Grade
20 questions
Figurative Language Review
Quiz
•
6th Grade