Search Header Logo
tembang macapat

tembang macapat

Assessment

Presentation

Other

10th Grade

Practice Problem

Hard

Created by

Bagus Gilang

FREE Resource

48 Slides • 0 Questions

1

media

TEMBANG MACAPAT

PIRANTI DENING: KUSMIARTI, S. Pd.

2

media

TEGESIPUN TEMBANG

Tembang : tetembungan ingkang rinonce kadya

dene kembang (Yudoyono, 1983:131).

3

media

JINISING TEMBANG

Wewaton buku Mbombong Manah anggitanipun R.
Tedjohadisumarto, tembang jawa kaperang gangsal
inggih punika:
Sekar

Ageng

(Kakawin)

:

Kusumawicitra,

Sudiradraka, Candrakusuma, Pamularsih, lsp
Sekar Tengahan (Kidung) : Balabak, Wirangrong,
Juru Demung, Kuswaraga.
Sekar Alit (Macapat) : Maskumambang, Mijil, lsp.
Lagu Dolanan : Lir-ilir, Jaranan, Gundhul-Gundhul
Pacul, lsp.
Sekar Gendhing : Sekar Tanjung, Sekar Laras, lsp.

4

media

TEMBANG MACAPAT

TEGESIPUN INGGIH PUNIKA SAWIJINING TEMBANG
ANGGENIPUN

MAOS,

NYEKARAKEN

UTAWI

NGLAGOKAKEN KAPEDHOT SEKAWAN-SEKAWAN.

SEKAR

MACAPAT

NGGAMBARAKEN

CAKRA

MANGGILINGAN

MANUNGSA

SAKING

LAIR

NGANTOS SEDA.

5

media

TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan
angsal pangaribawa saking Walisanga, tuladhanipun ing naskah
saking Bali utawi Jawa Timur ingkang asesirah Kidung Ranggalawé
ingkang kaserat ing tahun 1334.

Karya sastra ingkang kaserat ngangge tembang macapat
tuladhanipun

-

Serat Wedhatama / Mangkunegara IV

-

Serat Wulangreh / Pakubuwana IV

-

Serat Kalatidha / R.N. Ranggawarsita

6

media

CIRI-CIRI TEMBANG MACAPAT

1. WONTEN PAUGERAN (PATHOKANING) TEMBANG MACAPAT

INGGIH PUNIKA:

a. Guru Gatra: cacahing larik saben sapada.

b. Guru Wilangan: cacahing wanda saben sagatra.

c. Guru Lagu: dhawahing swara saben pungkasane gatra.

d. Pada (pupuh): cacahing tembang macapat saben salagu,

saking wiwitan dumugi pungkasan.

e. Laras: rasa thingthingane swara cendhak nganti swara

dhuwur, ana loro yaiku laras slendro ( 1 2 3 4 5 6 ) lan
laras pelog ( 1 2 3 4 5 6 7 ).

7

media

CIRI-CIRI TEMBANG MACAPAT

e.Pathet

: cendhak dhuwure swara kanggo nglagokake

tembang.

f.Cengkok

: luk-luking swara nalika nembang.

2. NGGUNAKAKEN BASA JAWA ANYAR.

3. SAGED MADEG PIYAMBAK TANPA IRINGAN GENDHING.

8

media

CACAHING SEKAR MACAPAT

CACAHING SEKAR MACAPAT WONTEN 11 INGGIH
PUNIKA:

1.

MASKUMAMBANG

2.

MIJIL

3.

SINOM

4.

KINANTHI

5.

ASMARADANA

6.

GAMBUH

7.

DHANDHANGGULA

8.

DURMA

9.

PANGKUR

10. MEGATRUH
11. POCUNG

9

media

TEGESIPUN SABEN TEMBANG MACAPAT

1.

MASKUMAMBANG, bayi kang dereng ketara jaler menapa estri, taksih kambang-
kambang ing kandhutan.

2.

MIJIL, bayi kang nembe lair.

3.

SINOM, lare ingkang dados remaja.

4.

KINANTHI, dilatih mlampah.

5.

ASMARADANA, lare mudha ingkang nandhang asmara.

6.

GAMBUH, asmara ingkang nyawiji lan mbangun kaluwarga.

7.

DHANDHANGGULA, asmara ingkang endah, manis, lan nyengsemaken, sedaya
gegayuhan kasembadan.

8.

DURMA, penggalih condhong dhateng akhirat.

9.

PANGKUR, yuswa sampun sepuh lan ngungkuraken kadonyan.

10. MEGATRUH, tiyang seda punika pegat (pedhot) ruhipun.

11. POCUNG, layon dipunbuntel dados pocong.

10

media

11

media

12

media

Serat wedhatama punika salah

satunggaling seratan anggitanipun
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Arya (KGPAA) Sri Mangkunegara
IV, Raja ing Kraton Mangkunegaran
Surakartataun1853-1881.

Serat wedhatama ngandhut piwucal

luhur kangge mbangun budi pekerti
lan tumindak utama para mudha.

13

media

Wedhatama asalipun saking tembung sansekerta

'‘Wedha'‘ : ilmu pangertosan, pathokan, pakem

''Tama'‘

: becik, sae, utama, putra.

Wedhatama : Ilmu pangertosan ingkang utama ingkang

dados pathokan utawi pedoman kangge putra lan putri.

14

media

Serat Wedhatama punika awujud tembang ingkang kadhapuk

saking 100 pada tembang macapat, ingkang kabagi ing gangsal
tembang, inggih punika:

1. Pangkur (14 pupuh,1 – 14)

2. Sinom (18 pupuh, 15 -32)

3. Pocung (15 pupuh, 33 – 47)

4. Gambuh (35 pupuh, 48-82)

5. Kinanthi (18 pupuh, 83-100)

Isi Serat Wédhatama inggih punika falsafah pagesangan, kados

dene tenggang rasa, tepa salira, kados pundi dados janma
ingkang sampurna, nglampahaken agami kanthi bijak, lan dados
tiyang ingkang gadhah watak ksatria.

15

media

1. Pangkur (14 pada)

Ngelmu ingkang sampurna, ingkang dados

pathokaning manungsa inggih punika
babagan agami lan tata krama. Syarat
utamanipun inggih punika ngatos-atos utawi
mawas diri. Manungsa ingkang kasil mawas
diri anggenipun nglakoni ngagesang ing alam
ndonya bakal ayem lan tentrem.

16

media

2. Sinom (18 Pada)

Pupuh sinom isinipun babagan ganjaran

saking tumindak ingkang ngatos-atos.
Tuladhanipun : Nata Mataram Senopati
ingkang gadhah gelar tiyang agung ing
ngeksigondo, tegesipun salah satunggaling
pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang
kawulanipun lan asring nglakoni pasa,
Ananging ora nebihi marang kawulane.

17

media

3. Pocung (15 Pada)

Isinipun inggih punika kawicaksanaan sejati.

Kawicaksanaan sejati mboten ketara wonten
satunggaling papan panggenan,
kawicaksanaan kasebat kedah kelakon
kanthi lila lan narima ,legawa utawi lila
penggalihipun lan pasrah, sabar tulus ikhlas
lan sumarah marang Gusti Ingkang Maha
Agung

18

media

4. Gambuh (35 Pada)

Isinipun babagan raos syukur dhumateng

Gusti Allah Ingkang Maha Agung kanthi suci
ing batin, nebihi watak angkara murkalan
sifat ngendel ngendelake, serta tekun
nglakoni sembayang.

19

media

5. Kinanthi (18 Pada)

a. Piwulang kangge para mudha

1) Para mudha supados nyinau babagan busana lan sopan

santun, sarta mangertosi sumber ngelmu ingkang leres.

2) Sampun nggadhahi sipat angkuh minangka dados

panguwasa

3) Dipun suwun supados saged milah-milah sedaya piwucal

saengga saged migunakaken ngelmu kasebat kanthi trep
kaliyan papan panggenan lan kaprigelanipun.

4) Para mudha taruna kasuwun purun budidaya kangge

trisarana gesang inggih punika wirya, arta, wasis.

20

media

b. Piwucal kangge tiyang sepuh

1) Ngelmu kangge maringi piwucalan para peputra

kados pundi caranipun milah-milah ngelmu ingkang
leres, caranipun nglakoni eling dhumateng Gusti
Ingkang Maha Agung.

21

media

22

media

Serat Wedhatama pupuh Pocung pada 33 - 47

Pocung (pocong) punika tembang macapat

ingkang nggambaraken manungsa ingkang
sampun seda.

Sasmitane tembung pocung, kluwak.

Watakipun sakpenake dhewe, lucu, damel bungah.

Dipunginakaken kangge cangkriman / gegujengan.

23

media

POCUNG LARAS SLENDRO PATHET MANYURA

6

6 5 3 1’ 1’ 1’ 2’ 6 6 5 3

Ngel mu i ku, ke la ko ne kan thi la ku

1’ 1’ 6 3 2 1
Le ka se la wan kas

1 2 1 3 2 1 2 1 6,
Te ge se kas, nyan to sa ni

3 3 5 3 2 2 1 6, 3 5 6 3 2
Se tya bu dya, pa nge ke se, dur ang ka ra



24

media

Pada 33:

1. Ngelmu iku, kelakone kanthi laku
2. Lekase lawan kas
3. Tegese kas nyantosani
4. Setya budya pangekese dur angkara

Gancaran :

1. Ngelmu iku bisa kagayuh yen di

lakoni

2. Kawiwitan kanthi niat
3. Bisa gawe sentosaning diri pribadi
4. Bisa ngasorake tindak angkara


Lekas

: wiwit

Kas

: niat, tenanan

Santosa : kuat
Pangekese : ngasorake,

mbrantas

25

media

Pada 34:

1. Angkara gung, neng angga aggung

gumulung

2. Gegolonganira
3. Triloka lekere kongsi
4. Yen di umbar ambabar dadi rubeda

Gancaran :

1. Nepsu angkara kang gedhe, jroning

dhiri pribadi bakal saya ndadi lan
ngrembaka

2. Olong golong anut jenise
3. Ngrembaka saindheng ing jagad
4. Yen di umbarake bakal dadi memala

Angkara

: nafsu angkara

Gung

: gedhe

Angga

: awak, dhiri

pribadi

Triloka

: jagat raya

Leker

: ngubengi

Kongsi

: nganti

Rubeda

: memala,

bebaya

26

media

Amanat Pada 33-34

Wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha,

dilakoni kanthi tenanan, supaya bisa oleh sentosa
lan keslametan urip uga kudu ngedohi angkara
murka.

Kita kudu bisa ngendhaleni angkara murka,

amarga yen ora dikendhaleni bakal nuwuhake
memala.

27

media

Pada 35 :
1. Beda lamun, kang wus sengsem reh

ngasamun

2. Semune ngaksama
3. Sasamane bangsa sisip
4. Sarwa sareh saking mardi

martotama

Gancaran :
1. Beda yen kang wus seneng marang

nyepi

2. Pasemon kang sugih ing pangapura
3. Marang pepadha kang luput
4. Tansah sabar, lembah manah lan

berbudi ing saben wayah

Lamun

: yen

Sengsem : seneng
Reh

: bab

Ngasamun : nyepi
Ngaksama : pangapura
Sisip

: luput, salah

Sareh

: sabar

Martotama : sareh, lembah

manah, berbudi

28

media

Pada 36 :

1. Taman limut, durgameng tyas kang

weh limput

2. Kerem ing karamat
3. Karana karoban ing sih
4. Sihing sukma ngrebda sahardi

gengira


Gancaran :

1. Ing ngasepi, angkara ing ati katutup
2. Karem ing rahmat
3. Amarga karem ing welas asih
4. Welas asih sukma kang ngrembaka

segedhe gunung

Taman

: kena

Limut

: pedhut, peteng

Durga

: angkara, tumindak

ala

Tyas

: ati

Limput

: katutup

Kerem

: klelep, karem

Karamat : rahmat
Karoban : karem, kebanjiran
Sih

: welas asih

Sukma

: jiwa

Ngrebda : ngrembaka,

ngembang

Sahardi

: sakgunung

Gengira : gedhene

29

media

Amanat Pada 35-36

Manungsa kudu duwe gelem menehi

pangapura marang liyan, sabar, lan gawe
senenge wong liya.

Ing ngasepi, angkara ing ati bisa karem

ing welas asih.

30

media

Pada 37 :

1. Yeku patut tinulad-tulad tinurut
2. Sapituduhira
3. Aja kaya jaman mangkin
4. Keh pra mudha mudhi diri rapal

makna


Gancaran :

1. Yaiku kang patut di tuladha
2. Kaya kabeh pituduhku
3. Aja kaya jaman mengko
4. Akeh bocah anom kang

kumalungkung amarga apalan ayat

Tinulad-tulad : tuladha, conto

Mangkin : mengko

Rapal

: apalan

31

media

Pada 38 :

1. Durung becus kesusu selak besus
2. Amaknani rapal
3. Kaya sayid weton mesir
4. Pendhak pendhak angendhak

gunaning jalma


Gancaran :

1. Durung pinter nanging wes kuminter
2. Negesake ayat
3. Kaya sayid saka mesir
4. Saben-saben mung ngremehake

kagunane wong liya

Becus

: pinter, bisa

Besus

: kuminter

Sayid

: Kyai

Pendhak : saben

Angendhak : ngremehake

Jalma

: wong

32

media

Pada 39

1. Kang kadyeku kalebu wong ngaku-

aku

2. Akale alangka
3. Elok jawane denmohi
4. Paksa langkah ngangkah met

kawruh ing mekah


Gancaran :
1. Kang kaya ngunu iku kalebu wong

kang ngaku-aku

2. Kapinterane cethek
3. Budaya jawa di emohi
4. Suwalike malah milih sinau neng

negara mekah

Kadyeku

: kaya iku

Langka

: cethek, arang

Elok

: endah

Denmohi

: diemohi,

ditolak

33

media

Pada 40 :

1. Nora weruh, rosing rasa kang

rinuruh

2. Lumeketing angga
3. Anggere padha marsudi
4. Kana-kene kaanane nora beda

Gancaran :

1. Ora ngerti tegese ngelmu kang di

sinau

2. Saktenane ana ing dhiri pribadi
3. Sauger gelem ngupaya
4. Ngendi-endi ngelmu iku padha wae

Nora

: ora

Rinuruh : diluru, digoleki,

disinauni

Lumeket : raket

Angga

: awak

Marsudi : ngudi, ngupaya

34

media

Pada 41 :

1. Uger lugu, den ta mrih pralebdeng

kalbu

2. Yen kabul kabuka
3. Ing drajat kajating urip
4. Kaya kang wus winahya sekar

srinata

Gancaran :

1. Sauger ora kakehan tingkah, supaya

remasuk ing ati lan kalbu

2. Yen kasil kabuka
3. Drajat kamulyan sejati
4. Kaya kang tinulis ing pupuh sinom

Uger

: angger

Den

: di

Pralebdeng : pinter

Kalbu

: ati

Winahya : katulis,

kawedhar

Srinata : sinom

35

media

Amanat Pada 37-41

Aja kumalungkung rapal ayat tanpa mangerteni

isine.

Yen durung mampu, aja keselak pengen dianggep

pinter, goleka elmu sakakeh-akehe.

Aja seneng ngremehake wong liya.

Senengana budayane dhewe.

Elmu sing digoleki sakbenere ana ing awake

dhewe, angger gelem usaha. Elmu neng kana
kene ora beda.

36

media

Pada 42 :

1. Basa ngelmu mupakate lan panemu
2. Pasahe lan tapa
3. Yen satria tanah jawi
4. Kuna kuna kang ginilut tripakara

Gancaran :

1. Kang arane ngelmu iku, mupakate

pada lan panemune

2. Kanthi pasa lan tapa
3. Yen satria tanah jawa
4. Biyen biyen kang dadi pathokan ana

telung perkara

Mupakat

: cocog, tunggal

panemu

37

media

Pada 43 :

1. Lila lamun kelangan nora gegetun,
2. Trima yen ketaman
3. Sakserik sameng dumadi
4. Tri legawa nalangsa srah ing

bathara

Gancaran :
1. Ikhlas, lila yen kelangan ora di

getuni

2. Sabar yen ketaman
3. Di sendhu lan di larani dening

sapadha padha

4. Sing katelu yaiku sabar lan pasrah

ing ngarsaneng Gusti Allah

Lila

: ikhlas

Lamun

: yen

Getun

: nyesel

Ketaman

: kena

Sakserik : dilarani

Legawa : pasrah

38

media

Pada 44 :

1. Bathara gung inguger graning

jajantung

2. Jenek hyang wisesa
3. Sana pasenedan suci
4. Nora kaya si mudha mudhar angkara

Gancaran :
1. Gusti Allah iku dumunung ana ing

telenging ati

2. Dadi siji kang maha kuasa
3. Mung tansah jaga sucining lahir lan

bathin

4. Ora kaya wong mudha kang tansah

ngumbar angkara

Jenek

: dadi siji

Hyang Wisesa : Maha kuasa

39

media

Amanat Pada 42-44

Elmu iku kudu selaras karo nalar, lan supaya kasil

kanthi tapa.

Tri prakara kang dadi pathokane yaiku lila/ikhlas,

nrima, lan legawa/sabar.

Kudu tansah eling marang Gusti lan aja ngumbar

hawa nepsu.

40

media

Pada 45 :

1. Nora uwus kareme anguwus uwus
2. Uwuse tan ana
3. Mung janjini muring muring
4. Kaya buta buteng betah anganiya

Gancaran :

1. Ora gelem di ina nanging senenge

ngina sapadha-padha

2. Ora ana tegese
3. Bisane amung nesu nesu
4. Kaya buta, bodho seneng gawe piala

Uwus

: ngina

Karem : seneng

Anguwus-uwus : ngina,

ngunek-uneke

Buteng : nepson banget

41

media

Pada 46 :

1. Sakeh luput ing angga tansah liniput
2. Linimpet ing sabda
3. Narka tan ana udani
4. Lumuh ala ardane ginawa gada

Gancaran :

1. Kabeh luputing dhiri pribadi ditutup-

tutupi

2. Di tutupi nganggo manise tembung
3. Ngira yen ora ana kang mangerteni
4. Ngomongo yen emoh gawe ala

nanging tumindake gawe rusak

Limput : ditutupi

Limpet : ditutupi

Sabda

: tetembungan

Narka

: ngira

Udani

: mangerteni

Lumuh

: emoh, sungkan

Arda

: murka, tumindak

Gada

: rusak

42

media

Pada 47 :
1. Durung punjul ing kawruh kaselak

jujul

2. Kaseselan hawa
3. Cupet kapepetan pamrih
4. Tangeh nedya anggambuh mring

Hyang wisesa

Gancaran :
1. Durung pinter ing kawruh nanging

kesusu kepingin di anggep wasis

2. Kalebon hawa nafsu
3. Lan rasa kurang kang tinutup dening

pamrih

4. Tangeh bisa manunggal kalawan

gusti Allah

Punjul

: luwih

Kawruh : ngelmu

Cupet

: kurang

Tangeh : isih suwi

Nedya

: niat, bisa

Anggambuh : manunggal

43

media

Amanat Pada 45-47

Aja seneng ngina marang sasama.

Aja seneng nesu-nesu kanggo nutupi lupute

dhewe.

Aja kuminter, amarga elmune isih centhek.

44

media

DUDUTAN/ KESIMPULAN ISI SERAT
WEDHATAMA PUPUH POCUNG:

1. Serat wedhatama ngajarake supaya

manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka,
amarga yen sikep kaya mangkono ora
dikendhaleni bakal nuwuhake prakara. Beda
maneh karo kang wis seneng karo rasane
nyepi, gelem menehi pangapura marang wong
liya, sabar, iku bakal ndadekake swasana dadi
seneng.

45

media

2. Ngajarake yen kepengin entuk ngelmu

iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan. Mula
iku kanggo garan para satriya iku ana
telung prakara yaiku ikhlas, sabar, lan
nrima mring Gusti.

3. Aja seneng ngina marang sasama, aja

seneng nesu-nesu kanggo nutupi lupute
dhewe, lan aja kuminter yen elmune
durung sepira.

46

media

CARANE DAMEL TEMBANG
POCUNG:

1.Nemtokaken wataking tembang

2.Nemtokaken pamilihaning tembung

ingkang ngemu kaendahan

3.Nemtokake pathokaning tembang

(guru lagu, guru gatra, guru
wilangan).

47

media

GUR

U

GAT
RA

GURU

WILANGAN

& GURU

LAGU

CAKEPAN PANGKUR SERAT

WEDHATAMA
CAKEPAN

1

12 u
Ngelmu iku kalakone kanthi
laku

2

6 a

Lekase lawan kas

3

8 i

Tegese kas nyantosani

4

12 a
Setya budya pangekese dur
angkara

48

media

Pocung

Sekolahku panggonanku golek ilmu
Gawe tentrem rasa
Yen panggone diresiki
Gawe krasan kahanan ing sekolahan

Pocung

Bapak pucung dawa ireng mlayu-mlayu
Saba mrana-mrana
Saben jalma den untali
Sak mangkono si pucung ku migunani

Pocung

Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka Si pucung dadi dahana

media

TEMBANG MACAPAT

PIRANTI DENING: KUSMIARTI, S. Pd.

Show answer

Auto Play

Slide 1 / 48

SLIDE