
mulok bhs jawa kls 12
Authored by Theodore Ardelle
Other
12th Grade
Used 44+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
25 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
no 1-3
Ayu bisa kasil mlebu PTN lewat jalur SBMPTN nanging pilihan kapindho, yaiku Jurusan Pendidikan Bahasa Jawa. Atine mangu-mangu banjur sowan ing daleme Pak Hadi minangka Guru BK
Ayu : Kulanuwun.
Pak Hadi : 0, Ayu, kadingaren sore-sore, kene-kene lungguh!
Ayu : Inggih, Pak. Nyuwun pangapunten saderengipun.
Pak Hadi :Ora apa-apa kok. O iya, aku krungu kabar jare Ayu ketampa SBMPTN?
Ayu :Inggih, Pak. Nanging wonten jurusan Bahasa Jawa. Raosipun kirang mantep, kula kepengin Jurusan Ekonomi.
Pak Hadi : Padha wae. Lha, ngapa, ta?
Ayu : Wonten ingkang ngendika bilih saking jurusan Bahasa Jawa rekaos pados pedamelan, ta, Pak?
Pak Hadi : Sapa sing kandha? Gene Wening kae durung nganti diwisudha wis nyambut gawe
Ayu :Inggih, Pak, kula nggih mireng.
Pak Hadi : Wis, waton atimu mantep, duwe karep, lan sregep wis mesthi bisa.
Ayu :Inggih, Pak
Pak Hadi : Supaya luwih mantep, prayogane ketemua Wening. Bocahe ana ing mburi lagi methik rambutan.
Ayu : Inggih, kepareng rumiyin, Pak.
Pak Hadi : lya, kana.
Sumber: Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa 1 1
Basa sing digunakake dening paraga Ayu, yaiku ....
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ngoko alus
Ngoko lan krama
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Basa kang digunakake dening paraga Pak Hadi, yaiku ...
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ngoko alus
Ngoko lan krama
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Manut pacelathon ing dhuwur carane supaya Ayu kasil anggone kuliah ing jurusan Basa Jawa, yaiku ...
Ragate cukup lan sregep
Atine mantep, duwe karep, lan sregep
Kudu sregep makarya
Sinau kanthi sengkut
Golek ragat sing akeh
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Ing ngisor iki ukara kang nganggo basa ngoko alus, yaiku...
Muliha saiki wae
Bapak siktas dhahar
Ibu midhangetaken campursari
Mangga dipundhahar sawontene
Sakmenika eyang tilem rumiyin
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Apa sing kokkandhakake kuwi bapak wis weruh. Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko alus, yaiku...
Apa sing kok aturake bapak wis pirsa.
Apa sing kokdhawuhake bapak wis pirsa.
Apa sing panjenengan dhawuhake rama wis pirsa.
Apa sing sampeyan aturake rama wis sumerep.
Punapa ingkang panjenengan dhawuhaken rama sampun pirsa
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Ukara-ukara ing ngisor iki sing kalebu basa ngoko alus. yaiku ..
Paklik kok nitih bis, ora ngasta titihan dhewe?
Mas Angga duwe kalawarti akeh banget.
Panjenengan menapa sampun dhahar?
Ibu mundhut ageman enggal
Panjenengan kapan kesah?
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Apa sing dakomongke mau, kabar sing penting Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa krama sing trep, yaiku...
Menapa ingkang kula aturake, pawarta sing wigati.
Menapa ingkang kula kandhakake, pawarta ingkang wigati.
Menapa ingkang kula aturaken, pawartos ingkang wigati.
Menapa ingkang kula ngendikakaken, warta ingkang wigati.
Menapa ingkang kula dhawuhake, pawarta ingkang wigati
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?