Wacanen pethikan novel ing ngisor iki kanthi premati, banjur wangsulana pitakonan
Isih Ana Pengarep-arep
Larjo ngadeg sangisore wit kepuh, ngiyub saka panase srengenge kang kaya ngobong-obonga kulit. Tangan kiwane nyekel wesi lancip piranti kanggo kekoreh uwuh, sawetara ing pundhake semampir bagor kang wernane wis lethek. Sikile nganggo sepatu rombeng sing wis ora nggenah wujude, saderma kanggo njaga supaya ora kecocog beling utawa barang-barang landhep liyane. Caping ing sirahe uga wis katon amoh dipangan umur.
Larjo nyawang tumpukan uwuh ing kadohan. Dheweke apal banget papan kuwi, sebab saben dinane dheweke tansah lelumban ana tengahe uwuh-uwuh mau. Sawetara kancane,katon ibut ngoreh-oreh tumpukan uwuh ing TPA (Tempat Pembuangan Akhir) kuwi. Larjo isih durung mingset saka papane.
“Kowe ora kerja dina iki, Jo?” Larjo noleh. Kang Salim wis ana ing sandhinge.
“Sedhilit maneh, Kang,” wangsulane Larjo.
“Kowe kok katon sedhih dina iki, Jo ana apa?”
Larjo mangsuli dheweke unjal ambegan landhung. Mripate nyawang kadohan. Dheweke kelingan emboke kang lumah-lumah ana ngomah merga lara.
“Simbok lara, Kang,” swarane Larjo lirih.
“Wis kogawa nyang Puskesmas?”
“Durung, Kang. Aku ora duwe dhuwit. Tabunganku wis kadhung kanggo mbayar biaya ujian.”
“Tangan kiwane nyekel wesi lancip piranti kanggo kekoreh uwuh, sawetara ing pundhake semampir bagor kang wernane wis lethek”.Bagor yaiku....