
UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA SD
Authored by Mustofa Mustofa
Education
12th Grade
Used 26+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
40 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Ibu Kartini
Pasuryane ayu merak ati
Lembut amerbawani
Kartini ibu negeri
Kartini pelopor emansipasi
Merga Ibu aku dadi meju
Merga ibu aku duwe ilmu
Kartini pahlawanku
Isine geguritan ing dhuwur nyritaake bab ….
A. pintere Ibu Kartini
B. pasuryane Ibu Kartini
C. pahlawan Ibu Kartini
D. perjuwangane Ibu Kartini
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Wacanen crita wayang ing ngisor iki!
Prabu Yudhistira iku ratu ing Amarta, ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Amarga saking banget ngati-atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Yudhistira digambarake wong sing ludirane seta. Nalika Perang Bharatayuda ing Tegal Kurusetra, dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh karo Pandhita Drona menawa Aswatama wis gugur, kanggo kemenangane Pandhawa. Ananging tetep puguh ora kersa. Prabu Yudhistira tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. mung olehe ngendika “Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.
Simpulan saka crita wayang ing dhuwur yaiku ...
A. Prabu Kresna ora meksa Yudhistira omong goroh.
B. Aswatama sejatine wis gugur ing paprangan.
C. Pandita Drona meksa Yudhistira omong goroh.
D. Yudhistira ora gelem goroh.
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Kanggone masyarakat Jawa, kalebu kutha Semarang, nyadran iku wis dadi tradhisi. Nyadran yaiku reresik kubur lan kirim donga marang leluhur kang wis seda. Nyadran dilekasanakake ing wulan Ruwah, sangarepe wulan Pasa. Nyadran iku kanggo ngurmati para leluhur kan wis seda lan nyuwunake pangapura supaya sakabehing dosane para leluhur sarta amale ditampa marang Gusti Allah.
Isine wacan ing ndhuwur yaiku …
A. reresik kubur lan kirim donga
B. tradhisi nyadran ing wulan Ruwah
C. tradhisi nyadran ing wulan Pasa
D. ngurmati para leluhur kan wis seda
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Wacane ....
Adik dolanan boneka
Bapak tindak kantor
Aku lunga sekolah
Ibu tindak peken
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Wacanen crita ngisor iki!
Prabu Dewatacengkar ratu ing Medhangkamulan sing wengis lan seneng mangan daging wong. Mula rakyate padha ngungsi, wedi yen dadi pangane ratune. Ajisaka trenyuh atine banjur sabiyantu rakyat Medhangkamulan. Ajisaka madhep marang Dewatacengkar menawa dheweke gelem dadi dhaharane, nanging njaluk syarat. Ajisaka njaluk lemah saambene ikete, lan Dewatacengkar nyaguhi. Bareng iket dibukak, Dewatacengkar kang narik iket nganti tekan segara kidul. Ajisaka nyedhalake ikete njalari Dewatacengkar kecemplung segara lan malih dadi baya putih. Wiwit wektu kuwi Ajisaka dadi ratu ing Medhangkamulan lan rakyate urip ayem tentrem.
Simpulan crita ing ndhuwur yaiku …
A. Ajisaka sing wengis lan seneng mangan daging wong.
B. Ajisaka wani marang Prabu Dewatacengkar.
C. Ajisaka mbiyantu rakyat Medhangkamulan.
D. Ajisaka dadi rakyate Prabu Dewatacengkar.
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Wacanen tembang macapat ngisor iki!
Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutut katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Isi tembang ing dhuwur yaiku ….
A. pagaweyan kang nyenengake
B. paraga becik marang manungsa
C. ngomongake barang kang ala
D. tumindak kang ora becik
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Wacanen crita wayang ing ngisor iki!
Prabu Pandhudewanata, ratu ing Astina bingung amarga putrane sing nomer loro lair wujud bungkus. Tegese sanajan wis lair nanging isih kabungkus sajroning ari-ari. Anehe bungkus mau ora bisa disuwek utawa dipecah nganggo gaman apa wae. Prabu Pandhudewanata banjur nyuwun marang Gusti supaya enggal oleh cara kanggo mbukak bungkus. Wusanane bayi bungkus mau kudu dibuwang ing alas Mandalasara. Ing alas iku ana gajah gedhe kanga ran Gajah Sena, ya gajah iku kang bisa mbukak bayi bungkus mau.
Simpulan saka crita wayang ing dhuwur yaiku …
A. Prabu Pandhudewanata bingung.
B. Bima bungkus yaiku laire Bima kang awujud bungkus.
C. Bungkus dibuwang menyang alas Mandalasara.
D. Gajah Sena kang bisa mecah bayi bungkus.
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?