Omah adat Jawa kang salah sijine yaiku Joglo, kang dibangun miturut kapercayan utawa filsafat Jawa. Omah Joglo nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar.
Wewangunan omah joglo iku ana perangan peerangan kang gumathok, ing antarane yaiku:
1. Pendhapa
Dhumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa wates ruwangan. Wujud kang tinar buka iki ora tanpa ngemu teges.Iki aweh pralambang luhure pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake kerukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunakake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis mula ruwanganne digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganthi tekan pojok-pojok payon joglo.
2. Pringgitan
Janjane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo gelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo gelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe kewajiban nguri-uri lan ngrembakakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga img saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
3. Dalem Ageng
Wujude persegi lan tinutup deneng gedheg ing patang sisih. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwuh tinutup. iki nudhuhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kulawarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari parkara kang lagi disandhang.
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah , yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dipan, bantal lan guling. Ruwangan iki ateges nudhuhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan. Tembung nDalem ing masyarakat Jawa uga diarani papan kanggo panggonan. Mula saka kuwi sajroning omah njero iki ana senthong utawa kamar, senthong iku kapilah dadi telu:
1) Senthong Tengen
Mapan ing sisih tengen, ing kamar iki sumadya amben/dhipan lan piranti kanggo turu liyane, kamar iki kanggo turu lan leren tumrap wong lanang . Mapan ing sisih tengen iku mengku makna manawa wong lanang iku dadi kuwajiban ngayomi wong kang ana sajroning omah kasebut. Papan sisih tengen nduweni makna sinandhi supaya sakabehing gegayuhan iku bisa kasembadan kudu tansah nengenake tumindak kang utama. Lan dadi pangayoman tumrap sing ana sisih kiwane.
2) Senthong Tengah utawa Krobongan
Papan kanggo nyimpen pusaka lan pamujan marang Dewi Sri. Senthong tengah minangka papan palin suci utawa pribadi kanggone sing duwe omah. Ing sajrone krobongan kasimpen bandha pusaka sing ndhuweni makna gaib sarta pari asiling oanen kapisanan. Dewi Sri uga dianggep minangka kang nduweni omah utawa bandara kang sabenere. Sajroning krobongan sumadya amben, kasur lan guling, yaiku paturon kang sepisanan kanggo penganten anyar, bab iki nduweni makna minangka pasawijen Dewa Komajaya lan Dewi Kamaratih yaiku dewaning katresnan. Papan tengah iku nduweni makna enering panembah konjuk marang Gusti kang amuraba jagad saisine.
3) Senthong Kiwa
Ing kamar iki sumadyan amben pepak piranti kanggo turu liyane, minangka papan kanggo turu lan ngaso tumrap wong wadon. Papan sisih kiwa nduweni makna tansah ngiwakake lan nyingkiri tumindak kang ala. Pakarti kang ala kudu disirnakake.
4. Gandhok utawa Pawon/pekiwan
Gandhok minangka sawijining kamarnsing ana ing sisih tengen lan kiwa Pringitan lan Omah Dalem, wujude wangunan kang dawa lan panggonanne dipisahke saka wangunan utama kanthi latar minangka pemisah; Umume gandhok digunakake minangka papan turu kanggo kulawargane, sanak kulawarga lan panggonannyimpen barang-barang omah lan digunakake minangka lumbung kanggo nyimpen bahan pangan. Gandhok kasusun saka rong ruwangan yaiku Gandhok Kiwa lan Gandhok Tengen.
Gandhok utawa Pawon kang mapane ing mburi dhewe utawa mburi Omah Dalem, fungsine kanggo masak lan kanggo adus. Sanadyan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sin nduwe omah reresik diri lan dhahar. Bab iki nuduhake yen menungsa iku duwe sipat setiti lan ngati- ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit.
v Nilai kang kakandhut saka wacana deskripsi Omah Adat/tradisional Jawa :
Ø Nilai Adat / Tradhisi
Adat bisa uga tradhisi wis dadi pakulinan turun temurun sajroning masyarakat. Sajroning tradhisi kakandhut akeh kearifan, pituduh paling caket nindakake kabudayan kanggo bangsa lan negara. Ana ne omah adat Jawa iki ngandhut nilai tradhisi utawa adat Jawa kang ndhisike amung diduweni dening para penggede lan kerabat bangsawan.
Ø Nilai Historis (sejarah)
Anane Omah adat Jawa mujudake fakta sejarah kang nganti saiki isih tinemu ing masyarakat Jawa, mligine Jawa Tengah. Kandhutan nilai sejarah iki bisa didakeake dhata budaya kita kang sejatine kudu tetep dilestarikake.
Ø Nilai Budaya
Omah adat tinggalane para leluhur, mligine omah adat joglo, klebu salah siji asil kabudayan kang nduweni makna filosofis budaya Jawa. Anane motif utawa ragam hias kang digunakake ing wangun omah adat joglo nuduhake bukti anane budaya kang kudu dimangerteni dening para generasi mudha.
Ø Nilai Agama/ Religi
Wangun omah adat Jawa iki diwangun kanthi netepake werdi kang becik. saben bagean omah nduweni werdi lan guna dhewe-dhewe, klebu kanggo kagiyatan ibadah kulawarga kang nduweni omah kasebut. Bab iki dadi bukti menawa omah adat joglo iku ngandhut nilai agama.
Ing perangan njero omah Joglo ana kang diarani gedhongan kang diembakake kaya dene mihrab, papan panggonan kanggo imam kang mimpin shalat. Bab iki nglambangake….