Search Header Logo

UH GEGURITAN

Authored by Wiwit Sharaswati

World Languages

12th Grade

Used 37+ times

UH GEGURITAN
AI

AI Actions

Add similar questions

Adjust reading levels

Convert to real-world scenario

Translate activity

More...

    Content View

    Student View

15 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 1 pt

Geguritan kuwe salah sawijining kasusastran awujud gancaran kang dewaca kanthi endah. Geguritan asale sekang tembung lingga “gurit”  kang tegese…

kaendahan

paugeran

tetembungan

tetembangan

seratan

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 1 pt

Gatekna katrangan-katrangan ngenani geguritan kiye!

1)      Ora nganggo tembung sun nggegurit.

2)      Purwakanthi guru swara bebas.

3)      Mentingna pamilihan tembung kang mentes.

4)      Tibane swara ing pungkasan gatra runtut.

5)      Cacahe gatra saben pada bebas.

 

Katrangan kang kalebu titikan utawa paugeran guritan gagrag lawas yakuwe…

Ora nganggo tembung sun nggegurit

Purwakanthi guru swara bebas

Mentingna pamilihan tembung kang mentes

Tibane swara ing pungkasan gatra runtut

Cacahe gatra saben pada bebas  

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 1 pt

Wacanen pethikan geguritan ing kiye kanggo mangsuli pitakonan!

                 Omah

 

Rikala Aku lelungan…

Adoh … tumuju papan liyan

Sing dakeling-eling kapan aku

Bali mulih menyang omah…

Omah …

Papan panggonan kanggo mulih

Papan panggonan kanggo ngenam penggalih

Papan panggonan kanggo ngarih-arih

Sakehing penggayuh kang lagi digalih

Omah …

Sanadyan wujude amung prasaja

Sing baku bisa kanggo nata ayeming nala

Ora kudu mewah, njegregeg magrong-magrong

Kang bisa gawe merining liyan

                                                                 Panjebar Semangat No. 21, 21 Mei 2011

 

Sajroning  geguritan kuwe, tema kang trep kanggo nggambarna dhasar crita yakuwe bab…

sedhih         

kangen

seneng         

  nandhang asmara      

kaendahan panggonan           

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 1 pt

 

Wacanen kanthi premati gaguritan ngisor kiye kanggo mangsuli pitakonan!

Gegayuhanku

Dening: Nuryanto (Nurgud)

 

Ketiga dawa kang tak rasa

Bisa gawe geringing nala

Urip ijen tanpa kenya ayu

Kang bisa gawe alusing rasa

Udan kang tak gandhang ing sasi iki

Jebul ra tiba ana bumi

Rasaning ati kang tansah sepi

Ngarep-arep tuwuhing wiji

Wiji katresnan kang sejati

Kang tuwuh seger yen ana banyu

Rinten lan dalu tansah memuji

Muga enggal kasil gegayuhanku

Gegayuhan kang luluh tumrap agami

Pala krama urip nyawiji

 

Geguritan kanthi irah-irahan “Gegayuhanku” kuwe kalebu geguritan gagrak ....

 

ekstemporan

lawas

anyar

tradisional

tengah

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 1 pt

Gegayuhanku

Dening: Nuryanto (Nurgud)

 

Ketiga dawa kang tak rasa

Bisa gawe geringing nala

Urip ijen tanpa kenya ayu

Kang bisa gawe alusing rasa

Udan kang tak gandhang ing sasi iki

Jebul ra tiba ana bumi

Rasaning ati kang tansah sepi

Ngarep-arep tuwuhing wiji

Wiji katresnan kang sejati

Kang tuwuh seger yen ana banyu

Rinten lan dalu tansah memuji

Muga enggal kasil gegayuhanku

Gegayuhan kang luluh tumrap agami

Pala krama urip nyawiji

Isi geguritan ‘Gegayuhanku” kuwe ngrembug babagan…

 

Kepengin ana udan

Kepengin mbojo

Kepengin kahanan kang rame

Kepengin dipuji

Kepengin ketemu kenya ayu

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 1 pt

Wacanen pethilan geguritan kiye!

...

Panggawe becik puniku

Gampang yen wus den lakoni

Angel yen durung kalakyan

Aras-arasen nglakoni

Tur iku den lakonana

Mumpangati badaneki

 

Geguritan dhuwur kuwe maringi pitutur supaya kita…

nglampahi tumindak becik

andhap asor dhumateng sesami

nuladha tumindak ingkang sae

miturut dhumateng tiyang sepuh

seneng tetulung

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

2 mins • 1 pt

Jagade gonjang ganjing

Dak sebut jagade gonjang ganjing

Amarga akeh kang ora padha eling

Marang liyan, apa maneh marang sing sing gawe gesang

Wong gedhe pada jegal jegalan

Rebutan panggonan lan penguwasaan

   “Rebutan panggonan...” ing geguritan iku duweni makna kiasan, yaiku....

Tempat

Dadi presiden

Penguasa

Jabatan

Peringatan

Access all questions and much more by creating a free account

Create resources

Host any resource

Get auto-graded reports

Google

Continue with Google

Email

Continue with Email

Classlink

Continue with Classlink

Clever

Continue with Clever

or continue with

Microsoft

Microsoft

Apple

Apple

Others

Others

Already have an account?