Search Header Logo

LATIHAN USP BAHASA JAWA 2024

Authored by Khotimatul Aminah

Other

12th Grade

Used 8+ times

LATIHAN USP BAHASA JAWA 2024
AI

AI Actions

Add similar questions

Adjust reading levels

Convert to real-world scenario

Translate activity

More...

    Content View

    Student View

30 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Gatekna teks artikel ing ngisor iki!

Ndeleng kaendahan pletheking srengenge ing gunung Bromo mujudake sawijine anugrah kang nyenengake banget. Campuran rupa kuning, orenye, ireng lan biru sing diasilake saka fenomena alam pletheking srengenge bener-bener dadi sesawangan kang endah banget tumrap sapa wae sing nyawang. Kaendahane gunung Bromo pancen wis kondhang nganti tumeka ing manca negara.

Bakune gagasan artikel ing ndhuwur yaiku ....

Kaendahan pletheke srengenge ing gunung Bromo.

Plesiran ing gunung Bromo iku nyenengake banget.

Akeh tinemu maneka fenomena ing gunung Bromo.

Pletheking srengenge dadi sesawangan kang endah.

Kaendahane gunung Bromo pancen wis kondhang.

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Gatekna perangan teks artikel ing ngisor iki!

Luntas Kuluban kang Kena kanggo Obat

Luntas gandane langu banget. Nanging malah ganda langu mau kang nduweni kasiyat becik kanggo obat sawenehing penyakit. Saliyane ngilangi ganda kringet kang ora enak, godhong luntas uga kena kanggo tamba lara panas, linu-linu merga rematik, lara nalika dilep (bulanan), marakake napsu mangan nambah, mbeciki pencernaan, lan obat njaba kanggo tatu anyar.

Miturut andharane Dra. Emma S. Wirakusuma, MSc, ahli gizi lan kuliner, godhong luntas ndarbeni sipat anti bakteri lan anti oksidan. Godhonge ngandhut zat flavonoid, alkoloid, saponin, terponoid, lan liya-liyane. Iya zat sing diarani bioaktif mau sing marakake godhong luntas duwe zat anti bakteri lan anti oksidan.

Godhong luntas uga ngandhung kalsium akeh, besi, fosfor, vitamin B, vitamin C lan karotein.  Zat karotein iki sing marakake luntas kena kanggo antioksidan, njaga awak saka serangane penyakit sing disebabake dening infeksi bakteri kayata radhang, diare, utawa mencret. Godhong luntas uga bisa kanggo tamba lara panas/ rematik. Carane godhong luntas sacukupe dikukus banjur dienggo lalap nalika mangan.

 

Adhedhasar artikel ing ndhuwur, godhong luntas nduweni maneka paedah. Salah sawijine paedahe godhong luntas, yaiku…

tamba panu amarga arang adus

tamba lara untu amarga arang sikatan

tamba ngelu amarga kepanasen

tamba lara weteng nalika mens (dilep)

tamba murus amarga mangan pedhes

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Gatekna pethilan teks crita wayang ing ngisor iki!

“Kakang Semar, bebasan nemu kencana sawakul bungah rasane atiku sawise Kakang Semar

kepareng kondur marang Negara Ngamarta.”

“Ah inggih sinuwun, bot-botipun katresnanipun momongan kula para Pandhawa kaliyan kula. E ngantos kula rencangi, e kula niku dadi rebutan. Pancen kabeh-kabeh padha mbutuhake Semar.”

“Kakang Semar!”

“Kula, Sinuwun Mandura.”

“Anggonku manggon ing negara Ngamarta ya wis pirang-pirang dina, jroning atiku, aku ya mung ngenteni rawuhe kyai Semar. Ora tentrem negara Mandura yen ta Kakang Semar durung kondur kumpul klawan para Pandhawa.”

Sing dadi amanat utawa pesen moral jroning crita wayang ing ndhuwur yaiku ....

pamomong sing adil kuwi ora mbedak-mbedakake momongane

jejere dadi pamomong kudu milih momongan sing apik-apik wae

pamomong sing sejati kuwi senenge mung yen lagi dialembana

pamomong kang sejati iku tansah disenengi dening momongane

jejere pamomong kudu condhong marang salah sijine momongan

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Jroning crita pewayangan ing lakon Brubuh Ngalengka, sing njalari dumadine paprangan antarane raja Ngalengka karo raja Pancawati yaiku merga pokal gawene raja Ngalengka sing ndhusta Dewi Sinta.

Raja garwane Dewi Sinta jenenge ....

Prabu Matswapati

Prabu Kumbakarno

Prabu Destarastra

Prabu Ramawijaya

Prabu Dasamuka

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing duweni teges padha utawa meh padha banjur dienggo bebarengan, ancase kanggo bangetake surasa. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha ukara kang migunakake tembung saroja yaiku …

Andi bocah kang duweni watak andhap asor.

Esuk sore aku tansah ngenteni sliramu.

Bocah iku pancen ora duwe isin.

Ardi duwe sepatu, sepatune warna ireng.

Dadi siswa kudu sregep anggone sinau.

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Tembung entar nduweni teges kang ora salugune. Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung entar yaiku…

abang kupinge, abang mbranang, bawang brambang, abang ijo

abang kupinge, empuk rembuge, lunyu ilate, ngangsu kawruh

empuk rembuge, ijo royo- royo, adil wicaksana, tahu tempe

lunyu ilate, saya abang, gagah prakosa, gedhe dhuwur

ngangsu kawruh, rada abang, bapak ibu, tuwa enom

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Gatekna paragraf ing ngisor iki!

Kowe aja seneng ngrusak pager ayu. Keluwargane Mas Hadi karo Jeng Evi kae wis katon guyub rukun, rukune pindha mimi lan mintuna. Senajan Mas Hadi wis ora duwe bapa biyung, nanging mara tuwane gati banget lan kalebu wong sugih utawa sabuk galeng. Ora maido, biyen wong tuwane pancen gedhe tekade olehe nyambut gawe nganti direwangi njungkir walik.

Jroning paragraf ing ndhuwur sing kalebu tembung camboran yaiku ....

guyub rukun; pindha mimi lan mintuna; wong tuwa

pager ayu; mara tuwa; bapa biyung; wong tuwa

pager ayu; guyub; rukun; pindha mimi lan mintuna

pindha mimi lan mintuna; sabuk galeng; gedhe tekade

bapa biyung; gedhe tekade; guyub rukub; sabuk galeng

Access all questions and much more by creating a free account

Create resources

Host any resource

Get auto-graded reports

Google

Continue with Google

Email

Continue with Email

Classlink

Continue with Classlink

Clever

Continue with Clever

or continue with

Microsoft

Microsoft

Apple

Apple

Others

Others

Already have an account?