Mbaka satunggal agul-agul sarta tetungguling nagari Ngalengka kalindhih ing yuda, wadya raseksa ingkang sirna ing palagan sampun tanpa wilangan. Nagari Ngalengka banjur marus sarah kuwanda. Kawula alit ing Ngalengka kekes miris angles kados dipunlolosi bebayanipun. Prahastha sirna, Indrajid kontit, Aswanikumba sampun pralaya. Prabu Dasamuka saya gempung. Dangu anggenipun manggalih sinten ingkang badhe kadhawuhan majeng kadigdayanipun ngedab-ngidabi. Prabu Dasamuka dhawuh ndikaken nimbali.
Gancangin carita Raden Kumbakarna sampun sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka. Aturipun Raden Kumbakarna, “Ana gawe parigawe apa Kakang Prabu nimbali aku?”
“Negara Ngalengka dibyuki bathang sayuta saka suwelagiri. Aku tulungana dhi! Yen ora kotulungi aku mesthi wurung nggarwa Dewi Sinta.”
“Apa ing Ngalengka wis ora ana manungsa, aku kok dhawuhi maju perang?”
“Bala butha akeh sing dadi bathang. Agul-agul Ngalengka ora kena dijagagake, malah Paman Prahastha uga wis pralaya.”
Ing ngisor iki kang njalari Prabu Dasamuka saya gempung, kejaba....