Search Header Logo

QUIZ BJAWA

Authored by Evi Wijayanti

World Languages

7th Grade

Used 1+ times

QUIZ BJAWA
AI

AI Actions

Add similar questions

Adjust reading levels

Convert to real-world scenario

Translate activity

More...

    Content View

    Student View

5 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

TEDHAK SITEN

Tedhak siten yaiku slametan kanggo bocah sing wis ngancik umur pitung wulan. Saora-orane bocah mau wis bisa mbrangkang, mula banjur diajari kenal ing lemah. Budaya tedhak siti utawa tedhak siten kang asring diprangguli kapantha dadi pirang-pirang tataran, yaiku:

-       Bocah kang bakal diupacarani yaiku sing wis umur pitung wulan, diadusi nganti resik nganggo sekar setaman (mlathi utawa menur, kanthil utawa gadhing mawar). Kembang-kembang iku mengku teges mlathi utawa menur, ing pangajap supaya duwe tekad kang ora melar-melur. Dene kembang kanthil supaya merakake sapa wae gampang kumanthil.

-       Sawise rampung diadusi, diklambeni mawa sandhangan kang anyar, banjur diterah ing jadah ketan pitung werna cacahe.

-       Sawise ngidak jadah, banjur diajari menek andha kang ginawe saka tebu harjuna, lan dilungguhake ana ing pucuking andha.

-       Bubar dilungguhake ana ing singgasana mau, banjur diudhunake ana ing gelaran kang wus cumawis lan dikantheni kurungan jago.

-       Ing kono, ana ubarampe wong urip, kayata beras kuning lan dhuwit receh wiwit sing ajine sethithik nganti sing ajine larang, jungkat, kaca, gunting, pari, potelot, kertas, lan sapiturute.

-       Tumpeng kang linawuhan urap-urapan sak janganan kang biyasane kanggo ing ubarampe tumpeng, bubur abang putih, bubur abor-abor (sumsum), lan jenang baro-baro (katul sing diwenehi parutan klapa lan irisan gula), jajanan pasar diupayake anane, kayata cenil utawa klanthing, ketan putih lan ireng, uga canthel.

 

Tedhak siti iku minangka upacara adat kanggo ….

bocah sing wis ngancik umur limang wulan supaya bisa enggal mlaku

bocah sing wis ngancik umur nem wulan supaya ora gampang lara

bocah sing wis ngancik umur pitung wulan kang diajari kenal ing lemah

bocah sing wis ngancik umur wolung wulan kang diajari kenal ing lemah

2.

MATCH QUESTION

1 min • 1 pt

Jodhokna pranyatan ing ngisor iki karo jawaban kang trep!

Prastawa budaya kanthi cara pribadhi

Kepriye proses dilakokake prastawa budaya kasebut saka wiwitan nganti pungkasane acara.

Prastawa budaya kanthi cara umum

Piranti utawa perkakas apa wae sing digunakake utawa dibutuhake ing prastawa kasebut.

TATA CARA

Prastawa budaya sing dianakake dening wong pribadi utawa ing salah sijine omah.

Ubarampe

Prastawa budaya sing dianakake dening kabeh warga ing desa kasebut.

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana priyayi sepuh njaluk-njaluk. Dheweke nrenyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambahi ngelake. Sinta ora ngreti menawa priyayi sepuh iku minangka pasemone Rahwana, raja Alengka, kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngreti marang atine wanita sing ora tegel menawa weruh kahanan kang nrenyuhake. Nalika Dewi Sinta ngelungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dhadhane Rahwana, banjur digawa mabur. Sinta kasil diapusi dening Rahwana. Rahwana ngguyu cekakakan rumangsa menang, swarane keprungu ing saindhenging langit, kasil ngapusi Rama, Dewi Sinta, lan Laksmana. Jatayu, manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambruk ing lemah amarga kena sabetan pedhange Dasamuka.

Ukara ing ngisor iki kang jumbuh karo isine crita wayang ing dhuwur yaiku ….

A.    Jatayu minangka raja Alengka kasil nyulik Dewi Sinta amarga tresna.  

Jatayu nyoba nulungi Dewi Sinta saka regemane Rahwana nanging ora kasil.

Rahwana konangan dening Laksmana nalika arep nyulik Dewi Sinta.

Priyayi sepuh kang njaluk ngombe iku minangka pasemone Jatayu.

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

(Esuk-esuk wancine mangkat sekolah, Mardi lan Siswaya padha lungguha ana empere daleme Pak Budi. Bocah loro mau padha jagongan lan kebeneran Pak Budi lagi ngelapi pit montore ing ngemper.)

Mardi         : “Sis, kowe wis tau ngreti bentor apa durung?”

Siswaya      : “Ketoke aku kaya wis tau krungu, nanging durung weruh. Kuwi panganan apa ta,  Mar?

Mardi         : “Kuwi dudu panganan, kuwi arane angkutan. Kaya becak nanging nganggo mesin montor.”

Pak Budi    : “Esuk-esuk kok wis padha udur panganan, mbok kene aku diwenehi.”

Mardi         : “Menika sanes ngrembag panganan kok, Pak. Siswaya menika dereng mangertos bentor, malah bentor dipunkinten naminipun panganan.”

Pak Budi    : “O, ngrembug becak montor, ta. Lha, apa nggone dhewe kene yaw is ana bentor ta, Mar?”

Siswaya      : “Lho, Pak Budi ya durung ngerti bentor, ta?”

Pak Budi    : “Aku wis weruh, ora mung weruh, malah wis numpak. Nalika aku ing kebumen, saben mangkat kerja aku numpak bentor. Lha Jogja saiki pirang-pirang.” 

 

 

Ukara kang kacithak kandel ana ing pacelathon ing dhuwur, menawa diowahi miturut unggah-ungguh basa yaiku ….

  “Lho, Pak Budi inggih boten remen bentor, ta?

   “Lho, Pak Budi inggih mundhut bentor, ta?

  “Lho, Pak Budi inggih nate nitih bentor, ta?

“Lho, Pak Budi inggih dereng pirsa bentor, ta?”

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Media Image

Aksara Jawa ing dhuwur menawa diowahi dadi aksara Latin yaiku ….

Kidang mau gawe kuwatire Dewi Sinta.

Kidang mau gawe sengseme Dewi Sinta.

Kidang mau gawe sedhihe Dewi Sinta.

Kidang mau gawe susahe Dewi Sinta.

Access all questions and much more by creating a free account

Create resources

Host any resource

Get auto-graded reports

Google

Continue with Google

Email

Continue with Email

Classlink

Continue with Classlink

Clever

Continue with Clever

or continue with

Microsoft

Microsoft

Apple

Apple

Others

Others

Already have an account?