
UH Paramasastra lan Unggah-Ungguh Basa
Authored by Tri Wahyuni
Other
10th Grade
Used 13+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
20 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 5 pts
Ing ruang tamu, Bima nemoni bapake sing lagi maos koran.
Bima: "Nuwun sewu, Bapak. Nyuwun pangapunten ngganggu wekdalipun sekedhap."
Bapak: "Iya, Le. Ana apa?" Bima: "Mekaten, Pak. Kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku paket basa Jawi."
Bapak: "Lho, bukune regane pira? Apa ora entuk silihan saka sekolahan?"
Bima: "Wonten silihan, nanging sampun telas, Pak. Regipun seket ewu rupiyah." Bapak: "Ya wis, sesuk dakparingi sangu luwih. Ati-ati ya nggone nggawa dhuwit."
Bima: "Inggih, Pak. Matur nuwun sanget."
PITAKONAN
Apa sing dadi underaning rembug (topik pembicaraan) ing pacelathon kasebut?
A. Bima nyuwun izin dolan.
B. Bima nyuwun arta kangge tumbas buku.
C. Bima ngaturaken biji rapotipun.
D. Bapak ndhawuhi Bima sinau.
Bima nyuwun izin E. Bapak badhe tindak dhateng kantor.
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 5 pts
Ing ruang tamu, Bima nemoni bapake sing lagi maos koran.
Bima: "Nuwun sewu, Bapak. Nyuwun pangapunten ngganggu wekdalipun sekedhap."
Bapak: "Iya, Le. Ana apa?" Bima: "Mekaten, Pak. Kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku paket basa Jawi."
Bapak: "Lho, bukune regane pira? Apa ora entuk silihan saka sekolahan?"
Bima: "Wonten silihan, nanging sampun telas, Pak. Regipun seket ewu rupiyah." Bapak: "Ya wis, sesuk dakparingi sangu luwih. Ati-ati ya nggone nggawa dhuwit."
Bima: "Inggih, Pak. Matur nuwun sanget."
Basa apa sing digunakake dening Bima nalika matur marang Bapak?
A. Ngoko Lugu
B. Ngoko Alus
C. Krama Lugu
D. Krama Alus
E. Ngapak
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 5 pts
Ing pacelathon, Bapak ngendikan, "Ya wis, sesuk dakparingi sangu luwih." Tembung dakparingi nduweni teges ngoko yaiku...
A. takjaluk
B. takwenehi
C. taksilih
D. taktuku
E. takgawa
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 5 pts
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake undha-usuk basa paling trep kanggo siswa matur marang gurune yaiku...
A. "Pak, kula ajenge tanglet babagan tugas wingi."
B. "Pak, aku arep takon babagan tugas wingi."
C. "Pak, nyuwun sewu, kula badhe nyuwun pirsa babagan tugas kalawingi."
D. "Pak, kula badhe tanglet babagan tugas kalawingi."
E. "Pak, aku badhe nyuwun pirsa babagan tugas wingi."
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 5 pts
Tembung 'sinau' yen oleh wuwuhan (imbuhan) panambang -an dadi 'pasinaon'. Owah-owahan iki kalebu ing babagan...
A. Paramasastra
B. Unggah-ungguh
C. Kasusastran
D. Aksara Jawa
E. Pewayangan
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 5 pts
Eyang lagi gerah waja. Aku kudu ngeterake menyang dhokter.
Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus sing bener yaiku...
A. Eyang nembe sakit untu. Kula kedah ndherekaken dhateng dhokter.
B. Eyang nembe gerah waja. Kula kedah ngeteraken dhateng dhokter.
C. Eyang saweg gerah waja. Kula kedah ndherekaken tindak dhateng dhokter.
D. Eyang saweg gerah waja. Kula kedah ndherekaken panjenenganipun dhateng dhokter.
E. Eyang saweg gerah waja. Kula kedah ndherekaken tindakipun dhateng dhokter.
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 5 pts
Basa krama inggil kanggo tembung 'mangan' sing lumrah digunakake kanggo wong sing diajeni (kayata Bapak, Simbah, Guru) yaiku...
A. Nedha
B. Dhahar
C. Mangan
D. Nguntal
E. Ngemplok
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?