wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA KELAS X

Total questions: 35

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

Karangan nyoto sing jangkep, dawane wes ditemtoake kang ditulis kanthi tujuan disebarake lumantar koran,majalah,buletin lan sakpanunggalane diarani?

a)

Ketoprak

b)

Parikan

c)

Puisi

d)

Artikel

e)

Analisis

2.

Jenis jenis artikel ing ngisor iki, kecuali?

a)

Argumentasi

b)

Deskripsi

c)

Persuasi

d)

Narasi

e)

Orientasi

3.

Ing ngisor iki kalebu struktur artikel,kecuali….

a)

Irah- irahan

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

e)

Kesimpulan

4.

Artikel kang isine njelaske lan njlentrehake babagan tartamtu kanthi tujuan menehi tambahan elmu kanggo wong kang moco, disebut...

a)

Artikel Eksposisi

b)

Artikel Narasi

c)

Artikel Argumentasi

d)

Artikel Dheskripsi

e)

Artikel Persuasi

5.

Artikel sing isisne menehi panemu lan mbujuk supaya wong-wong padha nindakake apa kang dadi karepe panulis….

a)

Artikel Deskripsi

b)

Artikel Argumentasi

c)

Artikel Narasi

d)

Artikel Persuasi

e)

Artikel Eksposisi

6.

karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakaké kedadéyan kanthi wektu utawa kedadén kang runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kaya déné kedadéyan kang ana jroning crita diarani….

a)

Argumentasi

b)

Narasi

c)

Deskripsi

d)

Persuasi

e)

Eksposisi

7.

Paragraf utawa karangan kang isiné nggambaraké sawijining obyèk (bisa panggonan utawa wewujudan liyané) kanthi trewaca diarani….

a)

Narasi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Deskripsi

e)

Persuasi

8.

Gambar iki yoiku pakaian adat...

a)

Pengantin Sulawesi

b)

Pengantin Jawa

c)

Pengantin Sunda

d)

Pengantin Maluku

e)

Pengantin Papua

9.

Prosesi sing neng gambar yaiku prosesi…..

a)

Sindur

b)

Pasang Tarub

c)

Pasang Tuwuhan

d)

Ngidag endog

e)

Siraman

10.

Prosesi ing gambar yaiku diarani ….

a)

Sinduran

b)

Pasang Tarub 

c)

Pasang tuwuhan

d)

Sungkeman

e)

Siraman

11.

Prosesi ing gambar yaiku diarani prosesi…..

a)

Siraman

b)

Sinduran

c)

Pasang tarub

d)

Ngidag endog

e)

Kacar Kucur

12.

Kenalan karo uwong minurut wong jowo iku diarani....

a)

Dialog

b)

Monolog

c)

Ketoprak

d)

Tetepangan

e)

Macapat

13.

Cermatilah kutipan berikut dengan saksama.

Perkembangan terbaru dunia perwayangan menghasilkan kreasi berupa wayang suket. Disebut wayang suket karena wayang yang digunakan terbuat dari rumput yang dibentuk menyerupai wayang kulit. Wayang suket merupakan tiruan dari berbagai figur wayang kulit yang terbuat dari rumput (bahasa Jawa: suket) Wayang suket biasanya dibuat sebagai alat permainan atau penyampaian cerita pewayangan kepada anak-anak di desa-desa Jawa.

Dalam struktur teks hasil observasi, kutipan di atas merupakan bagian....

a)

Pernyataan Umum

b)

Deskripsi Bagian

c)

Argumentasi

d)

Rekomendasi

e)

Deskripsi Manfaat

14.

Wong sing neng sekolah, penggawehane ngulang murid-murid yoiku?

a)

Polisi

b)

Dokter

c)

Guru

d)

Penjaga

15.

Pegunungan iku panggonan wisata seng akeh?

a)

Wit witane

b)

Sapi e

c)

Setan e

d)

Sampah e

16.

Bocah wedok-wedok senengane dolenan?

a)

Montor-montoran

b)

Boneka

c)

Duit

d)

Ba-balan

17.

Kewan seng iso nggendhon contoh e?

a)

Bebek lan sapi

b)

Wedus lan sapi

c)

Pithik lan mentok

d)

Menthok lan Kucing

18.

Ing ngisor iki sing kalebu tulhada artikel narasi, yaiku...

a)

Koran

b)

Majalah

c)

Parikan

d)

Novel

e)

Dongeng

19.

Artikel sing menehi panemu lan mbujuk supaya wong -wong padha nindakake apa kang dadi karepe panulis diarani….

a)

Artikel persuasi

b)

Artikel argumentasi

c)

Artikel eksposisi

d)

Artikel narasi

e)

Artikel Deskripsi

20.

Artikel sing isine njelasake lan njlentrehake babagan tartamtu kanthi tujuan menehi tambahan elmu kanggo wong kang maca diarani...

a)

Artikel persuasi

b)

Artikel narasi

c)

Artikel deskripsi

d)

Artikel argumentasi

e)

Artikel eksposisi

21.

Artikel kang nggambarake salah sawijine bab utawa perkara kang kedadeyan ing masyarakat supaya bias dingerteni kedadeyan satemene utawa sabenere diarani….

a)

Artikel persuasi

b)

Artikel narasi

c)

Artikel eksposisi

d)

Artikel deskripsi

e)

Artikel argumentasi

22.

Gambar ing dhuwur niku salah sawijine prosesi nikah adat jawa, yaiku prosesi…...

a)

Sindur

b)

Tuwuhan

c)

Kacar kucur

d)

Ngidag endog

e)

Balang gantal

23.

Gambar ing dhuwur yaiku salah sawijine prosesi ….

a)

Sindur

b)

Balang gantal

c)

Pasang tarub

d)

Tuwuhan

e)

Dulang dulangan

24.

Gambar ing dhuwur yaiku prosesi…..

a)

Pasang tarub

b)

Seserahan

c)

Tuwuhan

d)

Sindur

e)

Ijab kabul

25.

Prosesi ing gambar yaiku prosesi…..

a)

Sindur

b)

Kacar kucur

c)

Pasang tarub

d)

Sungkeman

e)

Balang gantal

26.

Gambar ing dhuwur yaiku prosesi….

a)

Midodareni

b)

Kacar kucur

c)

Sindur

d)

Tuwuhan

e)

Balang gantal

27.

Gambar ing dhuwur kalebu artikel ….

a)

Artikel narasi

b)

Artikel persuasi

c)

Artikel deskripsi

d)

Artikel argumentasi

e)

Artikel Persuatif

28.

Tetepangan karo uwong sing luwih tuwa , becik e yaiku….

a)

Kanggo salaman

b)

Cukup mangguk mangguk

c)

Mesem wae

d)

Kanggo salam

e)

Gawe kromo alus

29.

Adhedhasar istilah manunggal iki asalé saka tembung kabèh utawa sakabeh. Persatuan utawi manunggal saged ditafsiraké perkumpulan saking macem-macem bagian menyang dadi siji. Nalika persatuan punika asil saka masyarakat kang wis dadi siji lan utuh. Dadi rapet kanggo kamanunggalan. Mangkono manunggal nggadahi manunggalaken saking kathah warna ndadekake suasana harmonis.Sak perjuangan kamardikan Indonesia, ing pemanggih saka "Persatuan Indonesia" punika faktor penting kanggo sumber dukungan, motivasi lan penentu perjuangan Indonesia. Sampeyan iki nyatakake ing sepisan saka UUD 1945 kang maos minangka nderek: "Lan perjuangan gerakan wis ngrambah dening wektu seneng aman ngirim wong Indonesia Sentausa gapura ngarep sawijining kamardikan Negara Indonesia, jumbuh, Allah, mung lan makmur".

Artikel ing dhuwur kalebu jenis artikel…...

a)

Artikel narasi

b)

Artikel Eksposisi

c)

Artikel deskripsi

d)

Artikel Argumentasi

e)

Artikel persuasi

30.

BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI


Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.

Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:

1. “gemi, nastiti, ngati-ati”

Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.

a)

Artikel argumentasi

b)

Artikel narasi

c)

Artikel persuasi

d)

Artikel deskripsi

e)

Artikel eksposisi

31.

Jenis Gamelan lan ManfaatipunIng tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo nyawisake ganding-gending. Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane. Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.

Gamelan jawa kanggo ngiringi penyajian gending ing jero pementasan karawitan, bisa dipupyran dumadi pirang-pirang repetoar yaiku : soran utawa gending-gending ingkang volume tabuhan sing atos. Kekabeh perangkat gamelan ditabuh kajaba suling, gender, gambang, siter lan rebab. Swaraning gamelan jenis iki dicawisake karo tempo tanggung, seseg lan antal. Jenis lirihan, padha karo jenenge, penyajian gending iki luwih lembut utawa alon-alon. Kekabeh instrumen ditabuh, nanging sing luwih diutamakake yaiku gender, gambang, rebab, siter lan suling. Ana dene karawitan lirihan bisa dipupuran meneh saka rizikan sing dikanggoake, antarane yaikut gadon, nyamleng, siteran, genderan, lan liya-liyane.

Ana uga gamelan sing kang digunakake dumadi piranti upacara adat yaiku gamelan ageng. Ana jenise maneh yaiku gamelan sekati lan gamelan nunggang. Gamelan segati sing nduweni Kanjeng Kyayi Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari. Biyasane ditabuh ing jero perayaan uatawa acara sekaten yaiku dianakake pas tanggal 5 Mulud nganti 12 Mulud kanggi ngelingi weton lan wafatipun Nabi Muhammad SAW. Naning gamelan jenis iki uga kanggo acara nyambut dhayoh agung, supitan lan teteasan putra utawa putri Sultan lan sakarsa dalem. Instrumen utawa piranti kan ana ing jero gamelan sekati yaiku 2 gong ageng, 1 bedug, 1 kempyang, 1 saron demung, 2 sarong ricik, 2 sarong peking, 1 sampur lan 1 bonang. Gamelan nunggang yaiku gamelan sing nduweni telu nada. Gamelan iki nduweni awak saka 4 racakan isine teli bonang gedhe, 1 kenong japan, 2 bende, 1 pasang lojeh, 1 kendang gending, 1 kendang penuntung lan loro gong. Pada karo gamelan segati, gamelan nunggang kanggo nyambut adegan Sultan, ngiring dhayoh agung, supitan, tetesan, manti, rempog macan, grebegan lan liya-liya sekarsa dalem.

Gamelan sing biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara nabuh yaiku ana sing volume keras lan ono sing lembut. Jenis-jenising gamelan ana akeh, saka piranti apa bae sing kang ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh. Ana gamelan kanggo pementasan lan kanggo upacara adat, mergo kuwi kula lan panjenengan kudu ngerti jenis, jeneng piranti gamelan lan manfaatipun gamelan kanggo ngelestariake budaya jawa.

Wacana ing dhuwur iku kalebu jenis e artikel…..

a)

Artikel narasi

b)

Artikel argumentasi

c)

Artikel eksposisi

d)

Artikel deskripsi

e)

Artikel persuasi

32.

Tlatar Boyolali wis dikenal warga sakiwa tengene Boyolali dadi sawijining papan wisata. Papane rada ngalor sithik saka kutha Boyolali, adohe kira-kira 7 km. Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam. Hawane adhem, seger lan isih akeh wit-witan gedhe. Neng kana ana sumber kang banyune bening. Kanggo narik wisatawan didegi papan mancing iwak neng pirang-pirang panggonan. Nalika lunga rana, kari milih panggon mancing sing disenengi. Iwak sing dipancing maneka warna kayata iwak lele, nila, gurameh, kakap, bawal lan sapanunggalane. Neng kono wis disediyani piranti kanggo mancing dadi ora perlu nggawa saka ngomah. Wong-wong uga bisa masak lan mangan iwake nang kono. Mung emane turis mancanegara durung ketarik mrana. Isih perlu didandani kanthi tenanan, butuh pamikiran lan wong kang setya ngondhangake Tlatar

Wacana ing dhuwur iku kalebun artikel….

a)

Artikel narasi

b)

Artikel persuasi

c)

Artikel eksposisi

d)

Artikel deskripsi

e)

Artikel argumentasi

33.

akal muring-muring jalaran aku mulih kewengen.

Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap.

Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi.

PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.

Dhog...dhog...dhog….

Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh….

Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.

Wacana ing dhuwur iku kalebu artikel….

a)

Artikel narasi

b)

Artikel eksposisi

c)

Artikel persuasi

d)

Artikel argumentasi

e)

Artikel deskripsi

34.

gawe kenthongan, pranatan manawa ana tamu sing nginep kudu dilapurake marang pangarsane RT utawa RW, lelungan adoh kudu nggawa surat katrangan, pindhah alamat kudu lapur marang kang kawongan, lan liya liyane.

kajaba bab-bab kaya kang kasebut ing dhuwur kuwi, ora lali para wargane kampung uga kudu tansah njaga kawilujengane dhewe-dhewe, sarana ngudhakake pangati-atine. umpamane, ing wayah bengi cendhela lan lawang kudu diinep lan dikancing, lan ora ninggal barang gletak-gletek saenggon-enggon.

manawa kabeh wargane kampung padha njaga kawilujengane dhewe-dhewe, lan munggahe padha gotong royong guyup rukun njaga tentreme kampunge, wis mesthi kahanane bebrayan tansah ayem tentrem, adoh ing rasa was sumelang

Wacana ing dhuwur iku kalebu artikel…..

a)

Artikel narasi

b)

Artikel argumentasi

c)

Artikel eksposisi

d)

Artikel deskripsi

e)

Artikel persuasi

35.

iklan niku kalebu artikel…..

a)

Artikel narasi

b)

Artikel persuasi

c)

Artikel eksposisi

d)

Artikel deskripsi

e)

Artikel argumentasi