wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian Kelas 9

Total questions: 20

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Wayang saka kayu kang kawangun golekan (boneka) kang nyritakake babad, yaiku ... .

a)

Wayang golek

b)

Wayang jemblung

c)

Wayang menak

d)

Wayang klithik

2.

Wayang saka kayu wujud manungsa kang nyritakake Umarmaya Umarmadi, yaiku wayang ....

a)

Wayang menak

b)

Wyang golek

c)

Wayang kulit

d)

Wayang beber

3.

Gamelan ing pagelaran wayang, mralambangake ....

a)

urip

b)

langit

c)

kebutuhane manungsa

d)

bumi

4.

Blencong ing pagelaran wayang, mralambangake ....

a)

bumi

b)

srengenge

c)

langit

d)

urip

5.

Ing ngisor iki sing dudu dasanamane jeneng wayang saka Arjuna, yaiku ....

a)

Margana

b)

Janaka

c)

Permadi

d)

Balawa

6.

Tembung kawi ing ngisor iki sing tegese dudu bumi, yaiku ....

a)

maruta

b)

pertiwi

c)

bantala

d)

siti

7.

Tembung kawi ing ngisor iki sing nduweni teges srengenge, yaiku ....

a)

warih

b)

pertiwi

c)

bayu

d)

baskara

8.

Gamelan ing dhuwur jenenge ....

a)

siter

b)

rebab

c)

kempul

d)

kethuk

9.

Arane gamelan ing dhuwur, yaiku

a)

kenong

b)

bonang

c)

kempul

d)

gambang

10.

Gamelan laras slendro ora duwe tiilaras ...

a)

2

b)

3

c)

5

d)

7

11.

Saben rericikan gamelan ing sajrone karawitan nduweni guna utawa fungsi dhewe-dhewe. Rericikane gamelan sing nduweni guna minangka pamurba irama, yaiku .. .

a)

kendhang

b)

gong

c)

demung

d)

bonang

12.

Wujude gamelan iku ana sing wujud wilahan, pencon, sebulan, saka kawat lan liya-liyane. Gamelan sing wujud wilahan, tuladhane .... .

a)

peking

b)

bonang

c)

kempul

d)

kendhang

13.

Unen-unen ing ngisor iki sing ora kalebu gugon tuhon isi pitutur sinandhi, yaiu ....

a)

Yen mangan kudu dientekne yen ora pitike bakal mati

b)

Yen arep turu aja mangan marahi lemu

c)

Yen nyapu ora resik mbesuk bojone brewok (elek)

d)

Aja sok ngidoni sumur, marahi guwing

14.

Ing ngisor iki kang kalebu gugon tuhon lugu, yaku ... .

a)

Yen duwe anak ontang-anting kudu diruwat.

b)

Yen mangan aja karo turon mundhak dadi ula.

c)

Yen dolan menyang pessir kidul (Popoh, Prigi) ora kena nganggo klambi ijo pupus.

d)

Aja ngidoni sumur mundhak banyune dadi reget.

15.

Ing ngisor iki kang kalebu gugon tuhon isi pitutur sinandhi, yaku ... .

a)

Yen duwe anak ontang-anting kudu diruwat.

b)

Yen mangan aja karo turon mundhak dadi ula.

c)

Yen dolan menyang pessir kidul (Popoh, Prigi) ora kena nganggo klambi ijo pupus.

d)

Aja ngidoni sumur mundhak banyune dadi reget.

16.

Ing ngisor iki kang kalebu gugon tuhon sing kalebu wewaler utawa pepali, yaku ... .

a)

Yen duwe anak ontang-anting kudu diruwat.

b)

Yen mangan aja karo turon mundhak dadi ula.

c)

Yen dolan menyang pessir kidul (Popoh, Prigi) ora kena nganggo klambi ijo pupus.

d)

Aja ngidoni sumur mundhak banyune dadi reget.

17.

Kala Marica sedhakep, ora gantalan wektu Kala Marica malih wujud dadi kidang emas. Kesit solahe, anggodha manahe Sinta. Panjenengane banjur nyuwun marang kakunge supaya nyekel kidang kencana iku. Raden Rama gumregah amburu si kidang.


Sapa sing kepengin dicekelake kidang kencana ana ing crita dhuwur, yaiku ... .

a)

Kala Maica

b)

Sinta

c)

Laksmana

d)

Rama

18.

Kala Marica sedhakep, ora gantalan wektu Kala Marica malih wujud dadi kidang emas. Kesit solahe, anggodha manahe Sinta. Panjenengane banjur nyuwun marang kakunge supaya nyekel kidang kencana iku. Raden Rama gumregah amburu si kidang.


Tembung ora gantalan wektu ing crita dhuwur nduweni teges ... .

a)

suwe

b)

sedhela

c)

ngenteni

d)

apik

19.

Anak telu sing lanang manggon ing tengah, diarani ... .

a)

pancuran kapit sendhang

b)

sendhang kapit pancuran

c)

kedhana-kedhini

d)

cukil dulit

20.

Gugon tuhon biasane nduweni ancas utawa tujuawan. Ing ngisor iki sing ora kalebu tujuwan utawa ancase anane gugon tuhon, yaiku .... .

a)

Supaya pranatan utawa aturan luwh gampang diugemi lan manungsa gampang ditata

b)

Supaya manungsa ora memikir, mung manut marang omonge wong liya.

c)

Supaya dadi awet utawa lestari bab-bab sing dianggep penting saengga ora gampang cures

d)

Kanggo nyamur pitutur utawa nasehat marang bocah supaya manut marang wong tuwa.