wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Busana Jawi Gagrag Ngayogyakarta

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Busana Jawi minangka asiling budaya adiluhung. Busana Jawi minangka punjering masarakat Jawi inggih menika …

a)

Busana gagrag Ngayogyakarta saha Kediri

b)

Busana gagrag Ngayogyakarta saha Kasultanan

c)

Busana gagrag Ngayogyakarta saha Kasunaman

d)

Busana gagrag Ngayogyakarta saha Surakarta

e)

Busana gagrag Ngayogyakarta saha Surabayan

2.

Perangan busana Jawi tumrap kakung ing inggil menika kawastanan …

a)

Lonthong

b)

Blangkon

c)

Kamus

d)

Jarik

e)

Keris

3.

Adhedhasar gambar ing inggil kasebut, ageman Sri Sultan Hamengku Buwana X menika kawastanan …

a)

Surjan pranakan

b)

Surjan rerenggan

c)

Surjan lurik

d)

Surjan sembagi

e)

Surjan bathik

4.

Jinis busana Jawi gagrag Ngayogyakarta salah satunggalipun awujud warni biru cemeng lurik telupat kawastanan …

a)

Surjan

b)

Surjan lurik

c)

Pranakan

d)

Sembagen

e)

Atela

5.

Busana warni biru cemeng lurik telupat kasebut minangka busana dhines …

a)

Abdidalem Kraton Ngayogyakarta

b)

Sri Sultan Hamengku Buwana

c)

Kulawarga Kraton Ngayogyakarta

d)

Kanjeng Pangeran

e)

Bupati Kraton Ngayogyakarta

6.

Jinis busana Jawi gagrag Ngayogyakarta sanesipun tumrap kakung menika wujudipun kados ing salebeting gambar kasebut. Jinis busana kasebut kepareng dipunagem dening …

a)

Abdining Kraton Ngayogyakarta

b)

Sok sintena kawula ing Ngayogyakarta

c)

Mantunipun Sri Sultan Hamengku Buwana

d)

Tamu ing Kraton Ngayogyakarta

e)

Kawula alit ing Ngayogyakarta

7.

Jinis busana kanthi wujud ing inggil menika kawastanan …

a)

Surjan pranakan

b)

Lurikan

c)

Surjan polos

d)

Polosan

e)

Surjan lurik

8.

Wujuding jinis busana Jawi atela menika kados dene jas kanthi werni polosan, dipunagem para abdidalem apangkat bupati. Wujuding busana atela menika …

a)
b)
c)
d)
e)
9.

Miturut wujudipun warangka, keris utawi dhuwung kasebut kawastanan …

a)

Gayaman

b)

Branggah

c)

Wulan ndadari

d)

Branggi

e)

Wulan tumanggal

10.

Perangan ing salebetipun sinjang (jarik) ingkang kedah katingal saking njawi saha dados titikanipun sinjang gagrag Ngayogyakarta inggih menika ....

a)

Mondholan saha kemada

b)

Regi sinjang saha motif

c)

Motif saha kebaya kartinian

d)

Wiru saha seret

e)

Gunggungipun wiru saha cenela

11.

Perangan ing busana menika ngemu piwulang supados ngelmu ingkang sampun wonten sageda dipunpahami satemah saged wijang lan gamblang. Ing samangkih tundhanipun boten wonten raos samang utawi kwatir sae ing nala menapa dene tumindak. Piwulang kasebut kaandharaken ing perangan busana Jawi ...

a)
b)
c)
d)
e)
12.

Piwulangipun perangan busana Jawi ing nginggil inggih menika …

a)

Tiyang gesang kedah nebihi tumindak ingkang saged damel kasengsaran.

b)

Tiyang gesang boten pareng serik dhateng tiyang sanes

c)

Tiyang gesang pados ngelmi ingkang migunani dhateng sadayanipun

d)

Tiyang gesang kedah nguwaosi ngelmi satemah wijang utawi cetha, boten wonten raos samang

e)

Tiyang gesang kedah saged nyingkiri raos umuk utawi gunggung dhiri

13.

Adhedhasar gambar ing nginggil, kebaya kasebut kawastanan …

a)

Kebaya sartini

b)

Kebaya kuthu-kuthu

c)

Kebaya tangkepan utawi kartini

d)

Kebaya modifikasi

e)

Kebaya modern

14.

Kebaya kasebut kawastanan ...

a)

Kutu baru

b)

Modern

c)

Kuthu baru

d)

Encim

e)

Kartini

15.

Perangan busana Jawi ingkang gadhah nilai estetika (keindahan) inggih menika …

a)

Cenela

b)

Ageman

c)

Jarik

d)

Wiru

e)

Lonthong

16.

Manawi miru sinjang kangge piyantun putri kedah nggatosaken gunggungipun, dhawahipun, saha wiyaripun wiru. Babagan wiyaripun wiron kangge piyantun putri menika kirang langkung ...

a)

Kalih nyari

b)

Satunggal nyari

c)

Satunggal nyari

d)

Sekawan nyari

e)

Gangsal nyari

17.

Wiru menika perangan busana Jawi ingkang ngewrat kaendahan. Cacahing wiru tumrap putri menika ...

a)

1

b)

3

c)

6

d)

5

e)

7

18.

Titikan warni latar jarik gagrag Ngayogyakarta inggih menika ...

a)

Pethak

b)

Ijem

c)

Cemeng

d)

Cemeng lan pethak

e)

Soklat

19.

Piwulang perangan busana Jawi ing nginggil menika …

a)

Tiyang gesang kedah nyingkiri godhaning syetan

b)

Tiyang gesang kedah menggalih saderengipun tumindak saha micanten

c)

Tiyang gesang kedah tansah enget bilih ing alam donya menika namung kangge ngabekti dhateng Gusti Allah

d)

Tiyang gesang kedah ngrasuk agami.

e)

Tiyang gesang kedah ngungkuri tumindak awon.

20.

Sinjang bathik ing Ngayogyakarta wonten ingkang dados awisan. Salah satunggalipun punika corek Parangbarong amargi mligi dipunagem Ngarsadalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan nalika pisowanan ageng. Wujud batik Parangbarong inggih menika …

a)
b)
c)
d)
e)