wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Materi Artikel

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Tegesipun jurnalistik punika kathah sanget. Miturut etimologi, jurnalistik punika saking tembung jurnal saha istik. Jurnal punika saking basa Prancis, ingkang andharanipun... .

a)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

b)

jurnal : catetan, istik : kaendahan

c)

journal : ilmu panyerat, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

d)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kasaenan

2.

Jinising seratan punika kapérang dados kalih inggih punika seratan fiksi saha non fiksi. Tuladhanipun seratan fiksi inggih punika... .

a)

Pawarta

b)

Opini

c)

Cerkak

d)

Essay

3.

Wosing punika minangka faktaning kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih punika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten. Ukara punika kalebet surasanipun... .

a)

Feature

b)

Resensi

c)

Kolom

d)

Pawarta

4.

Wosing seratan awujud pamanggihing panyerat piyambak saged adhedasar fakta utawi pamanggih kemawon. Ukara punika minangka jinis karya jurnalistik... .

a)

Pawartos

b)

Opini

c)

Feature

d)

Kolom

5.

Karya jurnalistik ingkang wosipun karangan punika fakta ingkang saged nggugah raos emosi (trenyuh, simpati, remen, jengkel utawi nesu) dipunsebat... .

a)

Resensi

b)

Kolom

c)

Feature

d)

Seratan Ilmiah

6.

Karya jurnalistik babagan pirembagan ngengingi underaning prekawis utawi irah-irahaan buku, wosing buku, saha informasi babagan sebab musabab saha ancasipun buku punika dipunserat. Karya punika dipunserat... .

a)

Kolom

b)

Feature

c)

Resensi

d)

Esai

7.

Seratan cekak ingkang wosipun mbabar ngengingi salah satunggaling wohing kasusastrann saha seni, limrahipun awujud pamanggih panyerat lan jinisipun wonten naratif, deskriptif, lan persuatif. Seratan punika dipunsebat... .

a)

Tajuk Rencana

b)

Esai

c)

Kolom

d)

Resensi

8.

Biografi kalebet satunggaling tuladha karya jurnalistik ingkang awujud... .

a)

Seratan Ilmiah

b)

Artikel

c)

Kolom

d)

Feature

9.

Seratan ingkang nyariosaken kedadosan kanthi lugu lan punapa wontenipun, kadosta laporan utawi pawarta dipunwastani seratan… .

a)

Artikel

b)

Aksposisi

c)

Persuasi

d)

Narasi sugèstif

e)

Narasi ekspositoris

10.

Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkanthèni katrangan- katrangan, adhedhasar pawadan-pawadan kanggé nyaruwé, nampik punapa déné ngiyataken penggalihan utawi setunggaling gagasan dipunwastani seratan… .

a)

Artikel

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Deskripsi

e)

Persuasi

11.

Seratan ingkang nyariosaken sawijining bab kanthi runtut lan saged nuwuhaken pangangen- angenipun ingkang maos dipunwastani seratan… .

a)

Artikel

b)

Persuasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi Sugestif

e)

Narasi Ekspositoris

12.

Kanggo ngrembakakake apresiasi sastra Jawa para penggurit kudu luwih sregep, gambèn, sengkut-gumregut ngripta karya, kepriyé carané geguritan tansah diremeni lan digandrungi déning pamaos. Para novelis lan pangripta cerkak uga kudu luwih ubed ngundhakaké bobot karya-karyané. Ora mung mikirké pira honoré nulis, nanging uga katresnan marang sastra Jawa. Kanthi cara kasebat, karya-karya sastra kaajab bisa mumpangati tumrap bebrayan agung. Déné para maos luwih ngregani marang karya sastra, mliginé sastra dhaérah.

Katitik saking underaning prakawis, seratan jurnalistik ing inggil awujud… .

a)

Gegambaraning apresiasi sastra Jawa

b)

Pamilut supados ngapresiasi sastra Jawa

c)

Paparan manéka warna jinis sastra Jawa

d)

Cariyos bab tokoh ‘penggurit’ ing sastra Jawa

e)

Artikel kanggé ningkataken apresiasi sastra Jawa

13.

Seratan jurnalistik ingkang gadhah cengkorongan awujud pambuka, jejering pirembagan saha pengantar jejering seratan, wosing seratan, saha panutup, inggih punika… .

a)

Esai

b)

Opini

c)

Feature

d)

Kolom

14.

Seratan jurnalistik ingkang saged nuwuhaken pangangen-angen saha nggugah raos dhateng pamaosipun inggih menika... .

a)

Esai

b)

Opini

c)

Kolom

d)

Feature

15.

Ing andhap punika jinising artikel ingkang wosipun ngandharaken babagan pamanggih subjektif saking satunggaling tiyang kanthi pana inggih menika… .

a)

Opini

b)

Esai

c)

Kolom

d)

Feature

16.

Palapuran ngèngingi kadadosan awujud paparan fakta saha data ngèngingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palapuran inggih punika 5W+1H, inggih punika Who (sinten), What (punapa), When (kapan), Where (ing pundi), Why (kénging punapa), lan How (Kados pundi) inggih menika… .

a)

Esai

b)

Karya Ilmiah

c)

Pawartos

d)

Kolom

17.

Artikel minangka karangan ingkang kaserat ing media massa cetak. Menawi ing media Jawa kadosta ing kalawarti saha ariwarti. Tuladhanipun... .

a)
b)
c)
d)
18.

Gambar punika kalebet jinis karya jurnalistik... .

a)

Seratan Ilmiah Populer

b)

Seratan Ilmiah

c)

Opini

d)

Artikel

19.

Gambar kasebat kalebet artikel... .

a)
b)
c)
20.

Irah-irahan ingkang megepokan kaliyan gambar punika... .

a)

Kraton Ngayogyakarta gadhah Museum Kereta

b)

Kraton Ngayogyakarta ngawontenaken grebeg setahun kaping 3.

c)

Regol Kraton wonten tetengeripun awujud sengkalan.

d)

Kraton Ngayogyakarta mapan ing Daerah Istimewa Yogyakarta