wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis XI

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Ngelmu iku kalakone kanthi laku tegesipun….

a)

Madosi ngelmu diwiwiti kanthi tenanan

b)

Madosi ngelmu iku kalakone kedah rekasa

c)

Menawi madosi ngelmu menika kanthi tenan bakal saged kagayuh

d)

Saged angsal ngelmu menawi purun rekasa

2.

Ingkang sanes paugeran wonten ing tembang macapat inggih menika....

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru suwara

d)

Guru wanda

3.

Cacahipun pupuh tembang Pocung ing serat wedhatama inggih menika. . .

a)

35

b)

17

c)

15

d)

100

4.

Guru wilangan lan guru lagu tembang Pocung yaiku...

a)

12i, 6a, 8i, 8a

b)

12u, 6a, 8i, 12a

c)

12a,6a,8i,8a

d)

12u,6i,8i,12a

5.

pratelan kang ateges busa entuk ngelmu yen bisa gedohi sipat kang ala, yaiku...

a)

ngelmu iku kalakone kanthi laku

b)

lekase lawan kas

c)

tegese kas nyantosani

d)

setya budya pangekese dur angkara

6.

Perangan ingkang ngemot ide pokok utawi prakara (permasalahan) utama ingkang dados dasare lakuning crita novel dipunwastani

a)

tema

b)

alur

c)

lelewaning basa (gaya bahasa)

d)

setting

7.

Nilai ingkang ndadosaken tiyang langkung ngertos lan mahami panguripane tiyang sanes inggih menika. . .

a)

nilai cultural

b)

nilai spirit

c)

nilai sosial

d)

nilai etik

8.

Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut.

Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake...manut. pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah.

Alur manut pethilan crita novel ing nginggil inggih menika...

a)

maju

b)

campuran

c)

mundur

d)

maju mundur

9.

Angin sumilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama.Wit tengah gesek lan kancane, swarane ngak-ngik. Kapyarsa saking mandrawa yayah swarane suling. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Iku kabeh tandha murahing Gusti kang Mahakuwasa. Unsur ingkang ketingal saking pethilan novel kasebut inggih menika....

a)

alur

b)

amanat

c)

setting

d)

paraga

10.

Novel ingkang saged nglestantunaken budaya lan adat masyarakat, tundhone pamaos saged mangertosi kabudayan ing daerah sanes, dipunwastani….

a)

nilai sosial

b)

nilai cultural

c)

nilai spirit

d)

nilai hedorik